Pupuh Mijil (Wulang Reh)

2
X MIJIL Samia dipunemut, jejering satriya punika kedah anteng jatmika ing budi, ruruh, wasis ing sbarang damel, sarta prawira lan weweka ing batin. Sampun kirang ing panarimah dhateng pepesthening badan. “Narimah” lan “narimah” punika wonten warni kalih, wonten ingkang awon, wonten ingkang sae. Upaminipun : 1. Tiyang bodho; narimah ing bodhonipun, boten nedya tetaken lan neniru, punika ingkang mboten sae; 2. Tiyang ngabdi, magang dangunipun dangu kalampahan sedyanipun, dados mantri utawi bupati, batining manah narimah dhateng sih-wilasaning gusti, sumrambah dhateng anak-rabi, makaten punika narimah ingkang sae. Sarta malih samia dipun emut, kawula punika sami ngempek- empek dhateng ingkang jumeneng ratu; batin kedah rumaos kawengku, wajib bekti saha ajrih sarta manut saprentahing ratu; makaten wau pancen sampun karsaning pangeran. Samia kerep tetaken, sampun isin-isin ngetingalaken bodhonipun, jer bodho punika sangkaning pinter, namung Nabi ingkang pinter tanpa maguru. Milanipun tiyang anem kedah taberi ngupados ngelmu, sageda pikekah tetangsuling manah. Tiyang ingkang gadhah ngelmu ingkang sanget tuwajuh, nadyan kesupen tumunten emutipun, sabaripun kaot kaliyan ingkang tanpa ngelmu. Langkung rumiyin nyinaua sarengat, sabab punika saben dinten kangge saha dados prabot ingkang perlu, dados wewadhahing ngelmu.

description

Salah Satu jenis Karya Sastra Jawa Klasik berjudul Wulang Reh

Transcript of Pupuh Mijil (Wulang Reh)

Page 1: Pupuh Mijil (Wulang Reh)

X MIJIL

Samia dipunemut, jejering satriya punika kedah anteng jatmika ing budi, ruruh, wasis ing sbarang damel, sarta prawira lan weweka ing batin.

Sampun kirang ing panarimah dhateng pepesthening badan. “Narimah” lan “narimah” punika wonten warni kalih, wonten ingkang awon, wonten ingkang sae.

Upaminipun :

1. Tiyang bodho; narimah ing bodhonipun, boten nedya tetaken lan neniru, punika ingkang mboten sae;

2. Tiyang ngabdi, magang dangunipun dangu kalampahan sedyanipun, dados mantri utawi bupati, batining manah narimah dhateng sih-wilasaning gusti, sumrambah dhateng anak-rabi, makaten punika narimah ingkang sae.

Sarta malih samia dipun emut, kawula punika sami ngempek-empek dhateng ingkang jumeneng ratu; batin kedah rumaos kawengku, wajib bekti saha ajrih sarta manut saprentahing ratu; makaten wau pancen sampun karsaning pangeran.

Samia kerep tetaken, sampun isin-isin ngetingalaken bodhonipun, jer bodho punika sangkaning pinter, namung Nabi ingkang pinter tanpa maguru.

Milanipun tiyang anem kedah taberi ngupados ngelmu, sageda pikekah tetangsuling manah. Tiyang ingkang gadhah ngelmu ingkang sanget tuwajuh, nadyan kesupen tumunten emutipun, sabaripun kaot kaliyan ingkang tanpa ngelmu.

Langkung rumiyin nyinaua sarengat, sabab punika saben dinten kangge saha dados prabot ingkang perlu, dados wewadhahing ngelmu.

Page 2: Pupuh Mijil (Wulang Reh)

X MIJIL

Ingatlah, kesatria itu haruslah bijaksana, berwatak sabar, trampil dalam segala pekerjaan, berani bertanggung jawab dan keberanian itu sebaiknya jangan dipamerkan (cukup dalam hati saja).

Janganlah merasa tak puas pada nasib diri pribadi. Pasrah dan ‘pasrah’ itu berwarna dua (bermakna dua), yaitu yang bermakna ‘buruk’ dan yang berarti ‘baik’. Misal :

1. Orang bodoh: pasrah pada kebodohannya, dia tak berkeinginan bertanya dan meniru, itu berarti ‘pasrah’ yang salah;

2. Orang menghamba, calon pegawai, lama-kelamaan akan terlaksana cita-citanya, menjadi mantri atau bupati, dalam hati pasrah pada belas kasihan Tuhan, dan hal itu dinikmati juga oleh anak isteri. Itulah yang dinamakan ‘pasrah’ yang baik.

Dan ingatlah lagi bahwa, hamba sahaya (rakyat) itu harus mengambil hati raja, lahir dan batin harus merasa bahwa dirinya tak bebas dari padanya, wajib berbakti dan takut serta tunduk pada segala perintah raja, sebab hal itu menjadi kehendak Tuhan.

Sering kalilah kau bertanya, janganlah kau malu-malu menunjukkan kebodohanmu, sebab dari bodohlah sumbernya kepandaian itu, hanya nabilah yang pandai tanpa berguru. Oleh karena itu anak muda itu harus rajin mencari ngelmu agar supaya dapat dijadikan pegangan hidup. Orang yang mempunyai ngelmu yang sudah pasti, walaupun hal itu terlupa maka akan segera teringat, dan kesabaran yang dimilikinya berbeda dengan orang yang tanpa ngelmu. Terlebih dahulu berlajarlah syari’at, sebab hal ini dipergunakan setiap hari dan sebagai alat yang penting, yaitu sebagai wadah ngelmu.