Kritik Feminis Sajrone Novel Katresnan Kang Angker

12
Putri Novita Sari 12020114025 2012 A Paraga Utama Wanita sajrone Novel Katresnan kang Angker Anggitane Suparto Broto (Tintingan Kritik Sastra Feminis) 1. Purwaka Sastra wujud tresnane manungsa marang awake dhewe, wong liya, realitas utawa kanyatan, angen-angene dhewe, lan marang Jagad Gumelar. Karya sastra mujudake gambaran refleksi kasunyatan minangka kaca benggala panguripane manungsa. Mawas lumantar pengalamane dhewe lan bebrayan, pangripta nyiptakake daya kreatifitase kang awujud karya sastra kasebut lumantar medhia basa nggunakake imajinasine. Wujud medhia basa terbitan swasta kang digunakake kanggo ngemot reriptan sastra awujud cerbung yaiku Jaya Baya, Panyebar Semangat, lan, Joko Lodhang. Wanita minangka topik kang narik kawigaten kanggo diandharake uga dirembag ing sajrone karya sastra. Jeneng sawijine wanita isih lumayan asring digunakake minangka irah- irahan kanggo crita utawa guritan. Ora mung ana sajrone karya- karya popular sing mengeksploitasi wanita minangka bumbu penyedap sawijining crita, nanging uga ana ing sajrone karya

description

kritik feminis paraga utama wanita terhadap novel kastresnan kang angker karya suparto broto

Transcript of Kritik Feminis Sajrone Novel Katresnan Kang Angker

Putri Novita Sari120201140252012 A

Paraga Utama Wanita sajrone Novel Katresnan kang Angker Anggitane Suparto Broto(Tintingan Kritik Sastra Feminis)1. PurwakaSastra wujud tresnane manungsa marang awake dhewe, wong liya, realitas utawa kanyatan, angen-angene dhewe, lan marang Jagad Gumelar. Karya sastra mujudake gambaran refleksi kasunyatan minangka kaca benggala panguripane manungsa. Mawas lumantar pengalamane dhewe lan bebrayan, pangripta nyiptakake daya kreatifitase kang awujud karya sastra kasebut lumantar medhia basa nggunakake imajinasine. Wujud medhia basa terbitan swasta kang digunakake kanggo ngemot reriptan sastra awujud cerbung yaiku Jaya Baya, Panyebar Semangat, lan, Joko Lodhang.Wanita minangka topik kang narik kawigaten kanggo diandharake uga dirembag ing sajrone karya sastra. Jeneng sawijine wanita isih lumayan asring digunakake minangka irah-irahan kanggo crita utawa guritan. Ora mung ana sajrone karya-karya popular sing mengeksploitasi wanita minangka bumbu penyedap sawijining crita, nanging uga ana ing sajrone karya serius jeneng wanita iku digunakake minangka irah-irahane crita, semono uga sajroning sastra Jawa modern (Darni, 2012:3).Adhedhasar pamikire masarakat mligine bebrayan Jawa, tembung wanitaasring ditegesiwani ditatalanwani nata.Wani ditata tegese wanita kudu manut apa kang diprentah dening sisihane. Lan wani nata tegese wanita kudu bisa paring pambiyantu lan dadi kawigaten pamikire sisihane, uga wani nata putra-putrine sajrone panguripan sakulawarga.Novel Katresnan kang Angker anggitane Suparto Broto minangka novel kang nduweni paraga wanita kang utama. Gegambaran ngenani paraga utama Dyah Meineni sing mujudake gegambaran wanita utama kang bakal diandharake kanthi tintingan struktur kanggo ngandharake wewatekane paraga utama wanita sajrone novel Katresnan kang Angker anggitane Suparto Broto. Tintingan kritik sastra feminis kanggo ngandharake wewatakane paraga utama wanita. Akeh banget karya kang ngrembag ngenani wanita, yaiku mligine sajrone karya sastra. Saka kuwi tuwuh salah sawijine kritik sajrone ninting karya kasebut kang diarani kritik sastra feminis, uga ora owah saka teori feminisme. Novel Katresnan kang Angker anggitane Peni yaiku novel kang anyar cetakan kapisan, novel iki terbit sasi Juni taun 2014 kang diterbitake dening Elmatera ing kutha Yogyakarta, nduweni 102 kaca. Karangane Suparto Broto iki tau dipacak sinambung ing Panyebar Semangat terbitan 17 Februari nganti 2 Juni 1962 (13 Edisi) minangka crita dawa basa Jawa karyane kang angka telu. Yaiku sawise LARA LAPANE KAUM REPUBLIK (dipacak PS taun 1959), TANPA TLACAK (dipacak PS 6 Maret-6 Mei 1961), KATRESNAN KANG ANGKER uga sepisanan Suparto Broto nganggo jeneng samara Peni.Panliten iki nggunakake konsep kritik sastra feminis Yoder (sajroning Sugihatsuti 2002:5) yaiku kritik sastra feminis ora ateges kritik ngenani wanita, utawa kritik ngenani pangripta wanita, ananging tegese kririk sastra feminis yaiku pengkritik kang ndeleng sastra kanthi rasa sadhar banget, sadhar yen ana jinis kelamin kang nduweni gegayutan karo budaya, sastra, lan panguripan. Kritik sastra feminis ateges sawijining kritik sastra sing nduweni gambaran tumrap sastra kanthi sadhar khusus marang anane jinis kelamin sing nduweni gayutan karo budaya, sastra, lan panguripane manungsa (Sugihastuti 2011:140). Kritik sastra feminis nggunakake wanita, khususe kaum feminis minangka pamaos. Citra wanita sajroning karya sastra sing dadi punjering kawigatene para pamaos.

2. AndharanIng bab iki bakal diandharake asiling panliten ngenani gegambarane wewatakane paraga utama wanita sajrone novel Katresnan kang Angker.Dyah MeineniDyah Meineni yaiku paraga utama wanita sajrone novel Katresnan kang Angker, bisa dibuktekake saka jenenge kang kerep disebut dening paraga liyane, lan paraga Neni iki mesti ana ing saben bab crita. Dyah Meineni nduweni watek :a) AyuDyah Meineni utawa biyasa diarani Neni karo kulawarga lan kanca-kancane kalebu Kenya Surabaya kang ayu, dheweke nduweni alis kang apik; ireng njlirit, mripat ireng, rambute diketok apik.Alisku jane ya apik. Ireng njlirit. Mripat ya ireng. Rambut? Rambutku pancen dak kethok tekan githok. (KKA, 2014:11) Pethikan ing ndhuwur diandharake dening Neni dhewe, nalika dheweke temu karo Abimanyu, lan Abimanyu mblenjani janjine karo bocah wadon liya kang jenenge Reti lan Ratniah ing pasar malem. Banjur Nen madhep ing ngarepe kaca lan mbatin kaya mangkono.Kowe cah Ayu, Nen, cah luwes menganggo apa wae ya mathuk (KKA, 2014:15)Kowe ki kaya ora ngerti ayumu ta, Nen, nggodha-godha atine uwong sakarepmu dhwe. Elinga, kowe kuwi ayu, Nen. Saben wong lanang weruh, mesthi namatke ayumu kuwi! Lan terus ngosikake atine, embuh priye usike, apik apa ala... (KKA, 2014:62)Pethikan ing ndhuwur sing kapisan diandharake karo paraga liya yaiku dening Abimanyu nalika dheweke ngejak Neni menyang Tanjung Perak sawise dheweke mblenjani janji menyang pista. Pethikan kapindo nalika Neni budhal dhewekan menyang pondhoke Tamardikin kanggo nggoleki Tamardikin nanging temu karo kancane sing dikenal brangasan banjur Tamardikin muring-muring kaya mangkono marang Neni. b) SregepNeni kalebu wong wadon kang seneng reresik omah, dheweke kerep reresik omah, ngladeni Bapak dhahar...Dina iki aku mangsak-mangsak, resik-resik lemari, dakperlokake maca karangane Pitarta ing Koran sing ditinggal, ngladeni bapak dhahar lan anggonku turu isih sore. Aku dadi Kenya kang apik, Kenya kang seneng ngatur bale somah.(KKA,2014:13)Saka pethikan ing ndhuwur bisa dideleng menawa Neni kalebu wong wadon kang sregep ing bale somah, seneng reresik, ngrawat wong tuwane kanthi becik. c) Endel/Seneng DhandhanEndel utawa seneng dhadhan iku wewatek kang biyasane dialami dening wanita nalika ing masa pubertas. Kahanan kasebut uga dialami dening Neni nalika dheweke isih dadi kenya ing masa pubertas. .Aku ngingosake awak ing ngarep kaca, nonton rok kang dakanggo. Rok anyar, warna biru maya-maya, warna sandi tresna-setya, wis pas, dhandhane wis kepenak, ndengkenge bangkekan wis trep, lan mekrohe sisih cethik wis peni (KKA, 2014:1)Pethikan ing ndhuwur andharan kang dibatin dening Neni nalika dheweke arep menyang pista karo kancane Tanti, Tamardikin, lan bocah lanang sing dadi marem lan susah atine Neni yaiku Abimanyu. Dheweke nglakoni ngono amarga arep kethok ayu lan panthes ing ngarepe Abimanyu.Klambi anget daksaut, terus dakenggo. Mampir pangilon sedhela, nyawang ayang-ayang, mbenakake rambut rerikatan, terus ngaras kenya ing pangilon, Sugeng tindak, Meineni! (KKA, 2014:15)Wis cetha anggene Neni seneng banget marang Abimanyu, bocah lanang sing bisa nggawe Neni peduli marang kahanane, dheweke mesthi pengin katon ayu ing ngarepe Abimayu. Kabukti saka pethikan ing ndhuwur nalika Neni arep dijak Abimanyu menyang Tanjung Perak. Aku menyat ganti klambi. Satemene rasa seneng aku sore iku lunga jaritan, gek anggonku jarikan ora nggekeng kaya yen perlu nyang pista. Aku salin klambi sutra kuning kembangane ijo. Gelunganku, rambut palsu, dakbenakake. Shandalku dakganti klompen geulis, banjur njupuk rimong ijo tuwa.(KKA, 2014:38)

Aku pijer ngadeg-lungguh wae ana ngarep pangilonku nalika nyawang rupaku kanga bang lamat-lamat dening pupur. Mburi kupingku dakoser-oseri Maya Myrurgia, locion iki ambune rada landhep, nanging aku seneng (KKA, 2014:39)Pethikan ing ndhuwur mbuktekake menawa Neni wadhon kang peduli banget karo paesane, amarga arep budhal menyang pista kramane Tanti lan Tamardikin, budhal karo Abimanyu. Dheweke dhandhan ayu banget nganggo kebaya kuning lan paesan kang ayu banget. Menyang ngarep pangilon, mbenakake rambut, dakelus jungkatanku, pupuran, dandan, Ah, isih kurang apik. Jarit dakwudari, ganti jarit apik. Kebaya dakuculi, ganti kebaya pameran. Ah, aku kudu ketok ayu!...(KKA, 2014:81)Kedadeyan ing ndhuwur nalika Neni wis nduwe anak lan nduwe Tamar kang dadi bojone. Kahanan kuwi nalika Abimanyu teka menyang omahe Neni kamangka dheweke wis suwi banget ilang saka Neni.d) Bekti Marang Wong TuwaNeni kalebu bocah sing bekti marang wong tuwa bapak lan ibune uga karo Bu Brata, Ibune Pitarta. Dheweke asor marang wong tuwane, nduweni unggah-ungguh kang apik. Dudu kanggo aku dhewe kok. Kagem bapak karo ibu. Wingi padha arep mirsani nanging ora keduman karcis. Lha saiki tinimbang kowe gela wis kebacut tuku karcis ora kok enggo kanthi tentrem, kene dakgantenane idhep-idhep nulungi bapak (KKA, 2014:27)Senajan Neni kalebu bocah kang endhel lan seneng dolan karo kanca-kancane, dheweke ora tau bantah marang wong tuwane. Perhatian marang bapak ibune. Ora tau lali marang pituture wong tuwane. Nalika metu karo Tamardikin isih eling marang bapak ibune menawa arep nonton bioskop, banjur arep ngijoli tikete Tamardikin kanggo wong tuwane. dakperlokake maca karangane Pitarta ing Koran sing ditinggal, ngladeni bapak dhahar lan anggonku turu isih sore (KKA, 2014:13)Neni kerep ora gelem nandang apa-apa nalika nduweni masalah karo Abimanyu, dheweke ndekem nang omah, ora gelem nemoni sapa-sapa kalebu Pitarta. Nanging dheweke ora lali marang wong tuwane, nyepakake dhaharan kanggo bapak. Mula kadhang-kadhang dak kirimi lawuh, sing kira-kira luwih enak katimbang mangsakane Bu Brata disawang saka bahane. Malah kari-kari iki karo ngemong anak-anakku, sering dakewangi olah-olah nang omah kono(KKA, 2014:90)Ora mung karo wong tuwane dhewe, Neni uga bekti lan prasaja marang ibune Pitarta. Dheweke krasa mesti males budine Bu Brata amarga kerep ngancani anak-anake Neni, Reni lan Ririn. Nganti Neni diarani kaya mantune dhewe. e) GembengWis umum menawa wanita kuwi kerep banget nangis, amarga manahe ringkih. Wanita luwih nggunanakake ati lan pangrasane tinimbang akale. Wis wajar menawa wanita luwih gampang kelara atine banjur nangis. Neni kalebu paraga kang kerep banget konflik bathin sajrone novel Katresnan kang Angker, uga mesthi nangis, bisa diarani gembeng utawa cenging. Aku ambruk ing peturon tanpa ucul klambi dhisik, klambi biru.biru laut.klambi kang siyal! Aku banjur nangis (KKA, 2014:10)Sadurunge budhal menyang pista, Neni wis dhandhan ayu banget, nganggo gaun werna biru, dheweke ngenteni suwi banget nganti pirang jam, ditambahi Tanti lan Tamardiki gegojegan mesra ing ngarepe Neni, sing dienteni ora teka malah ngancani bocah wadon loro menyang pasar malem. Neni mergoki nalika dheweke menyang pasar malem karo Pitarta tanpa Abimanyu weruh tekane Neni. Ing bantal kono aku lagi bisa nyuntak tangisku. Tangis kang seru, tangis kaya tangise Yuyun yen dakcethot, ora kena dibendung maneh. Dakesok dakumbar, dakkatogake anggonku mbengok nyakot bantal! Meineni kang sugih guyu, Meineni bu guru kang ayu, Meineni ngayawara kaya bocah cilik. Priye-priyea ati wadon iki andel-andele mung nangis! Nangis! Yan gene iki nangis!... (KKA, 2014:57)Neni ora bisa nampa katrangane Pitarta ngenani bab katresnan tilas, menawa Abimanyu nate seneng tenanan karo Rita, miturut andharane Pitarta tresna sawise diarani katresnan tilas. Neni ngrasa menawa dheweke ora nduweni pengarepan maneh karo Abimanyu, dheweke krasa sedhih banget nalika iku. Aku nangis. Ora kuwat ora nangis. Ora percaya yen Tanti Suwandi, mitraku kang gawene ngajak blayangan kae, cendhak umure (KKA, 2014:68)Tanti, kanca cedheke Neni tilar donya amarga kacilakan. Dheweke gela banget tau ngomong ala lan dedunga ala ngenai Tanti lan Tamardiki. Sawise kedadeyan tenanan, dheweke mung bisa nangis kemejer nganti ditapuk dening Tamardikin. Neni gela lan sedhih banget ditingal mitra suwe, wis dianggep dulure dhewe. Nanging ibune, atine ibune, sing kudu dibujuk dislamur, supaya cangkem ora mewek. Aku pancen nyuwara cetha nanging mripatku ora kena dislamur, eluh brebel-brebel metu. Kebangeten, Meineni iki. Kebangeten urip ing donya sepisan wae, ora lawas, kok pijer tawan-tawan tangis (KKA, 2014:75)Neni kalebu wong wadon kang ringkih atine, dheweke gampang banget nangis, apa maneh meruhi ing dompete Tamardikin isih ana gambare Tanti, kamangka dheweke bapak saka Reni lan Ririn. Atine lara banget, dheweke krasa ora nduweni peran apa-apa marang Tamardikin. Mung bisa nangis karo ngudhang anak-anake, gumuyu ing jrone tangis. 3. Panutup Adhedasar analisis kaya ana andharan ing ndhuwur, bisa kadudut menawa paraga utama wanita nduweni wewatakan ayu, sregep, endhel, bekti marang wong tuwa, lan gembeng. Dyah Meineni wong wadon kang kejebak dening 3 priya ing uripe, yaiku Abimanyu, Tamardiki, lan Pitarta. Bocah ayu kang grapyak, sregep, endhel, uga nangisan kuwi gegambarane paraga utama wanita kang nduweni wewatekan kang becik lan ala. Sipat-sipat kang kaya mangkono bisa ditiru lan digawe patuladhan kanggo urip bebrayan ing masyarakat. Sawise kita bisa nindakake sipat-sipat kaya kang kaandharake sadurunge bisa ndadekake kita manungsa becik lan nduweni sesambungan apik antara manungsa siji lan liyane. Sipat manungsa kang gayut karo awake dhewe ana asipat ala ana uga kang apik. Sipat kang ala ora pantes ditiru dene sipat kang apik bisa ditiru lan digawe patuladhan kanggo kita. Bisa diarani yen para wanodya nduweni sipat becik kang bisa digawe patuladhan tumrap pawongan sapa wae mligine para wanodya. Pawongan kang nduweni sipat kaya mangkono bakal ditresnani marang sapa wae lan sesambungan karo pawongan liya uga bisa raket KapustakanBrata, Suparto. 2014. Katresnan Kang Angker. Yogyakarta: Elmatera.Darni. 2012. Kekerasan Terhadap Perempuan dalam Fiksi Jawa Modern: Kajian New Historicism (Sebuah Kritik Sastra). Surabaya: Putra Media Nusantara Ratna, Nyoman Kutha. 2003.Paradigma Sosiologi Sastra. Yogyakarta: Pustaka PelajarSugihastiti. 2002. Kritik Sastra Feminis: Teori dan Aplikasinya. Yogyakarta: Pustaka Pelajar Sugihastuti. 2011. Teori Apresiasi Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar .