SESORAH KARTINI ANYAR

2
Nama : Reza Indra Satrio Kelas : XII IA4 Nomor : 27 Assalamu’alaikum wr. wb. Ibu Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani. Saderengipun, mangga kita sesarengan muju syukur ing pangarsanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad Gusti Allah SWT, awit sih nugraha ingkang kaparingaken dhumateng kita sadaya, katitik ing siang menika, kita sadaya saged sesarengan makempal ing papan panggenan punika kanthi raharja boten kirang setunggal punapa. Salajengipun, kula ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampung nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan. Saged ngrawuhi pawiwahan pengetan dinten kartini. Para rawuh ingkang kinurmatan, Kados sampun kita sadaya mangertosi, bilih Raden Ajeng Kartini miyos ing tanggal 21 April 1879 ing dhusun Mayong, Kabupaten Jepara. Pramila ing tanggal 21 April punika kita pengeti menika dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajadipun wanita Indonesia ngantos saged sami kaliyang drajading priya. Rikala sugenging Raden Ajeng Kartini, para wanita bangsa Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Ugi mboten dipun keparengaken gadhah padamelan ingkang sami kaliyan padamelanipun priya. Ananging sapunika, para wanita sampun sami drajadipun kaliyan para priya. Babagan punika pranyata saestu saged dipun tingali. Sapunika sampun kathah para wanita ingkang hanglenggahi jabatan penting dados ketua-ketua utawi pemimpin-pemimpin, ngantos dados menteri utawi presiden. Emansipasi ingkang dipun perjuangaken Raden Ajeng

Transcript of SESORAH KARTINI ANYAR

Page 1: SESORAH KARTINI ANYAR

Nama : Reza Indra SatrioKelas : XII IA4Nomor : 27

Assalamu’alaikum wr. wb. 

Ibu Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani. Saderengipun, mangga kita sesarengan muju syukur ing pangarsanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad Gusti Allah SWT, awit sih nugraha ingkang kaparingaken dhumateng kita sadaya, katitik ing siang menika, kita sadaya saged sesarengan makempal ing papan panggenan punika kanthi raharja boten kirang setunggal punapa.

Salajengipun, kula ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampung nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan. Saged ngrawuhi pawiwahan pengetan dinten kartini.

Para rawuh ingkang kinurmatan,Kados sampun kita sadaya mangertosi, bilih Raden Ajeng Kartini miyos ing

tanggal 21 April 1879 ing dhusun Mayong, Kabupaten Jepara. Pramila ing tanggal 21 April punika kita pengeti menika dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajadipun wanita Indonesia ngantos saged sami kaliyang drajading priya.

Rikala sugenging Raden Ajeng Kartini, para wanita bangsa Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Ugi mboten dipun keparengaken gadhah padamelan ingkang sami kaliyan padamelanipun priya. Ananging sapunika, para wanita sampun sami drajadipun kaliyan para priya.

Babagan punika pranyata saestu saged dipun tingali. Sapunika sampun kathah para wanita ingkang hanglenggahi jabatan penting dados ketua-ketua utawi pemimpin-pemimpin, ngantos dados menteri utawi presiden.

Emansipasi ingkang dipun perjuangaken Raden Ajeng Kartini inggih punika ngengingi hak ingkang sami antawisiupun priya kaliyan wanita. Menawi priya dipun parengaken ngudi ilmu wonten ing pawiyatan luhur, para wanita inggih dipun parengaken ngudi ilmu wonten ing pawiyatan luhur.

Wasana cekap semanten atur kula. Mbok menawi anggen kula matur kirang tata krami utawi kathah katur ingkang mboten mranani, kula tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wassalamualikum Wr Wb