E Transliterasi Naskah Sêrat Srutjar · Aku kawit muji nêbut asmaning Allah kang murah ing donya,...
Transcript of E Transliterasi Naskah Sêrat Srutjar · Aku kawit muji nêbut asmaning Allah kang murah ing donya,...
95
E. Transliterasi Naskah Sêrat Srutjar
[2508] Dhawuh dalêm ingandikakakên nêdhak sêrat srutjar awit ing dintên Arbo
Paing wuku Warigalit tanggal kaping 8 wulan Sawal mangsa Kawolu ing taun
Alip angkaning warsa 1794.
Sarèhning layang sruti kang dakarani layang srutjar iki ing têmbunge atas wêrna
têlulas bab. Layang kang wis daktuturake ana ing kêbètane kaca angka 1 ingkang
iku, manawa têmbunge nujoni têmbung kawi utawa jarwa mungguh anggonku
jarwani ya uga manut sak têmêne têgêse têmbung kawi lan têmbung jarwa kang
salagi kaucap iku. Ananging têmbunge nganggo dakwuwuhi sawêtara, dene
mulane mêngkono sabab kang supaya uruta lan lêmêsa ing surasaning têmbung.
Dene sarupaning têmbung kang dakwuwuhake amasthi aku murih ing têmbung
kang surasane bênêr sarta pantêsa sumambunge rapêt ora putung lan têmbunge
wulang dalêm surasane layang sruti iki.
Lan manèh dene yèn têmbunge anujoni têmbung pêsêmon mungguh anggonku
jarwani, ya uga manut apa kang dadi surasaning pêsêmon kang salagi kaucap iku
sarta angèmpêr ing pêsêmone sabarang têmbung kang bisa pantês sumambunge
rapêt lan urute ing têmbunge wulang sruti utawa têmbung pêsêmon iku ana kang
kêna diarani têmbung pralambang. Lan ana kang kena diarani têmbung [2509]
ibarat.
Lan manèh yèn anujoni têmbung dijugag iku kang dakanggo nyambungi ya uga
sak rupaning têmbung kang murih bisa pantês sumambunga rapêt ora putung lan
uruting têmbung rasaning layang sruti. Dene kang dadi kanyataane bênêr lan
96
luputku amêsthi têmên-têmên katon ana ngarêp burine, tanangsube wulang dalêm
sruti ingkang durung dakjarwani iku akèh.
Lan manèh dene mulane layang sruti dakarani layang srutjar sabab layang sruti
uwis dakjarwani.
-0-
Aku kawit muji nêbut asmaning Allah kang murah ing donya, kang asih ing
akerat. Lan sakabèhing puji kagunganing Allah, Pangerane ing alam kabèh kang
ratuning dina kiyamat. Utawa salaming Allah lan rahmating Allah iku atas
kagungane Kangjêng Nabi Mukhamad kang dadi utusaning Allah ing pamungkase
para Nabi kabèh. Salaming Allah lan rahmating Allah muga-muga tumêraha
marang para sêkabate Gusti Kangjêng Nabi Mukhamad.
Sawuse kang iku, yèn parêng sarta karsa Allah, aku awèh wulang marang anak
putuku lanang wadon kabèh, dene kang bakal dakwulangake surasane layang sruti
akanthi wulangku dhewe sawêtara. Dene olèhku jarwani surasaning sruti iku, aku
misih sumendhe marang karsane para wong agung sujana. Lan manèh olèhku
jarwani layang sruti iku rong bab.
Kang sak bab jarwane layang sruti angurutake têmbunge. Kang rong bab, jarwane
olèhku jarwani têmbunging sruti mau, ananging jarwane kang [2510] rong bab
iku, amung dakjukuk sing angèl bae. Dene yèn dakduga gampang ora nganggo
dakjarwani, lan mulane karêpku mêngkono. Sak bab jarwane kang pindho iku
pinangkaa dadi sêksiku, olèhku jarwani têmbung kang dhisik, dene yèn arêp
anêpungake têmbunging Sruti lan jarwane kang kari, iku dirujukna angkaning
pada bae.
97
Lan manèh jarwane kang rong bab iku, yen têmbunge misih ana kang pantês dadi
wulang, ya uga bakal dakwulangake. Yèn sarta karsa Allah utawa padha
sumurupa mungguh layang sruti iku ing sakabèhe têmbunge têlulas bab
1. Kawi
2. Jarwa
3. Jarwasuta
4. Pêsêmon
5. Pralambang
6. Ibarat
7. Paribasan
8. Têmbung dijugag
9. Wangsalan
10. Dalil Kuran
11. Têmbung kitab
12. Têmbung Malayu
13. Ewon ewone sabarang têmbung
Dene layang iki dakarani layang Srutjar Santakusuma
(1) Sarasa sinilêm ing jaladri/ bahni mahastra candra sangkala/ kalampahan
pangapuse/ puswang anguswa kayun/ ayuningrat kang dèn ulati/ anawang
bahwaning lyan/ nir deya tan ketung/ katungkuling papranèsan/ upamane anityèng
panurat jari/ kêdah ingalêm wignya//
Têgêse sruti iku mêngkene :
98
Lagi sêrasane pêtênging galih dalêm, kaya wong disilêmake ing sêgara. Dene
sêngkalaning tahun dhèk jaman sèwu limangatus têlung puluh iku kawite klakon
pênganggit dalêm. Malah kongsi mumêt karsa dalêm olèhe ngucali lan ngungas-
ungas barang klakuan kabêcikan donya sarta ningal-ningali polah sêbawane wong
liya lan ora galih ilange kêsagêdan dalêm dhewe. Awit sok kêtungkul barang
kêsukan dalêm. Dene pênganggit dalêm iku upamane kaya wong tulisan driji kae
mung kudu dialêma sagêd.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “bahni” iku watak têlu, “astra” watak lima, “candra” [2511] watak siji, iku
sêngkalaning tahun dhèk pênggawene ing jaman sèwu limangatus têlung puluh.
Têgêse “pangapuse” iku penganggite. Dene apus iku têtali, kang dinggo nalèni
têmbunging layang. Mulane duwe têgês jênêng penganggite, sabab iku têmbung
pêsêmon. Nyêmoni kêmbang kang dianggit. Dene kang pinangka têmbang ya
prabot sastraning têmbung, kang pinangka lawe ular-ulare, jidaraning papan iku,
sabab gone katon jèjèr rèntèng-rèntèng saengga kêmbang kang dianggit.
Têgêse “puswang anguswa kayun” iku pusing olèhe ngungas-ungas karêp, utawa
mumêt olèhe ngungas-ungas karêp. Kang dhisik patang panggonan mau kabèh
padha têmbung kawi, kang sak nggon iku têmbung Mêlayu lan jarwa.
Têgêse “ayuningrat kang dèn ulati” iku golèki barang kêlakuan kabêcikan ing
donya. Lire ayu, ewone têmbung bêcik. Sabab dumunung marang rupaning wong
wadon kang bêcik. Lire ngrat, sakabèhe jagad, dene mulane têmbung ngrat
dakjarwani donya sabab iku têmbung kawi dinggo pêsêmon, nyêmoni marang
sêkabèhe uwong awit padha ngambah jagad. Dene kang wis lumrah kuwate wong
99
iku amung karo donya. Sak nggon iku jênêng ewon-ewone sabarang têmbung, lan
têmbung kawi lan jarwa.
Têgêse “anawang bahwaning lyan” iku aningal-ningali solah sêbawane wong liya.
Iku têmbung pêsêmoning pandêlêng lan têmbung jarwa.
Têgêse “nir deya tan ketung” iku malah diilangake kêsagêdane dhewe ora digalih.
Lire nir, ilang utawa ora ana. Lire deya pintêr lan kuwat. Iku têmbung kawi lan
jarwa.
Têgêse “katungkuling papranèsan” iku mung katungkul kasukan dalêm. Dene
mulane têmbung pranèsan dakjarwani kasukan. Sabab yèn sarèhning têmbung
pranèsan mau, para kênèsan. Dene têmbung kênès iku yèn dibêcikake. Dumunung
marang wong wadon kang solahe pantês kênès. Mêngkono iku bisa dadèkake suka
marang atine wong lanang. Lan yaiku nalare nggonku jarwani mau. Ing sêbabe
têmbung pranèsan dakjarwani kasukan. Awit kawêkasane wis nunggal têmbung
suka padha suka lan iku têmbung paribasan.
Têgêse “anityèng panurat jari” iku ngrupakake tulisan nulis kalame driji. Lire
anitrèng, anyitra. Lire anyitra, angrupakake, yèn lire citra, rupa. Lire nurat, nyêrat,
nulis. Lire jari, [2512] jariji, dariji. Iku têmbung jarwa nuli têmbung dijugag.
Têgêse “kêdêh ingalêm wignya” iku kudu dialêma sagêd. Lire kêdêh, kêdah,
kudu. Lire wignya, luwih pintêr. Iku têmbung jarwa, lan kawi.
Candhake sruti mengkene :
(2) Apuranên dera sang sudyapti/ amayang wiyate tansèng kaya/ kaya anda
sadinane/ anawang nawang tutur/ kataragal anilas warti/ warta katular tular/
100
nênggih kang rinuruh/ rèh ta sang para sujana/ sarjana wèh sêwêh gandaning
nayadi/ satata puruhita//
Têgêse mêngkene,
Awit pênganggit Dalêm iki, Kangjêng Sampeyan1 Dalêm mundhut maklum
mênyang sing padha karêp maca layang Sruti iki, sabab pênganggite saengga kaya
diwayang-wayangake ana ngawang-awang, mêngkono pêngraos dalêm, nanging
ora bisa mundhak-mundhak kesagêdane, malah sêdina-dina kaya dipandêng-
pandênga olèhe niling-nilingake critaning uwong, nanging pêndugi dalêm
saupama aniru wêwarta winartakake didugi yèn kluputan. Dene sing diucali
wulanging para sujana lan sarjana iku sing pêsthi bisa muwuhi bêcik kêlakuane2
para wong gêdhe kang dadi adi-adining nêgara kabèh. Lan sing nganggo barang
wulange wong sujana iku, pêsthi padha bae kautamane ditimbang karo wong
gêguru ngelmu khak3.
Mulane dakjarwani mêngkono, têgêse mêngkene ;
Têgêse “dera sang sudyapti” iku, denira kang duwèni karêp. Lire dera, denira.
Lire sang, kang. Lire sudya, sêdya, dudu sudya sudi. Lire dyapti, kapti, karêp. Iku
têmbung kawi kabèh.
Têgêse “amayang wiyate tansèng kaya” iku, diwayangake ana ngawang-awang,
ora sangsaya mundhak, sabab têmbung kaya iku têmbunge wong malayu. Têgêse
kaya iku sugih, mulane sok mundhak kaya sugih. Lire diwayangake iku – dicipta
1 Sampèn^@# 2 Kêklakuane @# 3 Ngelmu kak @#
101
kaya katona. Lire wiyat, awang-awang utawa dhuwur, lan ngawang-awang. Kang
dhisik têmbung ibarat nuli kawi nuli Malayu
Têgêse “anda sadinane” iku, mindêng, utawa mandêng sadina-dina. Lire anda,
andon. Yaiku têmbung paribasane wong amèk iwak ing banyu, kang lungane têka
ngomah nganti lakon adoh nginêp lawas. Iku kang wis lumrah ditêmbungake
lunga andon. Dene mulane têmbung andon-andoni mindêng utawa mandêng,
sabab gone lunga [2513] andon amèk iwak mau, isa dina-dinane amung mindêng
ngêmpakake ing barang sayane kae. Lire saya, sabarang gêgamane wong ngamèk
iwak, utawa sabarang pirantine wong amèk iwak. Dene mulane têmbung andon
dakjarwani mandêng. Sabab wong lunga andon amèk iwak iku, ing karêpe amung
mandêng amèk iwak bae, ora duwe karêp salèwèngan marang liyane.
Têgêse “anawang-nawang tutur” iku, dudu nyawang-nyawang tutur, sabab tutur
iku ora pantês disawang, yaiku niling-nilingake tutur, nanging ya bênêr
têmbunging layang Sruti, sabab wong niling-nilingake pituture uwong iku ulate
lan pandêlênge kaya anawang lan anyawang marang ing sabarang kang katon
kabèh. Iku têmbung paribasan lan jarwa.
Têgêse “kataragal anilas warti, warta tular-tular” iku, kêluputan yèn niru pawarta
kang wis tumimbal timbal. Lire kataragal, polahe wong jujupuk kang trègal-trègèl
satêmah panyêkêle runtuh grègèli awit kaluputan polahe gone jukuk, lan yaiku
nalare têmbung kataragal dakjarwani kaluputan mau awit iku wis nunggal
têmbung luput ya padha luput. têmbunge wong jukuk krègèli, dadi luput
pênjukuke. Lire nilas, niru-niru barang labêt, dene ibarat kayata wong bathik kang
nêrusi ngèngrèngan kae. Mêngkono ika amung niru tapak tilasing canthing kang
102
dinggo ngèngrèng. Lan yaiku nalare têmbung nilas dakjarwani niru mau, sabab
iku wis nunggal têmbung niru padha niru. Kang dhisik têmbung mèmpêr
pêsêmoning têmbung, sabab kataragal lan tragal-tragal utawa iku têmbung
paribasan, utawa ibarat. upama wong mlaku gênti tapak, yen upama wong bathik,
mung nêrusi ngèngrèngan, têgêse sakarone iku wis padha, olèhe jênêng niru, lan
iku jênêng ewon-ewoning têmbung.
Têgêse “rèh ta sang para sujana, sarjana”, iku barang wuruke wong sarjana lan
wong sujana. Lire rèh, lumakune sabarang pênggawe dene mulane têmbung rèh
dakjarwani wuruk ora takjarwani lumakune sabarang gawe, dene kang mêngkono
iku ya wis dumunung sabab ya lumakune sabarang gawe kang wis padha
diwurukake. Iku têmbung jarwa. Lire sujana, yèn lagi jarwa sutane, barang
sumêjane ana. Dene olèhe ana iku ya ana bêcike sarèhe pisan mêngkene, Sujana
iku sumêjane bisa nganani barang piranti kang bakal dadi bêcik. Ya iku wong
gêdhe kang suci agamane, awit yèn dudu wong gêdhe yèn bab ing donya ora bisa
nganani. Sênajan wong gêdhe yèn ora rêsik agamane, iya bisaa nganani ananging
pêsthi kurang bênêre, sabab pathokane kabêcikan kang bênêr iku amung
Agamaning Allah. Dene lire Sarjana, barang sar-sire ana, ya uga ana becike. Dene
ing pangkate wong kang sujana lan wong sarjana yèn lagi ing sarasane misih
dhuwur wong kang sarjana. Sabab têmbung sar mau, padha bae karo têmbung sir,
awit wis ana pocapane [2515] têmbung sar-sir kae. Dene mulane dhuwur kang
sarjana, sabab salagi amung disarsiri bae wis ana bêcike. Dene kacèke lan kang
sujana. Durung ana bêcike yèn durung di sêja, têgêse kang sarjana mau Oliya
Allah, sabab dene sabarang sar sire ana kadadeane bêcik.
103
Têgêse “wèh sêwêh gandaning nayadi” iku, muwuhi bêcike kêlakuaning ratu. Lire
sêwêh, muwuhi. Lire ganda, ambu, dinggo pêsêmon ambune pocapan bêciking
kêlakuan ambuning pocapan kêlakuan becik. Lire naya, nayaka, dudu kaya tênaya
anak, lan dudu nayana ulat. Dene mulane têmbung nayaka tak jarwani ratu, sabab
ratu iku nayakaning Allah, iku têmbung kawi lan pêsêmon.
Têgêse ”satata puruhita” iku, padha lan gêguru. Lire satata, sapadha-padha utawa
rampak. Lire puruhita, gêguru. Dene yèn jarwane diprinci, lire puru, purug. Lire
hita, Ati. Dene kumpuling pocapan mangkene, puruging ati marang guru, iku
têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene,
(3) purwaning wasita niti sruti/ pindha pandhita wraksa candhana/ dinina dinanda
dumèh/ pamangsulnya mrik arum/ dening budhi wahya wiyati/ kesisan wraning
ima/ nirmala sumunu/ sanityasa tyas susanta/ singlar sagêlah gêlah satata suci/
byak tyas pasthi kamaya//
Têgêse mêngkene
Kawitane dhawah wêwulang dalêm ngêndikakake4 sumurup siji-sijine sarat
masrute kêlakuan bêcik kang kaya pandhita pêngawak kayu cêndhana, têgêse
budine jaba jêro padha becike. Dene tandhane, yèn wis dialakake sapadha-padha
ora lara atine, malah malês kabêcikan. Mêngkono iku wahyuning budhi kang mêtu
têka nglangit. Lan tumuruning wahyu barêngi sumilaking mega mêndhung
tibaning wahyu marang budhi, satêmah ilang budine kang ala kari bêcike. Mulane
kang katon sadina dina budine mung awèh kabêcikan ing sapadhaning urip. 4 Dikakake^@#$
104
Têgêse wis pisah têka kelakuan ala. Wusana êmpane barang kêlakuan marang
awake, amung sakpadhane rêsik lan bêcik. Sabab awit wênganing budine katon
saengga5 sosotya kang luwih bêning.
Mulane dak jarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “purwa” iku kawitan.
Têgêse “wasita” iku wangsit utawa swaraning pitutur ingkang gaib. [2516] Lire
gaib, ora katon. Apadene wong diwèhi pangucap wadi lan wong kang dèn bisiki
utawa barang pitutur kang wis kasêbut ing layang wacan nganggo têmbang, iku
padha wênang yèn ditêmbungna wasita utawa wangsit.
Têgêse “niti” iku ngawruhi siji-sijine sabarang pênggawe. Têlung bab iku
têmbung kawi.
Têgêse “sruti” iku sarat masrut, utawa tabêri mirantèni siji-sijining barang
pênggawe. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “dinina” iku diina, dèn ina, dènina yaiku diarani barang sing ala. Sabab
lire ina, cacat. Cacat iku ewon-ewone têmbung ala, lan yaiku nalare têmbung
dinina dakjarwani. Diarani barang sing ala mau, sabab dene wis tunggal, ya padha
ala. Iku têmbung pêsêmoning basa.
Têgêse ” dinanda dumèh” iku ora dumèh mindêng6 sadina-dina. Sabab lire
dinanda, wis diandonake. Lire andon, mindêng bae. Lire mindêng, ora ana
5 Saega^ @# 6 Minding @#
105
mênêng-mênênge, lan iku panunggale têmbung anda. Dadi têmbung paribasan
andon.
Têgêse “pamangsulnya mrik arum” iku, pamalêse barang kabêcikan, dudu amrik
wangining kêmbang, yaiku pêmalêse barang kabêcikan. Sabab amrik arum iku
ewone têmbung bêcik. Iku têmbung pêsêmon.
Têgêse “wahya” iku mêtu, masane, wayahe, kalane.
Têgêse “wiyati” iku langit, utawa awang-awang kang luwih dhuwur. Rong bab
iku têmbung kawi.
Têgêse “kesisan wraning ima” iku sumilake sing jênêng mega.
Têgêse “nirmala” iku ilang alane. Lire nir, ilang. Lire mala, sêbarang lêlara
bangsaning tatu sapanunggale, kang ora budekake. Dene mulane têmbung mala
dakjarwani ala sabab mala iku ewon-ewone têmbung ala lan wis nunggal têmbung
ala padha ala.
Têgêse “sumunu” iku sênês angrêsêbake ati, saengga anak. Dene yèn lire sumunu
kae, saanak. Lire sunu, anak. Dene mulane têmbung sumunu dakjarwani
ngrêsêpake ati sabab lire sumunu, cahya kang bêcik. Mêngkono iku sênadyan
wahya kang ngrêsêpake ati, ya uga bêcik. Têgêse wis nunggal têmbung bêcik. Ya
padha bêcik, apadene gonku jarwani urute têmbung dhuwur mau ya uga wis
nyêbutake bêcik.
Têgêse “sanityasa” kang manggung katon. [2517]
106
Têgêse “tyas susanta” iku budine murih, utawa awèh kabêcikan. Limang gon iku
têmbung kawi.
Têgêse “singlar” iku mukir utawa milar apadene pisah, iku têmbung jarwa.
Têgêse “sagêlah-gêlah” iku kang ala-ala utawa kang gagêlani, sabab gêla iku
ênggone pênggawe ala.
Têgêse “satata” iku sapadha-padha utawa rampak.
Têgêse “suci” iku rêsik. Telung gon iku têmbung kawi.
Têgêse “byak” iku mênga, iku têmbung ibarat, mêngane inêbing lawang.
Têgêse “pasthika” iku mustika, utawa sosotya.
Têgêse “maya” iku wêning utawa bêning. Têlung gon iku têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(4) punika minangka pataraning/ yèn wus siddhi wisudwèng sadarga/ ring tyas
sirna waranane/ awit awas wênêstu/ lwiring trastha maring kajatin/ pan yakti tan
kabuka/ petning gênging punggung/ suksmanên patakèkêna/ ring sira sang
pratamèng pringgabayaning/ dumadi tan sangsaya//
Têgêse mêngkene,
Dene yèn wis bisa kaya kêlakuane pandhita mau, iku pinangka dadi pancadan
undhake drajate. Padha lan drajate wong kang wus dhêmên marang awake dhewe
lan yèn wis têrang pamikire. Dadi wis mêlèk mataning ati ilanging aling-alinge
107
ati, kawit wêruh marang wujude dzat7 kang ora rusak. Ananging yèn atine misih
cacad, ya ora bisa mêlèk matane kang ana ati. Dene yèn nyata mengkono dipikira
dhewe kang dadi sababe, yèn ora katêmu pamikire ditakona marang guru kang wis
utama kang ora pakewuh sabarang pitakon. Yèn wis dituturi dadi gampang olèhe
nglakoni.
Mulane dakjarwani mêngkono, têgêse mêngkene :
Têgêse “minangka pataraning” iku minangka tataran. Yaiku minangka pancadan,
sabab tataraning glugu iku, dinggo pancadan munggah mênyang papah. Iku
têmbung ibarat.
Têgêse “siddhi” iku padhang, padha bae karo têrang. Lire wi, luwih. Lire sudheng,
sundha, susun. Yen anaa wujude, rupane susun iku tumpuk-tumpuk wuwuh
dhuwur unggahe. Yaiku nalare têmbung wisudhèng dakjarwani diunggahake mau.
Têgêse “sadarga” iku sadara raga, lan padha bae karo sudara raga yaiku dhêmên
nyang awake dhewe. Sabab nalare mengkene, lire [2618] sadara, sadulur. Mangka
wong iki lak wis lumrah pênganggêpe marang sadulure amung asih lan murih
bêcik. Lan rèhning wong arêp asih lan murih bêcik marang awake dhewe iku ing
patrape kudu nglakoni barang prentahe Allah kang jênêng pakon lan kudu
nyingkiri marang ing sabarang laranganing Allah. Dene lire raga, awak. Rong bab
iku têmbung kawi.
Têgêse “tyas sirna waranane” iku atine ilang sing ngaling-ngalingi, yaiku wis
mêlèk mataning ati, sabab sing muni kadising kitab Ahya, Ati sanubari iku matane
loro. Lire tyas, ati. Lire warana, aling-aling. Iku têmbung kawi lan jarwa. 7 Dad @#
108
Têgêse “awit awas wênêstu” iku kawit awas yèn sida, iku têmbung jarwa lan
kawi.
Têgêse “lwir ning brastha maring kajatin” iku lire yèn wis lêbur ninga mênyang
kenyataan. Iku padha bae karo yèn wis ilang alane, bisa ninga menyang dat sing
ora rusak. Sabab lire mengkene, maknane brastha, lêbur. Maknane kajatin,
kanyatan, nyata. Dene sarèhning mêngkono iku têmbung kawi dinggo pêsêmon.
Kang disêmoni nyatane ananing Allah. Ya uga wis bênêr bae, sabab Allah tangala
iku mesthi nyata ana langit pitung sap.
Têgêse “gênging punggung” iku bangêting bodho, iku têmbung paribasan. Wong
ngrakêtake anak , sabab samangsa diugung dadi bodho.
Têgêse “suksmanên” iku pikirên, utawa budinên, nanging yèn têgêsing suksma
bae kang alus bisa ngêmori ati.
Têgêse “pringgabayaning” iku pêkewuh bilaèni, sabab yèn sarèhing têmbung,
pringga iku pringgon utawa gon pring yaiku ênggon dhapuraning ngêpring, lan
wis lumrah gon dhapuraning pring iku pêkewuh, awit kagawa ananing carang
kang dhawa garing, dadi angrungkudi. [2519] Lire baya iku iya baya bajul.
Mêngkono iku dhasar wis lumrah, anggêr bajul wani lawan uwong iya bakal
bilahine.
Têgêse “dumadi” iku wis dadi, utawa anane barang rurupan ing donya, ananging
yen karêpe têmbung sruti lire dumadi iku ya uga amung dadine.
Têgêse “ tan sangsaya” iku ora kangèlan. Dene yèn disarèhake têmbung tan
sangsaya mau, datan kasangsaya. Têgêse ora kangèlan, dudu tan sangsaya bab
109
undhake barang-barang lan patang gon mau padha têmbung kawi ana têmbunge
jarwa sathithik.
Candhake sruti mêngkene :
(5) ri sampunnya sampat pasang putih/ patêh brastha gandaning sarira/ pilih
anjrahing jernihe/ yêkti atêmah bawur/ tan warnan rèh kang tan lumaris/ pnuh
lwiring wadaka/ dèn panggah palungguh/ nira sang sinung nugraha/ sawasitanya
weh tilasing nagari/ rinaksèng widdhi wustha//
Têgêse mêngkene,
Sakwise rampung olèhe dhèngêr pirantine barang kêlakuan bêcik kang pancèn
bisa misahake kêlakuan ala lan kêlakuan bêcik. Lan bisa anglêbur barang
kêlakuane kang ala kang bakal dadi pocapan lan rêrasanane wong akèh kang
marang awake. Ya sênadyan anaa sing mawut budine menyang kabêcikan,
nanging bok mênawa misih bawur durung bisa matrapake siji-sijining Sabab bok
menawa misih bawur, durung bisa matrapake siji-sijining kêlakuan bêcik. Dene
yèn kêlakona mêngkono, satêmah kêliru, kang pancèn dudu lakune dilakokake,
kang pancèn wis lakune ora dilakokake, têgêse mêngkono iku, budine kang misih
akèh cacade, dene yèn wis nyata, bisa buwang alaning kêlakuan kaya kang
dhuwur mau.
Wis ta, sing têtêp bae atimu, yaiku rupaning nugraha ganjaraning Allah, dene
êmpane apa sing dadi wulang wirayate amêsthi nglabêti kabecikane marang
nêgara. Utawa dhèwèke rinêksa marang Allah.
Mulane dakjarwani mêngkono, têgêse mêngkene:
110
Têgêse “sampat” iku sampe, yaiku wis rampung. Iku têmbung malayu dinggo
kawi.
Têgêse “patêh” iku patah, putung. Lire sabarang iku sok wisa putung, ya iku
pisah. Iku têmbung Malayu.
Têgêse “brastha” iku lêbur. Iku têmbung kawi.
Têgêse “gandaning sarira” iku pocapaning awak. Kacature marang wong kana-
kana, lan dudu ambuning [2520] awak. Sabab Iku têmbung pêsêmon nyêmoni
pocapaning awak.
Têgêse “hanjrah” iku mawut maratani tumibane marang sadhengah panggonan.
Têgêse “jêrnih” iku jronah. Ya jroning manah, utawa jroning ati, jroning budi.
Rong gon iku têmbung kawi.
Têgêse “tan warnan rèh kang tan lumaris” iku kang pancèn rupane ora kalaku iku
sing pancad rupane ora lumaku. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “pnuh lwiring wadaka” iku kêbak barang cacad. Lire pnuh, kêbak. Iku
têmbung malayu. Lire lwir ning, sak rupa-rupaning sêbarang. Lire wadak, cacad
kang katon. Sabab wong iku yèn katon cacade sok diwada. Lan manèh lire wadak,
wadaka kabuka, cacad dibukak, têgêse sok wisa dibukak cacade ya banjur katon.
Lan yaiku nalare têmbung wadaka dakjarwani cacad kang katon mau. Rong
klimah iku têmbung kawi.
111
Têgêse “dèn panggah palungguh” iku kang aja sumêlang gone nêtêpi. sing têtêp
atine, dudu sing têtêp lungguhing bokong. Sabab iku têmbung pêsêmon têtêpe
lungguhing ati.
Têgêse “wasita” iku wangsit. Lire wangsit, barang pangucap kang gaib lan samar
sanajan pangucap kang kamot nglayang wacan nganggo têmbang utawa ngucape
wong bêbisik ya uga padha wênang diarani wangsit. Iku têmbung kawi.
Têgêse “tilas” iku labêt. Iku paribasan kèh-kèhing ewon-ewoning têmbung.
Têgêse “widdhi” iku luwih adi
Têgêse “dhustha” samar ora katon. Dene mulane têmbung widdhi dhustha
dakjarwani Allah Tangala sabab Allah Tangala iku luwih mulya lan anglimputi
marang lahir batine ing makluk iki kabèh. Mulane jarwaning dhustha dumunung
marang Allah Tangala, mangka lire dhustha samar ora katon. Kang iku sanajan
Allah Tangala uga ora katon lan ora ngamungake Allah Tangala bae. Kang
wênang ditêmbungake dhustha sanajan maling ya uga wênang ditêmbungake
dhustha, sabab tingkahing maling ngatonna ora samar, amêsthi konangan marang
kang dimalingi. Lan rong gon mau têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene.
(6) Yèn sampun lila nirmala linggih/ titi ya tah yata busana was/ kitha dwisthèng
patêmone/ nênggih awas puniku/ abusana samapta sami/ pira kridha winarna/ rêke
kang karuhun/ têmên taman kêneng kêdhap/ sarasaning sarkara rupa lan manis/
tan kêngang pisahana//
Têgêse mêngkene [2521]
112
Yèn wis bisa ngilangake ala lan sarupane sapêjagongan ing siji-sijine, kênyataane
barang tingkah kang ala iku kudu wêruh barang pênganggo sing ora pantês dinggo
sêpatemon lan priyayi akèh, dene yen mungguhing pênganggo kang ora pantês
rong bab.
Kang dhisik, rupane barang pênganggo ora murwat lan drajate kang nganggo.
Kapindhone, aja nganggo sandhangan kang ala ambune, lan aja nglakoni tingkah
kang wolung bab.
Dene kang dhisik, yen ana pasamuan8 akèh lungguhe kang urut, gêdhe cilik ing
drajat.
Kapindho: silane sing tata aja sila tumpang, aja timpuh
Kaping têlu, aja methêngthêng, malang kadhak
Kaping papat, aja sanggawang, aja sêduwa mênyang ngarêp mênyang buri
Kaping lima, aja kagètan, jlalatan
Kaping nêm, tangane aja sraweyan, aja linggih megas-megos
Kaping pitu, aja dhêlêg-dhêlêg, aja ngantuk
Kaping wolu, aja lunga saka ngênggon bola-bali kang tanpa gawe, lan aja
kêkurangan praboting pikir, kang bakal diucapake.
8 Pasamohan @#
113
Dene sing dhisik kudu sing têmên, iku ditêtumana aja nganti owah surasaning
sapocapan lan yèn ngucap sing manis. Ulate kang sumèh, patrap mengkono iku
mênyanga ngêndi-êndi ora kêna pisah.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “lila” mau mulane dakjarwani bisa, sabab bisa nglilakake ilanging tingkah
kang ala yèn ana pêjagongan.
Têgêse “nir” iku ilang, utawa ora ana. Iku têmbung kawi
Têgêse “mala” iku lêlara tatu kang bangêt, utawa barang lêlara kang gawokake.
Dene mulane têmbung mala dak jarwani ala, sabab mala iku ewone têmbung ala.
Iku jarwa
Têgêse linggih iku ya linggih, lungguh têmênan. Dene mulane têmbung linggih
dakjarwani sapajagongan sabab wong jagongan iku ya padha linggih. Iku têmbung
pêsêmon.
Têgêse “titi” iku aniti-niti mênyang siji-sijining barang, dudu titi tamat, dudu titi
êntek kabèh. iku mau têmbung pêsêmon jugagan.
Têgêse “yatah” iku kênyatahan, dudu yatah yata, iku têmbung pêsêmone mèmpêr
têmbung nyatahan.
Têgêse “yata” iku ingkang punika lajêng, utawa basa mêngkono kae, apadene
barêng mêngkono. Iku têmbung kawi. [2522]
Têgêse “busana waskitha” iku sing wêruh mênyang sandhangan. Lire busana,
sandhangan. Lire waskitha, wêruh, ninga. Iku têmbung jarwa lan kawi. Dene yèn
114
têmbunge diprinci mêngkene jarwane waskitha mau. Lire was, awas, wêruh, dudu
was kuwatir. Lire kitha, katha, kontha. Dudu kitha kutha. Dene kontha iku,
saengga wujude barang rêrupan mungguh kumpuling têmbung awas lan kontha
mau mêngkene. Wis awas ing kontha-kanthane sabarang, kang dhisik têmbung
jarwa nuli kawi.
Têgêse “dwi” iku loro. Dene mulane têmbung uruting sruti kang dhisik mau
jarwaning dwi loro. Mangka itungan loro dakdumunungake marang rupaning
busana kang pantês lan drajate kang nganggo sarta dakdumunungake marang
busana ingkang bêcik ambune. Kang mêngkono iku sabab aku amung jukuk
pantêsing panganggo kang prayoga dianggo marang priyayi gêdhe ing nagara. Iku
têmbung kawi.
Têgêse “hastha” iku wolu. Mêngkono iku ya kaya dhuwur mau, dene mulane
itungan wolu dakdumunungake marang pratingkah kang wolung bab. Kaya kang
wis kasêbut ing têmbung uruting sruti mêngkono iku sabab rèhning aku awèh
wuruk marang kowe kabèh anak putuku dhewe. Satêmah kang dakjukuk tata
kramane pratingkah kang wis dadi adat dilakoni marang priyayi gêdhe ing
Karaton Dalêm Surakarta yèn nalika patêmoning pasamuan lan priyayi akèh. Awit
têmbung sruti ora mratelakake marang têmbung hastha yèn dumununga marang
pratingkah kang mêngkono. Dene mulane etungan wolu mau dakpanggonake
marang pratingkah wolu kang prayoga sabab candhake sastra ana muni têmbung
“patêmone”
Têgêse “patêmone” lire iku bakal sapatêmon lan priyayi akèh, iku têmbung
pêsêmon dijugag. dene hastha mau têmbung kawi.
115
Têgêse “abusana samapta sami” iku kang prayoga sêkabehe busananing olèhe
duga-duga. Iku têmbung pêsêmon lan jarwa.
Têgêse “kridha” iku yèn têmbunge jarwasuta, pikir ana dhadha. Mêngkono iku
dakrasa wis bênêr jarwasutaning kridha mau sabab pikir iku manggon ana ati, ati
iku cêdhak karo dhadha.
Têgêse “taman” iku ditêtuman, dudu taman pratamanan, sabab iku têmbung
paribasan taman-tuman kae.
Têgêse “kêdhap” iku sakêdhapan aja owah. Dudu têmbung kêdhapan, iku
têmbung [2523] dijugag.
Têgêse “sarasaning sarkara” iku surasaning prakara sapocapan. Lire sar, sir. Iku
sire ing ati, sabab ana têmbung sar-sir kae. Lire prakara dudu kara buncis, iku
têmbung kawi dinggo pêsêmon. Nyêmoni siring ati kang bakal diucapake dadi
prakara.
Têgêse “rupa lan manis” iku rupane kang sumèh, clathune kang manis . Lire
sumèh, ulate uwong kang sêmu mèsêm ora ana labête mrêngut lan dlurêg. Lire
clathu kang manis, wong kang pangucape sarèh ora ladak. Iku têmbung jarwa
kawi dinggo pêsêmon jugagan, nyêmoni sumèhing ulat lan sarèhing pangucap.
Candhake sruti mêngkene :
(7) Kaping kalih ulahing dêdugi/ amigati kridha kang tan prana/ winarga gati
têmahe/ amartwa wisanipun/ dèn kawawas wêkasing wèsthi/ manawi wontên
prana/ anuksma ring guyu/ lêhêngsi yèn tan amawa/ wisa ing ngarah lor kana
kidul pilih/ binuka ing dêduga//
116
Têgêse mêngkene
Dene kang kaping pindho kudu ngulah duga-duga lan kudu mêgati pikir kang
bakal diucapake ora pantês kawêtu pêrnahing pasamuan. Sabab yèn ngucapake
pikir kang ora pantês prênahe kawêtu, ora wurung ditomahake dhasar wis gawene
nylathokake pangucap sing ala, kang iku aja mêngkono. Dene prayogane malah-
malah bisaa bêcikake surasane barang sapocapan kang bakal dadi padu. Lan sing
wêruh kawêkasaning sapocapan kang bakal dadèkake pakewuhing ati lan
sumelanging ati, sabab yèn ana uwong kang pêtitis pikire: ora gêlêm ngèlingake
malah sênga digêguyon. Yaiku kang bakal mêlehake, sêtêmah dheweke
kuwirangan. Angur aja niyata jêglong, kena diarah-arah ngarêp burining
pêngucap. Dene bisane bukak diduga-duga karo prakarane sapocapan.
Mulane dakjarwani mêngkono: têgêse mêngkene
Têgêse “migati” iku nyêgati, iku têmbung sêmu pasêmuning basa.
Têgêse “kridha kang tan prana” iku pikir kang ora prênah panggonane. Lire
kridha, pikir ana dhadha. Lire kang tan, kang ora. Lire prana, paprênah utawa
patitis. Iku têmbung jarwasuta, nuli jarwa, nuli kawi.
Têgêse “winargga” iku dialas gunung. lire alas, kathukulan barang-barang [2524]
satêmah dadi bondhot, rêgêt, rupane ala. Sabab alas iku panggonan bondhot. Lire
alam gunung iku: yen dicêdhaki rupane ting pênjutu mêndhak mêndhukul.
Satêmah rupane dadi ala, yaiku nalare têmbung winarga dakjarwani ala mau, dene
yèn disarèhake têmbung winarga iku winana arga utawa wiwana arga. Iku
têmbung garba sastra ya uga têmbung kawi. Lire garba, gêrba, gêbêng, ngêmot,
mêngku. Lire sastra, aksara.
117
Têgêse “gati” iku gawe. Iku têmbung kawi.
Têgêse “amartwa wisanipun” iku ngadhêmake wisa, utawa nawar wisa, wisane
sapocapan. Lire martwa, banyu kang adhêm. Sabab pênjukukku têka ing têmbung
toya martwa, utawa lire martwa, aris. Iku têmbung kawi. Lire wisa, barang
prakara kang bakal dadi padu, lan dudu wisane barang barang. Iku têmbung
pêsêmon nyêmoni sêbarang padu trape marang awak dadi ora bêcik. Sêmono
manèh wong kêna wisa, satêmah empanne marang awak iya dadi ora bêcik.
Têgêse “dèn kawawas wêkasing wèsthi” iku kang wêruh kawêkasane kang dadi
nusahake ati, utawa kang dadi makewuhake ati. lire wèsthi, sêbarang prakara kang
pasthi nguwasake ati, utawa barang prakara kang ngewuhake ati. iku têmbung
jarwa lan kawi.
Têgêse “mênawi wontên prana” iku menawa ana wong sing petites. lire prana,
prênah. Mêngkono iku ya mulane sok wis saprênah ya pêtitis, sabab ora kaluputan
barang karêpe. Iku têmbung jarwa lan kawi dinggo pêsêmon nyêmoni pangucal
kang patitis
Têgêse “anuksma ring guyu” iku sêngadine ngêmori barang gunême, nanging
atine ora rujuk amung dialing-alingi samudana gêguyon. Lire nuksma, alus
ngêmori. Iku têmbung kawi pêsêmon nyêmoni wong arêp jêglong pangucape
rewange jagongan.
Têgêse “lêhêngsi yèn tan amawa wisa” iku angur ta yèn ojo aniyat jêglong. Lire
lêhêngsi, alunghung ta, angur ta. Lire yèn tan amawa, yèn ora anganggo. Lire
wisa, êmpaning marang awak ora bêcik, yaiku nalare têmbung wisa dakjarwani
118
jêglong mau iku têmbung jarwa dinggo pêsêmon nyêmoni marang wong kang
bakal nusahake ati.
Têgêse “ingarah lor kêna kidul pilih” pêngarahe ora nganggo pilih-pilih papan.
Sênajan diduga duga iku têmbung jarwa jugagan jukuk sêmu-sêmuning têmbung.
[2525]
Candhake sruti mêngkene :
(8) Kaping tiga watara nimbangi/ kridhaning sambawa lan sambada/ anêdahakên
kalane/ kadi tana karungu/ sumaruna ing kanan kering/ tinêngahan watara/
tinimbanging tanduk/ ya dyan kabèh kabaranang/ yèn tan sambada ing ngadu
lawan budi/ wahyaning mangsa kala//
Têgêse mêngkene
Dene kang kaping têlu, sing bisa mêtara barang pênggawe iku dadi timbanganing
duga-duga lan dipikira swaraning sapocapan. Lirih sêrune kang murih sêdhêng
ananging manuta mangsa kalaning palungguhan. Lan yèn krungu wong ngajak
sapocapan têka kiwa têngên iku salah sijine aja ditampik ya uga saurana kabèh.
Ananging saure amung ditêngahana sawêtara, lan timbangana tanduking polah
bae. Sênajan sapêjagongan kabèh padha ngajak caturan9 barêng, anggêre yèn
kowe duga ora sêmbada lan drajate sing disauri ya uga saurana kaya sing mau bae.
Kêjabane yèn ana mangsa kalane priyayi sing dikurmati, kang iku saurmu
pêndêngên mêrono bae.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
9 Kcaturan @#
119
Têgêse “kridhaning sambawa lan sambada” iku mikir sêru lirihe swaraning
sapocapan kang sêdhêng. Lire kridha, pikir ana dhadha. Iku têmbung jarwa suta.
Lire sambawa, sabawa, suwara. Lire sambada, pêsêmon têmbung sêdhêng. Sabab
ibarate mêngkene, kayata dêdêging uwong kang diarani pidêgsa. Mulane diarani
pidêgsa sabab gêdhene lan dhuwure uwis sêmbada awake ora kêgêdhen ora
kêcilikên. Têgêse wis tiba sêdhêng lan yaiku nalare têmbung sambada dakjarwani
sêdhêng mau.
Têgêse “sumaruna ing kanan kèring” iku srawunganing swara têka kiwa têngên.
Lire sumaruna, têmbung pêsêmonne sumarawung. Utawa lire sumaruna ana
sumaru, sarawungan. Dene yèn dijarwani mêngkono jênênging têmbung ya misih
nunggal padha pêsêmone têmbung sumarawung, sabab yèn sumarawung jênêng
têmbung garba sastra. Dene yèn têmbung sarawungan jênênge têmbung jarwa.
Têgêse “kabaranang” Iku kabarangas, ananging dudu kabrangasing wong nêsu lan
ya dudu kabrananging wong nêsu. Dene mêngkono iku kêbranange lan
kêbrangase wong padha jagongan. Sakabèhe barêngan takon marang wong siji iku
yèn ana wong jagongan kang mêngkono patrape. Lan iku têmbung paribasan
mêngkene kae, basa mirêng ature O, suryane banjur branang bangêt dukane.
Têgêse “yèn tan sembada ing adu lawan budi” iku yèn ora sêmbada lan pantêse
panduganing ati. Lire budi, sabarang nalaring pikir kang manggon ana ati. iku
têmbung jarwa.
Têgêse “wahyaning mangsa kala” iku kudu angon wêtune ing mangsa kala anane
kang dikurmati. Lire wahya, wêktu. Lire mangsa, wayah, wanci. Iku têmbung
kawi lan jarwa.
120
Candhake sruti mêngkene :
[2526]
(9) Kaping pat pradêksaning prayogi/ animbangi watara duduga/ kalampahan
prayogane/ tiba têlêbing kayun/ sang laksana sarasa raging/ tan akulêd ing lêkas/
yan samaptanipun/ apan sampun wruhing ajar/ ajar ruhun lan nalika aywa lali/
sarèhning amrayoga//
Têgêse mêngkene :
Wulang kang kaping pat sing bênêr olèhe mrayoga, sêbarang kêlakuan lan
pangucap yaiku sing nimbangi kêlakuan duga wêtara. Dadi kêlakon becike
sênadyan tibaa têngah pinggire sapocapan. Awake ora kêna rêrasan ala, sabab
awite cêcaturan pangucape ora ana kang saru. Iku yèn ora kêkurangan olèhe
mrayoga lan matara. Sarèhning wis wêruh wulang dalêm sing dhisik lan sing kèri.
Iku aja nganti ana sing kècèr olèhe nglakoni, sabab dhèwèke karêp kabêcikan.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene.
Têgêse “pradêgsa” iku babeneran. Iku têmbung pêsêmon, nyêmoni panggonane
wong bêbênêri manggon ana dêgsa.
Têgêse “talêbing kayun” iku têmah pinggiring karêp. Sabab mêngkene, lire talêb,
iku têlêng. Têlêng iku têngah bênêr, dene mau diunekake talêb sabab dinggo
nyamarake têmbung. Dene lire bing, iku têmbing. Lire têmbing, pinggir. Iku
kabèh têmbung sêmu èmpêring basa.
Têgêse “laksana” iku luput sêbarang ala. Iku têmbung jarwa.
121
Têgêse “sarasa” iku dirasani, yaiku surasane ing prakara sapocapan lan dudu
sarasaning sad rasa. Iku têmbung pêsemon.
Têgêse “ragi” iku raga utawa awak.
Têgêse “kulêd” iku kumêl. Kumêl iku cahya kêlêm, ora sumringah dadi misih
kuciwa wêkasane disawang dadi saru. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni têmbung
kuciwa utawa têmbung saru.
Têgêse “ajar ruhun lan nalika aywa lali” iku pêngajare kang dhisik lan pêngajare
kang kari aja nganti kècèr. Lire ajar, warah wuruk. Lire ruhun, karuhun, kang
dhisik. Lire nalika, saknalika, sak kala, saiki. Dene mulane têmbung uruting sruti
dhuwur mau kang nyêbutake nalika dakjarwani kang kari, sabab lire nalika :
saknalika, saiki. Dene yèn ditimbang pantêse kang dhisiki, têmbung karuhun lan
têmbung saiki kang pasthi pantês têmbung karuhun. Kang jênêng dhisiki lan
padhane ya ana kayata têmbung sing mau lan saiki ya uga dhisik têmbung sing
mau têmbung saiki dadi kèri. Lan yaiku nalare têmbung nalika dakjarwani kang
kari mau. Dene mulane têmbung aywa kari, dakjarwani aja kècèr. Mêngkene
nalare saupama ana wong jêjukuk barang cilik-cilik nuli runtuh siji durung
dijukuk, kang dijukuk dhisik nuli disèlèhake nuli bali jukuk sing runtuh mau.
Mêngkono iku sing runtuh jênênge kècèr lan dibalèni pênjukuke dadi jênênge kèri
olèhe jukuk lan yaiku têmbung jarwa ewone paribasan.
Candhake sruti mêngkene : [2527]
(10) Kaping lima lumalanèng wani/ anêmpuh byat lêbête tan kewran/ lwirnya
kwèh winarna rinèh/ suraya sabayantu/ wanèh wani amati kapti/ wani anglugas
122
raga/ akathah liripun/ sura waraning kasuran/ rèhning sumangga tan ana dèn
singgahi/ pracayèng praja wira//
Têgêse mêngkene :
Wulang kaping lima iku mêruhake kèhing prakarane wong ana pasamuan10 sing
gêlêm ngêtokake kuwanen iku diwêstani wong nêmpuh abot kang tanpa pikir.
Pêngrasane ora pêkewuh sabab pasêmuan iku akèh lire. Sawênèh11 ngetokake
kuwanèn barêngan, ana sing wanine ora mikir bênêr luputing prakara. Sawênèh
ana sing wani tanpa gêgaman, sabab akèh lire wong ngêmpakake kuwanèn.
Nanging surane wong sing padha wani iku amung wara bae. Dene pênggawe
mêngkono iku dheweke aja dahwèn, amung ngandêla adiling nêgara bae.
Mulane dakjarwani mêngkono, têgêse mêngkene:
Têgêse “ lumalaneng wani” iku lumawaning wani. Iku têmbung pêsêmon mèmpêr
lumawan.
Têgêse “byat” iku abot. Iku têmbung kawi
Têgêse “tan kèwran” iku ora kewuhan. Iku têmbung jarwa kawi
Têgêse “rinèh” iku ing rèh, utawa akèh wêrnaning pênggawe. Dudu rinèhing
ngêrèh lan dudu diêrèh. Iku têmbung kawi.
Têgêse “suraya sabayantu” iku wani kabèh. Iku têmbung kawi.
10 Pasêmohan @# 11 Wênah ^@#
123
Têgêse “mati kapti” iku atine buntêt ora duwe karêp kang bêcik nalare. Lire mati,
ya mati têmênan nanging dinggo têmbung pêsêmon nyêmoni ati kang buntêt. Lire
kapti, karêp. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “anglugas raga” iku awake wani tanpa gêgaman. Lire anglugas raga,
anglugas awak. Lire lugas, ora nganggo barang-barang. Iku têmbung jarwa dinggo
pêsêmon nyêmoni wong kang tanpa gêgaman lan têmbung kawi.
Têgêse ”sura waraning kasuran” iku wanine amung wara ora ana wujude. Lire
wara, suwara tanpa wujud. Lire sura, wani. Kang dhisik têmbung jarwa nuli kawi.
Têgêse “pracayeng” iku ngandêl.
Têgêse “praja wira” iku nêgara ngluwihi kapinterane, yaiku nêgara adil. Lire wira,
prawira, parawira. Lire pra, para, bisa mratani mrana-mrana ora kêmpêl wae. Lire
wi, luwih, dudu wi gêmbili. Lire ra, akêh. Lire praja, nêgara. Dene mulane
têmbung prawira dakjarwani akêh kapintêrane sabab sak wise têmbung prawira
duwe têgês kaya kang dhuwur mau. Yèn di panggonake marang bêcik ora luwih
amung marang akèhing kapintêran lan yaiku nalare têmbung prajawira dakjarwani
nêgara akèh kapintêrane mau lan yaiku nêgara adil. Utawa iku têmbung candra
sastra ya uga kawi dinggo pêsêmon kaya mau
Candhake sruti mêngkene :
(11) Kaping nêm manganam manuntagi/ waswa bisa saniskarèng basa/ kukila ing
paksi kabèh/ bisa bengkas anambung/ bisa nuksma ing ngaal alit/ saulah
kridhaningrat/ sagnyana kawêngku/ amiguna ing aguna/ anuragèng rat karakêtan
padha sih/ saha agamanira//
124
Têgêse mêngkene :
Wulang kaping nêm iku, sing bisa nganam-anam pikir bêcik lan nyulami kabisan
kang durung têrang lan sing durung bisa [2529] lan sing wasis sêkabèhing basa.
Sênajan basaning pitik iwèn manuk: ya uga bisaa sabab unine pitik iwèn manuk
iku kabèh kêna dinggo panêngêran utawa bisaa nyambungi nalar becik. Sing
kêkurangan sing bisa amor lan wong gêdhe. Sing bisa amor wong cilik ya apa
tataning nêgara. Kabisane wong akèh sing bisa kabèh utawa sing bisa duga
pênyananing uwong lan sing asih rêrapekan rakêtan padhaning urip. Kang sarta
têpang lakoni agamaning Allah.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “nganam” iku nganam pikir sing bêcik. Iku têmbung dijugag. Supaya
disambungana têmbung kaya sing mau kae lan kêna diarani têmbung pêsêmon.
Dene sing disêmoni ya têmbung kae mau.
Têgêse “nuntagi” iku nyulami. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon, nyêmoni
mênyang barang pênggawe kang durung têrang lan kang durung bisa. Ora kêna
diarani têmbung dijugag.
Têgêse “waswa” iku wasis, bisa. Iku têmbung kawi.
Têgêse “saniskarèng basa” iku sawêrnane prakara kèhing basa. Utawa sak
wêrnaning prakara kèhing têmbung. Iku têmbung kawi.
Têgêse “kukila” iku bangsaning pitik iwèn manuk gagêrmêtan. Iku têmbung kawi
Têgêse “bengkas” iku ngilangake sakabèhe. iku têmbung kawi.
125
Têgêse “nuksma” iku awor ngêmori. Iku têmbung kawi.
Têgêse “saulah kridhaningrat” iku sêbarang pikir lan sêbarang pênggawe wong
nêgara kabèh. Lire ulah, ngulah, ngajar, kêsatu, siji-sijinine barang pênggawe.
Yaiku nalare têmbung saulah dakjarwani barang pênggawe mau, iku têmbung
pêsêmon nyêmoni barang pênggawe. Lire kridha, pikir ana dhadha. Sabab pikir
iku manggon ana ati, ati iku cêdhak karo dhadha. Dene têmbung mêngkono iku
yèn dinggo pêsêmon ya wis bênêr bae. Awit wong nyêmoni iku sing kêna dinggo
jalaran akèh wêrnane kaya saupama kowe nyêmoni nyang wong ayu nuju linggih
cêdhak nggon suruh, nuli suruhe kok jukuk clathu mêngkene ”Ibillah suruh iki
ayune lèh nobatake. [2530] Endah rasane olèhe nyamlêng.” Dene sing mêngkono
iku wis pêsthi wong sing kok sêmoni krasa atine sabab dhèwèke ngrasa yèn ayu.
Apa manèh têmbung kridha dakjarwani pikir ana dhadha iku ya mêngkono
pêpadhane, sênajan pikir manggon ana ati, nanging ati cêdhak karo dhadha. Dadi
satêmah kêna dinggo pêsêmon kaya dènè wong ayu cêdhak suruh mau. Lire ngrat,
sajêmbaring jagad kabèh. Ananging sarèhning iku, têmbung kawi dinggo
pêsêmon nyêmoni marang nêgara sak wonge kabèh ya uga wis bênêr sabab nêgara
iku bangsaning jagad.
Têgêse “sagnyana kawêngku” iku bisa duga mêngku, sêging ati, pênyanane atine
uwong. Lire sagsêg iku têmbung paribasan sag-sêg kae. Lire amêngku, angêmot,
anggêbêng. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “amiguna ing aguna” ambisani wong abisa, amintêri marang wong kang
pintêr. Dene yèn dibêcikake jarwane lan kênaa dinggo nyambungi têmbung
uruting sruti. Kaya ing dhuwur mau kang supaya rapêt mêngkene maknane. Lire
126
amiguna ing aguna iku ngelingake yèn ana kêlalène wong pintêr. Lire guna,
pintêr, iku têmbung kawi. Ananging wurukku dhewe marang kowe kabèh yèn
kaduga pantês dielingake ya elingêna, yèn kaduga ora pantês aja wani ngèlingake.
Têgêse “anuragèng” iku awakmu sing bisa ngêmori têmbung sakêcap lan laku
satindak. Lire anuragèng, anoraga. Lire anor, andhap asor. Lire rogèng, raga,
awak. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni barang pêngucap lan laku.
Têgêse “ngrat karakêtan sih” iku asiha lan rakêtana marang sapadhaning wong
urip. Lire ngrat, sak lumahing jagad kabèh, rèhning iku têmbung kawi dinggo
pêsêmon nyêmoni marang nêgara sakwonge kabèh. Iku dadikêna têmbung ngrat
mau yèn dakjarwanana sapadhaning wong urip. Sabab sakpadhane wong urip iku
padha ngambah nêgara. Nêgara iku bangsaning jagad lan manèh maknane
têmbung ngrat mau ora ngamungake sak lumahing jagad kabèh, sênajan têmbung
sakabèhe, ya uga wênang ditêmbungake kawi sak êrat. Lire sak êrat, sak kabehe.
Lire karakêtan padha sih, rarakêtan padha kasih dudu têmbung tan ora utawa tan
aja. Iku têmbung jarwa disasarake ukarane.
Têgêse “saha agamanira” iku karo sing nêtêpi agamaning Allah. Lire saha, [2531]
karo, kaliyan, utawi, tuwin, sarta, dene pratelane têmbung saha iku dinggo
ngluhurake têmbung kang dakprinci mau. Yèn kamot layang katuran marang
wong gêdhe. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni pênggawe têtêp. Lire
agama, polah pratingkah, pangucap, laku, mangan, turu, pêndêlêng, pangrungu,
pangucap, pangambu, nguyuh, ngising, lara, pati, sêbarang karêp utawa tekad iku
sakabèhe kang padha mêtu têka parèntahing Allah kang wis kamot ana ing dalil
127
Kuran utawa kang mêtu têka dhawahe Kangjêng Nabi Mukhamad Rasulullah
kang wis kamot ing kadise ing kitab kabèh. Iku têmbung kitab.
Candhake sruti mêngkene :
(12) Wani ngrana sing tawing prayogi/ kêkêlire dêduga wêtara/ ringa ringa
pandêlinge/ apandam awas murub/ marmanipun mangka pratali/ pratamaning
sujana/ awase linuhung/ angimpun salwirning guna/ nanging awasipun sampun
salah dalih/ manawi kawadaka//
Têgêse mêngkene :
Sing wani pêrang aja katon kuwanène olèhe ngaling-alingi kuwanèn sing prayoga
têka ing duga watarane. Lan yèn bakal angucapake gêpok kuwanène rungak-
rungak kaclathune lan sing ngarah-arah pandêlênge marang wong sak pêjagongan
kabèh, sabab utamaning priyayi12 iku ngêkêr kuwanèn lan yèn ana kang sujana
satêmah kawruhan. Sabab wis utama nyakup barang kabisan, mulane ngluwihi
awase marang wong kiwa têngêne sarta sing awas pandêlênge ananging olèhe
angawasake yèn ana wong sujana iku aja nganti diclathokake sabab ora wurung
kawruhan ngakèh satêmah dicacad.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ngrana” iku papaning pêrang. Iku têmbung kawi
Têgêse “tawing” iku aling-aling. Iku têmbung pêsêmoning basa. Iku têmbung
paribasan.
Têgêse “kêlir” iku aling-aling. Iku têmbung jarwa. 12 Prayayi @#
128
Têgêse “ringa-ringa” iku rungak-rungak. Iku têmbung pêsêmone mèmpêr rungak-
rungak
Têgêse “dêlinge” iku clathune. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “pratali” iku diawêri utawa dikêkêr. Yèn têmbunge diprinci mêngkene.
Lire pratali, para tali. Sak rupa-rupaning tali lan iku saupama tali ya tampar,
mangka kèh-kèhing tampar iku sok ana sing kêkêr. Yaiku nalare têmbung pratali
dakjarwani kêkêr mau. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni tali [2532] tampar kang
kêkêr.
Têgêse “pratama” iku kang ngluwihi akèh barang kabêcikane. Dene mulane
têmbung pratama dakjarwani pintêr sabab wong pintêr iku wis ewoning utama.
Têmbung utama iku ewoning têmbung bêcik lan iku nalare têmbung pratama
dakjarwani kang luwih akèh kabêcikane mau. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon
nyêmoni uwong bêcik.
Têgêse “sujana” iku yèn jarwa sutane barang sumêjane ana bêcike.
Têgêse “ngimpun” iku ngumpulake utawa nglumpukake. Iku têmbung paribasane
wong ngimpun bêras. Dene mulane têmbung ngimpun dakjarwani nyakup sabab
wong ngimpun bêras kae sak wise ditintingi nuli diimpu-impu supaya bisane
ngumpul bêrase sing gêdhe-gêdhe. Yèn wis kumpul nuli dicakup. Yaiku nalare
têmbung ngimpun dakjarwani nyakup mau.
Têgêse “guna” iku pintêr. Iku têmbung kawi.
Têgêse “salah dalih” iku luput sing diarani. Iku têmbung jarwa lan kawi.
129
Têgêse “kawadaka” iku cacat kawêtu utawa cacat katon. Iku têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(13) Angagêm bisa dèn sambang liring/ lwire larat yèn kaduk gumisa/ waluya
tiwas têmahe/ bisi warangkanipun/ dènya ngrasuk rasane kadi/ satataning tan
tama/ tan mantra ing sêmu/ angêbyakkên jrahning naya/ manawi wontên sujana
anayangdi/ nis naya ininteya//
Têgêse mêngkene :
Wong duwe barang kabisan iku yèn bakal diucapake utawa arêp diêmpakake ana
pasamuan dêlênga ulat liringe rewange jagongan. Sabab yèn ora condhong karêpe
satêmah diewani, dene wong kaduk gêmisa iku akèh sing gêthing satêmah dipaido
diwaoni. Wusana bisane ora dadi sabab êntèk diwaoni wong akèh sêjane dialêma
pintêr wusana kawirangan. Yaiku wong ora bisa nutupi pintêre lan wadhahing
kapintêran borot. Sabab pênganggoning kabisan sing padha karo wong bodho.
Sêmune ora mantra wong pintêr, ngêndi ana ngêbyukake rasaning ati ana ngarêpe
wong gêdhe-gêdhe. Mêngkono iku anaa wong sujana sing nglirik apa manèh
gêlêm mangintip. O, pêsthi ilang ulate kêwirangan.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene : [2533]
Têgêse “angagêm bisa” iku wong duwe kêbisan. Dene mulane têmbung angagêm
bisa dakjarwani wong duwe kabisan sabab iku têmbung pêsêmon nyêmoni wong
duwe kêbisan. Dene lire gone dadi pêsêmon mêngkene, mulane iku ditêmbungake
ngagêm kang diarah wong sing nganggo duwèke dhewe.
130
Têgêse “sambang” iku nganglang, nganglang ya uga dêdêlêng. Iku têmbung jarwa
dinggo pêsêmon nyêmoni marang wong nganglang gone dêlêng mênyang sing
dinganglangi.
Têgêse “liring” iku nglirik utawa obahing mata marang ngiringan sak kêdhepan.
Iku têmbung jarwa.
Têgêse “larad” iku larut utawa êntèk kabèh. Iku têmbung paribasan larat-larut kae.
Têgêse “waluya tiwas têmahe” sêjane murih dialêma nanging satêmah
kuwirangan, dudu raras satêmah tiwas. Dene mulane têmbung waluya, tiwas
têmahe dakjarwani sêjane dialêma satêmah wirang sabab iku têmbung pêsêmon
nyêmoni sabarang slamêt. Awit lire waluya, waras, têgêse wis slamêt sabab ora
lara, dene pênggawe slamêt iku dadi pilihane wong akèh. Mangka wis lumrah
wong iki ing salah sijine sêbarang kang dipilih amêsthi dialêm, yaiku nalare
têmbung waluya dakjarwani dialêma mau. Dene mulane têmbung tiwas
dakjarwani kuwirangan sabab iku têmbung pêsêmon nyêmoni kèhing têmbung,
awit pênggawe tiwas iku akèh wêrnane. Wong kuwirangan ya wênang diarani
tiwas, wong katrap kukum dilarani ya wênang diarani kêtiwasan, ya apa sak
pênunggale kang jênêng kêblahèn ya padha wênang diarani tiwas. Iku têmbung
paribasan dinggo pêsêmon.
Têgêse “bisi warangkanipun” iku wadhahe bèsèr utawa borot, têgêse ora bisa
nutupi. Lire bisi, bèsèr. Iku têmbung pêsêmone mèmpêr têmbung bèsèr. Lire
warangka, tutuping gêgaman. Iku têmbung pêsêmon dunungake yèn têmbung
wêrangka iku dadi tutuping gêgaman.
131
Têgêse “dene ngrasu krasane kadi” iku olehe nganggo srasane kaya. Lire ngrasu,
ngrasuk, rasukan, klambi, gawene sok dinggo ana awak. Yaiku nalare têmbung
ngrasu dakjarwani olèhe nganggo mau iku têmbung pêsêmon nyêmoni gawene
klambi dianggo ana awak. Lire krasane, srasane, [2534] sarasane, dudu krasane
barang barang. Iku têmbung nunggal pêsêmon seje karêpe.
Têgêse “satataning tan tama” iku sakpadhane wong kang ora utama, sakpadhane
wong sing ora pintêr. Lire satata, sakpadha-padha, utawa rampak. Lire tan, ora.
Lire tama, utama. Dene mulane têmbung tama dakjarwani pintêr sabab wong
pintêr iku wênang diarani wis utama. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni
sakpadha lan nyêmoni wong kang pintêr.
Têgêse “tan mantra ing sêmu” iku ora mantra-mantra sêmune wong pintêr. Lire
mantra, ora paja-paja, ora pisan-pisan. Iku têmbung pêsêmon ewone kèhing
têmbung. Lire sêmu, sêsawangan. Iku têmbung dijugag.
Têgêse “angêbyakkên jrahning naya” iku angêbyukake jêrohaning ati ana ngarêpe
wong gêdhe. Lire angêbyakkên, angêbyukake. Iku têmbung paribasan byak-byuk
kae. Lire jrahning, jêrohaning ati. pikir kang kêrasa ana jêroning ati, iku têmbung
kawi dinggo pêsêmon jugag. Lire naya, nayaka. Wong gêdhe kang diandêl
marang gustine, dudu nayana ulat, dudu tanaya anak. Iku têmbung kawi dijugag.
Têgêse “nayangdi” iku ngulat-ulatake, ngawas-awasake pêsêmoning ulat tingkah.
Iku têmbung kawi.
Têgêse “nisnaya ininteya” iku diintipa, utawa diinjêna, ilang ulate. Lire nis, ilang,
ora ana. Lire naya, nayana, ulat, dudu naya naya wong gêdhe, dudu naya tanaya
anak. Lire ininteya, ingintipa, inginjêna. Iku têlu pisan têmbung kawi.
132
Candhake sruti mêngkene :
(14) Wani mati pangruhune waning/ wirang lara larut alorodan/ sadakala
samandene/ yèn kawantêrên wurung/ ing watara tan winigati/ suka katona sigra/
mahyakkên dinulu/ bêtah angajab drubiksa/ punika rêke warangka tan amawi/
wuwus kudu katona//
Têgêse mêngkene :
Lan kayata wong saguh wani mati, mangka sing mau wis nglakoni wirang lan
saupama ana uwong kang saguh wani mati nanging sing mau wis nglakoni
wirang. Mêngkono iku saguhe goroh, barang sanggupe êntek ora dadi, ya saikia
sênajan besuka ya padha dene ora klakon. Sabab kêbangêten ora dipikir gawene,
mung bungah dialêma gagrak lan katona kêndêle. Yaiku wong ngajab rusak awit
[2535] ora pisan-pisan gêlême nutupi kuwanêne. Iku rak mung kudu katona
clathune bae, kok bakal têmên ora.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “pangruhun” iku dhisike sabarang gawe. Iku têmbung jarwa
Têgêse “larut alorodan” iku êntek kabèh ora kari.iku têmbung paribasane barang
sarah kang ana kali, nuli katut ilining banyu gêdhe kang bantêr. Kang dhisik
sapanggonan mau têmbung jarwa nuli iki sapanggonan têmbung paribasan.
Têgêse “sadakala samandene” iku kalane saadegan iki, utawa mêngko besuka, ya
padha dene. Lire sadakala, kalane saadêgan. Iku pêsêmone mèmpêring têmbung
saadêgan. Lire samandene, sami dene, sami dentên, padha dene. Iku têmbung
jarwa.
133
Têgêse “tan winigati” iku ora dipikir gawene. Lire gati, gawe. Kang dhisik
têmbung dijugag nuli kawi.
Têgêse “sigra” iku gagrak, dudu sigra lajêng banjur, dudu sigra wahing, iku
têmbung paribasan.
Têgêse “mahyakkên” iku saupama wong dagang, murih mayokake dagangane
utawa mintokake kêkêndêlane, ngatokake barang bêcike. Iku ewone têmbung
kawi.
Têgêse “ngajab drubiksa” iku dhang-dhang rusak. Lire ngajab, dhang-dhang,
ngarêp-arêp, muga-muga. Lire drubiksa, bangsaning setan. Dene mulane têmbung
drubiksa dakjarwani rusak sabab setan iku awite dimulyakake nuli kawekasane
dirusak imane, rupane. Kang dhisik ewone têmbung kawi nuli têmbung pêsêmon
nyêmoni rusake imane setan.
Têgêse “rêke” iku dene. Iku têmbung kawi.
Têgêse “warangka” iku tutuping gêgaman. Iku têmbung jarwa.
Candhake sruti mêngkene :
(15) Dipunamêm ing nayaka manis/ wani aywa katon kumasura/ aywa umbak
paksa banthèng/ gora gadha mapunggung/ bibingkrakan dhapur muthingkrik/
mathangkus amathangthang/ kontha raganipun/ lincak-lincak atangginas/ lumaku
binadheya wani tur titir/ angarekkên wong kathah//
Têgêse mêngkene
134
Yèn ana pasêmuan iku bêcik sing amêm nanging ulate sing manis. Sênajan wani
aja katon kumanikani lan aja dhêmên umbag. Rèkane kaya banthèng lagi
têmbirang ngêkèhake swara rosa mêdeni, pêngrasa ora ana sing ngungkuli. Sing
mêngkono iku olahe wong bêngkrakan lumuh kêsosor [2536] uga nglangak
mènglèng-mènglèng ulate nyrandu. Uga malang kadhak bapang-bapang iku lagi
saengga dhapur-dhapurane mêngkono utawa nganggo lincak-lincak têngginas. Iku
karêpe sêpele mung diaranana kêndêl ora ana sing madhani.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “amêm” iku arang clathu. Iku têmbung paribasan.
Têgêse “naya” iku nayana, ulat. Dudu naya nayaka. Iku têmbung kawi.
Têgêse “manis” iku dudu manising lêgining gula, yaiku ulat sumèh kang sêmu
mèsêm. Iku têmbung malayu dinggo pêsêmon nyêmoni ulat kang bêcik dhewe.
Têgêse “kumasura” iku kumanikani. Iku têmbung kawi.
Têgêse “ umbag” iku umuk. Lire umuk, undhaking tutur, wêrta, kandha, crita,
kabar, sêkabèhe murih bêcikake kang disênêngi. Iku têmbung paribasan utawa
têmbung pêsêmon mèmper têmbung umok. Paribasane umbaking banyu
bêngawan kali nalika mundhak gêdhening banyu, dene yèn diarani mèmpêr
pêsêmoning têmbung ya nyata bênêr, sabab umuk lan umok yèn têmbung umuk
undhaking tutur wêrta sak pênunggale yèn têmbung umok undhaking gêdhening
banyu bêngawan kali.
Têgêse “paksa” iku dudu dipaksa, yaiku arêp madhani utawa saèngga madhani.
Dudu dipêksa, dudu dijiyat. Iku têmbung kawi.
135
Têgêse “gora gadha mapunggung” iku ngêgunggungake gêgila dakdir. Lire gora,
gêdhe. Lire gadha, godha. Lire mapunggung, gêdhekake. Iku têmbung kawi.
Têgêse “bêbingkrakan” iku polahe wong urakan kang sêlekrangan.
Têgêse “muthingkrik” iku lumuh kêsosor.
Têgêse “mathangkus amathangthang” iku dhapure wong clathu gumisa langguk
mêthêngthêng. Têlung panggonan iku têmbung paribasan.
Têgêse “kontha raganipun” iku saèngga awake wong kang mêngkono. Lire
kontha, mung dinggo saingga, iku têmbung paribasan. Lire raga, awak. Iku
têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni awaking uwong.
Têgêse “tangginas” iku rikat. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “titir” iku unining lêsung dipukul kang murih kapuarane, pêngrunguning
barang prakara marang liya jajahan. Iku têmbung ibarat utawa lire titir,
ketatalane[2537] barang pênggawe sabab paribasan lire titir-tatal kae.
Candhake sruti mêngkene :
(16) Lêwih yèn munggwèng luhur turanggi/ angêmbat lawung anumbak lêmah/
kurang mungsuhing kanthane/ anandêr-andêr mamprung/ alok-alok acêrik-cêrik/
lah mangke ta kasoran/ ing sadhapuripun/ amranglêngên paratangtang/ para
sampah candhala anyanyabari/ barang guna kadiran//
Têgêse mêngkene :
Apa manèh yèn nunggang jaran solahe angluwihi, uga landheane diêmbat-êmbat
banjur ditumbakake ing lêmah rekane kaya kurang mungsuh. Jarane banjur
136
disandêrake nganggo alok bêkik-bêkik. Mêngkono iku tiwas sayah ora ana
paedahe, iku wangune dhêmên dadar-dadar mêrang lêngêne ora kêna kêsliring
sêthithik banjur nantang. Malah wangune dhêmên mêkak karêping uwong, yèn
kiwa têngêne ana sing nêpsu dhêmêne sok akon sarèh rekane arêp bênêri dene
sing mêngkono iku jênênge wong cêndhala tangèh yèn pintêra mênyang
kabêcikan. Dene yèn ngêtokake kapintêrane ora tinggal pambêkane olehe dakdir.
Mulane dakjarwani mêngkno têgêse mêngkene :
Têgêse “lêwih” iku luwih. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “kontha” iku mung dinggo saengga.
Têgêse “kasoran” iku kasatan utawa sayah. Rong panggonan iku têmbung
paribasan.
Têgêse “candhala” iku candhula, nyênthok, clathu. Iku têmbung kawi.
Têgêse “kadiran” iku kuwasa. Iku têmbung dalil Kuran. Dene mulane olèhku
jarwani urute têmbung sruti mau têmbung kadiran dakjarwani dakdir, ora
dakjarwani kuwasa. Sabab wong dhêmên ngatokake kuwasane iku yèn ora ana
jalarane kang pantês prayoga, amasthi awake dhewe katon olehe dakdir.
Candhake sruti mêngkene :
(17) Rèhning pangiwa sampun winawi/ kasurjanan sarjana saharja/ mingisi
ngungas gandane/ pan wus kinirtyèng kidung/ koja lawan sang natèng mêsir/ rèh
ta para sujana/ anjarwakkên wuwus/ wignyaning praja gitanya/ kasusilan ing
salinggihing nayadi/ ajrih yan kadriyana//
137
Têgêse mêngkene : [2538]
Barang pênggawe ala iku aja dilakoni, amung nganggoa wuruke wong sarjana lan
wong sujana. Iku sing pêsthi bisa gawe bêcik mênyang awake lan kèhing
kabêcikan iku ora susah ngatonake, salagi katon sêthithik amasthi mashur
pocapane. Lan manèh wis kocap pira-pira layang, barang kojah sing bêcik iku
kudu dipikir apa manèh kêlakuane para sujana kang wis diwulangake amêsthi bisa
andadèkake bêciking nagara. Lan wong gêdhe nêgara iku ora pantês yèn ora
galiha prayogane kalênggahane.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “pangiwa” iku barang pênggawe ala. Mulane têmbung pangiwa
dakjarwani ala sabab wujude barang sing ala iku kang wis lumrah ora awèh
manggon ing ngarêpan. Ya uga kudu akon ngiwakake. Iku kêna diarani têmbung
ibarat utawa pêsêmon.
Têgêse “sampun winawi” iku aja dilakoni. Lire winawi, suwawi. Lire suwawi,
ayo. Lan sarèhning têmbung mau nyêbutake sampun winawi. Mangka lire
sampun, aja. Ya aja disuwawèni, aja diayoni, aja dilakoni, yaiku nalare têmbung
sampun winawi. dakjarwani aja dilakoni iku têmbung pêsêmon malik surasaning
têmbung.
Têgêse “sujana” iku yèn jarwa sutane barang sumêjane ana bêcike. Ananging yèn
dakrasa dhewe ya wis bênêr jarwa sutane sujana mau. Sabab nalare mêngkene,
caritaning jaman kuna kang wis kocap ana nglayang wacan “para ratu” lan wong
138
gêdhe-gêdhe kang wis diarani sujana iku barang kêrsane13 kang bakal dadèkake
bilahi lan kewuh sadurunge kawêtuning kêrsa wis sumêrêp yèn kêrsane wis
kêbutuh ora kêna sumimpang ya uga diwêtokake, ananging sadurunge kawêtu wis
kalungan piranti kang bisa nulak têkaning bilahi lan pakèwuh mau. Mêngkono iku
yèn mungguh aku dhewe misih kurang utama, sabab yèn critaning jaman Buda
durung nganggo agama Islam. Mulane Prabu Salya mèh kabukak wadine ya
saking olèhe tinggal agama, mangka tuking kabêcikan iku amung nglakoni
agamaning Allah, yaiku nalare jarwa sutaning sujana mau.
Têgêse “sarjana” iku yèn jarwa sutane barang sar-siring atine ana bêcike. Yaiku
Oliya Allah [2539].
Têgêse “harja” iku yèn harjaning nagara, akèhing uwong lan omah kitri kabèh.
Yèn harjaning budi, kang akèh pikire marang kabècikan.
Têgêse “mingis” iku landhêping gêgaman kang katon sathithik. Iku têmbung
pêsêmon nyêmoni kapuarane mingising pocapan kang bêcik.
Têgêse “ngungas” iku barang ambu kang kongas, kang digolèki panggonane
ambune, dudu wong ngungasake kabêcikane kae. Iku têmbung paribasan.
Têgêse “kinirtyèng kidung” iku kang wis katon ana têmbunging layang nganggo
têmbang. Lire kinirtyèng, kênèt, kêmata, kêna didêlêng ing mata. Lire kidung,
kudang. Lire kudang, puji. Lire puji, panggunggung, sing digunggung dumunung
marang sing didhêmêni. Dene mulane têmbung kidung takjarwani layang nganggo
têmbang sabab têmbung wis kagêrba14 marang sing wis kêlakon. Awit wong kang
13 Krêsa @# 14 Kagrêba @#
139
padha gunggung marang sing didhêmêni, dimotake layang ditêmbangake. Sing
dhisik têmbung kawi, nuli têmbung paribasan dinggo pêsêmon.
Têgêse “koja” iku kojah, dudu kojah uwong. Têmbung iku pêsêmone mèmpêr
têmbung kojah.
Têgêse “sang nata” iku ratu kang mrêkasa. Têmbung iku ratu dinggo ibarat ati.
sabab ati iku ratuning badan. Awit olah unining badan têka karêping ati. Mulane
yèn ratu kang mrêkasa nagara yèn ati kang mrêkasa marang badan.
Têgêse “mêsir” iku tumusing sir, dadi pikir, dudu nagara Mêsir. Têmbung mau
mèmpêr sêmone têmbung mus sir.
Têgêse “susila” iku bêciking polah lan kalungguhan. Iku têmbung kawi.
Têgêse “ajrih yan kadriyana” iku wêdi yèn ora dipikira, dudu wêdi yèn dipikira.
Iku pêsêmone têmbung nêngahi utawa dijugag, sabab akèh parane. Lire kadriyana,
diangên-angêna, dipikira.
Candhake sruti mêngkene :
(18) Wadakaning watara yèn sarwi/ angangka wawêngkan kajahatan/ tan den
karening sangkane/ kawêhan wahya wuwus/ smitta murti kalingan lungit/
apanggah anggayagah/ ambabar pamêngku/ kang ora ora jinangkah/ kang sayêkti
ing watara dèn kalisi/ kalingan tur kelangan//
Têgêse mêngkene :
Ananging wong agung kang ambêg sujana iku dakwêtara ana cacade, sabab kaya-
kaya gêlêm ngambah wêwêngkon sing ala. Têgêse yèn arêp nyang [2540] wong
140
wadon sing dudu wêwêngkone kang sarta durung diningkah, dene mêngkono iku
awit kang mau panêmbunge ya uga mêtu têka bapakane, sarta bapakane ya wis
nguwèh ananging misih luput. Sabab dheweke ora gêlêm ngambah agama
ningkah, dene yèn bênêre mêngkenea. Yen bapakane dinggo dlanggung wis
nguwèhake, nuli dlanggunge ditinggalana sri kawin. Mangka ora pisan yèn
gêlêma nguwèhi sri kawin, awit atine kewuhan oleh bakal ngêtokake pênganggêpe
nyang wong wadon mau. Upama dinikaha dirasa padha karo bojo lan ora pantês
sabab wong cilik. Saupama oraa diningkah dhèwèke wêdi menyang Agama, dadi
wusanane mung dinggo mikir sing mêngkono iku karêpe wis nekat. Awit
klakuane sing bêcik wis kalingan lungite pêsêmon. Dadi si wadon mung diwèhi
sasmita alus lan têmbung sing ngenakake ati sabab dhèwèke ora bisa mulèhake
agama sing rusak. Wusanane jangkah kang ora-ora mulane mêngkono tandhane
ana ala bêcike diwêngku bae. Yaiku cacade wong melik dudu wajibe, mangsa
ningkah iku pênggawe wajib. Dhèwèke ora gêlêm nglakoni , dadi satêmah
klakuane bêcik kalingan drajad tur kelangan agamaning Allah.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene:
Têgêse “waddhakaning” iku cacade sing katon. Iku têmbung kawi
Têgêse “ngangka” iku angangkah, angarah, yen am, akarêp. Têmbung iku
pêsêmone mèmpêr têmbung angangkah.
Têgêse “jahat” iku ala. Kayata ala tekade lan klakuane sabab jahat iku têmbung
Mêlayu. Dene sêmune surasane layang sruti mulane ala ditêmbungake jahat.
Manawa alane ora gêlêm ngambah wajibing agama ningkah, dene yèn têmbunge
Malayu, alane barang rêrupan lan ambu swara ditêmbungake busuk.
141
Têgêse “tan den kareni” iku ora ditinggali sri kawin. Iku têmbung jarwa dinggo
pêsêmon dijugag.
Têgêse “sangkane” iku panêmbunge mêtu sangka bapakne. Iku têmbung pêsemon
jugag.
Têgêse “murtti” iku antêng utawa alus. Sabab wong antêng iku ambêk tingkahe
pantês pêsêmon alus [2541] iku têmbung kawi.
Têgêse “panggah”iku wani mapakake utawa gêlêm anggagahi. Iku têmbung
jarwa.
Têgêse “anggayah” iku ayag-ayagên utawa wêgah. Iku têmbung pêsêmon dinggo
pêsêmon mèmpêring têmbung ayag-ayagên.
Têgêse “dèn kalisi” iku ora dirakêtake utawa ora dianggo. Iku têmbung jarwa
diandêlake.
Têgêse “kalingan” iku kalingan darajate ora ole dadi wong gêdhe utawa kalingan
darajate ole dadi priyayi.
Têgêse “kelangan” iku kelangan agamaning Allah, dudu kelangan cathut lan
barang ilang. Rong gon iku têmbung dijugag.
Candhake sruti mêngkene :
(19) nihan pinatya inguni-uni/ unadika dikara karana/ ning nagara njrah silane/
wis ana tri winuwus/ kang gumêlar ing gulamilir/ jnengan tri prakara/ lawan
nayanipun/ atunggal lan paribawa/ nistha madya utama ta muwah malih/ lwiring
tri katakêna//
142
Têgêse mêngkene :
Ana dene kang mau wis ana anggêr-anggêre kang dinggo ugêr-ugêr, bab
prakarane mikir kaluwihan duga watara olèhe nyrambahi mênyang nêgara murih
bêcike wong gêdhe-gêdhe kabèh. Dene anggêr-anggêr iku jênênge têlung bab
kaya kang dakpêncarake ing layang têmbang dhandhanggula iki. Dene prakara
têlung bab iki pambêganing ratu lan nayakane mau kudu dhèngêr pambêgan
nistha madya utama. Lan têgêse têlu iku bêcik tan ucapake.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “nihan” iku ana dene. Iku têmbung kawi.
Têgêse “pinatya” iku pinati. Lire pinati, kang dipati anggêr-anggêring pambêkan.
Iku têmbung jarwa dinggo pêsêmon dijugag murih disambungana barang têmbung
kang pantês manjing rapêt ora putung. Lan urute wulanging sruti iku sak
pênunggale têmbung kang dijugag mêngkono patrape.
Têgêse “unadika” iku pangucap sajroning ati, yaiku pikir. Iku têmbung kawi
pêdhalangan.
Têgêse “dikara” iku adi-adine barang prêkara utawa bêcik-bêcike barang prêkara.
Iku têmbung kawi.
Têgêse “njrah silane” iku pêncaring kabêcikan mênyang klungguhane wong
gêdhe. Lire njrah, hanjrah, pêncar mrana-mrana. Iku têmbung kawi dijugag mung
dijukuk wêkasane. Lire silane, kalungguhane. Iku têmbung jarwa dinggo
wangsalan utawa dinggo pêsêmon nyêmoni bêcike klungguhane wong gêdhe.
143
Têgêse “nêngan tri prakara” iku jênênge têmbung têlung bab, nistha madya utama.
Lire jênêngan, jênênge siji-sijine barang. Iku têmbung jarwa. Lire tri, têlu. Iku
têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni nistha, madya, utama. Lire nistha, barang
pênggawe kang luwih asor. Lire madya, têngah-têngah. Barang pênggawe kang
bêcike tiba sêdhêng. Lire utama, barang pênggawe kang ngluwihi bêcik. Lire
prakara, sêbarang pênggawe, ora ngêmungake prakarane wong padu lan kêrêngan.
Iku têmbung jarwa.
Têgêse “lawan nayanipun” iku ratu lan nayakane. Kang dhisik têmbung jarwa
dijugag dibuwang kawitanne. Lire naya, nayaka, dudu nayana ulat. Iku têmbung
kawi.
Têgêse “atunggal lan paribawa” iku nunggal paribawaning pambêkan. Iku
têmbung jarwa dijugag.
Têgêse “katakêna” iku ucapena utawa arêp diucapake. Lire kata, pangucap. Iku
têmbung Malayu.
Candhake sruti mêngkene :
(20) sujana len tang banija krami/ lan sujana mapan tri prakara/ durjana sama
samine/ pratamane aruntut/ anotama madya lan nêsthip/ ana begal angêntal/ len ta
maling lulut/ maling rêtna maling jiwa/ ana tanpa saya wênèh ngagêm gunting/
wênèh anêbah bapra//
Têgêse mêngkene :
Kang mau wong sujana lan bojakrama utawa wong durjana iku padha kumpul.
Ora ana wong durjana dora cara, sabab wong gêdhe sujana iku sing mratakake
144
bojakrama marang wong cilik kabèh. Nanging wong gêdhe iku lawas-lawas lali,
gêlêm ngurangi bojakrama marang wong cilik. sêtêmah wong cilik padha golèk
pangan dhewe lan padha kabacut solahe kabèh marang pênggawe ala. Ana sing
ngêmplang ngutil, ana sing malingi wong wadon, ana sing nyolong mas picis, sak
pênunggale ana sing maling nyidra patining uwong, ana sing bisa maling tanpa
piranti, ana sing maling gaman bur, jugil, gunting lan sing dimalingi ora sak
nêgara bae, nganti adoh têba parane pêncar-mrêncar mrana.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene: [2543]
Têgêse “len tang” iku lan malih, dudu lentang liyane. Dene yèn têmbunge
disarèhake lentang mau lawan ta ingkang utawa lawan ta malih. Iku têmbung
kawi.
Têgêse “banija” iku binoja, diwèhi pangan sandhangan. Iku dièmpêrake
pêsêmoning têmbung.
Têgêse “krami” iku kurmat. Yaiku takliming têmbung lan têmbung kurmat iku
akèh parane. Ana sing kurmat pangucap, ana sing kurmat barang polah tingkah,
ana kurmat barang sura kang pantês, ana kurmat barang walèh, ana kurmat barang
suguh. Iku têmbung kawi.
Têgêse “pratamane aruntut” iku nalika misih dibêri kautaman padha atut kang
dhisik dièmpêrake pêsêmoning têmbung nuli têmbung jarwa.
Têgêse “anotama madya lan nêsthip” iku padha golèk kautamaning pangan
dhewe-dhewe. Ana bêja, ana sêdhêng, ana nistha. Iku têmbung pêsêmon.
Têgêse “tanpa saya” iku ora nganggo piranti. Iku têmbung kawi.
145
Têgêse “anêbah bapra” iku adoh têbah parane pêncar mrana-mrana. Lire anêbah,
angadoh. Iku têmbung jarwa. Lire bapra, têba para. Lire têba, sêdhengah papan
kang dinggoni, liyane omahane dhewe. Iku têmbung paribasan. Lire para, parane
kang dilakoni. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni parane lakuning sikil.
Candhake sruti mêngkene :
(21) maling saji sajarwa sumaji/ wijiling trang ya karananeka/ silib solahing
sakabèh/ kabina wignyanya sru/ asring saeka sancayapti/ yakti kaptining brata/
brata sarasèng hyun/ yayah mayaning ngagnyana/ anjur sarira pinêlêng
sahananing/ swuh brata mati raga//
Têgêse mêngkene :
Lan sawênèh ana maling, sing dimalingi barang kagunganing ratu tur maling iku
sabên dina sumaos ana ngarsa dalêm. Dene bisane jukuk barang kagungan dalêm
ora wêngi pêtêngan bae, amasthi padhang weleh-weleh katon. Ananging olèhe
ngikibi guyup sakancane kabèh, awit sing dadi lurah ngluwihi pintêr lan sok gawe
bêcik weleh dikatokake marang gusti. Mêngkono iku dhasar digawe laku lan
kêlakuane guyup sak kancane [2544] sarta murih kagaliha marang gusti sing
bangête kapintêran kang amrih bêcik. Mêngkono iku wong ala bisa amor
kabêcikan, dene panyêkêle kagungan dalêm ya mêsthi luwih ngêmên-êmênake lan
ora ngopèni barang prakarane omahe dhewe utawa bisa nyirnakake barang
kêlakuane alane dhewe liyane kêlakuan ala, kang pancèn dinggo mêngarah
marang gustine. Yaiku wong bisa matèkake awake kang amrih silib.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
146
Têgêse “maling saji” iku malingi barang sêsaosaning gusti. Lire saji, sajèn,
saosan. Dene saosan iku ora ngamungake kang lagi disaosake bae, sênajan barang
kagungan dalêm sing misih ana ngrawatan ya uga padha jênêng saosan. Sabab yèn
ana salah sijining barang kang dipundhut wis pêsthi disaosake. Iku têmbung jarwa
nuli paribasan.
Têgêse “sajarwa sumaji” iku katon sak blakane sumaos ana ngêrsa15 dalêm. Lire
sajarwa, saujare wong Jawa. Lire sujar, pangucap, clathu. Têgêse clathune wong
Jawa blaka ora kaworan clathune wong bangsa sabrang lan ora kaworan têmbung
kawi. Ya iku nalare têmbung sajarwa dakjarwani balaka mau. Iku têmbung
jarwasuta. Lire sumaji, sumaos. Iku têmbung paribasan.
Têgêse “wijil” iku wêtune kagungan dalêm sing dijukuk mau, iku têmbung jarwa
dijugag. supaya disambungana barang têmbung sing pantês manjing rapêt ora
putung lan wulanging sruti, dene yèn aku dhewe kang nyambungi ya uga
daksambungi kaya têmbung kae mau. Yèn mungguh liyane aku sumangga.
Têgêse “kabina” iku kabèna, kabèda. Dene sing dibèda olèhe nglaluwihi karo
wong akèh, yaiku nalare têmbung kabina dakjarwani ngluwihi mau iku têmbung
kawi.
Têgêse “wignyanya” iku luwih pintêr bangêt. Iku têmbung kawi lan jarwa.
Têgêse “asring saeka” iku sok nunggalake. Lire asring, sok. Nanging dudu sok
wutah. Lire saeka, saatunggal. Yèn lire eka, satunggal, sawiji. Dene mulane
têmbung saeka dakjarwani guyup sakancane sabab wong iku yèn wis jênêng
15 Ngresa @#
147
guyup lan wong akèh, têgêse atine wis nunggal dadi (2545) siji marang salah
sijine barang nalar sing diguyupi. Iku têmbung kawi.
Têgêse “sancayapti” iku mracayakake karêpe. Lire sanca, sacahya. Iku mèmpêr
pêsêmone têmbung pracaya, dudu sancaya windu. Lire yapti, kapti, karêp. Iku
têmbung jarwa, dinggo pêsêmon nyêmoni barang karêp katona bêcike murih
kapracaya.
Têgêse “yati kaptining brata” iku yêkti karêpe digawe laku. Lire yati, yakti. Lire
kaptining, karêpe. Lire brata, laku. Iku têmbung jarwa nuli kawi.
Têgêse “brata sarasèng hyun” iku lakune wis nunggal sak rasa lan karêpe kancane
kabèh. Lire brata, laku. Lire sarasèng, sak rasa. Lire hyun, kayun, karêp. Sing
dhisik têmbung kawi nuli têmbung jarwa dijugag supaya disambungana barang
têmbung sing pantês manjing rapêt ora putung lan caritane wulanging sruti.
Têgêse “yayah mayaning hangyana” iku bangêt wêtuning kabisan kang tetela
amurih kênyanaa. Lire yayah, bangêt. Dudu yayah rama bapa wong tuwa. Lire
maya, bêning. Dene mulane têmbung maya dakjarwani tetela mangka lire maya
bêning, kang iku sabab yèn ta saupama bêninging banyu amêsthi katon tetela kang
dadi dhasaring banyu. Yen saupama bêninging kaca amêsthi katon tetela barang
layangan kang kamot jroning kaca. Ya iku nalare têmbung maya dakjarwani tetela
mau. Lire agnyana, kanyanaa. Kang dhisik têmbung kawi dinggo pêsêmon
nyêmoni têmbung bangêt lan tetela, nuli têmbung mèmper pêsêmone têmbung
kanyana.
Têgêse “anjur sarira pinêlêng sahananing” iku awake olèhe ngêmori nyang
pênggawe bêcik marga olèhe mêlêng ing panyêkêle saana-anane kagungan dalêm
148
mau. Lire anjur, anjor, anjeroni, angêmori. Dudu anjur pênganjur pêngarêp. Kang
dhisik têmbung kawi nuli têmbung jarwa dinggo pêsêmon nyêmoni pênyêkêle
barang kagungan dalêm.
Têgêse “swuh brata mati raga” iku nyirnakake kêlakuane sing ala, bisa matèkake
awake. Lire swuh, sirna, ilang. Iku têmbung paribasane wong gêsah pitik, suh-suh
kae. Nuli “sa” ne wuwuh di pèngkal dinggo têmbung kawi pêsêmon nyêmoni
sirnaning ala utawa têmbung suh mau dudu suh [2546] ing sapu. Lire brata, laku.
Lire raga, awak. Iku têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(22) maling madya kandhêg mamèt silib/ pangikis gunting padha nekatyan/
dhustha nistha sèsthawane/ akathah denga nguthuh/ datan erang lamun kaèksi/ ya
dyan sing asiliba/ labane balabur/ arda sahardi kasudran/ jasma yapa mamangan
rahina wêngi/ wêngine tan kawruhan//
Têgêse mêngkene :
Maling sêdhêng iku karêpe mung kandhêg nênungkul saturuning uwong, gaman
gunting bae wis ngrampungi padha karo wênganing lawang. Maling nistha iku
dhêmêne yèn maling awan, iku sing ngluwihi nguthuh karo ora ering katon nyang
uwong. Dadi ya duwèke sapa-sapa anggêr kêsilib banjur dijukuk. Mêngkono iku
labête wis akèh dakdire, nanging wêkasane luwih kêsrakat sabab wis lumrah jisim
iki sêmangsa bangêt kurange, mangana rina wêngi pêngrasane ya misih kurang.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
149
Têgêse “maling madya” iku maling kang sêdhêng, ora kêkêndêlên ora kajirihên.
Lire madya, têngah, utawa sêdhêngan. Iku têmbung kawi.
Têgêse “ mamèt silib” iku amèk anyimpangi pandêlênging uwong. Iku têmbung
jarwa.
Têgêse “pangikis gunting” iku sing dinggo gêgês gêbyog utawa gêdhèg ditugêl
gunting. Lire ngikis, ngingkis, ngiris, gêgês, nugêl. Têmbunging ngikis mau
mèmpêr pêsêmone têmbung mingkis utawa têmbung pêsêmon nyêmoni tugêling
gêbyog gêdhèg kang digêgês. Dene têmbung mêngkis mau yèn didunungake
mênyang mingkising gêbyog gêdhèg ora bisa dumunung, sabab gêdhèg-gêdhèg
ora kêna diwingkis. Dene yèn murih bolonge amung digêgês lan ditugêl. Ya iku
nalare têmbung ngikis dakjarwani digêgês mau lan dudu ngingkis lunga alas
bêngi.
Têgêse “sèstha” iku sèsthi,saèsthi, karêp kang kapusthi ana ati. iku têmbung kawi.
Têgêse “wane” iku awane bae, rinane bae, dudu wane uwan rambut putih. Iku
mau têmbung dijugag dibuwang kawitane.
Têgêse “datan erang” iku ora ering. Iku têmbung paribasan ora erang-ering kae.
Têgêse “sing asilib” iku sêdhengaha sing kêtung-[2547]kul. Utawa sadhengaha
sing ora ninga. Lire singa, sêdhêng wonge, sadhengah-dhengaha uwonge, dudu
singa macan. Lire sisib, nyimpangi pandêlênging ulat. Iku têmbung paribasan.
Têgêse “labane balabur” iku labête wis akèh kêrêp. Lire labane, labête. Iku
têmbung paribasan laba labêt kae. Lire balabur, balabar, balèbèr. Iku têmbung
jarwa akèhing banyu kang ngêbaki barang wadhah ngangsi wutah. Dene mulane
150
têmbung balabur dakjarwani akèh sabab iku têmbung paribasaning kawi kang ana
nglayang wacan kaya sing muni mêngkene kae, abalabur sêkul ulam maratani ing
para pakathik. Dene têmbung mêngkono iku mulane nganti bisa mrata, ya saking
akèhe. Yèn iku sathithik kang ana mangsa kenaa dimratakake lan ya iku nalare
têmbung balabur dakjarwani akèh mau.
Têgêse “sudra” iku malarat. Iku têmbung kawi
Têgêse “jasma” iku jisim, awak. Iku satêngah diarani têmbunging kitab, satêngah
diarani têmbung kawi.
Têgêse “yapa” iku iya papa. Iku têmbung kawi dijugag.
Candhake sruti mêngkene :
(23) Banija krama sila linêwih/ kang atanggyan wêkêl lan kaskaya/ kayumana ing
kayune/ yèn ing artwa pinupul/ papal saking sikara budhi/ malih wontên tan
srêddha/ wanuh lan kawlas hyun/ tan arsa angucap-ucap/ lan wong ina kapapag
kinon gumingsir/ mênawi anunular//
Têgêse mêngkene :
Iya mung boja krama iku, sing ngluwihi bêcike kêlênggahane wong agung kabèh.
Sabab wis kuwajibane wong agung iku yèn rumêksaa sangsarane wong cilik
kabèh. Lan aja nampik yèn katêkan wong krêtiyasa utawa wong sugih lan wong
miskin. Mêsthi dipangkata boja kramane samurwate wonge, dene karêpe kang
têka iku mêngko katon yèn wis ana têmbunge. Pama jaluk dhuwit ya diwèhi kang
sarta pantês lan sing bêcik pangucape. Prayogaa olèhe ngulungake, dene yèn wis
diwèhi ora-orane duwe pikir durjana. Nanging sawênèh ana sing ora sudi kêkaruh
151
nyang wong mêsakat malah ana sing ora gêlêm sapocapan nyang wong sing padha
cacad, yèn kêpapag dikon nyimpang pêngrasane nek nulari.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene : [2548]
Têgêse “banija” iku binoja, diwèhi sandhang pangan sakpênunggale. Iku yèn
sastrane têmbung kawi, nanging diowahi sandhang pangane lan dinggo pêsêmon
nyêmoni nguwèhi sandhangan.
Têgêse “krama” iku koromat, kurmat, yaiku takliming têmbung. Lan dêmununge
têmbung kurmat iku akèh parane. Yèn kurmating têmbung diarani krama. Yèn
polah tingkah sakpênunggale diarani tata krama. Dene mulane nganggo diwuwuhi
têmbung tata sabab awite kapara natane ing ratu utawa kapranatane ing ratu kang
mau-mau. Dene tunggale kurmat iku ana kurmat barang atur-atur lan barang
pawèwèh. Ana kurmat barang sêsuguh, ana kurmat barang swara kang pantês,
dene yèn wong gêdhe lan priyayi rabi ditêmbungake krama iku sabab bakal
dikurmati marang wong akèh. Lan iku mau têmbung kawi.
Têgêse “sila” iku lungguh, kalungguhan, lênggah, kalênggahan, dudu sila susila
bêcike polah tingkah. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni bêcike kêlungguhane wong
gêdhe.
Têgêse “kang atanggyan” iku sing tanggon utawa sing gêlêm nêmoni. Iku
têmbung pêsêmon nyêmoni wong kêdhayohan dikon sing gêlêm nêmoni. Mulane
sok tanggona ya gêlêm nêmoni, lan babing dhayoh iku wis dakwurukake kaya
sing ana layang Khusna Kholki kae.
152
Têgêse “ wêkêl” iku ora berag, sabab ya saking miskine. Iku têmbung pêsêmon
nyêmoni wong miskin.
Têgêse “kaskaya” iku wong sugih. Lire kas, ngêmên-mênake ing barang mêgawe
bêcik. Iku têmbunging kitab. Lire kaya, sugih. Iku têmbung Malayu.
Têgêse “kayumanan” iku wis kacihna utawa wis kanyatahan. Iku têmbung
paribasaning kawi sing wis kamot nglayang wacan Mènak cihna kae. Ya iku
tunggale sing muni mêngkene kae, wus kacihna kayumanan.
Têgêse “kayune” iku karêpe. Iku têmbung kawi.
Têgêse “pinupul” iku pinupu, kang jinalukan beya. Iku têmbung pêsêmon
nyêmoni wong jêjaluk.
Têgêse “papal” iku tugêl nugêl. Iku têmbung paribasan wong nugêl rambute kang
supaya ilange sing pating proncol nuli dinggo têmbung pêsêmon nyêmoni ilange
karêping ati kang bakal sikara.
Têgêse “wanèh” iku manèh, malih. Utawa lire wanèh, liyane, iku têmbunge ya
uga kêna dimorake sing unine [2549] kaya mêngkene “liyane maneh” lan iku
têmbung jarwa.
Têgêse “tan arsa” iku tan suddhi, ora sudi. Iku pêsêmoning têmbung mèmpêr tan
suddhi. Semono iku yèn aku kang jarwani, sabab rujuke lan wulanging sruti
surasane sing kaya mêngkono mau, dene yèn liyane aku sing jarwani sumangga.
153
Têgêse “tan arsa angucap-ucap” iku ora gêlêm sapocapan utawa ora gêlêm
angaruh-aruhi, dudu ora gêlêm nyatur. Iku têmbung pêsêmone wong ora gêlêm
caturan.
Têgêse “wong hina” iku wong cacat, dudu wong ngina maido. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “nunular” iku nunulari, dudu nular nèlad. Iku têmbung jarwa disamarake.
Candhake sruti mêngkene :
(24) analasar sagung para miskin/ enggal dhatêng pan aminta punya/ tan wruh yèn
upaya rèhe/ alawas luwenipun/ tuwas cuwa tur kênèng sakit/ masakat tinamparan/
ing srênggala naut/ pirantinipun anggusah/ aja parêk si miskin anguciwani/ aywa
tunggil satanah//
Têgêse mêngkene :
Satêmah wong miskin iku sabên dina slasaran mrana-mrana padha jaluk duwèking
uwong. Mêngkono iku wong gêdhe ora dhèngêr yen dhèwèke mênggawe ala
nyang wong miskin. Tur sing mau dicukupa butuhe mangsa klakona jêjaluk lan
ora klakon duwe ati durjana nadyan si miskin ya ora dhèngêr yèn dipênggawe ala
nyang wong gêdhe. Mulane dadi kêbacut luwene wis jêjaluk arang entuk wuwuh
kêna nglara. Ana sing bêdhilên, ana sing bubrah padha ditalèni jarit amoh iku
cêdhaka nyang wong gêdhe malah dioyahke asu, sabab pêngrasane yèn kasor
drajate cêdhak manèh yèn gêlêma didhungi bae ora wèh.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “nalasar” iku mrana-mrana. Iku têmbung paribasan slasaran kae.
154
Têgêse “enggal dhatêng” iku sabên dina. Dudu gêlis têka, iku têmbung pêsêmon
nyêmoni nyang wong miskin olehe jêjaluk sabên dina.
Têgêse “aminta punya” iku minta punya, jaluk duwèking uwong. iku têmbung
jarwa lan Malayu, dijugag.
Têgêse “upaya rèhe” iku oleh luru pangan têka pênggawening uwong. Lire upaya,
ngupaya, ngaluru, nggolèki. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni [2550]
wong golèk pangan. Lire rèhe, panggawene. Dudu rèh kemlèrèhane, iku têmbung
jarwa dinggo pêsêmon nyêmoni marang pênggawening uwong.
Têgêse “tuwas cuwa” iku pênjaluke arang-arang entuk satêmah atine dadi cuwa.
Iku têmbung jarwa dinggo pêsêmon nyêmoni wong jêjaluk arang entuk.
Têgêse “ tinamparan” iku padha ditalèni, dudu padha ditampari. Iku têmbung
jarwa dinggo pêsêmon nyêmoni gawening tampar, iku sok akèh sing dinggo tali.
Têgêse “ring srênggala naut” iku dioyahake asu. Iku têmbung jarwa dinggo
pêsêmon nyêmoni nyang asu yèn dioyahake kae sêmune kaya nyakot-nyakota.
Têgêse “nguciwani” iku ngisin-ngisini. Iku têmbung jarwa dinggo pêsêmon
nyêmoni nyang barang sing misih kuciwa kurang bêcik satêmah sing duwe barang
dadi isin.
Têgêse “aywa tunggal satanah” iku aja nunggal omahan utawa aja ngindhung ana
ngaku. Iku têmbung jarwa dinggo pêsêmon nyêmoni marang uwong sing ora
gêlêm diindhungi.
Candhake sruti mêngkene :
155
(25) singgih punika palaning pangling/ pulang liling têlênging kalangwan/ lali
mula kajatène/ sèsiningrat sinartu/ tatar pae lali kajatin/ kajahatan tan arja/ ujar
kang puniku/ pan pratambanging agêsang/ doning apadudon bawaning sabumi/
bumisa rêbut basa//
Têgêse mêngkene :
Ya sing mêngkono iku polane wong pangling dhèk ajal kamulane. Mangka wis
kocap ing pira-pira kitab dhèk awit jaman Ajali sakabèhe duryate Kangjêng Nabi
Adam padha ngandikan marang pasamuan ngayunaning Allah sarta diwiji-wiji
kêdhawahan aja nganti pangling marang jodhone lan aja pangling marang
panunggale sarta aja lali marang kawitane awit kabèh iku padha duryat. Mangka
wêkasane padha lali mênyang pêncaring kadadean. Têgêse padha anyidrani
janjine16 padha dhek jaman Azali, sabab ora bisa momot mênyang pamêngkune
wong kang mlarat. Malah satêngah ana ora gêlêm kang kanggonan marang wong
ina papa. Mangka wong lali marang pêpadhaning urip mau ora beda karo wong
kang lali marang Allah, yaiku tekade ala kang bakal rusak. Mangka pocapan kae
mau kêna tê-[2551]mên yèn diênggo apa ngeling-eling talining urip lan pantês
têmên kang mêngku nêgara yèn bicoroa pêpathokan wirayat kang mêngkono mau,
sabab besuk akherat aja nganti padu karo balane saknagara.
Mulane dakjarwani mêngkono sababe mêngkene :
Têgêse “palaning pangling” iku polane wong pangling utawa polahe wong
pangling. Dudu pala pawohan lan dudu pala barang-barang.
16 Jangjine @#
156
Têgêse “pulang” iku mulih. Nanging ora mulih nyang omahe ing donya, têgêse
mung dinggo nuturake ing lumrahe wong mulih. Iku kang diulihi ya marang
omahe dhewe, dene lire omah iku panggonan. Mêngkono iku mung dinggo jalaran
olehe nuturake panggonane dhèk misih dadi nyawa. Dene têmbung mau sing
dhisik pêsêmon nyêmoni pola utawa polah, nuli têmbung Melayu dinggo pêsêmon
nyêmoni asal kamulanne panggonaning nyawa kabèh.
Têgêse “tiling” iku niling-nilingake janjining Allah.
Têgêse “têlêng” iku têngah bênêr.
Têgêse “kalangwan” iku kalangan. Dudu kalangênan. Têlung gon iku padha
têmbung pêsêmon. Sing dhisik nyêmoni nyawa olehe niling-nilingake janjining
Allah, nuli nyêmoni têngah bênêring pêseban ngayunaning Allah, nuli nyêmoni
kanglangwane kang padha seba marang Allah. Sabab Allah Taala iku Mulkil
Alam, lire Allah ratune ing alam kabèh.
Têgêse “lali mula kajatine” iku lali kênyatahanne sing mau-mau dhèweke misih
dadi nyawa. Lire mula, mula-mulane, ing kawitanne. Lire kajatine, kanyataane.
Iku mau têmbung jarwa nuli kawi dinggo pêsêmon nyêmoni kênyataaning nyawa
kang mau-mau.
Têgêse “sinartu” iku ora gêlêm katèmpèlan lan kanggonan. Iku têmbung jarwa
Têgêse “tatar pae lali kajatin” iku ora beda karo lali marang Allah. Lire tatar,
datan. Lire pae, beda. Lire kajatin, kênyataan. Dene mulane têmbung kajatin
dakjarwani Allah sabab Allah iku têmên-têmên nyata ana lan ora kêna rusak.
Dene yèn liyane Allah ya sênajan anaa nanging wis pêsthi bakal rusak. Têmbung
157
mau sing dhisik kawi nuli jarwa nuli kawi manèh dinggo pêsêmon nyêmoni
[2552] marang Allah.
Têgêse “kajahatan tan arja” iku yèn wis jênêng ala dilakoni ora bêcik. Lire jahat,
sêbarang alaning budi. Iku têmbung Malayu. Lire tan arja, tan bêcik, ora bêcik.
Iku têmbung kawi.
Têgêse “pratambang” iku para tali. Lire pra, para. Lire tambang, tali. Iku têmbung
kawi.
Têgêse “doning apadudon” iku pathokaning pikir kang mau-mau, ambicara ing
rêrêmbugane nalikane ana donya lan dudu padudon padu. Iku têmbung jarwa
dinggo pêsêmon nyêmoni pangadilaning ratu nalikane dhèk misih ana donya.
Têgêse “bawaning sabumi” iku panjênêngan ratu kang bawahake nagara. Lire
bawaning, têmbung pêsêmoning ratu olehe bawahake. Lire sabumi, têmbung
pêsêmon sanêgara.
Têgêse “bumisa rêbut basa” iku besuk ngakherat wong sanêgara bakal padu karo
ratune. Lire bumisa, sabumi. Iku têmbung pêsêmon sanêgara. Lire rebut, têmbung
pêsêmon rêbutan bênêr dhewe-dhewe. Lire basa, pêngucap, clathu, dudu basa
krama taklim. Iku têmbung jarwa pêsêmon nyêmoni pêngucap.
Candhake sruti mêngkene :
(26) padha pandhita pundhingan dhiri/ kang anèng sonya wana wulusan/ len
tekana anèng raje/ raja tadi mas murub/ rêtna wadu widagda lêngis/ ya mangka
tawingira/ arêmên dinulu/ asih asihing akathah/ arsa kadriyana kadi anêkani/ ing
karsa jroning nala//
158
Têgêse mêngkene :
Pedah sêpalaning pêndhita iku ora kuwajiban mikir bêciking nagara mung
mênyang olèhe mundhi nyang awake bae. Najan sing ana alas jurang guwa
gunung ya mêngkono uga, padhane mundhi nyang awake jênênge ya wis ngarani
“pundhita” mundhi nyang awake karo nyata. Dhasar nyata bênêr pêmundhine, lire
mêngkene mulane awakku tak pundhi aja nganti kagêpok barang ala. Pama aku
gêlêma mangan mumah-mumuh kaya sing akèh-akèh, mundhak kêna nglara
susah, pama aku gêlêma momoran wong akèh mundhak akèh dirgamane iku
anggêpe pêndhita kang awake mêsthi sèjè anggêpe karo wong agung ana nagara
olèhe padha ngolah kêmuktèn donya. Nanging sing sêmbada ora olehe bêciki bala
garwa kêbisane, sabab iku sing minangka pagêre awake donya ngakherat. [2553]
Aja ngamungake bêcik-bêcike didêlêng bae lan aja dhêmên-dhêmêne wong akèh
kae, sabab mêngkene bêcike didêlêng asihe wong akèh mau anaa nyatane gêlêma
nguwèhi sandhang pangan myang wong miskin. Lan bisaa ngrampungi sing bênêr
barang susah prêkarane wong para padu. Mêngkono iku pama digaliha kang bênêr
surasane wulang iki ora-orane luput barang ciptane galihe.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “padha pandhita” iku padha-padhaning pandhita, sakpadhane pandhita,
sakwêrnane padha pandhita. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “pundhingan dhiri” iku mundhi awak. Lire pundhi, mundhi. Dene mulane
tulisan abang têmbung mundhi pasanganne “dha” didokokke [2553] cêcakan
supaya katona samar. Iku têmbung jarwa. Lire dhiri, kêndhiri, sêndhiri, awak.
159
Utawa lire dhiri, ngunggulake awak, ngluhurake gêdhèkake awak. Iku kêna
diarani têmbung Malayu utawa kêna diarani têmbung kramane paribasan.
Têgêse “sonya” iku sêpi utawa sonya ora ana. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “wana wulusan” iku alas kang gêdhe bondhot. Lire wulusan olehe dadi
alas alas wis mulus babar sapisan ora ana panggonan kang sakira rêsik. Iku
têmbung paribasan utawa jarwa suta.
Têgêse “len tekana” iku liyane sing ana. Iku têmbung kawi.
Têgêse “anèng raje” iku anèng praja, ana nagara. Iku têmbung kawi dilong
sandhangane.
Têgêse “wadu” iku wadyabala.
Têgêse “lengis” iku baud utawa luwih kuwat pintêr. Rong gon iku têmbung kawi.
Têgêse “taling” iku aling-aling. Iku têmbung paribasan.
Têgêse “arsa kadriyana” iku yèn ta ginaliha, dudu arsa digalih. Lire driya, angên-
angên jroning ati. iku têmbung kawi.
Têgêse “kadi anêkani ing karsa jroning nala” iku kaya-kaya kêtêkan saciptane
galihe. Iku têmbung jarwa lan kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(27) ane riya sarkara ring ati/ nihan ta yan saciptaning rasa/ sêkar simpênên sarine/
pan awèh amalalu/ anyêgah ingkang tan kaèksi/ sadening nastitiya/ yan datan
160
kadulu/ kengang ugi tinahênan/ beda lawan lapa lupa wahya bukti/ baksana
inalapan//
Têgêse mêngkene :
Lan ana prakaraning ati sing dadi ngriyakake nyang awak. Têgêse riya iku dakdir
[2554] mênyang sakpadhaning urip. Dene olèhe dakdir mau yèn duwe cipta
dhêmên myang wong wadon sing dudu bojone dhewe, ananging mêngkono iku
kêna yèn diampêta. Anggêre aja dirasani utawa aja nganti ninga lan akèh bae sing
bisa nawêkali dhêmên wong wadon mau, anggêre bangêt olehe ngrêksa atine.
Dene sing ora bisa tawêkal iku amung yèn ana wong salah sarta luwè. Iku sing ora
ana tahan nglakoni, sabab wêtuning karêp banjur sak candhake bae sadhengah
panganan sing katon anggêre gampang ya banjur dijukuk dipangan.
Mulane dakjarwani mêngkono, têgêse mêngkene :
Têgêse “ane riya” iku ana dakdir. Iku têmbung dalil.
Têgêse “sar kara ring ati” iku sire ati kang bakal dadi prakara. Lire sar, sir. Iku
têmbung paribasan sar-sir kae. Lire kara, prakara. Dudu kara barang-barang. Iku
têmbung dijugag dibuwang kawitanne. Lire ring ati, ing ati. iku têmbung jarwa.
Têgêse “nihan ta yan saciptaning rasa sêkar” iku dene yèn nyipta ngrasakake
dhêmên nyang wong wadon. Lire nihan ta, ana den eta. Lire yan, yen. Lire
saciptaning, saciptane. Lire rasa, ngrasakake, dudu rasa sad rasa. Lire sêkar, wong
wadon. Dene mulane wong wadon ditêmbungake kêmbang sabab kêmbang iku
pênganggone wong wadon dinggo mêngarah marang sahe wong lanang. Lan
161
têmbung iku kang têlung bab têmbung kawi, kang rong bab têmbung pêsêmon
nyêmoni têmbung ngrasakake lan nyêmoni nyang wong wadon.
Têgêse “simpênên sarine” iku ampêtên rasane. Lire disimpên, diampêt. Mulane
dakjarwani mêngkono sabab saupama sêbarang dandanan yèn wis disimpêni
amêsthi ora katon, apadene wong ngampêt barang kêkarêpan ya semono uga.
Barang kêkarêpan kang diampêt ora katon marang wong akèh. Lire sarine, rasane.
Yaiku têmbung paribasan sari rasa kae, nuli dinggo têmbung pêsêmon nyêmoni
rasane wong sapaturon lanang lan wadon.
Têgêse “amarlalu” iku amilahur. Iku têmbung paribasan mêlalu kae.
Têgêse “anyêgahi” iku anyinggahi. Mulane dakjarwani mêngkono sabab sêbarang
iku yèn wis dicêgah kang pêsthiya disinggahi ora [2556] ditêrak. Iku têmbung
jarwa surasane disamarake.
Têgêse “sadene nastitiya” iku sêdene yèn dinêstitekaka pêngreksane. Iku têmbung
jarwa dijugag.
Têgêse “lapa” iku luwe.
Têgêse “lupa” iku lêsu, sayah, dudu lupa lali.
Têgêse “wahya” iku wêktu.
Têgêse “bukti” mangan.
Têgêse “ baksana” iku sêbarang kang jênêng dipangan.
Têgêse “inalapan” iku ingalapan, dijukuki. Têmbung nem nggon iku kawi kabèh.
162
Candhake sruti mêngkene :
(28) lêwih malih saking aprang sabil/ saha bala ngrurah satru salah/ ing agama
sasangkribe/ andawakken pamuwus/ wasita ing minuri wuri/ swara tawur ywaning
rat/ ring naya rinuruh/ malar rêke gumarita/ satêrêh rêrabi jêng ta sang linêwih/
tyas wahya wêhaning tyas//
Têgêse mêngkene :
Ana manèh kêlakuan sing bêcik sing ngungkuli prang sabil, sing ngantèk nglurug
sabalane ngrusak mungsuh luput awit prakara ngrusak agama. Dene kang
ngungkuli yèn ta ratu iku gêlêma rêmbugan sabên dina ngrasakake kojah wirayat
kang kuna-kuna, sênajan wirayate wong samêngko. Sabab nagara iku akèh
swarane, iku êndi kang pantês bêcik ditlisik digolèkana supaya wirayat iku
karaosa saking galih. Lan kalane galih klakuan bêcik, kang tamtu tiniru marang
putra kang bakal gêntèni sarta awaninggalih lumuntur marang garwa satêmah
tumêrah marang putra kang bakal dinadekake. Awit bêciking panggalih iku
wêtuning hawa anglabêti.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “lêwih malih” iku ana sing ngungkuli manèh. Iku têmbunge sing dhisik
bangsaning kawi nuli jarwa.
Têgêse “aprang sabil” iku pêrang karo wong kapir sing kluputan. Sing dhisik
têmbung jarwa, nuli têmbung kitab.
Têgêse “ngrurah” iku ngrusak. Iku têmbung kawi.
163
Têgêse “satru salah” iku mungsuh kluputan. Sing dhisik têmbung jarwa nuli
têmbung malayu.
Têgêse “agama” iku tekat, pangucap, pratingkah, klakuan, kabèh iku kang mêtu
parentah ing Allah kang wis dadi dalil lafaling Kuran lan kang mêtu saraking
kadis Rasulullah kang wus ana kadise kitab kabèh. Iku têmbung kitab. [2557]
Têgêse “sasangkribe” iku aling-alinge, yaiku aling-alinging têmbung utawa
sasabing têmbung. Iku têmbung paribasan.
Têgêse “andawakken pamuwus” iku sabên dina arêmbugan, mulane dakjarwani
mêngkono sabab wong rêmbugan iku akèh sing diucapake ing satêmah dadi dawa
kang diucap. Iku têmbung jarwa dinggo pêsêmon nyêmoni olehe akon
rêrêmbugan.
Têgêse “wasita winuri-wuri” iku wangsit pituture wong kuna-kuna kang tinurun-
turunke marang ing sak pamburine. Têgêse dikèn ngêmên-êmênake. Sing dhisik
têmbung kawi nuli têmbung jarwa dinggo pêsêmon nyêmoni marang olehe akon
ngêmên-êmênake ing pituture wong kuna.
Têgêse “swara tawur ywaning rat” iku swarane wong akèh kang ana nagara wis
awor lan warna-warna. Kang pasthi ana swarane kang dadi kojah bêcik. Lire
tawur, awor. Lire ywan, ywen, yen. Lire ngrat, sakabèhing jagad. Dene mulane
têmbung ngrat dakjarwani nagara sakwonge sabab nagara iku wis ewone
bangsaning jagad. Dene wonge wis katut dadi isining nagara, awit têmbung mau
pêsêmon nyêmoni marang kang wis kasêbut mau.
164
Têgêse “rinaya rinuruh” iku rinungu, ginolekan. Lire rinaya, têmbung sêmonne
iya rinungu. Lire rinuruh, têmbung jarwa digolèki.
Têgêse “malar rêke gumarita” iku malah dene karaosa ing galih. Lire malar,
malah. Iku têmbung bangsane kawi. Lire rêke, dene. Iku têmbunng kawi. Lire
gumarita, karaosa ing galih. Mulane dakjarwani mêngkono sababe wong digarit
ngêdom kae krasa mênyang ati. lan iku mau têmbung pêsêmon nyêmoni marang
kêrosoa ing galih. Sêmono iku yèn aku sing jarwani, dene yèn liyane aku sing
jarwani sumangga.
Têgêse “satêrêh” iku saturune, satêrahe, satêdhake. Iku têmbung kawi.
Têgêse “rêrabi jêng ta sang linêwih” iku garwaning ratu. Lire tra, têmbung kurmat
angluhurake. Dene tunggale kaya têmbung maha, mêngkono iku padha têmbung
ngluhurake. Ya uga bangsane kawi. Lire rabi, garwa, bojo. Iku têmbung jarwa.
Lire jêng ta, kangjêng ika. Iku têmbung ngarani ngluhurake, ya uga bangsaning
kawi. Lire sang linêwih, ingkang ganjil, ora ana timbangane. [2558] ora ana sing
madani. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “tyas wahya wêhaning tyas” iku hawaning galih mêtune numusi galihing
putra. Lire tyas, iku sajroning ati. Lire wahya, wêktu, wêtune. Lire wêha, ana. Iku
têmbung kawi kanggo pêsêmon nyêmoni wêtuning galihing bêcik olehe bisa
lumuntur marang putra.
Candhake sruti mêngkene :
(29) Tatas titising satwika munggwing/ guwa manggala malagèng sonya/ saya
sirna nirtyèng kabèh/ babalaburan lulut/ lênglêng lila lumalan anglih/ malah
165
maluya laya/ pangundange dangu/ wêkase tanpa samepa/ parswaningrat tan wahya
maya maluyi/ awayang angling dhawak//
Têgêse mêngkene
Ananging wong agung ing nagara iku yèn ditimbang drajate ngakherat durung
madhani karo sing pêtitis tuwakupe ana guwa kang minangka ungguling yudha.
Sabab wis mênang nggone pêrang karo sêpi sabên dina wuwuh-wuwuh ilange
pêndhêlênge mênyang nikmating donya awit wis klimput karêm marang Allah,
disêmbadani ora mikir luwene lan ora mari-mari kêjaba yèn wis mati. Dene
wêkasaning pati dianteni misih lawas lan ora ana dinggo upama wilangane
tahuning umur. Allah tangala ora dhawakake olehe mêsu kawêkasaning pati,
durung pati bêning sabab misih plèsat-plèsèt. Ananging awake wis bisa dadi
dhalang dhewe, sabab olehe ana guwa yèn dirampungna dhewe ya wis rampung.
Awit olehe mêsu pandêlênge wis rada bêning, saupama durung gêlêm wisan
dhasar nyata durung rampung, sabab bêninging pangrungu misih kêplèsèt.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “tatas” iku pêdhot utawa rampung. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni
rampunging kelakuan.
Têgêse “titis “ iku têmbung jugagan dibuwang kawitane.
Têgêse “satwika” iku sata wakup. Iku rong nggon têmbung kawi.
Têgêse “manggala” iku panggêdhe utawa têtunggul.
Têgêse “malagèng” iku manggon panggonan polahing pêrang.
166
[2559] Têgêse “sonya” iku sêpi. Têlung nggon iku têmbung kawi.
Têgêse “saya sirna nirtyèng kabèh” iku ilang pandêlênge kabèh. Lire sirna, ilang.
Lire nirtyèng, notra, gawene sok dinggo dêlêng. Sing dhisik têmbung jarwa nuli
kawi dinggo pêsêmon nyêmoni pêndêlênge wong ora dhêmên ana donya. Dene
mulane têmbunging sruti nêbutake nirtèng, sabab layarane aksara “na” iku amung
katon samar têmbunge.
Têgêse “ kabalaburan lulut” iku kêblèbèran sihing Allah. Iku têmbung kawi
dinggo pêsêmon nyêmoni blèbère sihing Allah.
Têgêse “lênglêng” iku kaedanan. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni
nyang wong sing kedanan marang Allah.
Têgêse “ lumalan anglih” iku lêlawanane karo ngêlih, ngêlèh, luwe. Iku têmbung
jarwa.
Têgêse malah maluya laya” iku malah milalu mati. Lire maluya, ya milalu, ya
malahur. Lire laya, mati. Iku têmbung kawi.
Têgêse “ pangundange dangu” iku olehe ngêntèni suwe utawa lawas. Lire
pangundang, ngêntèni. Lire dangu, suwe, lawas. Têgêse sok anaa wong ngundang
kêsuwèn ya diêntèni. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni wong kêlawasên ngêntèni
pêsthine patine.
Têgêse “wêkase tanpa samepa” iku kawêkasaning pati ora ana sing dinggo upama.
Lire wêkase, kawêkasane, dudu wêkase si dhadhap waru. Lire samepa, saengga ,
saupama. Iku têmbung jarwa dinggo pêsêmon.
167
Têgêse “ parswaningrat” iku pangrungune têka kang gawe jagad. Lire parswaning,
pamiyarsane. Lire ngrat, jagad kabèh. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon
nyêmoni marang Allah olehe bisa gawe jagad.
Têgêse “tan wahya” iku ora kawêtu. Lire tan, ora. Lire wahya, wêktu, wêtu. Iku
têmbung jarwa lan kawi.
Têgêse “maya” iku bêning. Iku têmbung kawi
Têgêse “maluyi” iku malih yitit utawa malunyu, lan papan kang ana yiyite.
Saupama diambah kurang pêngati-ati pêngambahe, iku kang mêsthi sêpak
kêplèsète yaiku nalare olehku jarwani uruting sruti dhuwur mau ing babe têmbung
maluyi dakjarwani kê-[2560]plèsèt têmbunge iku mau, mèmpêr pêsêmoning
têmbung.
Têgêse “awayang angling dhawak” iku awit awake wis dadi wayang nuli wênang
mayangake, anylathokake awake dhewe. Iku têmbung ibarat.
Candhake sruti mêngkene :
(30) Lungguhing kang tan kengang inirib/ murakabah sandhape punika/ pirang
lagi ing lungguhe/ lumirigèng marga gung/ kadyatmika juga ywa gingsir/
sarasaning sakrama/ krêm ning naya lamun/ lam-lam amawi pangiwa/ yakti
anggantyani gantunganing nisthip/ nisnaya dening harda//
Têgêse mêngkene :
Sing wis manggon mêngkono iku kêmuktenne ora kêna dièmpêr. Dene wong sak
ngisore kuwe sêpiraa bêciking klakuan yèn misih tunggal wong akèh tamtune
168
dadia sêthithik ya misih kluputan. Sabab lupute iku sing bisa gendeng mênyang
bênêre. Upamane banyu kurang têka rong kolah nuli kêcêmplungan najis sêthithik
mêsthi murakab dadi ora sah dinggo sêsuci, yaiku nalare kênyataane drajate wong
ana nêgara olehe ora ngungkuli nyang drajate wong sing wis tuwakup mau. O,
sêpiraa undhake gêdhene klungguhanne wong agung sing ana nêgara, mêsthi
misih ana burine drajate wong sing tuwakup mau. Ya sênajan nêtêpana bêcike,
wong agung iku lan ora ngungak siji-sijining bojakrama ananging kaya-kaya
misih rêmên mênyang kêsukan donya. Satêmah ilang kêbêcikanne ora wurung
bakal nglakoni nistha sabab kagawa saking agunge kuwaane wong gêdhe satêmah
barang karêpe sok dakdir.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene:
Têgêse “lungguh” iku wis manggon, dudu lungguhing bokong. Iku têmbung
pêsêmon nyêmoni panggonane lungguhe uwong sabab nalare mêngkene, saupama
ana sadhèngahe papan kang dilungguhi marang uwong yaiku jênênging
panggonan sing dilungguhi.
Têgêse “tan kengang inirib” iku ora kêna dièmpêr èmpêr. Iku têmbung pêsêmon
nyêmoni têmbung sing ora ana madhani sabab nalare mêngkene, aja sing jênêng
dipadhani yèn kenaa sêlagi dièmpêr lan diirib-irib wae wis ora kêna.
Têgêse “murakabah” iku maknane loro, kang siji lire murakabah, murakab. Iku
têmbunging kitab. Lire [2561] murakab, maratani alane. Dene maknane sing sijine
lire murakabah, ura kabèh. Iku pêsêmon èmpêr têmbung ura kabeh.
Têgêse “pirang lagi lungguhe” iku sapirang-pirang awuwuhe lungguhe. Lire lagi,
wuwuh, manèh, mundhak. Iku têmbung malayu lan jarwa.
169
Têgêse “lumirigèng marga gung” iku iring-iringana ing burine, sabab nalare
mêngkene. Lire lumiring, lumiring, ngumiring, umiring, angering-ngiringana buri.
Iku têmbung kawi. Lire marga gung, mung dinggo ibarat dalan gêdhe akehe wnge
kang padha lumaku wêrna-wêrna. Ana kang lumaku rèntèngan dhambyang-
dhambyang, ana kang lumaku dhewe, ana kang lumaku iring-iring lurahe ana buri.
Têgêse “kadyatmika juga ywa gingsir” iku kabêcikanne dhewe oraa owah. Lire
kadyatmika, kabêcikaning solah tingkah kang alus. Lire juga, siji, dhewe. Lire
ywa gingsir, ywa gingsir, aja owah. Iku têmbung kawi.
Têgêse “sarasaning sakrama” iku surasaning tatakrama. Iku têmbung jarwa
samarake.
Têgêse “krêmning naya” iku dadia karêm ulat kang bêcik. Lire krêm, karêm. Iku
têmbung garba sastra ya uga têmbung kawi nuli dinggo têmbung jugagan mung
dijukuk wêkasanne bae.
Têgêse “lamlam amawi pangiwa” iku yèn misih dhêmên nganggo kasukaning
donya. lire lamlam, dhêmên. Iku têmbung kawi. Lire amawi, anganggo. Iku
têmbung jarwa. Lire pangiwa, donya. dene mulane têmbung pangiwa dakjarwani
donya sabab salagi pêsêmoning basa lire pangiwa iku barang pênggawe ala.
Sênajan donya ya sêmono uga, wis ewone ala sêmono iku yèn mênyang
pênganggêpe wong ahli sawarga. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni alaning donya.
Têgêse “yakti anggantyani gantunganing nisthip” iku têmên bakal nggênteni
patrapaning kanisthan kang durung tumiba. Lire yakti, têmên. Iku têmbung jarwa.
Lire anggantyani, bakal anggênteni. Iku têmbung jarwa dijugag dibuwang
kawitane. Lire gantungan, gantunganing patrapan. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni
170
gantunganing patrapan besuk ngakherat. Lire nisthip, nistha, ngluwihi asor. Iku
têmbung jarwa.
Têgêse “nis naya dening harda” iku ilang kabêcikane wong gêdhe [2562] awit
bangêting dakdir. Lire nis, ilang. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni
ilanging kabêcikan. Lire naya, nayaka, wong gêdhe, dudu nayana ulat. Lire harda,
alaning budi kang gêdhe bangêt wus ana wêtune marang polah tingkah lan
pangucap dadi dakdir. Lire dak, sêbarang clatune lan solahe sêmune angidak-idak.
Iku têmbung jarwa. Lire dir, dira. Iku têmbung dalil jukuk têmbunging sipat
kadiran. Lire kadiran, kuwasa. Mulane yèn ana wong ngêdir-dirake kae satêmah
barang clathu lan polahe kaya ngêtokake kuwasane.
(31) meda sahardi ardana radin/ rudita manda soka sungkawa/ sawarnane
wawatêke/ kang têka lila luntur/ yaning yatna kang amarani/ mariyan sruning
karsa/ pan têka tinêmu/ winênang ngalaga diran/ darpa têman taman tuman
anuruti/ anurut lagwaning rat//
Têgêse mêngkene :
Wong iki sing wis lumrah sêmangsa sugih ambêge ngêgung-gungake, ya sênajan
sêthithik kanêpsune ananging yèn akèh kêsukaning donya kêwêkasane nêmu
susah. Mulane sing padha sugih iku o ya sênajan lilane utawa bêloboha, ananging
ora bisa têtêp bêcike sabab sok katut ambêge olèhe dakdir supama dakdire
diyitnani, mangka bisa mari. Mêngkono uga yèn wis lawas ya lali, awit yèn ana
karêpe sing nuju nêmên iku mêrgane17 olèhe têka dakdire. Sabab dhèwèke
rumangsa oleh diwênangake nyang ratune kêna gawe sêbarang tingkah nyang
17 Mrêgane @#
171
bature. Wusana kok nêmên têmên olèhe tamtuman nurut lageane wong nêgara.
êm, dhasare wis lumrah saknêgara sok anaa wong gêdhe lageane ya dakdir.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “meda sahardi hardana radin” iku wis lumrah wong sugih dhuwit mêdana
sok ngêgung-gungake. Lire meda, saradan. Iku têmbung jarwa dinggo pêsêmon
nyêmoni saradane wong sugih lan wong gêdhe. Lire sahardi, sagunung, ujuding
gunung, bêgêgêg gêdhe. Têmbung gêdhe kawine ana layang, agung. Yaiku nalare
têmbung ardi dakjarwani ngêgung-gungake [2563] mau. Lire hardana, arta,
dhuwit. Iku têmbung jarwa. Lire radin, rata, ngrata, lumrah. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “rudita manda soka sungkawa” iku sênajan nêsune sêthithika, yèn kêrêp
suka bakal nêmu susah. Lire rudita, nêsu, dadi ruditaning ati. iku têmbung kawi
dijugag mung dijukuk têngahane. Lire manda, manda-manda, mung sêthithik. Iku
têmbung paribasan disamarake. Lire sungkawa, susah. Iku têmbung kawi.
Têgêse “kang têka lila luntur” iku yèn bêcike awit têka olèhe lila, ya uga luntur
larut ora dadi. Lire lila, eklas ilange siji-sijining barang. Iku têmbung jarwa
dinggo pêsêmon nyêmoni nyang wong sing lilan marang barang duwèke kang
ilang. Lire luntur, larut ora dadi. Iku têmbung paribasan dinggo pêsêmon nyêmoni
larute barang kabêcikan.
Têgêse “yaning yatna” iku yèn ta diyitnana. Iku ewone têmbung kawi.
Têgêse “mariyan sruning karsa” iku mariya kae yèn bangêt karêpe. Lire sru,
bangêt. Dudu sru sêru. Iku têmbung jarwa disamarake.
172
Têgêse “winênang ngalaga diran” iku diwênangake gawe polah ala ing katona
kuwasane. Lire ngalaga, polah ala. Dudu ngalaga ing pêrang, dene yèn lire laga
bae, dilêlaga polah kang dicêcongah. Iku têmbung kawi.
Têgêse “ darpan teman taman tuman anuruti” iku nêmên têmên olèhe tamtuman.
Lire darpa, nêmên. Dene mulane têmbung darpa duwe jarwa nêmên sabab
mêngkene nalare. Têmbung darpa iku yèn dirèhake olèhe ngucapake dadi muni
darêpan, têgêse sakwise diwada nuli diarêpi. Dene ujude sing diwada nuli diarêpi
iku amung turut, sabab ambune diwada kêcing. Wusana dhêmên nyang wonge
satêmah sênajan kêcing ya arêp, tur nêmên ora kêmba. Yaiku nalare têmbung
darpa olèhe dijarwani jênêng nêmên mau. Iku têmbung kawi. Lire teman, têmên.
Iku pasêmon èmpêring têmbung. Sêmono iku yèn aku kang jarwani, sabab
daktêpungake lan wulange layang sruti wis prayoga, rapet ora putung. Dene yèn
liyane aku sing jarwani sumangga.[2564] lire taman tuman, tantuman. Iku sêmone
èmpêring têmbung.
Têgêse “ lagwaning” iku lageyan, saradan. Sabab iku têmbung paribasan.
Têgêse “rat” iku nêgara, dudu ngrat jagad kabèh. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni
uwonge kang dadi isining nagara.
Candhake sruti mêngkene :
(32) kadi ta rèh sang anèng nagari/ angawula walêsan kèwala/ ati-atinên tatane/
tan awita kawêtu/ silanira myang ing pangaksi/ asihing pangaksama/ sama
saminipun/ nimpuna ing panalika/ laku linggih solah muna lawan muni/ minangka
panêngêran//
173
Têgêse mêngkene :
Kaya ta wong ana nêgara sing ngawula nyang ratu, iku rak wis walêsan bae. Bab
gawene lan pamêtune dhasar olèhe suwita ya ora liya mung ngèngèr nyang ratu
bae. Iku rak wajib diati-ati ya apa sak tataning prentah dilakoni apa manèh sing
wis duwe lungguh ya wêruha nyang lungguhe. Lan bêcik sih-sinihane nyang
kanca sak golongane sarta awèha maklum nyang sakpadhane utawa kacakêpa
barang prêkara sak plinggihan. Sabab wis ana jalarane kayata laku, linggih, solah,
muna, muni kabèh iku rak wis dadi panêngêran.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene
Têgêse “kadi ta rèh sang anèng nagari” iku kaya ta pênggawe, dudu rèh klèrèhan.
Iku têmbung jarwa.
Têgêse “angawula walêsan kewala” iku wong ngèngèr iku walêsan wae. Lire
walêsan, bêndarane nguwèhi pamêtune olèhe ngèngèr, bature ngaturake barang
gawene marang bêndarane. Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “ati-atinên tatane” iku sabarang kang dadi tata carane parentahing bêndara,
bature kudu nglakoni sarta ngati-ati. Iku têmbung jarwa dijugag.
Têgêse “tan awika kawêtu iku gone suwita ora mênyang sak jabane kraton, ya
uga mung suwita nyang ratu bae. Iku têmbung jarwa dinggo pêsêmon nyêmoni
wong kang ngawula marang ratu.
Têgêse “silanira” iku kalungguhane. Sabab nalare mêngkene, sok anaa wong sila
ya padha bae jênênge karo wong lungguh. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni
kalungguhan.
174
Têgêse “myang ing pangaksi” iku lan [2565] sak ningane. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “asihing pangaksama” iku dhêmêna nyang kancane lan yèn ana lupute
kancane diapuraa. Lire aksama, ngapura, maklumi. Iku têmbung jarwa lan kawi
dinggo pêsêmon nyêmomi nyag wong dingurah dikon dhêmên lan ngapura nyang
kancane utawa sak kawane.
Têgêse “nimpuna ing panalika” iku bisaa nyakup nyang pênggawe sing wis katon
sak plinggihan. Lire nimpun, ngimpun. Bêras kang mêntas diintêri nuli diimpun
lumpukake kang gêdhe-gêdhe. Sakwise kumpul nuli dicakup, yaiku nalare
têmbung nimpuna dakjarwani bisaa nyakup mau. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni
wong ngimpu bêras utawa têmbung ibarat diibaratake wong ngimpu bêras. Lire
ing panalika, ing sak nalikane lungguh. Iku têmbung jarwa disamarake.
Candhake sruti mêngkene :
(33) tampi tumampi ing swara wangsit/ nira sang man samantarèng koja/ jajahan
jarwakên ing rèh/ patalaning umulun/ amaleni mulaning uni/ dèn brasthanya neng
nala/ nalika puniku/ palayaraning sewaka/ wahya maya amayangga mayang
crêmin/ sakarsa siniwaka//
Têgêse mêngkene :
Kaya ta ana prentah sing tumimbal-timbal iku sumêlang yèn ora sumurup
nyataning prentah. Sabab mênawa kurang luwih lan salin sumaline. Ananging aja
pisan nganggoni ati sumêlang sêbab prentahing ratu iku kêtampan mênyang patih.
Iku sing kuwajiban mriyoga bot ènthènging prentah lan kuwajiban dunungake
sakèhing parentah. Sabab patih iku lantaraning ratu sing makili dhawahe
175
kêrsaning ratu. Iku lêburên ciptaning ati ala mênyang patih, ya iku kêlakuane
wong ana pasêban. Awit wong suwita iku wêtune barang solah bawa sing bênêr
prêsasat dhèwèke wayang diwayangake marang wayang. Wis kawêtu mênyang
wayang sing dadi dhalang iku sing têmên mung pasraha kêrsaning ratu.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ tampi tumampi ing swara wangsit” iku parentah kang wis tumimbal-
timbal. Lire tampi tumampi, têmbung pêsêmon dhawuhing ratu kang ditampani
marang patih nuli patih dhawahake kêtampan marang tumênggung, nuli
tumênggung dhawah [2566]ake kêtampan marang kliwon, nuli kliwon dhawahake
kêtampan marang mantri, nuli mantri dhawahake kêtampan marang jajar kabèh.
Têgêse dhawah sing mêngkono iku wis têmimbal-timbale, yaiku nalare têmbung
tampi tumampi dakjarwani têmimbal-timbal mau. Lire swara, têmbung pêsêmone
swaraning prentah. Lire wangsit, têmbung pêsêmon pangucape kang mrentahake.
Têgêse “sang man” iku sang mantri wisesa, yaiku patih. Iku têmbung daliling
Kuran. Lire man, uwong. iku jukuk lafal “wa man amana” dene maknane lan sapa
wonge ngimanake. Lire sa, siji. Iku jukuk lafal “akhadun” dene maknane amung
sawiji Allah. Yèn ditêpungake karo têmbunging sruti mêngkene, wong sawiji
patih. Dene wuwuhe nganggo patih iku sabab têmbunge jugagan sarèhning aku
sing jarwani nuli taksambungi têmbung patih, dene yèn liyane aku sing jarwani
mungguh kang dadi sambungane sumangga.
Têgêse “ samantarèng koja” iku amêtara parentah. Lire koja, kojah, kandha, sing
dikandhakake barang parentah. Dudu koja uwong, iku têmbung pêsêmon nyêmoni
wêrna-wêrnaning prentah.
176
Têgêse “jajahan jarwakken ing rèh” iku panggonan sing dunungake siji-sijining
prentah. Lire jajahan, panggonan. Mulane dakjarwani mêngkono sabab sarupaning
jajahan iku dadi panggonaning barang-barang. Lire jarwakken, mratelaake,
dunung-dunungake, dudu jarwakkên mêrdèni, maknani, nêgêsi. Lire ing rèh, ing
barang panggawening parèntah. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni sing wis kasêbut
mau.
Têgêse “patalaning umulun” iku patih dadi talaning barang dhawah ing ratu. Dene
nalare mêngkene. Lire tala, panggonaning tawon, apa manèh patih, ya panggonan
barang dhawahing ratu. Iku têmbung pêsêmon utawa ibarat, sabab talaning tawon
diibaratake patih. Lire ngumulun, ngumuluk, muluk dhuwur, iku têmbung
pêsêmon nyêmoni drajating ratu olèhe dinadèkake dhuwur dhewe yaiku nalare
têmbung ngumulun dakjarwani ratu mau.
Têgêse “amalèni mulaning uni” iku wis sing mau-mau, patih iku [2567] dadi
wakiling ratu. Lire malèni, walining ningkah, dadi wakiling sing ningkahake
sabab wong wadon sing diningkahake iku yèn ora ana sing malèni wajib mungguh
dhewe kêtampan marang pêngulu nuli katur marang ratu, nuli ratu dhawah wakil
marang pêngulu amalènana ing wong wadon mau yaiku kang jênêng wali hakim.
Lire hakim, dene wakiling Allah kang malèni awit ratu iku wakiling Allah, yaiku
nalare têmbung wali dakjarwani wakil mau, iku têmbung pêsêmon nyêmoni
têmbung wakil.
Têgêse “den brasthanya ning nala” iku sing bêsanglêbur panasing ati mênyang
patih. Lire brastha, lèbur. Lire nala, gênining ati. iku têmbung kawi.
177
Têgêse “palayaraning sewaka” iku klakuane wong ana paseban. Lire layar,
layaring prau laut gawene dinggo nadhahi angin supaya bisaa malaku praune.
Yaiku nalare têmbung layar dakjarwani kalakuan mau sabab ora beda laku lan
kalakuan. Iku têmbung ibarat. Lire sewaka, seba. Iku têmbung kawi.
Têgêse “wahya maya” iku wêtuning prentah kang bêning têrang. Lire wahya,
wêtu, mêtu. Lire maya, bêning. Iku loro pisan têmbung kawi.
Têgêse “mayangga mayang crêmin” iku awaking patih upama wayang
diwayangake mênyang ratu, nuli patih mayangake sakrupaning kulit ujude uwong.
kulit iku crêma. Crêma iku crêmin. Iku têmbung ibarat.
Têgêse “sakarsa siniwaka” iku sakarsane kang sineba. Têgêse sakêrsane sang ratu
dhewe. Iku têmbung jarwa kawi disamarake.
Candhake sruti mêngkene:
(34) Aywa mami trêsna suta swami/ samitra wangsa wadu wandawa/ len ta
lumayèng awake/ wêkasan kasang kusung/ ing watara ywan datan kadi/ wuwus
wau punika/ ambyati tan tulus/ salah tunggal laknyanana/ yèn tan mangka lêhêng
mahasèng asêpi/ aywa gêring nagara//
Têgêse mêngkene :
Lan yèn ana barang prakarane aja trêsna marang anak bojo, sedulur, pawong mitra
kêkaruh, batur sakpadhane, liya prakara mênyang awake dhewe sabab yèn nganti
murina prakarane satêmah yèn bangêt dhe-[2568]weke tut ala ora wurung
kangèlan tur bilulungan. Dene yèn diduga awake ora bisa nglakoni kaya wuruk iki
mangka wis tita olèhe bobot awake amrih prayogane bêcik salah siji bae dilakoni,
178
rehning ora bisa tataning nagara mêtua bae sêka nagara mênggonna desa utawa
gunung sing sêpi ora ana prentah.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ suta swami” iku anak bojo. Iku têmbung kawi.
Têgêse “samitra wangsa” iku sêsanakan, sanak dhewe. Iku têmbung jarwa lan
kawi.
Têgêse “wadu wandawa” iku wadya bala batur saurute kakaruh. Iku têmbung
kawi lan paribasaning kawi.
Têgêse “len ta lumayèng awake” iku liyane prêkara sing nyang awake dhewe. Iku
têmbung kawi lan jarwa disamarake.
Têgêse “ambyatita” iku sakabèh tita. Iku têmbung kawi.
Têgêse “mahasèng” iku mênggon, masanggrahan, mondhok, têtruka. Iku têmbung
kawi.
Têgêse “aywa ger” iku aja angger, aja manggon. Iku têmbung paribasan.
Candhake sruti mêngkene :
(35) gara-gara rèh kagiri-giri/ beda-beda mangsaning sangara/ bumi pae paekane/
warana anarawung/ pasang citra cara salwirning/ waniya yèn wahyaha/ wiyatèng
katutur/ ya dyan pratiksthèng asimpar/ kawlas arsa sawadakaning asêpi/ supaya
waluyaa//
179
Têgêse mêngkene :
Lan wong ana pasêban iku yèn ngrungokake wong caturan babing pêgawean lan
ngrungokake wêrna-wêrnaning wêrta saking ramening catur wis prêsasat têkaning
gara-gara. Nanging ora nganti lawas nuli salin-sumalin sing dadi kabar cature.
Sêmono iku wis dadi adate sok saline jaman ya salin carane. Sênajan bumi ya
sêmono uga ora kêna dipadha olèhe maekani têkoning bumi. Apa manèh
jamaning ratu amêsthi seje-seje, jaman ratu sing dhisik barang rupaning wangunan
utawa akèh saline barang têmbung lan polahing uwong. Dene sing mêngkono iku
kudu dhengêr rasa babe lan têka ngêndi mêrga-[2569]ne salin. Apa iyaa têka
dhuwur utawa apa iyaa karêpe wong akèh, sênajan dhèwèke wis dhèngêr kang
tanpa dituturi. Ananging bêcik katona sing dumunung sabab yèn milu kaya sing
akèh-akèh gêlêm nganggo gagrak anyar. Iya yèn wis bênêr pênganggone dhèwèke
ora kluputan. Balik yèn durung bênêr amêsthi dhèwèke entuk luput, iku ora kaya
sing wis dêmunung pitakone barang sing dinggo lan sing diucap mêsthi awake
slamêt.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene
Têgêse “gara-gara rèh kagiri-giri” iku dudu gara-garaning prêbawa, iku sêbawane
kèhe uwong kang ana paseban gêdhe sabab saking kèhing wong sapocapan lan
wêrna-wêrnane sing diucap. Iku wis prêsasat têkaning gara-gara. Lan iku mung
dinggo têmbung saengga.
180
Têgêse “beda-beda mangsane sangara” iku lawas-lawase mangsaning tahun seje-
seje. Lire sangara, windu sêngara. Iku têgêse windu. Lire sêwindu, akèh tahune
lan lawas. Yaiku nalare têmbung sêngara dakjarwani windu rehning sêwindu iku
lawas êmpane marang isining nagara kang tamtu owah barang têmbunge lan owah
barang wangunaning rêrupan. Iku têmbung jarwa lan pêsêmon nyêmoni jênênging
windu supaya kênaa dinggo nyêmoni lawasing mangsa lan lawasing mangsa wis
didugi marang kang yasa layang sruti yèn bakal akèh owahe tataning nagara lan
wangnaning nagara.
Têgêse “bumi pae paekane” iku yèn seje bumi kang tamtu seje olèhe maekani
têkoning bumi. Lire pae, seje. Iku têmbung jarwa lan paribasan dinggo ibarat
lêlimbangan ing seje-sejene paekaning bumi gone ora beda karo sing seje-sejene
parentahe para panjênênganing ratu.
Têgêse “warana anarawung” iku ana sing ngaling-alingi, ana sing srawungan.
Liring warana, aling-aling. Lire narawung, sarawungan. Sing dhisik têmbung
jarwa nuli têmbung bangsaning kawi.
Têgêse “ pasang citra cara salwirning” iku pasang wanguning rêrupan lan wêrna-
wêrnaning têmbung. Lire pasang, pasang wangune rêganing nagara. Iku têmbung
pêsêmon nyêmoni [2570] owahing wangunaning nagara. Lire citra, rupa. Iku
têmbung kawi. Lire cara, tatane barang têmbung. Iku têmbung jarwa. Lire
salwirning, sarupane kabèh, dudu salwirning sarèhning, sarèhe. Iku têmbung
jarwa disamarake.
181
Têgêse “waniya yèn wahyata” iku arêp wani durung kawêtu sababe kang dadi
têros, sêtêmah wanine amung gajêg-gajêg. Lire wahya, wêktu, wêtu. Sing dhisik
têmbung jarwa disamarake nuli kawi.
Têgêse “wiyatèng katutur” iku sarèhning ora ana sing tutur bab pênggawe iku apa
têka ngisor, apa têka dhuwur. Lire wiyat, langit utawa dhuwur. Iku têmbung kawi
dinggo pêsêmon nyêmoni asale barang pênggawe.
Têgêse “ya dyan pratiksthèng asimpar” iku sênajan tanpaa dituturi wis dhengêr,
dudu sênajan bisaa ana pêsêpèn. Sabab ora anane sing tutur iku wis padha olèhe
jênêng sêpi. Lire ya dyan, ya sênadyan. Iku têmbung jarwa. Lire pratiksthèng, wus
pratela ing ati. iku têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni wong kang dhengêr
ing pênggawe tanpa dituturi. Lire simpar, prênahing papan kang kiwa arang
diambah sêtêmah dadi sêpi. Iku têmbung paribasan.
Têgêse “kawlas arsa sawadhakaning asêpi” iku kluputan yèn guguwa atine dhewe
kang tanpa dituturi. Lire kawlas arsa, mêsakake, mêmêlas. Iku têmbung jarwa.
Lire wadaka, cacat katon satêmah kawada. Dene mulane têmbung kawadaka
dakjarwani kluputan mangka lire wadaka cacat katon. Kang iku mêngkene nalare
têmbung cacat iku rupa-rupa, ana cacat calar ina, ana cacat barang pênggawene.
Dene yèn kang dadi cacat barang pênggawene iku wis tamtu diarani luput lan ya
iku nalare têmbung kawadaka dakjarwani kluputan mau. Iku têmbung kawi
dinggo pêsêmon nyêmoni marang kluputan ing pênggawean.
Têgêse “supaya waluyaa” iku yèn gugu tuture uwong kang wis dhengêr karêben
slamêt ora disênèni. Lire supaya, karêbèn, kacikbèn, kacikmèn, karêpèn,
kacikpèn, cikmèn, cikpèn, mèn, bèn, pèn. Iku têmbung jarwa. [2571] Lire waluya,
182
waras, ora lara, sêtêmah dadi sêlamêt. Ya iku nalare têmbung waluya dakjarwani
sêlamêt mau têmbung pêsêmon nyêmoni wong têtakon kang murih bêcik.
Candhake sruti mêngkene :
(36) masewaka bawa dèn angêwi/ ing sakarsanira sang pinangka/ surya raja ri
jênênge/ jênênging mati tuhu/ tahênana ing satya yêkti/ nira tanpa jiwita/ witaning
humulun/ alin-alin têkèng lina/ linabêhaning karsa sang inastuti/ tatan antara
mangsa//
Têgêse mêngkene :
Lan wong ana pêseban iku sing nawikani solah bawaning uwong, sabab solah
bawa iku mênawa wis tampa prentahing patih dene yèn dhèwèke ora dhèngêr dadi
kainan olèhe seba. Awit ora entuk kabaring paseban, iku ditakona sing sandi
pêtakone lan tutura yèn dhèwèke têmên ora dhèngêr sabab ora ana sing nuturi awit
ananing pênggawe apa têka dhuwur apa têka ngisor. Dene awite olèhe takon ya
amung aling-alinga ora dhèngêr. Dene yèn wis sidhèngêrake mangka dhèwèke
kabênêr manjing solah bawa mau nuli nglakonana sarta têmên. Sabab prentahing
patih iku ing samangsa-mangsa ora kêna binêstu.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mengkene :
Têgêse “masewaka bawa dèn angêwi” iku wong seba iku sing ngawikani solah
bawaning uwong. lire masewaka, mara seba. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni
wong seba ing ratu. Lire bawa, solah sêbawaning uwong. iku têmbung dijugag
mung dijukuk têngahane bae. Utawa iku têmbung pêsêmon nyêmoni solah
183
sêbawaning uwong. Lire sêbawa, suwaraning barang-barang. Lire dèn angêwi,
ingkang ngawikani, kang ngawruhi, sing dhèngêr, iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “surya raja ri jênênge” iku patih. Sabab nalare mêngkene. Lire surya,
srêngenge. Lire raja, ratu. Lire ri, ari dudu ri barang-barang. Dene lire ari iku dina
awan dudu ari adhi. Dene têpunging nalar iku mêngkene, srêngenge iku
diibaratake mataning dina. Patih iku diibaratake paningaling ratu marang bala
sawêngkone kabèh. [2572]
Têgêse “ jênênging mati tuhu” iku jênênge wong ora dhengêr têmênan. Lire mati,
mati sêsurupane sêtêmah dadi ora dhengêr. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni
patining pikir.
Têgêse “tahênana” iku tahanana olèhe pawadan ora dhengêr. Iku têmbung
dijugag.
Têgêse “ ing satya” iku ingkang têmên-têmên olèhe nglakoni gawe. Lire satya,
katêmênan. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni katêmênaning gawe.
Têgêse “yêkti nira tanpa jiwita” iku ora ana sing jiwit jawil. Iku têmbung
paribasane wong eram ora anane sing nuturi marang awake.
Têgêse “witaning umulun” iku kawitane ana prentah apa têka patih, apa têka
ngisor bae. Lire witan, kawitan. Iku têmbung dijugag dibuwang kawitane. Lire
ngumulun, ngumuluk, umulu dhuwur. Têgêse patih iku wênang didhuwurake lan
dilurake jênênge. Iku têmbung pêsêmon nyemoni luhure drajating patih ngungkuli
drajating bala.
184
Têgêse “alin-alin têkèng lina” iku aling-alinga yèn kowe têmên ora dhèngêr. Lire
alin-alin, aling-aling. Iku têmbung jarwa disamarake. Lire lina, mati. Dene mulane
têmbung lina dakjarwani ora dhèngêr mangka têgêse lina iku mati kang iku sabab
wong mati iku wis ora dhèngêr barang-barang. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni
patining sêsurupan.
Têgêse “sang inastuti” iku kang estu tinut parentahe ya iku patih, sabab patih iku
wis pêsthi dituruta prentahe. Iku têmbung bangsaning kawi dinggo pêsêmon
nyêmoni kuwasaning patih.
Têgêse “tatan antara mangsa” iku têkaning parentah ora karuwan mangsane. Iku
têmbung dijugag dibuwang kawitane.
Candhake sruti mêngkene :
(37) tandhaning siniyan yèn tinuding/ tansèng kudang rinekahe prana/ prahning
dana ring dadine/ dene ywa pasang surut/ sih tarakna ta dera yadin/ ana pasang-
pasangan/ coba sang sinuhun/ tuhunana rèhing wayang/ wayang êning naya
nayakaning wadi/ wadining sang kinarsan//
Têgêse mêngkene :
Dene yèn olèhe mlaku gawe wis kaprêcaya disihi [2573] marang patih utawa
marang gusti, iku ana tandhane. Yèn wis asih iku supama diutus nglakoni
sêdhengah, yèn wis rampung mêsthi dialêm utawa dikudang diupamakake kaya
sing wis kêbênêran. Dene kawêkase bandhane yèn dèn sihi mêsthi akèh pêparinge,
nanging pêparing iku aja kasèp nuli diwratakna nyang kancane sing padha kêtara.
Mulane mêngkono mênawa kêna coba gêlaring gusti bêcik kowe mituhua
185
lakuning utusan sarèhning kowe mau diutus mangka ana ganjaran dalêm wis
kokwratakake patrapmu ora mêngkoki yèn têka kowe dhewe sarta cêtha
patêmbungmu yèn ganjaran mau marang kowe sakancamu. Dene yèn wis
mêngkono iku têgêse kowe wis bisa nampani wadi kêrsaning18 gustimu.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “tansèng kudang” iku tansah dikudang. Iku têmbung paribasan.
Têgêse “rinèkahe prana” iku diupamakake baya kang wis kabênêran. Lire prana,
prênah, patitis. Têgêse supama wong bêdhilesan yèn wis prênah pangincênge karo
lênge lesan. Ya uga wis bênêr pêngawase. Sing siji têmbung jarwa nuli têmbung
kawi dinggo pêsêmon nyêmoni wong dikon sing bêbênêran. Ya iku nalare
têmbung prana dakjarwani babênêran mau.
Têgêse “ prahning dana ring dadine” iku kêdadeane pêcahing ganjaran. Lire prah,
dadi paribasane wong ngêlokake pêcahing piring kae. Lire dana, nyêmoni
têmbung gêganjar. Sabab têgêse dana, pêwèwèh yaiku nalare têmbung dana
dakjarwani gêganjar mau.
Têgêse “dene ywa pasang surut” iku aja kêsuwèn andhêge, aja diêntèkake dhewe.
Lire pasang, têmbung pêsêmon pasangane kêbo sapi. Iku yèn dinggokake nyang
kêbo sapine amung diandhêgake ana cêngêle kêbo sapi bae. Ya iku nalare
têmbung pasang dakjarwani aja kêsuwèn andhêge mau. Lire surut, têmbung
krama patine wong gêdhe. Têgêse wis êntèk umure, yaiku nalare têmbung surut
18 Krêsaning @#
186
dakjarwani aja diêntèkake dhewe mau. Iku têmbung kawi têka ing kawine
têmbung boko.
Têgêse “sih tarakna ta dera yadin” iku ganjaran mau diwratakna nyang sakancane
sing kêtara olèhe dhawahake têmbunge. Lire sih, pasihan, ganjaran. Iku têmbung
dijugag dinggo nyêmoni têmbung ganjaran. Lire tarakna, kêtarakna. Iku têmbung
dijugag dibuwang kawitane. Lire ta dera, ta denira. Iku kagolong têmbung kawi
utawa têmbung dijugag dibuwang têngahane. Lire yadin, ya kang waradin, ya
kang warata. Iku têmbung dijugag mung dijukuk kawitane lan wêkasane bae.
Têgêse “ana pasang-pasangan” iku ana gêlar kang dinggo ngala. Lire pasang-
pasangan, kala. Sabab kala iku sok dipasangake marang barang kang dikala. Iku
têmbung pêsêmon nyêmoni gêlaring gusti.
Têgêse “coba sang sinuhun” iku ratu anandha ing katêmênane lan kêpintêrane ing
kêwula. Dene panjênênganing ratu ajêjuluk sinuhun kang sinuhun-suhun ana
ngêmbun-bunan kang tansah sinunggi-sunggi, pinundhi-pundhi. Sêmono iku
sêlagi pênganggêpe balane marang ing ratune. Iku têmbung krama ya uga kawi,
yèn têka têmbung ngoko.
Têgêse “tuhunana rèh ing wayang” iku antêpana rèhning kowe dadi utusan. Lire
wayang, utusan iku diibaratake kaya wayang, têgêse kang diibaratake dhalange ya
uga kang angutus iku.
Têgêse “wayangên ing naya nayakaning wadi” iku ulate sing kaya diutus
maringake ganjaraning ratu dadi sêmurup wadine kêrsaning gusti. Lire wayangên
ing naya, awake dhewe diibaratna saengga dhalang amayangake polahe dhewe
187
kang têrus ing ulate. Lire naya, nayana ulat. Lire nayakaning wadi, wadine ing
ratu. Dene mulane têmbung nayaka dakjarwani ratu sabab ratu iku nayakaning
Allah. Lire wadi, sêbarang kêkarêpan kang ora wèh kêprungu akèh. Iku têmbung
kawi dinggo pêsêmon nyêmoni karsaning ratu.
Têgêse “wadine sang kinarsan” iku dadi gustine sêmurup nyang wadine sing
diurus, awit sing diutus wis dhengêr olèhe nampani cobane gustine. Lire sang
kinarsan, sing dikrêsakake diurus. Sing dhisik têmbung jarwa nuli têmbung
dijugag dibuwang pungkasane têlu aksara. [2575]
Candhake sruti mêngkene :
(38) amung ari saringa-ringaning/ pasang pariksa pasang indriya/ gênging tan
agêng sangkane/ singgih tata yan tan wruh/ kêneng pasang-pasangan kadi/ lagawa
tan winêdhar/ sinimpên sinamun/ samantara tamtam tampa/ kadya lurung liring
tan tinali tali/ tatal tan tinulisan//
Têgêse mêngkene :
Lan manèh sadina-dinane ratu iku aringe amung karo wong wadon, mulane
mêngkono sing diutus mriksani nyang manganti ngiras dadi kala yèn ana
kluputane polahe sing padha seba lan dadi kala mênyang atine sing padha seba
sabab mênawa dhêmên nyang sing diurus iku awit sing diutus iku padha wong
wadon. Dene mêngkono iku kudu ngati-ati sabab dhèwèke ora wêruh nyang
krêsaning gusti. Yèn ta ora ngati-ati ya sêtêmah kêna kala sing dipasangake utusan
mau. Bedah pasangan iku kêwêtua prentah ora ewuh olèhe ngrasakake rèhning
pasangan disamur utusan lan tingkah prasaja. Iku ewuhe olèhe mikir mulane
188
saknalika iku kudu bisa tampan-tinampan nyang pêsêmoning ratu. Awit yèn ora
bisa nampani supama kêtrucut barang solah clathune sing saru utawa
pênganggone sing ora pantês sêtêmah dhèwèke kêna kala. Sabab wong wadon iku
wis dadi adate sêmangsa wêruh solah sing ala banjur pênyature krungu wong akèh
ora wurung kêpirêng ing gusti wusana dhèwèke kluputan. Ya iku alane wong ora
nyathêt pêsêmon ratu, lan iku rupane wong ora ngêstuti nyang adate sing klakon.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “amung ari saringa-ringaning” iku amung sadinane wong wadon
angaringake. Lire amu, amung. Iku têmbung pramasastra ya uga kawi. Sabab
aksarane “ma” ora nganggo cêcakan. Awit burine aksara ”ma” ana aksarane “nga”
iku minangka cêcakane. Lire ngari, ari, dina, awan. Dudu ngari, ari, adhi. Iku
têmbung malayu. Lire sari, sari rasa, rasane wong wadon yèn sapaturon lan wong
lanang. Iku têmbung paribasan sari rasa kae apa manèh lire sari, sarining
kêmbang. Kêmbang iku pênganggone wong [2577] wadon kang murih sihe wong
lanang. Dene yèn dijarwani mêngkono dadi têmbung pêsêmon ya uga nyêmoni
marang wong wadon. Lire, ngari-ari, ngaringake. Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “ pasang pariksa” iku utusan mariksani, ngiras dinggo masang kala. Lire
masang, pasanganing kala, sabab wis lumrah kala iku sok dipasangake marang
barang kang dikala. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni marang kala. Lire pariksa,
mariksani. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni wong diutus mariksani.
Têgêse “pasang indriya” iku dipasangake marang galihe dhewe manawa
kaganasên kurang titi priksane lan dipasangake marang atine kang padha dititi
priksa sabab mênawa ana kang dhêmên. Lire ngindriya, ing jêrone ati. iku
189
têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni ati kang nyipta dhêmên marang wong
wadon kang diutus.
Têgêse “gênging tan agêng sangkane” iku yèn dirasakake gêdhekake kêwatir yèn
didêlêng wêtuning utusan iku sêka jêro ora gêdhekake kuwatir. Lire gênging,
têmbung pêsêmon gêdhening kuwatir. Lire tan agêng, têmbung pêsêmon ing
kawêkasane ora gêdhekake kuwatir. Lire sangkane, têmbung pêsêmon utusan mau
awit wêtune saka jêro.
Têgêse “singgih tata yan tan wruh” iku dene yèn ora wêruh tata. Iku têmbung
jarwa.
Têgêse “kênèng pasang-pasangan” iku kêna kala kang dipasangake ing utusan
mau. Iku têmbung pêsêmon tunggale nyêmoni kala mau.
Têgêse “lagi lagawa tan winêdhar” iku kayata yèn nyataa lêga lila, dene nora
kawêtu dhawahe. Lire kadi, kadita, kayata, iku têmbung jarwa. Lire lagawa, lêga
lila. Iku têmbung jarwasuta. Lire tan winêdhar, têmbung pêsêmon olèhe ora
kawêtu dhawahe.
Têgêse “sinimpên sinamun” iku ora didhawahake yèn wong wadon iku ing
gawene ngiras digawe kala. Sabab lakune disamur dadi utusan. Lire sinimpên,
pasêmon panyimpêning dhawah olèhe ora kawêtu. Lire sinamun, sinamur, dudu
sinamun sinêpi, sêpi. Iku têmbung jarwa disamar[2578]-ake.
Têgêse “samantara tamtam tampa” iku sanalika antarane tampan-tinampan. Lire
tampan-tinampan, kang mariksani nampani ature kang dipriksani. Kang dipriksani
nampani dhawah ingang mariksani. Iku têmbung jarwa disamarake.
190
Têgêse “kadya lurung liring tan tinali tali” iku lire kêbacut olèhe ora nyathêt-
nyathêt atine. Lire kadya lurung, kadya lurung, kaya lurung. Iku têmbung
pêsêmone wong kêbacut-bacut karêpe kang ora bênêr nuli diupamakake kaya
lurung sabab lurung iku dawane mrana-mrana. Têgêse liring, lire dudu liringing
mata mênyang ngiringan. Lire tan tinali-tali, ora dicathêt-cathêt ati. iku têmbung
pêsêmone tali ular-ular lawe sabab sok dinggo nyathêt utawa jithêt jarit kang
bêdhah dawir.
Têgêse “tatal tan tinulisan” iku kêtatalane barang pênggawe kang wis klakon, ora
gêlêm nulisi ana ngêbuk. Lire tatal, kêtatalane barang pênggawe, dudu tataling
kayu têka pêthèl. Iku têmbung paribasan.
Candhake sruti mêngkene :
(39) ananggwanaken yèn têguh wani/ tuhu mudha padha lan wadaka/ hri sang
kaparêk prênahe/ nahan datan pituhu/ taha têmên amuni budi/ beda manggêhing
coba/ ing tyas dipunasru/ angarsa asih satmata/ ywan sang inaya palêyêping dèn
mesi/ akêdêh tuduhana//
Têgêse mêngkene :
Wong suwita ratu iku aja ngandêlake têguh kuwanène. Dene yèn ana sing kaya
mêngkono iku wong busuk jênênge, sabab padha bae karo wong katon
kuwirangane lan wong mêngkono iku ora bisa cêdhak mênyang ratu utawa ora
diandêl mênyang ratu. Beda karo wong kêna coba ing bab liyane iku yèn lagi
sapantêse misih kêna diarêp-arêp sih apuraning gusti anggêre srêgêp seba lan
191
sabên gustine lênggah olèhe seba sing katon. Nanging yèn dudu pêseban gêdhe
gone olèhe seba kudu takona nyang sing dhengêr ngêndi pantêse olèhe linggih.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ananggwanakên” iku ananggungake utawa anga[2579]-ndêlake. Lire
nanggungake, awake ditanggung dhewe utawa lumaku ditanggunga marang
uwong ing bab pêdhotane lan kuwanène. Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “yèn têguh wani” iku yèn kêdhotan lan wani. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “tuhu mudha” iku nyata bodho. Lire mudha, ênom. Lire ênom, sêthithik
umure, misih bocah yèn diugung dadi bodho. Ya iku nalare têmbng mudha
dakjarwani bodho mau. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni awite ing nalare
bodhoning bocah lan wis kagolong marang têmbung kawi.
Têgêse “padha lan wadaka” iku padha lan cacat kang katon. Lire wadaka, cacat
katon sok kawada. Iku têmbung kawi.
Têgêse “hri sang kaparek prênahe” iku ora cêdhak marang ratu. Dudu kang
cêdhak marang ratu, sabab têpunge bisane rapêt lan wulanging sruti mêngkono.
Sêmono iku yèn aku kang jarwani, dene yèn liyane aku sing jarwani sumangga.
Lire hri, têmbung agêgungake asmaning ratu. Dene tunggale kayata têmbung sang
maha, kang maha, dudu maha ditêmaha dijarag. Iku mau ewone têmbung kawi.
Lire prênahe, prênahe olèhe lungguh utawa prênahe kalungguhane. Iku têmbung
pasêmone sakarone iku.
192
Têgêse “nahan datan pituhu” iku karo ora diandêl marang ratu. Lire nahan, karo
utawa ananging, dudu nahan ana dene. Iku ewone têmbung kawi. Lire datan
pituhu, datan pinituhu, ora diandêl, dudu ora ngandêl. Iku têmbung dijugag
diêlong sakaksara ngarêpe kang wêkasan.
Têgêse “taha têmên amuni budi” iku dêstun têmên angucapake pikir kang
mêngkono. Lire taha têmên, dêstun têmên. Dudu taha dene ta, dudu taha mandêg
mangu, dudu taha wêdi-wêdi. Iku ewone têmbung paribasan wis kagolong
têmbung kawi. Lire amuni budi, angucapake pikire kang mêtu têka ati. mulane
mêngkono wong muni iku ya uga unining pêngucap. Lire budi, sêbarang karêp
kang misih daadi pikir ana ati. iku têmbung pêsêmon nyêmoni pangucap lan
nyêmoni pikir.
Têgêse “angarsa asih satmata” iku [2580] yèn arêp entuk sih sing kêrêp katon.
Lire angarsa asih, angarsa ing asihan kang arêp didêmêni. Iku têmbung jarwa
disamarake. lire satmata, sak katon, sak katone, sak kêtingale. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “ ywan sang inayap palêyêping dèn mesi” iku ratu lênggah pamburen
diayap wong wadon akèh olèhe seba mau sing kêtingal. Lire sang inayap, yèn
diparak-parak ing wong wadon akèh. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni ratu lênggah
diparak wong wadon akèh. Lire palêyêping, layap-layape wong arêp turu atine wis
sêpi ora duwe pikir barang-barang. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni ratu lênggah
ana pamburèn dielokake lênggah ana pasêpen sabab dudu papane paramean ing
paseban gêdhe. Lire den mesi, kang kaèksi, kang kèksi, sing katon. Iku têmbung
jarwa disamarake.
193
Têgêse “akêdêh tuduhêna” iku kudu ana sing duduhake panggonane olèhe
lungguh. Lire kêdêh, kêdah, kudu. Iku ewone têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(40) yèn kumilat nulat dèna lalit/ anampani sasmita pacuwan/ cuwa kang akilat
dene/ amikakkên ing sêmu/ sumaringah sira manawi/ kambêt gandaning kana/
rumasa ywan tan wruh/ ing tanduk atanggap kêcap/ padha patêmone lan kang tan
udani/ cara carêm sarêmbag//
Têgêse mêngkene :
Dene wong cêdhak nyang ratu iku yèn gustine maringi sasmita sakêclapan iku
sing bisa nampani lan poma sing rapête nutupi ulate aja nganti kêtara, sabab
gustine cuwa kêprècèta sasmitane. Dene yèn nganti kêtara ulate mênawa
kawruhan kiwa têngêne sêtêmah sing padha wêruh milu nasabi samudana ora
wêruh. Mêngkono iku sing nampani sasmita tanduke ora kabênêran sabab kêtara
ringasing ulat bêjuwiting lambe, dadi padha bisane nampani karo sing ora
disasmitani wusana sing seba padha dhengêr sêtêmah ilang jênênging sasmita.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “yèn kumilat” iku sasmita sakêclapan, diibaratake kaya kilat.
Têgêse “nulat dèna lalit” iku ulate sing rapêt aja kêtara. Lire lalit, kêlit, kêkêt,
rapêt ora rênggang. Iku mung jukuk èmpêre pasêmoning têmbung.
Têgêse “cuwa [2581] kang akilat dene” iku sing dhawah sasmita cuwa galihe. Iku
têmbung jarwa tunggale ibarat mau.
194
Têgêse “amikakkên ing sêmu”iku dene yèn dibukakna pasêmone. Lire amikakkên
ing sêmu, ambikakakên pasêmon sasmita, ambukakakên, anguwèhakên. Iku
anjukuk èmpêre pasêmoning têmbung.
Têgêse “sumaringah” iku ulat kang ngêtarani. Lire sumaringah, ulat kang abang
kêsumukan bungahing ati kaworan gêtêr dikarsakake nampani sasmitaning ratu
sêtêmah dadi kêtara olèhe nampani sasmita. Iku têmbung paribasan dinggo
pêsêmon nyêmoni ulating uwong kang ora bisa nampani sasmitaning ratu.
Têgêse “ kambêt gandaning kana” iku kawêruhan nyang wong akèh. Lire kambêt,
dinggo ibarat ambuning sasmita. Lire gandane kana, dinggo ibarat dhengêre wong
akèh mau marang ambuning sasmita.
Têgêse “rumasa ywan tan wruh” iku rumasane wong akèh mau reka-reka ora
dhengêr. Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “ing tanduk atanggap kêcap” iku tanduke olèhe nanggapi sasmita kêtara
kumêcap kêjuweting lambe. Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “padha patêmone lan kang tan udani” iku padha patêmuning pikir kaya
sing ora diparingi sasmita. Lire patêmone, panêmuning pikir. Iku têmbung jarwa
samar dinggo pêsêmon nyêmoni panêmuning pikir. Lire kang tan udani, têmbung
pêsêmon kang ora diparingi sasmita sing ngakoni ora wêruh.
Têgêse “cara carêm sarêmbag” iku tata carane wis rujuk ana panêmuning pikir.
Lire rêm, rujuk. Lire cara, tata. Lire carêmbag, nunggal panêmuning pikir. Iku
têmbung jarwa disamarake.
195
Candhake sruti mêngkene :
(41) rambah malih malah ya tan gingsir/ angatara ngarsakkên tan kasah/ sanalika
ing ngarsane/ sang pawaka sumunu/ têrèh ing sih srêda ing dasih/ pilih ana
rinênan/ pranatanirarju/ yeka ta kaingêtakna/ pakarananing sih ta sang inastuti/
myang margane tan arsa//
Têgêse mêngkene :
Mêngkono iku dipindhoa sêlot ora kêdadeyan sabab wis ana katatalane kêtara ora
kêsaid nampani sasmita ana ngêrsaning ratu [2582] besuka saikia ya padha dene.
Mangka bêgja têmên wong kêtiban sihing ratu iku. Dhasar diparingi sasmita
pindha urubing agni bêning, lunturing sih dalêm nikmate rak ngrambahi mênyang
sing disihi. Dhasare pilih pilih wong sing diparêngi mênyang ratu kêjaba tata
carane wis rujuk nyang gusti nanging bab sarjuning galih saksat ora kêna
winurukake. Sêbab awite parêng lan margane ora parêng iku ora kêna binestu.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “titir” iku kêtatalane pênggawe sing wis kêlakon, dudu unining lêsung. Iku
têmbung paribasan
Têgêse “ngarsakkên tan kasah” iku dikarsakake ora kêsait nampani pasêmon. Iku
têmbung jarwa dijugag.
Têgêse “sang pawaka sumunu” iku supama urubing agni kang wêning. Sabab iku
rupaning sasmita wadi kang tetela sakêclapan.
196
Têgêse “têrèh ing sih “ iku lunture sihing ratu. Lire têreh, nuju têrèh, têlèh, turun,
têdhak. Lire ing sih, ing sihe ratu. Iku têmbung dijugag dibuwang pungkasane sak
aksara.
Têgêse “srêda ing dasih” iku rumêsêp marang abdi, ya anak bojone. Lire srêda,
maratani ing sakabèhe. Iku ewone têmbung paribasan, yaiku nalare têmbung srêda
ing dasih dakjarwani rumêsêp marang abdi saanak bojone mau.
Têgêse “pilihana rinênan” iku pilih pilih anane kang disihi. Lire rêna, condhong,
rujuk, sênêng, dhêmên, asih. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “yeka taka ingêtakna” iku iya ora kêna diwurukake. Lire yeka, ika,
ingkang. Lire taka, pati, mati. Lire ingêtakna, ingêtokake. Têgêse wong mati iku
ora bisa ngêtokake wuruke ya iku nalare têmbung taka ingêtakna dakjarwani ora
kêna diwurukake mau. Iku têmbung kawi.
Têgêse “pakarananing sih ta sang inastuti” iku kawitane parêng kêrsaning ratu.
Lire karananingsih, amakonana parênging sih. Iku têmbung jarwa dijugag
dibuwang kawitane. Lire sang inastuti, saèstu tinurut parentahe yaiku ratu. Iku
têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(42) yèka pandam pan dumipèng dadi/ lipat sangara miliha nungsang/ pasanging
sewaka sawet/ ning tan sawalèng kayun/ duluraning ngakêni kapti/ atine kang
mangkana/ lwir ringgit amuwus/ yèn muwus mangka timbalan/ mantriman
sanagara ingakên kêlir/ awayangkên ing wayang//
197
Têgêse mêngkene :
Mangka uripe uwong iku ibarat kaya urubing damar lilin diyan sing madhangi
siji-sijining barang. Mêngkono iku urube mêsthi ora manggon siji gon bae, kang
tamtu ya mraman-mraman lan mokal yèn mramana mêndhuwur mêsthine ya
mraman mêngisor. Najan barang karêping uwong ya sêmono uga, ora mêsthi
wong iki karêpe mung siji. Kang tamtu karêpe ya akèh lan iya mraman-mraman.
Pêmramaning karêp ya sêmono uga ora mraman nyang karêp sing wis klakon,
mêsthine ya mraman sing durung klakon. Lah ya iku têpunge lan kêrsaning ratu
mau olèhe ora[2583] kêna binastu. Dene klakuane wong seba iku mung kudu
nurut nyang ngarsane sing diseba. Yèn wis duwe pikir sing mêngkono ya iku sing
dadi jalaran ngêmori kêrsaning gusti. Sabab wong ngawula iku rak kaya wayang,
padha dikonclathu mêngkene mêngkono ya tirokna bae, wong dudu karêpmu
dhewe. Najan nyang patih ya sêmono uga ora beda patih karo ratu, sabab pama
wong mayang patih iku diwayangake mênyang ratu lan dikon mayang dhewe
nagara iku pama kêlire, nuli patih mayangke nyang wong saknagara sing amrih
prayoganing lakon.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “yeka pandam pan dumipèng dadi” iku ika diyan madhangi siji-sijining
barang kêdadean. Lire yeka, ika, ingkang. Lire pandam, diyan. Lire dumipèng,
madhangi. Lire dadi, barang kadadeane alam. Iku têmbung kawi dinggo ibarat.
Têgêse “lipat sangara miliha nungsang” iku luwih goroh mramana mêndhuwur.
Lire sangara, têmbung paribasan dora sêngara.
198
Têgêse “ pasanging sewaka” iku patrape wong seba. Iku têmbung jarwa nuli kawi.
Têgêse “ning tan sawalèng kayun” iku witne aja suwala karêpe. Iku têmbung
jarwa.
Têgêse “duluraning ngakêni kapti” iku dalane ngêmori karêp. Lire duluran,
têmbung paribasan wong mlaku ana dalan gêdhe kang urute nganti dulur-dulur.
Nuli dinggo têmbung pêsêmon nyêmni marang siji-sijining barang têgêse kang
disêmoni iku yèn aku kang jarwani. Dene yèn liyane aku kang jarwani sumangga.
Lire kapti, karêp. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “yèn muwus mangka timbalan” iku pangucape ana sing akon. Lire
mangka, mongka, prasaksat, minangka. Iku têmbung jarwa disamarake. lire
timbalan, timbalan dalêm dhawahing ratu, pêngakoning ratu. Iku têmbung dijugag
dibuwang rong aksara sing pungkasan dinggo têmbung pêsêmon nyêmoni
pêngakoning ratu.
Têgêse “mantriman sanagara” iku mantri patih. Lire man, uwong. iku jukuk lapale
“paman amana” maknane sapa wonge ngimanake. Iku têmbung dalil. Lire [2584]
sa, sawiji. Iku jukuk lapal akhadun maknane amung sawiji Allah. Iku têmbung
dalil. Dene kumpule têmbung loro mau mêngkene, sawiji manungsa19 patih
mulane dakwuwuhi nganggo patih sabab surasane wulanging sruti bab
parentahing patih marang wong saknagara. Sêmono iku yèn aku sing jarwani,
dene yèn liyane aku sing jarwani sumangga.
Candhake sruti mêngkene :
19 Manusa @#
199
(43) pawiyanging sewaka sasiki/ ana dhapur amurwaka sasar/ tan mantrèng wadi
gatine/ pan tan wikaning tanduk/ kalih swara swara umising/ karuhuning agama/
gumati sinêkung/ anggagapèng gita basa/ dupi tan mantra punika sipi dening/
ywan dadia sujana//
Têgêse mêngkene :
Wong ana paseban iku sing mêgahake mung prakara siji, iku yèn ana wong
kêbacut clathune nylathokake babing agama lan olèhe ngucap ora pisan yèn anaa
wadine utawa kawite clatu ora ana sing takon. Sênajan ditakoni tanduking clathu
ora sakwêtara karo sêrupaning swara nganti ngumum sak paseban. Sênajan bênêra
clathune apa dene nyataa nêmên nyang agama nanging yèn tanduk ing clathu
gêgitani ora mantra ana pêseban iku wis mêsthi akèh sing ewa. O, ya mangsa
dadia wong gêdhe.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “pawiyanging sewaka sasiki” iku sing mêgahake wong ana paseban mung
prakara siji. Lire pawiyang, mêgahake, wêgah, iku ewone têmbung kawi utawa
paribasan. Lire sewaka, seba, iku têmbung kawi. Lire sasiki, sawiji. Iku têmbung
kawi.
Têgêse “ana dhapur amurwaka sasar” iku yèn ana uwong ngawiti ucap nanging
kêblasuk pêngucape. Lire ana dhapur, têmbung dinggo pêsêmon dhapure uwong.
lire amurwa, angawiti. Iku têmbung kawi. Lire kasasar, kablasuk, kabacut, iku
dinggo têmbung pasêmone kablasuk.
200
Têgêse “tan mantrèng wadi gatine” iku ora pantês kaprungu, ora mantra yèn ora
ana gawene. Lire wadi, barang karêp kang ora awèh kaprungu wong akèh,
kawêkasane ora pantês yèn kaprungua. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni têmbung
ora pantês kaprungu. Lire gatine, gawene. Iku têmbung kawi.
Têgêse “pan tan wikaning tanduk” iku [2585] ora wêruh patrapan wong ana
paseban. Lire tan wikan, ora wêruh. Iku têmbung jarwa. Lire tanduk, sêbarang
patrap kayaa patraping pangucap lan patraping polah. Iku têmbung paribasan.
Têgêse “kalih swara swara umising” iku sêrune swarane olèhe ngucapake
pênggawe rong bab nganti ngukup utawa nganti numusi sakpaseban. Lire lire
kalih swara, swarane pangucap rong bab. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni
pêngucap rong bab. Lire umusing, iku anumusi, utawa ngumum. Iku mèmpêr
pasêmone têmbung anumusi.
Têgêse “karuhuning agama gumati sinêkung” iku kang dhisik babing agama olèhe
ngêmên-ngêmênake lan sêngkut. Lire gumati, pêsêmoning têmbung ngêmên-
ngêmênake. Dene nalare mêngkene, kayata supama wong dhêmên jaran mangka
ora kurang pakane lan gêbêg kêroke utawa jamune. Dene sing mêngkono iku
têtêpa wis ngêmên-ngêmênake olèhe gêmatèni marang jarane. Ya iku nalare
têmbung gumati dakjarwani ngêmên-ngêmênake mau. Lire sinêkung, sinêngkut-
sêngkut. Iku têmbung kawi.
Têgêse “anggapèng gita basa” iku anggêgampil gêgitaning pangucape. Lire
anggegape, angggêgampi, anggêgampang. Iku pêsêmone mèmpêr têmbung
anggêgampil. Lire gita, ngagèt-ngagèti, gita-gita., dudu têmbung gita anggitan.
201
Iku têmbung kawi. Lire basa, basaning pangucap. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni
pangucap.
Têgêse “dupi tan mantra” iku barêng ora pantês patrape ana paseban. Lire dupi,
barêng utawa basa. Iku têmbung jarwa lan dudu dupi dupih, dupèh, dupara. Lire
tan mantra, ora pantês. Iku têmbung jarwa lan dudu tan mantra ora paja-paja, dudu
tan mantra ora nganggo japa donga.
Têgêse “punika sipi dening” iku punika botên pisan-pisan saking. Lire sipi, sêpi,
sarèh, ning wis sêpi, dadi ora pisan-pisan yèn anaa barang-barange. Ya iku nalare
têmbung sipi dakjarwani ora pisan-pisan mau lan dudu sipi sinipi dukane, dudu
sipi dongasèpi, dudu sipi barang-barang, sabab iku mèmpêr pasêmone têmbung
sêpi.
Têgêse “ywan dadiya sujana” iku yèn dadia wong gêdhe. Lire ywan, yèn[2586]
iku têmbung jarwa. Lire sjana, barang sumêjane ana bêcike. Iku têmbung
jarwasuta. Dene mulane têmbung sujana dakjarwani wong gêdhe mangka jarwane
sujana barang sumêjane ana bêcike mulane mêngkono sabab wong gêdhe iku bisa
bêcikake barang karêpe awit ora kêkurangan babing donya. sênajan wong gêdhe
yèn ora nêtêpi agamaning Allah ya uga misih kurang bêcike, awit ora sumurup
parentahing Allah kang ana Kuran lan awit ora sumurup parentahing Rasulullah
kang ana ing kitab kabèh.
Candhake sruti mêngkene :
(44) lwir katurunan lelatul kadri/ samane kang pusta kèng wardaya/ durung tumon
salawase/ kang têka jlêg anulus/ yèn tan lawan ataki-taki/ tan lyana anging iya/
202
bisa tan winuruk/ sira kang nayakaningrat/ yèn ugi satêrèh trusing mêngko iki/ tan
wênang mangkonoa//
Têgêse mêngkene :
Èmpêre kaya wis katurunan wahyu Allah. Dene sakabèhe agama kaya wis dibuk
ana ati, kok wong clathu sok nganèh-nganèhi mangka durung ana adate wong
kêtiban wahyu jlêg sêka dhuwur sing tanpa jalaran. Ya sênajan anaa ya dikanthi
tapa, sabab yèn misih jamaking uwong ora ana wong bisa tanpa diwuruk kajaba
Gusti Kangjêng Nabi Mukhamad pêsthi luwih sagêd tanpa wuruk. Yèn wong saiki
sênajan besuka pisan mangsa anaa sing kaya mêngkono lan ora wênang yèn
mêngkonoa.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “lwir katurunan lelatul kadri” iku kaya katiban wahyu kang têka Allah. Iku
têmbung jarwa lan dalil.
Têgêse “samane kang pusta kèng wardaya” iku pêpadhane kaya wis kapusthi ana
ati. lire samane, pêpadhane. Iku têmbung jarwa. Lire kang pusta, kang kapusthi,
kang kapêsthi kagêm. Iku têmbung kawi. Lire kèng wardaya, ing wardaya, ing ati.
iku têmbung kawi disamarake.
Têgêse “ataki-taki” iku atapi-tapi, atapa-tapa. Iku têmbung kawi.
