Ruwatan

33
PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN UNIVERSITAS SEBELAS MARET SURAKARTA 2013

Transcript of Ruwatan

Page 1: Ruwatan

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASARFAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU

PENDIDIKAN

UNIVERSITAS SEBELAS MARETSURAKARTA

2013

Page 2: Ruwatan

RuwatanI’if Zuraifah (K7111099)

Meika Dhaning P.(K7111122) 1

0

Kelompok

Dipunampu Dening :

Drs. Samidi, M. Pd.

Page 3: Ruwatan

Jupe menika taksih

punopo nggih ??

Page 4: Ruwatan

Tepang kaliyan wayang punika?? Sinten Cobi...

Pak Dalang taksih punapa, nggih??

Page 5: Ruwatan

Bahasan

Ruwatan

Batara Kala Jinising Sukerta Peranganipun Ruwatan

Sejarah Kaginaanipun Ruwatan

Page 6: Ruwatan

PambukaWonten tradisinipun budaya Jawi, tiyang ingkang ngalami nandang sukerta/anggadhahi dosa, mekaten kagem nyuciaken malih, perlu ngawontenaken ritual kasebat.Miturut cariyosipun, tiyang ingkang nandang sukerta punika, dipunyakini badhe dados mangsa Batara Kala. Lakon punika putra saking Batara Guru ingkang lair amargi nafsu ingkang boten saged dipuncepeng dening Dewi Uma, ingkang samangke sepermanipun dhawah wonten tengah samudra. Wonten pungkasan, sperma punika mawujud dados raksasa, kasebat "Kama salah kendang gumulung".

Page 7: Ruwatan

Sawetawis raksasa punika ngadep dateng ramanipun (Batara guru) kegem nyuwun nedha, saking Batara guru dipunparingi ngertos supados mangsa manungsa ingkang nggadahi dosa utawi sukerta.Ngagem dasar punika ingkang samangke dipunpadosi solusi, supados boten dipunmangsa Batara Kala punika perlu ritual ruwatan. Tembung Murwakala/ purwakala asalipun saking tembung purwa (asal muasal manungsa), lan  sami lakon punika, ingkang dados titik paningal inggih punika kesadaran : saking boten sampurnanipun diri, ingkang ajeg ndamel kalepatan saha saged nyebabaken munculipun bencana (salah kedaden)

Page 8: Ruwatan

Sejarah Ruwatan

Ruwatan, minangka salah satunggalipun saking warisan upacara tradisional Jawa ingkang taksih dilestariaken dugi sakniki. ruwatan ingkang dipunlampahi dening sebagaian masyarakat Jawi tebih sanget kaliyan kebudayaan zaman Hindu-Budha. Miturut ahli Ruwatan, waunipun ruwatan dikembangaken wonten ing cariyos Jawi kuna ingkang ngandhut sejatinipun masalah saking penyucian. Penyucian punika klebet ngilangaken saking ipat dewa utawi boten suci (mandhap drajat) dados kéwan, Buta, manungsa, lan sak pinunggalanipun. Ruwatan dipunlampahi kagem ngresiki dosa-dosa dewa supados dados dewa kang suci malih. Tiyang dipunanggep cacat amargi lepat ing tumindakipun dhateng masyarakat Jawi dipuntimbali tiyang Sukerta. Miturut mitologi tiyang Jawi, Sukerta diruwat amargi diginakaken dimongso kaliyan Batara Kala.

Page 9: Ruwatan

Jinisipun Sukerta

Jinisipun sukerta punika wonten kathah versi. Miturut Pakem Pangruwatan Murwakala wonten 60 jenis sukerta, Pustaka Raja Purwa wonten 136 sukerta, Sarasilah Wayang Purwa wonten 22 sukerta, menawi miturut Kitab Murwokolo  wonten 147 jinising sukerta.

Page 10: Ruwatan

Sukerta umumipun dipunperang dados 3 (tiga) macem kelompok sukerta, inggih punika :a) Sukerta kelompok punika lare-lare ingkang dhahat dipuntresnani dening tiyang sepuhipun, keslametan lan kabingahan lare-lare punika tansah dipunpenggalih dening tiyang sepuhipun. Punika sukerta ingkang dipunsebabaken kelairan :• Ontang-anting : Anak tunggal jaler.• Unting-unting : Anak tunggal estri.• Kedhana-Kedhini : Setunggal lare jaler lan setunggal lare estri wonten kulawarga.• Uger-uger lawang : Kalih lare jaler wonten kulawarga. • Kembang sepasang : Kalih lare estri wonten kulawarga.

Page 11: Ruwatan

• Pendhawa : Gangsal lare jaler wonten kulawarga.• Pendhawa pancala putri : Gangsal lar estri wonten kulawarga.• Kembar : Kalih lare jaler utawi estri lair sareng.• Gotong Mayit : Tiga lare estri sedanten.• Cukil dulit : Tiga lare jaler sedanten. • Serimpi : Sekawan lare estri sedanten.• Sarambah : Sekawan lare jaler sedanten.• Sendang kapit pancuran : Anak tiga, dua jaler, ingkang tengah estri.

Page 12: Ruwatan

• Pancuran kapit sendang : Anak tiga, kalih estri, ingkang tengah jaler.• Sumala : Anak cacat wiwit lair.• Wungle : Anak lair bule.• Margana : Anak lair nalika ibunipun wonten mergi.• Wahana : Anak lair nalika ibunipun wonten hajat.• Wuyungan : Anak lair nalika perang utawi taksih wonten bencana.• Julung sungsang : Anak lair wonten tengah dinten.• Julung sarab : Anak lair nalika suruping surya.• Julung caplok : Anak lair nalika sonten.• Julung kembang : Anak lair nalika fajar.

Page 13: Ruwatan

b) Sukerta amargi nglampahi kalepatan utawi tumindak lepat utawi boten patut (boten ilok) sanadyan boten dipunsengaja kados : • Tiyang ingkang singsot nalika tengah tengah dinten, punika boten patut/mboten ilok.• Tiyang ingkang mecahaken gandhik, piranti saking watu kagem damel jamu.• Tiyang ingkang dhawahaken dhandhang nalika ngliwet.

c) Sukerta amargi wonten gesangipun ngalami kathah musibah, mala, penyakit saha asring dipunancem bebayan.

Page 14: Ruwatan

Kagem ngruwat para tiyang ingkang mlebet sukerta, pagelaran wayang kulit ingkang lelakon Murwakala biasanipun dibutuhaken perlengkapan kados punika :• Gamelan• Wayang kulit setunggal kotak (komplit)• Kelir utawi layar gombal• Blencong utawi lampu patra

Page 15: Ruwatan

Kejawi ubarampe kasebat wonten nginggil, taksih wonten sanesipun inggih punika sesajen awujud:• Tuwuhan• Geni, kipas saha menyan (ratus wangi)• Mori pethak• Gawangan• Maneka warna sekul : sekul golong, sekul wuduk lan sekul kuning• Maneka warna jenang (bubur) : jenang abrit, petak, jenang kaleh, jenang baro-baro • Jajan pasar• Benang lawe, minyak klapa• Kewan• sajen • Sajen bucalan • Sumber utawi sendang

Page 16: Ruwatan

Peranganipun Ruwatan

Wonten kabudayan Jawi, ruwatan diperangaken dados kalih, inggih punika :a) Ruwatan kagem kawula pribadiRuwatan kawula pribadi dipunlampahi kanthi cara mawi tartamtu kados ngelampahi siam (ajaran sinkritisme), nglampahi slametan, dugi nglampahi tapa brata. Wonten masyarakat Jawi, tapa punika awujud lelaku.

Page 17: Ruwatan

Ritual Ruwatan Kawula Pribadi Menurut Kitab Primbon Mantrawara III(Mantra Yuda)Menawi tiyang ngraos apes, wonten kepercayaan Jawi kedah ngelampahi upadicara ruwatan kagem piyambakipun. Ritual ruwatan anggadahi kathah sebatan, kados Ruwatan Anggara Kencana. Mala ingkang wonten saklebeting manungsa dipercaya saking sedulur papat lima pancer utawi saking kadigdayaan sanes (dedemit). Wonten panggenipun sedulur papat punika sadeg dipunlampahi pendeteksi.

Page 18: Ruwatan

Pendeteksian ingkang dipunlampahi saged miyos petungan Jawi inggih punika : Ha:1, Na:2, Ca:3, Ra:4, lan sakpaninggulanipun.Pendeteksian dipunlampahi kanthi jumlah neptu tiyang sepuhipun saha tiyang ingkang badhe nglampahi ritual punika. Jumlah kekalihipun dipunperang dados 9 lajeng dipunpendhet sisanipun. Menawi langkung :• Manjing wonten sebelah kiwa-tengen paningal tengen,• Manjing wonten sebelah kiwa-tengen paningal kiwa,

Page 19: Ruwatan

• Manjing wonten talingan tengen,• Manjing wonten talingan kiwa,• Manjing wonten grana sebelah tengen,• Manjing wonten grana sebelah kiwa,• Manjing wonten tutuk, • Manjing wonten nabi,• Manjing wonten kemaluan,

Page 20: Ruwatan

Kagem syarat saking ritual punika mundhut sekedik ludira saking panggen ingkang dipunpanjingi dedemit punika. Ludira punika saklajengipun dipunlarung. Mundhut ludira punika kanthi kaginaaken ri lajeng dipunolesaken ngagem kapas pethak. Ri lan kapas samangke badhe dipunlarung sareng kaliyan syarat sanesesipun, kados :• Uwos 4 kg,• Slawat 1 Dirham (arto ingkang sami kaliyan emas 1 gram),• Ayam

Page 21: Ruwatan

• Teklek (sandal saking kayu, utawi saged digantos sandal biyasa),• Benang Lawe setunggal gulung,• Tigan ayam ingkang nembe kemawon medal (dereng wonten sedinten),• Gendis jawi setangkep, gendis pasir 1 kg• Klapa 1 iji

Page 22: Ruwatan

Klapa, benang lawa, tigan ayam, saha kapas lan ri dipunlarung kanthi maos mantra : “Ingsung ora mbuwang klapa lan isine, ananging mbuwang apa kang ndadekake apesing awakku”.Kajewi samubarang ingkang dipunlarung punika, dipunturahaken kagem sedekah kagem sinten kemawon ingkang dipunkersani, seyogyanipun sedekah keparing kagem sinten mawon ingkang butuhaken.

Page 23: Ruwatan

(b) Ruwatan kagem Lingkungan CaketRuwatan ingkang dipunlamahi kagem lingkungan biyasanipun kasebat mageri utawi maringi pager gaib wonten setunggal panggenan. Tuladhanipun ingkang kita asring kita panggihi wonten masyarakat punika damel pager gaib wonten dalemipun kagem : • Maringi daya magis kagem nahan, nolak, utawi mindah daya negatif ingkang wonten nglebet dalem utawi ingkang badhe mlebet dalem. Ruwatan punika dipunlampahi kanthi nandur tumbal awujud sirah kebo utawi sirah mendo.• Maringi pager supados boten dilebeti tiyang ingkang badhe tumindak awon.• Maringi daya gaib kagem ngusir utawi ngurung dedemit ingkang sak jawinipun pager gaib.

Page 24: Ruwatan

(c) Ruwatan kagem Desa utawi Tlatah ingkang Langkung JembarPunika tuladhanipun ruwatan wonten Kepatihan Danurejan, saking Babon Primbon Kagugan Dalem KPH Tjakraningrat (Kanjeng Raden Hadipati Danureja IV).Urut-urutanipun ruwatan kados punika :• Dipunbika kanthi maos donga : “Hong ilaheng, tata winanci awignam mastu samas sidhdhem”• Diterasaken kanthi maos criyos riwayat Sang Hyang Kala, ngagem basa Jawi lan dipuncriyosaken kados tembang,

Page 25: Ruwatan

• Diterasken kanthi maos Pakem Sontheng• Saklejengipun Pakem Sontheng cekap, diterasakaen kanthi pasang tabeik lan maos Kidung Sastra Pinandhati• Diterasaken kanthi maos “Sastra Banyak Dhalang” sekar kentrung• Saklajengipun kanthi maos Sastra Gumbalageni,• Diterasaken ngagem Kidung Sastra Puji Bayu • Diterasaken ngagem Kidung Sastra Mandalagiri• Diterasaken ngagem Sastra Kakancingan

Page 26: Ruwatan

• Diterasaken ngagem Sastra Panulak , wonten cak-cakan punika, daya gain saking Bethara Kala dipunwaosaken mantera sahingga miturut kepercayaan masyarakat Jawi, daya gaib punika saged ical.• Diterasaken ngagem Sastra Ruwat Panggung, kanthi nembang sekar Dandhanggula• Diterasaken ngagem Sastra Panengeran, kanthi diputembangaken sekar Dandhanggula• Diterasken ngagem Kidung Panengeran lajengipun, kanthi nembang sekar Dandhanggula• Diterasaken ngagem Kidung Sastra Pangruwatan, kanthi nembang sekar Dandhanggula • Diterasaken ngagem Kidung Pangruwat Pamungkas, kanthi nembang sekar Dandhanggula

Page 27: Ruwatan

Saksampunipun nembang Kidung Ruwat Murwakala, rekmanipun lare sukerta dipunpotong kagem syarat ingkang sakmangke badhe dipunlarung. Lajeng, lare sukerta punika dipunsirami kaliyan toya sekar setaman dening tiyang ingkang ngruwat. Lajeng, lare sukerta punika dipunangkat dados putranipun dhalang. Sedayanipun sesajen, gombal pethak dados kagunganipun tiyang ingkang ngruwat (dhalang ruwat).Ananging menawi tiyang ingkang dipunruwat punika tiyang ingkang mboten waras utawi langkung dangu kesurupan, mangka kedah dipunwaosaken Kidung Rumaya, Sekar Sinom ingkang nyebataken wontenipun lelembut wonten tanah Jawi

Page 28: Ruwatan

Saklajengipun nembang kidung kagem Ruwat Murwakala, saklajengipun dipundamel Rajah Kalacakra ingkang dipuntempel wonten lawang-lawang griya ingkang dipunruwat. Pedamelan Rajah Kalacakra Balik inggih punika nyerat aksara Jawi kanthi kuwalik susunanipun, dipunwiwiti kados “nga ta ba ga ma nya ya ja da pa la wa sa ta da ka ra ca na ha”

Page 29: Ruwatan

Dipunlampahi kados punika :a) Dipunserat mbunder sak nginggilipun lempengan emasb) Sakderengipun nglampahi siam 40 dinten, bukanipun nalika tengah daluc) Pati geni sedinten sedalud) Lempengan emas ingkang sampun dados rajah dipuntandur wonten tembok utawi lemah kanthi cara sunduk sate.e) Seratan aksara Jawi

Page 30: Ruwatan

Rajah Kalacakra dipunserat ngagem gombal utawi kertas pethak lajeng dipuntempel wonten tembok utawi lawang ngajeng griya. Mangsi ingkang diginaaken inggih punika kalih werni : cemeng lan abrit. Nalika nyerat rajah punika kedah jangkepi syarat-syarat kados punika :• Siam 21 dinten• Saben wekdal 1 dalu kedah bakar dupa nalika siam

Page 31: Ruwatan

NUWUN

Page 32: Ruwatan

Pitakenan

• IntanMenawi ruwatan boten katindakaken, punapa wonten pengaruh kagem lare sukerta ?• MayaKenging menapa panyeratipun aksara Jawi kedhah dipun walik ?• OkthinaMenapa ingkang dipunruwat menika dipunangkat dados putranipun dhalang ?• LaylaMenapa makna filosofis saking ruwatan miturut kelompok 10 ?• NantiMenapa ingkang dipun maksud sajen bucalan ? Menapa dipun sebat lare sukerta, ingkang dipun mangertos tiyang sedanten lare punika sae ?

Page 33: Ruwatan

• MiraMantra ruwatan “hong ilaheng….” saking basa pundi lan menapa maknanipun ? Tambahan : Layla : “hong” menika boten anggadahi makna khusus• PutriMenapa wonten bentenipun sajen ruwatan kagem lare sukerta lan lingkungan ?