Tugas Struturalisme Putri Novita Sari

5
Putri Novita Sari 12020114025 2012 A STRUKTURALISME SAJRONE SASTRA Karya sastra mujudake asil kreatifitas pangripta. Pangripta minangka pawongan kang ngasilake karya sastra ora bisa uwal saka bebrayane ing sakupenge tegese masyarakat, kabudayan, basa, lan alam nduweni pangaribawa sajroning pangripta ngripta karangan. Cundhuk karo panemune Hutomo, yen sastra dudu karya imajinatif wae, nanging karya imajinatif kang sumbere saka kedadeyankasunyatan. Karya sastra sing apik adhedhasar saka kedadeyan kasunyatan (Hutomo, 1993:12). Semono uga Ratna (2009: 60) ngandharake yen antarane sastra lan masyarakat iku nduweni gegayutan sing hakiki. Gegayutan mau disebabake amarga: a) karya sastra diripta dening pangripta, b) pangripta sastra dhewe sejatine yaiku perangan saka masyarakat, c) pangripta migunakake fenomena ana ing masyarakat, lan d) asil reriptane iku bisa digunakake dening masyarakat. Saka andharan mau, bisa dijupuk dudutan yen antarane karya sastra lan kedadeyan kasunyatan nduweni gegayutan.

description

strukturalisme sajrone sastra

Transcript of Tugas Struturalisme Putri Novita Sari

Putri Novita Sari120201140252012 A

STRUKTURALISME SAJRONE SASTRAKarya sastra mujudake asil kreatifitas pangripta. Pangripta minangka pawongan kang ngasilake karya sastra ora bisa uwal saka bebrayane ing sakupenge tegese masyarakat, kabudayan, basa, lan alam nduweni pangaribawa sajroning pangripta ngripta karangan. Cundhuk karo panemune Hutomo, yen sastra dudu karya imajinatif wae, nanging karya imajinatif kang sumbere saka kedadeyankasunyatan. Karya sastra sing apik adhedhasar saka kedadeyan kasunyatan (Hutomo, 1993:12).Semono uga Ratna (2009: 60) ngandharake yen antarane sastra lan masyarakat iku nduweni gegayutan sing hakiki. Gegayutan mau disebabake amarga: a) karya sastra diripta dening pangripta, b) pangripta sastra dhewe sejatine yaiku perangan saka masyarakat, c) pangripta migunakake fenomena ana ing masyarakat, lan d) asil reriptane iku bisa digunakake dening masyarakat. Saka andharan mau, bisa dijupuk dudutan yen antarane karya sastra lan kedadeyan kasunyatan nduweni gegayutan. Sastra ngandharake kedadeyan kasunyatan kang ditindhakake dening pangripta. Sastra nuduhake manungsa lan babrayan, amarga sastra diripta dening pangripta kang dadi bagian saka masyarakat iku dhewe. Pangripta ngrasakake lan rumangsa peduli marang kedadeyan sing dirasakake lan ditindhakake masyarakat. Strukturalisme sawijining paham ngenani unsur-unsur pamangune karya sastra, sajrone unsur kasebut nduweni sesambungan antara unsur siji karo unsur liyane nganti wutuh (Ratna, 2009:91). Karya sastra bisa dimangerteni cikal bakale lan kedadeyane kuwi saka landhesan struktur sosial tartamtu. Strukturalisme diandharake dening para ahli ing ngisor iki :1. Levi-StarussStrukturalisme yaiku salah sawijine upaya sistematis kanggo ngandharake struktur mental universal kang nduweni gegayutan tumrap struktur sosial kang luwih kuwat, sajrone sastra, filsafat, lan matematika lan sajrone pola psikologis bawah sadar kang motivasi marang manungsa.2. Ferdinand de SaussureStrukturalisme kalebu salah sawijine teori budaya kang idealistic amarga strukturalisme ninting pamikiran-pamikiran kang kedadean sajrone pamikiran manungsa.3. Jean PiagetStrukturalisme minangka salah sawijine struktur kang manunggal, yaiku unsure-unsur kang perangan saka system ing saliyane struktur iku dhewe. System kuwi dijupuk liwat kognisi anggota masarakat minangka kesadaran kolektif.Tema minangka dhasar pangrembakane crita kang dadi jiwa sakabehing isi crita. Tema sajroning reriptan fiksi ditemtokake kanthi ndudut sakabehing isi crita, ora mung adhedhasar bagiyan-bagiyan crita tartamtu.

Aliran strukturalis utawa strukturalisme yaiku arupa pendekatan elmu humanis kang nyoba njlentrehake bidang tartamtu (kayata, mitologi). Minangka system kompleks kang gegayutan. Ferdinand de Saussure (1857-1913) diarani minangka salah sawijine tokoh pencetus aliran iki. Aliran iki banjur ditrepake marang bidang liyane kayata sosiologi, antropologi, psikoanalisis, teori sastra lan arsitektur. Bab iki ndadekake strukturalisme ora mung salah sawijine metodhe, nanging salah sawijine gerakan intelektual kang teka njupul alas eksistensialisme ing Prancis taun 1960-an.

Miturut Alison Assister, ana 4 idhe umum ngenani Strukturalisme minangka bentuk kecenderungan intelektual. Kapisan, struktur nemtokake posisi saben elemen saka kabeh. Kaping loro, kaum strukturalisme percaya menawa saben system nduweni unsure. Kaping telu, kaum struturalis tartarik marang struktural hokum kang sesambungan karo urip kang bebarengan. Lan pungkasan struktur yaiku samubarang kang nyata kang manggon ing ngisor permukaan utawa nduweni makna tersirat. Strukturalisme tuwuh udakara paruh kaloro abad ke-20 lan ngrembaka dadi salah sawijine pendekatan kang paling popular utawa misuwur ing bidang akademik kang gegayutan karo analisis basa, budaya, lan masarakat. Aktivitas Ferdinand de Saussure kang ahli sajrone bidang linguistik iki kang diarani dadi titik awal stukturalisme. Teges saka strukturalisme dhewe tuwuh ing karya antropo;ognPerancis Claude Levi-Strauss, kang nyebabkake gerakan strukturalis ing Perancis.

KapustakanHutomo, Suripan Sadi. 1975. Telaah Kasusastran Jawa Modern. Surabaya: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Indonesia

Ratna, Kutha Nyoman. 2009. Teori, Metode, dan Teknik Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar