Teori Abraham Maslow
-
Upload
putri-novita-sari -
Category
Documents
-
view
20 -
download
5
description
Transcript of Teori Abraham Maslow
![Page 1: Teori Abraham Maslow](https://reader031.fdocument.pub/reader031/viewer/2022013122/563db784550346aa9a8bcf6e/html5/thumbnails/1.jpg)
Putri Novita Sari
12020114025/ 2012 A
TEORI ABRAHAM MASLOW
Abraham Maslow miyos ing Brooklyn, New York, tanggal 1 April taun 1908. Maslow
digedhekake sajrone kulawarga Yahudi Rusia karo wong tuwa sing ora nduweni tingkat
pendidikan kang dhuwur. Nalika cilik dheweke kalebu bocah kang kurang berkembang
dibanding karo bocah saumurane. Dheweke urip ing lingkungan perpustakaan, ing donya
ngenani buku.
Wiwitane Maslow kuliyah ing jurusan hukum, nanging pungkasane dheweke milih
nyinaoni psikologi lan lulus ing Universitas Wisconsin. Nalika kuliyah, dheweke rabi karo
misanane sing jenenge Bertha sasi Desember 1928, uga temu karo mentor utamane yaiku
profesor Harry Harlow. Dheweke oleh gelar bachelor nalika taun 1930, master nalika taun
1931, lan Ph.D taun 1934. Maslow banjur njingglengi riset lan studine ing Universitas
Columbia, ing kene dheweke temu karo mentor liyane yaiku Alfred Adler, salah siji kolega
awal saka Sigmund Freud.
1. Teori Humanistik lan Aktualisasi Diri
Abraham Maslow dikenal minangka pelopor aliran psikologi humanistik. Maslow
percaya menawa manungsa tergerak kanggo mangerteni lan nampa dheweke sabisane.
Teorine misuwur nganti dina iki ngenani Hierarchy of Needs utawa Hirarki Kebutuhan.
Panguripan kulawarga lan pengalaman nalika urip menehi pangaribawa kanthi panemu-
panemu psikologine.
Psikolog humanis percaya menawa saben wong nduweni pepenginan sing kuwat
kanggo realisasi potensi-potensi tumrap pribadhine dhewe, kanggo nggayuh tingkatan
aktualisasi dhiri. Sajrone panemune Maslow, manungsa kang “mengaktualisasi” dhirine, bisa
nduweni akeh puncak saka pengalaman tinimbang manungsa kang kurang “mengaktualisasi”
dhirine.
![Page 2: Teori Abraham Maslow](https://reader031.fdocument.pub/reader031/viewer/2022013122/563db784550346aa9a8bcf6e/html5/thumbnails/2.jpg)
2. Hierarki Kebutuhan
Interpretasi saka Hirarki kebutuhan Maslow kang direpresentasi tumrap wujud
piramida karo kebutuhan kang luwih dhasar ana ing bagian paling ngisor.
Maslow nggunakake piramida minangka peraga kanggo visualisasi panemune
ngenani “teori hierarki kebutuhan”. Miturut Maslow manungsa “termotivasi” kanggo meloki
kebutuhan uripe. Kebutuhan kasebut nduweni tingkatan utawa hirarki, wiwit sing paling
ngisor (asipat dhasar) nganti paling dhuwur (aktualisasi dhiri), yaiku:
a. Kebutuhan Dasar
Minangka tingkat sing paling ngisor utawa paling dhasar, ana kebutuhan kang asipat
fisiologik (kebutuhan tumrap udara, makanan, minuman, dsb) kang titikane saka
kacingkrangan (defisi) samubarang saka awak wong kang bersangkutan. Kebutuhan iki
diarani kebutuhan dhasar (basic needs) kang menawa ora dituruti tumrap kahanan kang
paling ekstrim (tuladhane keluwen) manungsa kang bersangkutan kuwi bisa kilangan kendali
amarga kapasitas manungsa kasebut nduweni punjer kanggo nuruti kebutuhan dhasar
![Page 3: Teori Abraham Maslow](https://reader031.fdocument.pub/reader031/viewer/2022013122/563db784550346aa9a8bcf6e/html5/thumbnails/3.jpg)
kasebut. Menawa kebutuhan kang asipat dhasar iki wis dituruti, tuwuh kebutuhan kang luwih
dhuwur yaiku kebutuhan tumrap rasa aman (safety needs).
b. Kebutuhan Rasa Aman
Jinis kebutuhan kang kaloro iki nduweni sesambungan karo jaminan kasarasan,
stabilitas, perlindungan, struktur, keteraturan, kahanan kang bisa dikira-kira, bebas saka rasa
wedhi lan cemas, lsp. Padha karo kebutuhan dhasar mau menawa ora dituruti kanthi jangka
wektu kang suwi lan akeh sing ora dituruti, pandulune wong tumrap dunya bisa
dipangaribawani lan bisa cundhuk ing arah negatif.
c. Kebutuhan Dicintai dan Disayangi
Sawise manungsa wis nuruti kebutuhan rasa aman, banjur tuwuh kebutuhan tumrap
dinduwen lan ditresnani (belongingness and love needs). Saben wong pengen nduweni
hubungan kang akrab lan cedhak, dheweke pengen nresnani lan ditresnani. Saben wong
pengen setya marang kanca. Saben wong nduweni kelompoke dhewe. Pengin dadi bagian
saka kulawarga, kelompok, masyarakat. Menawa ora nduweni kanca, kulawarga bakal krasa
dhewean, sepi.
d. Kebutuhan Harga Diri
Ing sisi liyane, menawa kebutuhan tingkat telu wis dituruti, bakal tuwuh kebutuhan
harga diri (esteem needs). Ana rong jinis kebutuhan tumrap harga diri. Kapisan kebutuhan
tumrap kekuatan, penguasaan, kompetensi, percaya diri, lan kemandirian. Dene sing kaloro
yaiku kebutuhan penghargaan diri saka wong liya, status, ketenaran, dominasi, kebanggan.
Dianggep wigati lan apresiasi saka wong liya. Wong kang dituruti kebutuhan tumrap
kebutuhan harga diri bakal tampil dadi wong kang percaya diri, ora gumantung marang wong
liya lan siyap kanggo berkembang kanggo nggayuh kebutuhan kang luwih dhuwur yaiku
aktualisasi diri (self actualization).
e. Kebutuhan Aktualisasi Diri
Kebutuhan iki yaiku kebutuhan kang ana sajrone 17 meta kebutuhan sing ora disusun
kanthi hirarki, nanging padha ngisi. Menawa 17 meta kebutuhan ora dituruti bakal kedadean
meya patologi kayata apatisme, kebosanan, putus asa, ora nduweni rasa humor, keterasingan,
mentingake dhirine dhewe, kilangan selera, lsp.
![Page 4: Teori Abraham Maslow](https://reader031.fdocument.pub/reader031/viewer/2022013122/563db784550346aa9a8bcf6e/html5/thumbnails/4.jpg)