Têgêse “sira sang nayakaningrat” iku ika kang panggêdhene ing jagad. Lire sira,
ika. Dudu sira kowe, iku têmbung jarwa. Lire sang, kang. Iku têmbung jarwa. Lire
nayaka, wong gêdhe kang wis diandêl marang ratune [2587]. Iku têmbung kawi
203
lan manèh apadene Kangjêng Nabi Mukhamad kang pêsthi luwih diandêl marang
ratune ing alam kabèh. Lire ngrat, sakabèhing jagad.
Têgêse “ yèn ugi sêtêrèh trusing mêngko iki” iku sangisore bacute mêngka saiki.
Lire satêrèh, satêrah, saturuh. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon nyêmoni wong
kêna rêgêd. Yèn rêgêd wis dituruhi banyu kang tamtu ya luntur mangisor. Lan iku
nalare têmbung satêrèh dakjarwani sapêngisor mau utawa dudu têrêh-têrah turun
têdhak. Lire trus, têrus, bacut. Iku têmbung jarwa.
Candhake sruti mêngkene :
(45) nihan ulahing sewa winuni/ yan ingandêl aja andaluya/ wong inandêl akèh
lwire/ aningandêl ing wadu/ ana ngandêl ing rêtna rukmi/ lyan ta inandêl prana/
myang ring baya kewuh/ len tèka ring kadyatmikan/ anèng ngandêl ing rèh
silakrama tuwin/ anèng ngandêl kawignyan//
Têgêse mêngkene :
Ana winihan wong ulah pêseban iku, yèn diandêl20 marang ratu aja sêmbrana.
Dene wong diandêl iku akèh lire, sêpisan yèn diandêl nyêkêl bala. Pindho diandêl
nyêkêl donya, ping têlu yèn diandêl nyang wong wadon, ping pat yèn diandêl ulah
pêrang, ping lima yèn diandêl ulah kabêcikan, ping nêm yèn diandêl pêrkaraning
silakrama, ping pitu yèn diandêl bab kêbisan kabèh.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ nihan” iku apadene. Iku têmbung kawi.
20 Dindêl ^@#
204
Têgêse “ulahing sewa” iku ulahing paseban. Lire ulah, ngulah, sinau. Iku têmbung
jarwa. Lire sewa, sewaka, seba. Iku têmbung kawi dijugag dibuwang pungkasane.
Têgêse “winuni” wêwinih. Iku pasêmone èmpêring têmbung.
Têgêse “andaluya” iku kêbacut utawa sêmbrana. Iku têmbung paribasan.
Têgêse “wadu” iku wadyabala. Iku têmbung kawi.
Têgêse “prana” iku prênah utawa patitis. Ananging sênajan wong wadon ya uga
jênêng prana, sabab prênahe karêpe wong lanang yèn sapêturone lan wong wadon.
Iku têmbung kawi.
Têgêse “baya kewuh” iku barang pakewuh sing pancèn bilahine. Lire baya, ya uga
baya bajul. Dene mulane têmbung [2588] baya dakjarwani bilaheni utawa
dakjarwani pêrang sabab awit yèn baya iku olèhe bilaheni yèn wani marang
uwong kang wis lumrah tamtune wonge bilahi. Apadene pênggawe pêrang ya
sêmono uga, yèn ora kabênêran ya bakal dibilaheni marang mungsuhe. Iku
têmbung kawi.
Têgêse “len tèka ring kadyatmikan” iku lan ta ika ing kabêcikan. Lire len, lan.
Dudu len liyane. Lire tèka, ika. Lire kadyatmikan, bêciking polah pangucap kang
alus. Iku kabèh têmbung kawi.
Têgêse “kawignyan” iku kapintêran kang luwihi. Lire kawig, kaelingane ati. iku
têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene :
205
(46) lamun inandêling estri yêkti/ dening duga duganti gatmika/ yèn marêksa
prasêtyane/ dene wantêr ing wêtu/ pramasêtya pratamèng pati/ yèn lila basa
lambang/ balila ngumulun/ sawawêkaning ulunan/ sahanane tuwan tuwin sangka
wuri/ tambining krama satya//
Têgêse mêngkene :
Dene yèn diandêl mênyang babing wong wadon iku kudu akèh duga-duganing ati
kang alus prayoga rêsiking klakuan kang sarta têmên-têmên yèn seba dhewekan
marang ratune sing bangêt prasêtyane. Angatokna katêmênane, aja wêdi katraping
pati lan aja prasêtya têmbung rêrangkêpan. Dene yèn nganti prasêtya têmbung ora
pêsaja iku ing batine wis balila marang ratu. Lan aja wani-wani amèk bojo utawa
sêlir, apadene mantu marang salah sijine wong wadon kêdaton. Sênajan wong
tuwa apamanèh salah sijine wong cilike kêdhaton kabèh, ya uga aja wani amèk
batur.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “duganti gatmika” iku duga-duganing ati kang alus bêcik. Lire duganti,
duga-duganing ati. iku têmbung garba sastra ya uga kawi. Lire gatmika, gyatmia,
jatmika, bêciking solah bawa kang alus. Iku têmbung kawi.
Têgêse “yèn marêksa prasêtyane” iku yèn seba cêdhak dhèwèkan ngaturna nata
têmênana. Lire marêk, marak [2589], mêrak, nyêdhak. Iku têmbung jarwa. Lire
saprasêtyane, nyata têmênane. Iku têmbung kawi.
Têgêse “ dene wantêr ing wêtu” iku kang wani ngêtokake ature. Lire wantêr, yèn
lagi surasane bangête sumuking nêpsu kang marang barang kêkarêpan, ing
206
satêmah patrape dadi wani. Iku têmbung jarwa. Lire ing wêtu, ing wêtune paturan.
Iku têmbung dijugag dibuwang pungkasane telu aksara.
Têgêse “pratamèng pati” iku utamaning pati. Lire pratama, para utama. Sêbarang
kang ngluwihi bêcik. Iku ewone têmbung kawi.
Têgêse “yèn lila basa lambang” iku yèn gêlêm matur têmbung rêrangkêpan. Lire
lila, dianggo pasêmone têmbung gêlêm, sabab saengga wong kaelang-elangan
barang duwèke kang ana ajine. Mangka wis ora diucap ora dirasani mêngkono iku
têgêse wis gêlêm nglilakake lan ya iku nalare têmbung lila dakjarwani dinggo
pêsêmone têmbung gêlêm mau. Lire basa, angucapake barang têmbung, dudu basa
taklim kramane têmbunging pangucap, dudu basa barang-barang. Iku têmbung
jarwa. Lire lambang, pralambang, kang para ora lamba, têgêse ana rangkêpane.
Dudu lambang, lambangan, ijolan. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “balila ngumulun” iku balik ala marang ratu. Lire balila, balik ala. Iku
têmbung jarwasuta. Lire ngumulun, ngumuluk, umuluk dhuwur. Iku têmbung
pêsêmon nyêmoni têmbung drajating dhuwur dhewe ya uga drajating ratu.
Têgêse “sawawêkaning ulunan”iku sawawêngkoning kraton utawa wadone
sajroning karaton. Lire sawawêkan, sawawêngkon. Iku têmbung jarwa
disamarake. Lire ulunan, karaton. Iku pasêmone têmbung ulu-ulu. Lire ulu-ulu,
panggêdhe têtindhih, têgêse kang dadi panggêdhening sarupaning têtindhih, iku
amung ratu.
Têgêse “ tuwan tuwin sangka buri” iku wong tuwa lan sak pamburine. Lire tuwan,
dinggo pêsêmon nyêmoni têmbung wong tuwa. Dudu tuwan bêndara, dudu tuwan
207
pasêbutaning uwong. lire sangka wuri, ing sak pamburine, ing sak kalèrèhane, ing
sak jajare. Iku dinggo pasêmoning têmbung kalèrèhan.
Têgêse “tambining” iku sakathahe wong wadon kemawon. Lire tambi, poking
uwit kang ngisor dhewe. Mêngkono i[2590]-ku dinggo pêsêmone têmbung
sakabèhe wong wadon kêdhaton. Sabab nalare mêngkene, kawitaning uwit lan
êpang, godhong, kêmbang, pêntil, sakabèhe iku ya uga têka ing anane poking uwit
kang ngisor dhewe mau.
Têgêse “krama satya” iku atur kurmat sumpahing katêmênane. Lire krama,
kurmat. Dene kurmat iku akèh wêrnane. Yèn kurmate angucapake barang
têmbung diarani takliming tatakrama. Lan aba kurmat barang swara kang pantês,
ana kurmat barang pêwèwèh, ana kurmat barang sêsuguh, lan akèh panunggale
manèh. Iku têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(47) sang inandêl ing rukmi rêtna di/ yêkti dening dana tan kanyana/ gumaritèng
sahanane/ wipala kang pinuluk/ malah mulya sang sih siniwi/ yèn boya
kabancanga/ karsa sang sinuhun/ tunata dening sarana/ istha tan antara wande
anak rabi/ sampun cuwa ing ngarsa//
Têgêse mêngkene :
Dene yèn diandêl mênyang donya sakpadhane iku yèn ana pêparinging ratu aja
dipangangên-angên nyang kancane, nuli dumên mênyang sing padha duwe
208
cêkêlan warata lan kang nglakoni gawe kabèh. Sênajan21 panganan sakpulukan ya
uga wêrataa marang sakanane kancane lan dikatona yèn iku pêparinge ratune
marang sakancane. Dene yèn ora gêlêm ngatokake kang mêngkono amêsthi suda
bêcike, sabab tinggal sarat pangucape andum pêparing apa manèh yèn duwea
cipta ngêdumi marang anak bojo. Iku ngalamat cuwa karêpe.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “yêkti dening dana tan kanyana” iku sing têmên yèn dipêparingi, aja dadi
pêngangên-angên, aja dinyana-nyana nyang kancane. Lire yêkti, têmên. Iku
têmbung jarwa. Lire dening dana, dening pêparing. Iku têmbung jarwa lan kawi.
Lire tan kanyana, aja kanyana-nyana. Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “gumaritèng sahanane” iku karasaa saanane kancane. Lire gumaritèng,
karasaa. Iku têmbung pasêmone karasaa, sabab supama wong digarit ngêdom iku
kumêsare krasa ing ati. lire sahanane, saanane kancane. Iku têmbung di-
[2591]jugag dibuwang aksara kang pungkasan.
Têgêse “wipala kang pinuluk” iku sênajan panganan sing luwih sêthithik. Lire wi,
luwih, dudu wi gêmbili. Iku têmbung kawi. Lire pala, sêpala, sêpele, sêthithik,
dudu pala barang woh-wohan. Iku têmbung paribasan dijugag dibuwang kawitane.
Lire nuluk, dinangan. Iku têmbung pasêmone panganan, sabab barang panganan
iku sok dipuluk.
Têgêse “malah mulya sang sih siniwi” iku malah diluhurêna pêparinge ratune.
Lire mulya, waras. Iku têmbung pasêmon luhur, sabab supama warase gêrah ratu.
21 Najan @#*
209
Têgêse sok wise gêrahe waras ya luhur yuswane dawa. Lire sang sih, kang
pêparing pasihan. Iku têmbung jarwa disamarake. lire siniwi, sineba. Iku têmbung
pêsêmon ratu, sabab sing pantês ditêmbungake siniwi amung ratu.
Têgêse “yèn boya kabancanga” iku yèn oraa keron. Lire boya, botên, ora. Iku
kawining tatakrama dadi têmbunge wong sapocapan ana ngêrsaning ratu. Lire
kabancang, supama wong niyat angarah dhêmên wong wadon amung siji,
wusanane dadi entuk wong wadon loro. Tamtune kang duwe pêngarah mau atine
ya keron. Dene lire kabancang mau ya uga keron, ananging dudu têmbung
bancange entuke antukane wong bêdhil utawa manah. Iku têmbung pasêmon.
Têgêse “ tunata dening sarana” iku kluputan yèn tinggala sarat. Lire tuna, luput.
Iku têmbung paribasan tuna luput kae, dudu tuna rugi. Lire sarana, sarat. Iku
têmbung jarwa.
Têgêse “istha tan antara wande anak rabi” iku saestune ora antara lawas bakal
wurung olèhe nyêkêl barang kagungan dalêm. Têgêse ora antara lawas yaiku
bakal dicopot. Lire istha, diggo pêsêmone têmbung saestu.
Têgêse “sampun cuwa ing karsa” iku wis ta aja cuwa karêpmu. Iku têmbung
jarwa.
Candhake sruti mêngkene :
(48) baya ane sangêt dèn sêtyani/ yèn amangsa amèt amangana/ lwirning
kangêning sang angrèh/ angrèh amuruk laku/ lamun arda lana sahardi/ mangsa
malih kandêla/ ywan kêna ing ngriku/ sapa marêk ana lawang/ lan warangas
angarêngês angucuwil/ dening apa tulusa//
210
[2592]Têgêse mêngkene :
Yèn misih cipta ngêdumi anak bojo dadi ora entuk dene olèhe bangêt tumêmên
nyang ratu. Dene ana kagungan dalêm sing dikarêpi ya disuwuna sakwêcana lan
ora anèh yèn mêngkono lakune. Dene yèn ora urut panyuwune ya uga misih
cacad, apadene yèn bangêta karêp ngarah kagunganing ratu pêsthi ora dipindho
pêngandêle gustine. Sabab ya sapa wonge gêlêm marêgi lawang lan sapa wonge
sing gêlêm makani rangas. Wusana ora lulus sihe ratune.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “baya ane” iku boya anèh, ora anèh, yèn têgêse dinggo mêngkono iku
têmbunge wong sapocapan ana ngêrsaning ratu lan têmbung jarwa disamarake.
Utawa lire baya anèng, boya entuk dene.
Têgêse “ dèn sêtyani” iku bangêt olèhe ngêmên-ngêmênake. Lire satyani,
anuhoni, angêmên-nêmênake. Iku têmbung kawi.
Têgêse “yèn amangsa amèt amangana” iku yèn samangsa kêpengin jukuk utawa
kapengin mangan marang kagungan dalêm kang dadi rêksane. Lire yèn amangsa,
yèn samangsa. Iku têmbung jarwa disamarake. lire amèt, jukuk. Iku têmbung
jarwa.
Têgêse “lwirning kangêning sang angrèh” iku yèn seba têmu dhewekan matur
anyuwun. Lire lwirning, kaya dene, yèn. Iku têmbung jarwa. Lire kangên, iku
têmbung pêsêmone wong kudu kêtêmu dhewe. Sabab wis lumrah sok anaa wong
kangên niyate mung kudu kêtêmu dhewe marang sing dikangêni. Lire ning sang
angrèh, ingkang ngêrah saknagara kabèh, ya iku ratu. Iku têmbung nyêmoni ratu.
211
Têgêse “angrèh amuruk laku” iku patrap pênggawene olèhe nyuwun sing urut.
Lire angrèh, têmbung pasêmone barang pênggawe. Lire amuruk laku, supama
wong akèh kang mlaku aana jro kadhaton dikon sing urut. Iku têmbung pasêmone
urut-urute wong mlaku ana jro kadhaton.
Têgêse “arda lana sahardi” iku bangêt gêdhene alane wis manggon. Lire arda,
bangêt. Iku têmbung kawi. Lire lana, ora owah-owah utawa manggon. Iku ewone
têmbung [2593] kawi. Lire sahardi, sagunung, gêdhene sagunung. Iku pêsêmone
têmbung gêdhene sagunung.
Têgêse “mangsa malih kandêla” iku mangsa dindêla manèh mênyang ratune. Iku
têmbung dijugag dibuwang kang pungkasan limang aksara.
Têgêse “ ywan kêna ing ngriku” iku dene yèn kêna ing pênggawe kang mêngkono
iku. Iku têmbung jarwa rada disamarake.
Têgêse “sapa marêk ana lawang, lan warangas” iku ya sapa wonge sing gêlêm
marêgi lawang lan makani wrangas. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “dening apa tulusa” iku sabab têka apa olèhe bisa tulus nyêkêl barang
kagungan dalêm. Iku têmbung jarwa.
Candhake sruti mêngkene :
(49) lyan sang inandêl ing ulah prani/ pranatane wruh sandining dwistha/ satata
satalêtêhe/ byakta nalikèng dalu/ kurang turu angaji pati/ pratikêling pangulah/
kalahaning ripu/ ramping aramping atanggap/ kêdhap sêsmita satata dèn ulati/
talajanging wêkasan//
212
Têgêse mêngkene :
Dene yèn diandêl ulah pêrang iku kudu wêruh pratikêle yèn arêp mupus ing
barang prakara pakewuhing pêrang kang wis ora kêna binudi ing tingkah ananging
pamupuse aja nganti kawruhan sapadhane lan marang klèrèhane sapangisor. Dene
yèn wêtune wêngi sing kurang turu angajara murih patining mungsuh lan murih
kalahe mungsuh kabèh kang rampung ramping pangulahe, kang rikat tarajange,
kang prigêl22 solahe, kang trampil marjaya panangkise, kang tanggap kuwat
cêcandhakane, utawa dhèwèke angêdhapêna ngulap sasmitaning Allah. Golekana
bênêring klakuan lêstarining wêkasan.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ lyan sang inandêl ing ulah prani” iku lan kang diandêl ulah pêrang. Lire
lyan, lan. Dudu lyan liyane. Iku têmbung jarwa disamarake. lire sang, kang. Iku
têmbung jarwa. Lire inandêl, ingandêl. Iku têmbung jarwa disamarake. lire ing
ulah, ing ajar. Têmbung paribasan. Lire prani, prana, pêrnah. Iku têmbung
pêsêmon nyêmoni pêrnahing tatu, tatune wong pêpêrangan lan ya iku nalare
têmbung prani dakjarwani pêrang mau.
Têgêse “pranatane wruh sandining dwistha” iku kudu wêruh pratikêle yèn arêp
mupus, ing pamupuse aja nganti kawruhan wong akèh. Lire pranatane, pratikêle
[2594] dudu pranatan pangkat-pangkate barang pênggawe. Iku dinggo pasêmone
têmbung pasêmon pratikêl. Lire sandi, barang karêp kang ora akèh kawruhan
wong akèh. Iku têmbung pêsêmon nyêmoni karêp kang disimpên. Lire dwistha,
22 Parigêl @#*
213
dwi loro, astha wolu. Loro lan wolu dadi sêpuluh, yaiku têmbung paribasane
wong mupus puluh-puluh kae. Ananging iku dadi têmbung wangsalan.
Têgêse “satata satalêtêhe” iku sak padhane lan sak pangisore pisan. Lire satata,
sapadha-padha, utawa rampak. Iku têmbung jarwa. Lire talêtêhe, talêtuh, lalêtuh,
lanatêh, latêh, latak. Lire latak, rêgêding nila kang ana jêmbangan wêdêlan sing
ngisor dhewe lan ya iku nalare têmbung talêtêh dakjarwani sakpangisore pisan
mau. Iku têmbung kawi.
Têgêse “byakta nalikèng dalu” iku nalika wêtuning wêngi. Lire byak, iku dinggo
têmbung pasêmone wêngane tinêbing layang.
Têgêse “ngaji pati” iku ngajar-ajar kang murih patining mungsuh. Lire ngaji,
ngajar. Iku têmbung paribasane wong sinau maca Kuran sabab olèhe sinau lagi
diajar, nuli diarani lagi ngaji. Lire pati, dinggo têmbung pêsêmon patining
mungsuh.
Têgêse “pratikêling pangulah” iku pratikêling pangajar. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “ kalahaning ripu” iku kalahe mungsuhe. Lire ngripu, mungsuh. Iku
têmbung kawi.
Têgêse “ramping aramping atanggap” iku sing rampung ramping pangajare, sing
rikat kuwat cêcandhakane. Lire rampinga, rampunga. Lire rampinga manèh
ramping iku têmbung paribasan rampung-ramping kae. Lire tanggap,
pênyandhake olèhe nanggapi kridhane tumbaking mungsuh kang supaya aja kêna
ing tumbak lan supaya dhèwèke bisaa rikat numbak mara mungsuhe, kang marga
214
têka ing karosane tangan têngên bae. Iku têmbung pasêmone rikat kuwate olèhe
nyandhak gêgaman.
Têgêse “kêdhap sêsmita” iku ngêdhap-ngêdhapêna sasmitaning Allah. Lire
sasmita, barang panêngêran kang rupane ana ngèmpêr-èmpêri. Iku têmbung kawi
lan têmbung paribasan.
Têgêse “satata dèn ulati” iku golekana prayoganing laku, awit mungsuh
sapadhane wong urip. Lire satata, tata gêgamane kang diajarake saupama kang
têka têngên marang kiwa utawa têka kiwa marang têngên. Sarta panyandhake
olèhe nangkapi [2595] sapadha-padha. Iku têmbung pasêmone sapêpadhane wong
urip.
Têgêse “ talajanging wêkasan” iku muriha bêcik sabanjure tumêka ing wêkasane.
Lire talajang, talajêng sapon, ta banjur bae. Iku têmbung jarwa disamarake.
Candhake sruti mêngkene :
(50) yadyan sêmbada panduming budi/ durung dadi lamun durung awas/
karsaning tuwan tibane/ kahênêngan anêkung/ amaladi samadi hêning/ anêgês
karsaning sang/ amurwèng pandulu/ tingalana maklumulah/ têkèng têmahing
wayang lampah ing kêlir/ wayangên wayangêna//
Têgêse mêngkene :
Ananging sênajan wis bisa23 pintêr andum ajar gêlaring pêrang iku durung dadi
yèn durung awas lan karsane kang gawe urip. Dene yèn murih tibaning wahyu
23 Wisa @#^
215
nuli tuwakupa ngênêngêna budi solah bawa rasa, amung ciptaa anêgês karsaning
Allah utawa elinga yèn sakabèhe iki kawulaning Allah. Ing wusanane saengga
dhèwèke iku wayang kang ana kêlir nuli dikon mayangake ing wayang. Iku yèn
prayoga diwayangêna, yèn ora prayoga aja.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “yadyan sêmbada panduming budi” iku ya sênajan budine wisa sêmbada
pintêr ngêdum mrênata wêrna-wêrnane barang mangkate ajaring pêrang. Iku
têmbung jarwa dijugag.
Têgêse “karsaning tuwan tibane” iku dhawuhe karsaning Allah. Lire tuwan,
bêndarane sakrupaning alam kabèh yaiku Allah, lan dudu tuwan kasêbut mau. Iku
kawining têmbung krama.
Têgêse “kahênêngan anêkung” iku ngênêngake budi solah bawa rasa. Iku
têmbung jarwa.
Têgêse “amaladi samadi hêning” iku tawakup marang Allah, ngêningake cipta yèn
jaman buda sêmadi marang dewa. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “anêgês karsaning sang amurwèng pandulu” iku nêrang karsaning Allah
sing ngawiti gawe pandêlêng. Lire amurwèng, Kang acipta. Iku têmbung kawi.
Têgêse “tingalana maklumulah” iku kawruhana marang kawulaning Allah. Lire
[2596] maklu, makluk, kawulaning Allah. Iku dinggo têmbung pasêmone makluk.
216
Têgêse “têkèng têmahing wayang lampah ing kelir” iku dhèwèke saengga wayang
kang dilakokake ana jagad. Iku dinggo têmbung pêsêmon klakuane wong dadi
senapati utawa wong dadi kêpalaning pêrang.
Têgêse “wayangên wayangêna” iku klèrèhane kang ora pantês lumaku aja
dilakokake, kang wis pantês lumaku dilakokêna. Lire wayangên, saengga kaya
rupaning wayang amung diênêngêna ana panggung amba bae. Lire wayangêna,
saengga kaya wayag yèn wis mangsane lumaku dikon nglakok-nglakokake. Iku
têmbung ibarat utawa pasêmon tunggale dhuwur mau.
Candhake sruti mêngkene :
(51) punang inandêl ing ulah rawit/ karawitan witipun tan ana/ malih amung
pinangkane/ sing kakawin myang kidung/ kadi kadang kêdêhan jarwi/ sarekaning
kalangyan/ ungguhing raras rum/ rumarah murang ing gita/ sandining sakyèndriya
rekaning kawi/ kawidhi widayaka//
Têgêse mêngkene :
Dene yèn diandêl ulah karawitan, ananging karawitan iku sing mau ora ana dene
pinangkane têka têmbang kawi lan têmbang kidung dhèk jaman panji. Iku salagi
pandugi dalêm ingkang sinuhun, para kadang kadeyan sing nganggit jarwakake
pêncaring krawitan. Dene gawene mung dinggo kêlangênan murih suka para
garwane panji. Malah turun tumurun padha katungkul nganggit kêsukaning kawi.
Dene sababe dinggo ngecakake pênggalih sarekaning kawi gawe kuat padhanging
galih.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
217
Têgêse “ulah rawit” iku ulah sastra kawi lan jarwa sapanunggale utawa
sarupaning têmbung lan gêndhing lagon kabèh. Lire rawit, angarawit, lêmbut,
alus. Iku têmbung paribasane barang kang bangsa alus.
Têgêse “karawitan witipun tan ana” iku kawit ananing gêndhinging gamêlan. Iku
têmbung paribasane barang kabisan kang bangsa alus. Sabab gêndhing iku ora ana
wujude. Lire witipun tan ana, kawitane ora ana sing dhèngêr. Iku têmbung dijugag
amung dianggo têngahane bae.
Têgêse “amung pinangkane sing kakawin myang kidung [2597] kadi kadang kêdê
anjarwi” iku amung pinangkane têka têmbung kawi lan têmbung kidung kaya-
kaya kadang kadeyan sing nganggit jawakake. Lire sing kakawin, têka têmbang
kawi. Iku têmbung jarwa dijugag dibuwang rong aksara. Lire myang kidung, lan
têmbang dhangdhanggula, sinom, sêmaradana, mijil, kinanthi pangkur, durma. Iku
têmbung jarwa anggêbêng jênênging têmbang. Dene mulane diarani têmbang
kidung sabab lire kidung, kudang. Lire kudang, pênggunggung, pêngalêm, têgêse
kang digunggung lan kang dialêm dumunung marang kang didhêmêni. Dene lire
gawene têmbang kidung mau cêpakana dianggo têmbanging rêrêpèn kang
angrarêpa ing wong wadon kang didhêmêni. Dene têmbang kang nêm iku wis
kagolong marang têmbang kang siji. Lire kadi, kaya, duga-duga. Iku têmbung
jarwa. Lire kadang kêdêhan, kadang kadeyan. Iku têmbung jarwa disamarake.
Lire jarwi, ngajar kaluwihan. Sabab lire jar, ngajar. Lire wi, luwih, têgêse ya iku
sing nganggit ajar kaluwihan. Iku têmbung dijugag lan kawi.
Têgêse “sarekaning kalangyan ungguhing raras rum” iku sareka-rekane amung
têtêp dinggo kêlangênane wong wadon. Lire kalangyan, kalangênaning wong
218
wadon. Iku têmbung jarwa. Lire ungguh, lungguh. Iku têmbung jarwa disamarake
dinggo têmbung pêsêmon têgêse lungguhing bokong. Lire rara, wong wadon kang
misih prawan dene mulane diarani rara sabab durung ana kang awèh rasa
angêpenakake badan sakojur. Iku têmbung pêsêmone rarane wong wadon kang
durung rabi. Lire srum, arum. Arume wong wadon kang nganggo kêmbang lan
bangsane wêwangi, iku dinggo têmbung pasêmone wong wadon.
Têgêse “rumarah murang ing gita” iku golèki lan milih-milihi pênganggite. Lire
rumarah, lumarah, lumuruh, angucali, anggolèki. Iku têmbung kawi. Lire murang,
sumimpang, sumingkir, têgêse ana sing disingkiri, ana sing dipilih. Iku têmbung
paribasan murang sarak kae. Lire gita, anggitan, nganggit, dudu gita-gita ngagèt-
agèti. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “sandining sakyèndriya rekaning kawi” iku awade dinggo ngenakake budi.
Lire sandi, barang karêp kang ora awèh kawruhan wong akèh saupama
kaprêgoking patakon satêmah wang-[2598]sulane diawadake. Iku pasêmone
têmbung aling-aling utawa sasab awad-awad. Lire sakyèndriya, sakecaning budi
utawa ati. iku têmbung jarwa.
Têgêse “kawidhi” iku luwih adi. Iku têmbung kawi.
Têgêse “widayaka” iku luwih kuwat pintêr, kakawi iku kang iku kowe sumurupa
kang luwih kuwat pintêr iku. Dudu kakawine, têgêse wong sing bisa barang
kakawin. Iku atine luwih pintêr lan dhêmêna luwih kuwat. Dene lire kakawin iku
ora ngêmungake sastra kawi lan jarwa. Yaiku sarupaning têmbang gêndhing-
gêndhing lagon kabèh. Rong gon iku têmbung kawi kabèh.
219
Candhake sruti mêngkene :
(52) ya karananira sang siniwi/ asung tabêt babah binabahan/ ring dumadi
kasidhane/ dan arahên karuhun/ kasantikan sampun kawuri/ ing sudarmanira/ nala
dipun alus/ manah manis minanisan/ sampun kapranèsan dèn amasang mèsi/
masalah sumpêt sêkar//
Têgêse mêngkene :
Lan mulane ratu awèh cêkêlan dibubuhake dhewe-dhewe têgêse arêp nyatakake
kêdadeane sing padha duwe bubuhan. Sabab sing mau wis diarah iku supaya
klakona pêngarahe marang balane kabèh lan sing padha dadi pêngarêp aja tinggal
kapintêran kang alus murih prayoga lan elinga ing cacêkêlane. Yèn amung drêma
digadhuhi wae mulane budine kudu sing alus, aja murka. Sabab supaya bênêra
barang prentahe lan bênêra barang wuruke mênyang klèrèhane. Dene klèrèhane
sêmono uga supaya manuta prentahe lurah nirua pambêkane lan solah bawane
sing bêcik, aja katungkul sêmbrana babing dhêmên wong wadon nanging barang
pênganggone sing katon bêcik kang saengga birahi marang wong wadon.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ya karananira” iku denemulane. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “sang siniwi” iku sang sineba, yaiku ratu. Iku têmbung kawi.
Têgêse “asung tabêt” iku awèh cêkêlan. Iku têmbung pasêmone wong nyênyêkêl,
sabab wong nyêkêl barang-barang iku yèn wis suwe panyêkêle ana salah sijine
tabêting tangan, kringête, ambune, rupane.
220
Têgêse “babah binabahan” iku bêbah [2599] binêbahan utawa bubuh-bubuhan.
Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “ring dumadi” iku ing sakabèhe kang padha nyênyêkêl. Lire ring dumadi,
ing sakabèhe kadadeane kang jênêng alam. Iku dinggo pasêmone sakabèhe kang
padha nyênyêkel.
Têgêse “kasidhane” iku kasidane ing dadine gone nyêkêl. Iku têmbung dijugag
rong dumane ing aksara kang wêkasan.
Têgêse “dèn arahên karuhun” iku wis diarah sing mau-mau. Lire dèn arahên, dèn
arahakên, dudu dikon ngarah dana pawèwèh. Iku têmbung jarwa disamarake. lire
karuhun, rumiyin, kang mau. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “kasantikan sampun kawuri” iku aja ngungkurake kalakuan sing alus
utawa aja ngungkurake barang kabisan sing alus. Dene yèn lire santika bae
kasêktèn, ananging ya sênajan kasêktèn sêmono uga ya kabisaning uwong kang
luwih alus. Iku dinggo têmbung pasêmone kabisan kang bêcik alus.
Têgêse “ing kasudarmanira” iku rumangsane amung darma ginadhuhan. Lire
kasudarman, kang rumangsa nglakoni ing barang pênggawene uwong, dudu
kalakuaning ati kang bêcik. Iku têmbung kawi.
Têgêse “nala dipunalus” iku atine kang alus sarèh aja grangsang, aja murka. Lire
nala, kang saengga sumuking panas gênine ing ati. iku têmbung kawi.
Têgêse “manah manis minanisan” iku atine lurahe bêcikana marang klèrèhane,
atining klèrèhane nuruta ing wuruke kang bêcik marang lurahe. Lire manis, lêgi.
221
Dene têmbung lêgi iku ewone têmbung bêcik, mulane kêna dianggo pêsêmone
têmbung bêcik.
Têgêse “sampun kapranèsan” iku aja sêmbrana bab dhêmên wong wadon. Lire
pranèsan, para kênès. Kênès iku têmbung nyêmoni wong sêmbranan nyatur wong
wadon.
Têgêse “ dèn amasang mesi masalah sumpêt sêkar” iku mung olèhe masangake
pênganggone bae sing katon bêcik kang saengga birahi dhêmên marang wong
wadon. Lire masang, masangake pênganggo kang bêcik. Iku têmbung dijugag
mung dijukuk kawitane rong aksara. Lire mesi, ngèksi, ninga[2600], katon, dudu
mèsi isi. Iku têmbung jarwa disamarake. Lire masalah, sabarang ingkang dadi
sabab lan barang kang dadi nalaring prakara ala bêcik. Iku têmbung jarwa. Lire
sumpêt, têmbung paribasane wong nutupi barang karêp kang ora awèh kaprungu
akèh nuli dinggo têmbung nyêmoni karêpe wong dhêmên wong wadon, gone ora
awèh kaprungu akèh. Lire sêkar, kêmbang. Kêmbang iku dinggo pêsêmoning
wadon, sabab pantês pênganggone wadon marang lanang.
Candhake sruti mêngkene :
(53) yudanagara ujungan liring/ sarah pringga ywan anambang têmbang/ têka
wanèh pikênane/ kunang kinoning laku/ angulani lalu kalinglin/ alin-alining nala/
nalikaning ulun/ kalulun lali kalingan/ biramaning budi dumadi dinalih/ dêlahan
andaluya//
Têgêse mêngkene :
222
Dene yèn nalika paseban gêdhe sadurunge sang ratu miyos, iku wong nagara kang
ana paseban kawit ngêmpakake kaprameyan pêranging ati kang murih prayoga.
Pratikêle kudu lirik-linirik supaya ningaa prabotan solah bawane kang padha seba.
Sabab yèn ana sing nêrak larangan mêsthi entuk luput lan aja wani ngucap
sambungan warta-winartakake. Dene yèn ana sing nêrak larangan nuli sing cêdhak
lan kang pancèn duwèni gawe ngèlikake nuli dijawila, supaya ngelingna sarta alus
nyang kang bangêta linêrak larangan mau aja nganti kauningan marang patih.
Sabab laline katut gêdhening ati kang lagi bariwut saking kèhe kang seba. Dene
yèn kauninganing24 patih ora wurung winastan wong ala kêbacut.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “yudanêgara” iku pêranging ati kang prayoga wong ana nagara. Lire yuda,
pêrang. Iku têmbung kawi. Lire nagara, yèn lagi têmbunging candra sastra lire na,
padhang. Yèn têmbung kawi lire gara, gêdhe. Dene kumpuling têmbung sakarone
na utawa gara iku yèn disarèhake mèngkene, amadhangi desa kang gêdhe. Dene
kang dadèkake padhang yèn ora kêkurangan adil kang bênêr.
Têgêse “ujungan liring” iku lirik-linirik. Lire ujung, pucuk. Iku têmbung malayu
nuli dinggo têmbung pasêmone pucuking mata. Lire liring, nglirik, obahing mata
[2601] marang ngiringan sakêdhèpan. Iku têmbung jarwa.
Têgêse ”sarah pringga” iku kèhe pêkewuhing paseban saengga kaya sarah. Lire
sarah, barang rêrêgêd kang mandhêg ana kalèn kali bêngawan. Iku têmbung jarwa
utawa paribasan. Lire pringga, sêbarang pakewuh. Dene lagi surasane yèn sarèh
ing têmbung. Lire pringga, pringgon, panggonan pring, panggonan dhapuraning 24 Kuninganing @#%
223
pring. Mulane diarani pêkewuh sabab wis karuntuhan carang kang padha garing
satêmah pakewuh yèn dilêbonana. Iku têmbung kawi. Iku têmbung kawi.
Têgêse “ywan anambang têmbang” iku aja ana ngucapake wêrta-winartakake.
Lire nambang, nalèni. Dene yèn lire tambang, tali. Têmbung iku dinggo pêsêmone
nalèni tali padha tali, têgêse nyambung sasambungan ngucapake wêrta
sasambungan wêrta winêrtakake. Lire têmbang, têmbung. Sêbarang têmbunging
pangucap dudu têmbung pucung, iku têmbung jarwa disamarake utawa têmbung
paribasan têmbang-têmbunge kae.
Têgêse “ têka wanèh pikênane” iku kênane dielikake têka wong seje. Iku têmbung
jarwa disamarake.
Têgêse “kunang kinoning laku” iku akona sing pancèn duwèni gawe ngèlikake.
Lire kunang, kona, akona, dudu kunang kunêng mênêng ngandhêgake crita. Iku
têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “angulani lalu kalinglin” iku angêsori marang uwong kang bangêt laline.
Lire angulani, angawulani. Lire kawula, asor. Iku pêsêmone têmbung ngêsori
utawa ngalahi. Lire lalu, têrlalu, bangêt. Iku têmbung Malayu. Lire kalinglin,
kalalèn. Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “alin-alining nala” iku patih kang dadi wakiling ratu. Lire alin-alin, aling-
aling. Iku têmbung jarwa disamarake nuli dinggo têmbung pêsêmoning patih gone
minangka aling-alinging ratu marang balane. Lire nala, ati. iku dinggo
pasêmoning ratu sabab ati iku ratuning badan.
224
Têgêse “nalikaning ulun” iku nalikane sang ratu durung miyos, iku amasthi patih
kang nguwasani paseban. Lire ulun, ngulu-ulu, anggêdhèni, ulu-ulu sakrupane
panggêdhening têtindhih iku amung ratu, dudu ulun ulu-ulu [2602] panganan. Iku
têmbung kawi dinggo pêsêmoning ratu.
Têgêse “kalulun lali kalingan biramaning budi” iku katut sabab lali awit kalingan
gêdhening ati kang bariwut utawa rumabing ati. Lire kalunglun, katut. Iku
têmbung jarwa utawa paribasan. Lire birama, birawa, gêdhe, bariwut, utawa
rumab. Iku têmbung jarwa disamarake. Lire budi, ati, sabab panggonaning budi
ana ati. iku têmbung pêsêmon ati.
Têgêse “ dumadi dinalih” iku amêsthi diarani utawa amêsthi ditêrka. Lire dumadi,
sakabèhe kadadeaning alam. Iku wis dipêsthia ana marang kang dadèkake, dudu
dumadi dumadak. Iku têmbung pêsêmon pêsthine ana rupane sêbarang alam. Lire
dinalih, tinarka, diarani. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “dêlahan andaluya” iku besuk kêbacut. Lire dêlahan, besuk. Iku têmbung
paribasan. Lire daluya, kêbacut. Iku têmbung jarwa.
Candhake sruti mêngkene :
(54) rupakênaning laku ngunani/ manah budi ingkang abirama/ martani tyas
samantarèng/ kang wasita dinulu/ duluraning sawignya lyaning/ gusthi
kawahyaning tyas/ samantaranipun/ apan mahardikaning rat/ kerut karahatan
tyasing sang kahaksi/ yayah angyaya rena//
Têgêse mêngkene :
225
Dene rupa pratikêl kang murih kêna25 angêsori atine uwong kang gêdhe lagi
bariwut. Olèhe ngalingake saknalika iku dienakana atine diwèhana sasmita kang
têtela lan ulate kang lêjar, esême kang manis. Endi sing dadi lupute awake dhewe
dinggoa tuladha, diningakna marang kang luput sarta mèsêma kang manis. Lan aja
nganggo ngucap sakêcap amêsthi sanalika iku sing luput grahita nuli miturut sarta
ngalêm marang dhèwèke, tinarka dhèwèke kanggonan budi utamaning jagad sarta
atine kerut kagagas nalika ninga sasmita mau satêmah anggêpa marang dhèwèke
bangêt ambapa biyung.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “rupakênaning laku ngunani” iku yèn murih digugu pratikêle olèhe
ngêsori. Lire rupa, rupaning pratikêl. Iku dinggo têmbung pêsêmon rupaning
pratikêl. Têgêse laku, klakuan. Iku pêsê-[2603]mone têmbung kêlakuan. Lire
ngulani, ngawulani, angasori. Iku dinggo têmbung pêsêmon sabab wong ngawula
iku kasor marang bêndarane.
Têgêse “manah budi ingkang abirama” iku mênyang atining uwong kang gêdhe
kang budine lagi bariwut. Lire birama, birawa gêdhe, bariwut utawa rumab. Iku
têmbung jarwa disamarake utawa mèmpêr pasêmoning têmbung.
Têgêse “martani tyas samantarèng” iku diarisana murih kapenake atine sanalika
iku. Lire martani, angarisi, ngapenakake ati. iku têmbung kawi. Lire tyas, ati. iku
têmbung kawi. Lire samantarèng, sakantara, sanalika. Iku têmbung jarwa
disamarake.
25 Kang murih kêl kang murih kêna #$%
226
Têgêse “kang wasita dinulu” iku dituturana ing sasmita kang têtela. Lire wasita,
wangsiting ati, pituturing ati, osik ciptaning ati. dene mulane têmbung wasita
dakjarwani pituturing ati sabab iku têmbung kawi dinggo jêjuluki marang
pênggawe alus ing cipta osiking ati kang saengga pituturing uwong kang mêtu ing
lesan. Iku mau têmbung pasêmoning pitutur.
Têgêse “duluraning sawignya lyaning gusthi” iku panunggalane kapintêran liya
mêtune pangucaping ati. Lire duluraning, panunggalane. Iku têmbung pasêmone
sêdulur tunggal bapa. Lire wignya, luwih pintêr, sabab iku kawi têmbung
awignya. Lire lyaning, liyane. Iku têmbung jarwa. Lire gusthi, rêmbug kang
kawusthi ing ati. dene mulane têmbung gusthi dakjarwani pangucaping ati
mangka lir gusthi rêmbug kang wis kapusthi ing ati sabab saengga rêmbug iku
têka ing rêmbuge wong liya, wis pêsthi gone nuturake rêmbuge ya uga têka ing
pangucape. Lan iku mau têmbung kawi dinggo pêsêmon pangucap. Lire kawahya,
kawêktu, kawêtu. Iku têmbung kawi. Lire tyas, ati. iku têmbung kawi.
Têgêse “samantaranipun” iku saknalika iku, sakantara iku. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “apan mahardikaning rat” iku ingkang wus aneje têka alane ing jagat. Lire
amardika, wus pisah lan sarupaning wong, kang padha duwèni kalakuan ala utawa
kang misih katèmpèlan pênggawe ala. Iku têmbung kawi. Lire ngrat, sakabèhe
jagad. Iku têmbung kawi.
Têgêse “kerut karahatan” iku katut karantan-rantan. Lire kerut, katut. Iku têmbung
pa-[2604]ribasane barang sarah kang katut ilining banyu. Lire karahatan,
karantan-rantan. Iku têmbung paribasan disamarake. lire karantan-rantan,
sabarang digagas katut kadudut-dudut.
227
Têgêse “sing sang kahaksi” iku sing kang katon mau. Lire sing, ing. Lire sang,
kang. Lire kahaksi, kaèksi, katingal, katon. Têlung gon iku têmbung jarwa.
Têgêse “yayah angyaya rena” iku bangêt ambapa biyung. Lire yayah 3 bab. 1.
Bangêt, 2. Bapa, 3. Wong tuwa. Iku têmbung kawi. Dene yèn lagi ing surasane,
sababe têmbung yayah duwe jarwa têlung bab iku awit têmbung yayah iku yèn
disarèhake olèhe ngucapake dadi muni iya-iya. Dene iya-iya iku têmbung
dipindhoni, ing sêmune olèhe mindhoni iku awit wis bangêt pêngandêle lan nyata
bênêr yaiku nalare têmbung yayah olèhe duwe jarwa bangêt mau. Dene sabab
têmbung yayah duwe jarwa bapa lan wong tuwa awit bapa lan wong tuwa iku
bangêt olèhe ngungkuli umuring anak lan wong anom. Lire rena, biyung. Iku
têmbung kawi. Dene yèn lagi surasane mulane têmbung rena dijarwani biyung
sabab lire rena, rina, dina awan, padhang. Dene yèn sêmuning surasa dijêrokake
padhang iku makna lair, yèn mungguh pêtêng makna batin. Dene têgêse anak iku
lair batine anaking bapa, mulane ing batin dadi anaking bapa sabab awit si bapa
ngêtokake rasa marang talanakaning wadon, ora kawêruhan ing mata kewala.
Dene anak ing laire gone dadi anaking bapa sabab awit pênggawene anak
kawruhan marang matane wong 2 lan yêktine ana si bapa kuwajiban awèh
sandhang pangan lan muruk pênggawe bêcik marang anak sak kalane durung
balèg lan kuwajiban malèni ing palakine anake wadon. Dene anak amung ing laire
gone dadi anaking biyung sabab si biyung amung darma madhahi rasaning lanang
kang ana talanakan. Kang pêsthi ora bisa kaworan marang rasaning wadon lan
ngêtokake bayi kalane lair utawa ing kayêktène ya ana. Kayata biyung iku wis
pêsthi gone ora wênang malèni marang anake wadon.
228
Candhake sruti mêngkene :
(55) yèka ta sanitya sakêna ing/ sih pariksa unggyaning agêsang/ saking
jaman[2605] prabedane/ dining parama kayun/ ning nagara lèn janma tani/ kang
anor anuraga/ raga ragêm nurut/ ring sapari polahira/ wêdaling swara widya
ngênahi ati/ atilas swara marta//
Têgêse mêngkene :
Dene ing kabêcikan mau aja dibeda karo sing dikawruhi sadina-dinane iki. Babe
yèn takon lan prentah tuwin angèlikake mênyang sakpadhane utawa mênyang
bature iku sing asih-asih têmbunge, sabab elinga dhèk jaman misih duryat wis
dijangji dikon eling sapadhane wusana tutug jamaning urip padha lali. Kayata
wong nagara karo wong desa iku batinne ora beda nanging wong nagara iku
karêpe wis karêm dadi kêpatuh olèhe dir clathune nyang wong desa. Sabab awake
ngrasa ora digêgêm nyang wong desa malah gêgêm ora digêgêm, mulane ora
gêlêm kasor clathune. Wusanane wong desa sing padha angêsorake awake rèhning
ora ngrasa gêgêm, dadi nurut barang solahe. Iku aja mêngkono, dene yèn dhèwèke
prentah wêtuning swara sing luwihi kêpenak nyang ati. dadi sing diprentahi
krungu tilasing swara aris atine lêga.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “yèka ta sanitya” iku ika tansah katon, utawa ingkang tansah katon.
mêngkono iku padha bae karo têmbung sing manggung dikawruhi sadina-dina.
Lire yèka, ika, ingkang. Lire sanitya, sakatingal, sakaton. Loro iku têmbung kawi.
229
Têgêse “ sakêna ing sih pariksa unggyaning agêsang” iku sakêna-kênane olèhe
mariksani, utawa têtakon lan ngèlikake mênyang sakpêpadhane sing bisa ngasih-
asih têmbunge. Sabab iku pênunggale gone padha urip. Lire sakêna, sakêna-
kênane utawa sakêna-kêna sabisa-bisane. Iku têmbung dijugag amung dijukuk
kawitane têlung aksara. Lire ing sih, ingkang ngasih-asih. Iku têmbung pasêmon
ngasih-asih. Lire pariksa, apariksa, atakon, paprentah, pangeling-eling. Iku dinggo
têmbung pêsêmon pênunggalane pêtakon. Lire unggyaning agêsang, ênggone
urip, aja dibeda. Iku têmbung jarwa dijugag sêparo.
Têgêse “saking jaman prabedane” iku elinga[2606] dhèk têka jaman beda karo
jaman donya. iku têmbung jarwa dinggo nyêmoni jaman akherat lan misih padha
dadi duryat. Lire duryat, nyawane anak putu Adam kabèh.
Têgêse “dining parama kayun ning nagara” iku dene pakarêmane karêpe wong
nagara. Lire dening, dene. Iku jarwa. Lire parama, pakarêman. Iku têmbung jarwa
disamarake utawa têmbung pasêmone mèmpêr kang bakal diarani. Lire kayun,
karêp, dudu kayun kang urip, dudu kayun kayu, dudu kayun barang-barang. Iku
têmbung jarwa. Lire nagara, dinggo têmbung pêsêmone wong ana nagara.
Têgêse “len janma tani kang anor anuraga” iku lan mung wong desa kang
ngêsorake awake lan ngaturake awake. Lire len, lan. Dudu len liyane, iku kawi.
Lire janma, uwong. lire tani, desa. Sabab dinggo pêsêmon panggonane wong
nyambut gawe barang tatanan. Lire anor, andhap asor. Iku têmbung kawi utawa
jarwa. Lire anuraga, atur awak. Iku kawi.
230
Têgêse “raga ragêm nurut” iku awake ora ngrasa gêgêm, dadi nurut. Lire raga,
awak uwong. iku kawi. Lire ragêm, ora gêgêm. Iku têmbung dicêngkiwing utawa
dijugag dibuwang rong aksara, siji kang wiwitan siji rêpe kang wêkasan.
Têgêse “saparipolah” iku para polah sabarang polah tingkah. Iku jarwa.
Têgêse “wêdaling swara widya ngenaki ati” iku wêtuning swara sing ngluwihi
ngenakake ati. lire widya, luwih denya, luwih denira, luwih dene. Iku têmbung
garba sastra ya uga bangsane kawi.
Têgêse “atilas swara marta” iku krungu krungu tilasing swara aris, atine ayêm
lêga. Lire marta, aris utawa banyu kang adhêm tibaning marang awak dadi ayêm.
Iku kawi, pênjukukku têka têmbung toyamarta.
Candhake sruti mêngkene :
(56) amartani panjênêngan singgih/ singgih winastan nagara krama/ kang tinulat
malah mangke/ tinêpa têpèng tanduk/ tanduk ala kalingan juti/ juwêt ambawur
sila/ krama salah saur/ ywa dumèh mangkin mangkana/ kêna manising pangiwa
angewani/ lèn têrêhing sila gra//
Têgêse mêngkene :
Mêngkono iku klakuan ngayêmake lan ngarisake sakpadhane, yaiku sing diarani
nagara krama. Mulane nganti sêprene [2607] ditiru ditêpa barang solah tanduke
lan aja dumèh dhèwèke wong cilik arêp ora gêlêm nandukake clathu bêcik sabab
ngrasa yèn dhèwèke wong ala. Dadi yèn mêngkono kokèhan padu satêmah bawur
bêcike. Dene kau mêngkono iku ora nganggo pilih sênajan priyayia, wong cilika,
231
bagusa, alaa, ya padha dene nganggo laku sing mêngkono. Kayata wong ditakoni,
sing takon têmbunge krama barêng sing sêmaur têmbunge ngoko iku ora
mêngkono. Aja dupèh kene gêdhe kono cilik ya ta padha kramane kramanana
pantêsên prayogane. Yèn sing mêngkono mau dadi katut gêdhening drajat,
mangka drajat iki ora pasthi langgênge. Mulane aja dupèh têdhak wong gêdhe lan
têdhaking priyayi, bok mênawa drajate kêna owah sêtêmah dadi wong cilik ora
wurung entuk walêsan.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “amartani” iku angarisi ngayêmake ati, ngadêmake ati dudu nyaritani,
dudu awèh warta. Iku kawi.
Têgêse “nagara krama” iku nagara tata, akèh unggah-ungguhe kurmating ucap lan
polah tingkah. Lire na, padhang. Iku têmbung candra sastra ya uga bangsane kawi.
Lire gara, gêdhe. Iku kawi. Dene kumpuling têmbung sakarone iku “na” utawa
“gara” yèn disarèhake têmbunge mêngkene, amadhangi desa kang gêdhe. Dene
kang dadèkake padhang yèn ora kêkurangan patraping adil. Lire krama, kurmat.
Kurmat iku akèh rupane, yèn kurmate taklime marang têmbunging pangucap
utawa polah tingkah laku linggih iku diarani tatakrama. Mulane ditêmbungake tata
sabab têka ing kapranataning ratu kang mau-mau jaman kunane pisan lan ana
kurmat barang swara kang pantês, ana kurmat suguh wèwèh. Iku mau ewone
têmbung kawi.
Têgêse “tanduk ala kalingan juti” iku wong cilik aling-aling bodho. Lire tanduk,
sêbarang tatraping pangucap lan polah tingkah laku linggih. Iku têmbung
paribasan. Lire ala, dinggo têmbung pêsêmon wong cilik, sabab ana sing wis
232
klakon wong cilik iku yèn matur nyang priyayi ngaturake bangsane padha cilik.
Iku o-[2608]lèhe nêmbungake mêngkene, tiyang-tiyang awon sami kados kuwalat
dudu ala rupane kêlakuane. Lire juti, dinggo pêsêmone têmbung bodho, sabab lire
juti, juwêt ati. têgêse karêping ati marang pangucap kang juwêt. Lire juwêt,
pangucap kang bola-bali tur padha nalare satêmah dadi ala karêpe wong bodho,
dene têmbung bodho iku ewone têmbung ala. Lan yaiku nalare têmbung juti
dakjarwani bodho mau lan iku nalare têmbung juti oleh duwe jarwa ala.
Têgêse “juwêt ambawur sila” iku kokehan padu bawur kabêcikan. Lire juwêt,
dinggo têmbung pêsêmon kokehan padu, sabab wong juwêt iku pêngucape nuli-
nuli sênajan wong kokehan padu pêngucape ya nuli-nuli. Lire sila, susila, bêcike
tataning lungguh. Iku têmbung kawi.
Têgêse “krama salah saur salah” iku sing takon têmbunge krama sing ditakoni
saure ngoko. Lire krama, dinggo têmbung pêsêmone wong takon pêngucape
taklim ngajèni. Lire salah saur, pêngucape sing sauri takone mau ngoko, dadi
luput têmbunge olèhe nyauri sabab ora turut krama padha krama. Lire salah, luput.
Iku têmbung malayu
Têgêse “ ywan dumèh mangkin mangkana” iku aja dupèh kene saiki dadi wong
gêdhe, kana dadi wong cilik. Lire mangkin, dinggo têmbung pêsêmone sakiki dadi
wong gêdhe utawa priyayi. Lire mangkana, têmbung pêsêmone kana dadi wong
cilik.
Têgêse “ kêna manising pangiwa” iku katut kabêcikane drajating donya. lire kêna,
dinggo pêsêmon katut, sabab saengga driji iku têgêse kênaning rêgêd ana driji
awit katut palikêting drijine. Lire manis, dinggo pêsêmon bêciking drajad, sabab
233
manis iku ewone têmbung bêcik lan dudu manis lêgining gula, dudu manising
èsêm ulat pêngucap. Lire pangiwa, dinggo pêsêmon donya, sabab sarupaning
donya iku ewone pênggawe ala, sêmono iku yèn mungguh pênganggêpe wong
ahli sawarga.
Têgêse “angewani” iku angowani ora ajêg sabab owah, dudu angewani e-
[2609]wa ora dêduga. Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “lèn têrêhing sila gra” iku lan aja dupih têdhak wong gêdhe lungguhe. Lire
lèn, lan, dudu lèn liyane. Iku têmbung kawi. Lire têrêh, têrah, têdhak. Iku têmbung
kawi. Lire sila, lungguh, kalungguhan, dudu sila susila bêcike tataning lungguh,
tingkah. Iku têmbung nyêmoni lungguhan. Lire gra, gora, gara, gêdhe. Iku
têmbung garba sastra ewone kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(57) agraning parwata witya srênggi/ tan ana samepaning asrêngga/ myang ing
jaladri dalême/ pan kawistara uwus/ rupa lawan warna sajati/ jatining rupa warna/
warnane kadulu/ dulu nêning pasang cipta/ yèn angruruh wadi sinuksma saparti/
tan kajag jinajagan//
Têgêse mêngkene :
Sênajan wong ana pucuk gunung sing angkêr kang ora ana ngupamani angkêre, ya
aja dibeda olèhe ngaji-aji karo priyayi nagara sabab pocapane wis ana. Sêgara sing
luwih jêro kêna dijajagi yen atine uwong ora kêna dijajagi, ananging ya kêna
dijajagi yèn bênêr pratikêle. Dene yèn arêp wêruh karêping uwong rupaning
kênyatahan wis katon ana ulat, dêlêngên pasang sêmuning liring mêngko katon
234
barang karêpe sakwêtara. Yèn luwih saka iku pêsthi ora bisa jajagi karêping
uwong aja dipadha olèhe jajagi sagara.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ agraning parwata witya srênggi” iku pucuking gunung kang luwih
angker. Lire agra, pucuke gunung kang gêdhe. Iku kawi. Lire parwata, gunung.
Iku kawi. Lire wi, luwih. Iku kawi. Lire tya, sêtya, têmên. Iku kawi. Lire srênggi,
sarênggi, rarênggi yaiku atining uwong kang angèl budine, angèling ati iku marga
kakehan rêgêd lan rêrungkuting budi kang ala. Dene yèn supama papan kang
rêgêd rungkut iku pasêmone pantês angkêr, yaiku nalare têmbung srênggi
dakjarwani angkêr mau lan iku dakduga dinggo têmbung pêsêmone angkêr sabab
dinggo nyambungi wulanging sruti bisa amor rapêt ora putung. Semono iku yèn
pêngrasaku dhewe sing jarwani. Dene yèn liyane aku sing jarwani sumangga.
Têgêse “ tan ana samepaning asrêngga” iku kang ora ana ngupamani angkêre. Lire
samepa, upama, saengga. Iku têmbung jarwa. Lire srêngga, srênggi. Jarwane kaya
dhuwur mau.
Têgêse “myang ing jaladri dalême” iku lan [2610] dene bobote jroning sêgara
kêna dijajagi. Lire jaladri, sêgara. Lire myang, lan. Lire dalême, jêrone. Iku padha
dinggo têmbung pêsêmon wong ngucap kaya kang dhuwur mau.
Têgêse “pan kawistara uwus rupa lawan warna sajati” iku wong wis kêtara
rupaning kênyataan ana ngrahi. Lire pan, têmbung atêr-atêr dinggo makna uwong.
lire kawistara, wis katara. Iku têmbung jarwa. Lire rupa, rupaning kênyataan. Iku
235
têmbung pêsêmon rupaning kênyataan. Lire warna, pêsêmon warnaning rai. Lire
sajati, sanyata. Iku têmbung kawi.
Têgêse “jatining rupa warna warnane kadulu” iku dene kênyataaning rupa ya uga
katon ana rai.lire jatining rupa, nyataning rupa. Iku têmbung kawi lan jarwa. Lire
warnane kadulu, rupane katon ana rai. Iku têmbung pêsêmon warnaning rai.
Têgêse “dulunên ing pasang cipta” iku dêloken pasanging ulat. Lire dulunên,
dêlokên. Lire pasang cipta, patrapake ciptane ing ati kawêtu marang ulate. Ya iku
nalare têmbung cipta dakjarwani ulat mau, sabab iku dinggo têmbung pêsêmon
ulat.
Têgêse “yèn angruruh wadi sinuksma” iku yèn arêp wêruh karêping uwong sing
ora awêh kaprungu misih amor lan ati. Lire yèn angruruh, yèn anggolèki. Iku
dinggo pêsêmon yèn arêp wêruh. Sabab wong golèki iku yèn wis kêtêmu
mêsthine ya nuli dikawruhi, dinêlêng. Lire wadi, barang karêp sing ora awèh
kaprungu akèh. Iku jarwa. Lire sinuksma, ing ngêmorake ana ati. iku kawi.
Têgêse “saparti tan kajag jinajagan” iku aja kaya pêpadhane wong jajagi sing ora
jajag. Lire saparti, kaya, kados. Iku têmbung malayu.
Candhake sruti mêngkene :
(58) jaga-jaga yèn tanduking liring/ aja gita gatine dèn awas/ pupusên kalbu
nayane/ suksma samayèng dangu/ yèka ngaran yudanagari/ papaguting paseban/
sabisana bangun/ byuha pikêkêsing gêlar/ sêsêg tangsara wara muwarèng langit/
lèn dhasaring patala//
236
Têgêse mêngkene :
Dene yèn wis ora gajêg-gajêg olèhe ninga tanduk liringing uwong iku mung
jaganana bae lan aja kagètan. Sabab sing bisa nutupi wadining uwong utawa
awasêna gawene liring iku supama liringe ala nyang kowe, mangka kowe [2611]
kudu nuli ningaa babare. Iku aja mêngkono sabab yèn ta ditakona ya mangsa
ngakua wong pênggawe durung kawêtu sêtêmah ora ana bainate. Mulane mung
trimanên ati bae, anggêre kowe ora nimbangi ulat ala utawa kokjak mèsêm guyu
mêngko suwe-suwe ya gêlêm ngêmori mèsêm gumuyu. Yaiku sing diarani
yudanagara, sabab atine sing ora bênêr kudu dipêrangi dhewe apamanèh yèn ana
pasêmuan lan pêseban gêdhe pêsthi kudu nglakoni yudanêgara. Ya sakpraboting
yudanagara eling-elingên sabab pêsêban iku okèh priyayi26. Mêngko ninga priyayi
bae wêdi mundhak yudanagarane ilang. Ta, rasakna dhisik pêseban iku rak jêjêl
wong okèh. Swarane ngantèk ngêmandhang kaya nang langit. Wong kan lêmahe
ya mêngkono ngantèk gêdhêr. Mulane sing ati-ati.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “jaga-jaga yèn tanduking liring, aja gita gatine dèn awas” iku jaganana yèn
ninga patrape liriking wong. Lire jaga-jaga, jagani, jaganana, jaga-jagaa bae,
mrayitnani, prayitnanana, ulat-ulatake, ulat-ulatêna. Iku têmbung paribasan. Lire
tanduk, sêbarang patrap. Iku têmbung paribasan. Lire liring, liriking mata marang
ngiringan. Iku têmbung jarwa. Lire gita, ngagètake, dudu gita anggitan. Iku kawi.
Lire gati, gawe, pênggawe, gawean, iku kawi.
26 Pyayi @#$ *dan ditempat lain
237
Têgêse “aja gita gatine dèn awas” iku aja kagèt gawene bae awasêna. Iku têmbung
kawi lan jarwa. Lire gita lan gati, wis ana dhuwur mau.
Têgêse “pupusên kalbu nayane” iku yèn diulati ala trimanên jroning ati. Lire
pupusên, trimanên. Iku têmbung pêsêmon dikon nrima, sabab wis lumrah wong
akèh sok wis amupus kawêkasane ya dadi trima. Lire kalbu, jêroning ati. iku
têmbung jarwa. Lire naya, nayana, ulat. Iku kawi.
Têgêse “suksma samayèng dangu” iku mêngko suwe-suwe ngêmori. Lire suksma,
alus, bisa ngêmori ati. iku têmbung kawi. Lire samaya, mêngko, mangke, iku
têmbung wangsalan. Lire dangu, dangu-dangu, suwe-suwe, iku têmbung jarwa
dijugag dibuwang saaksara.
Têgêse “yèka ngaran yudanagari” yaiku sing jênêng yudanagara. Lire yèka, ya
ika, ya iku, ya ingkang. Iku kawi. Lire ngaran, ngarani jênênge [2612] barang. Iku
jarwa. Lire yudanagara, mêrangi alane atine dhewe wong ana nagara. Iku têmbung
kawi pêsêmon.
Têgêse “ papaguting paseban, sabisana bangun” iku patêmoning priyayi akèh ana
paseban sabusanane yudanagara elinga. Lire papagut, papanggih, papanggihan,
patêmon. Iku têmbung jarwa. Lire sabisana, sabusana, sabusanane, sakprabote.
Iku têmbung jarwa disamarake. lire bangun, tangi. Iku dinggo pêsêmone têmbung
eling, sabab sing dikon tangi kaelingane ya iku nalare têmbung bangun
dakjarwani eling mau.
238
Têgêse “byuha pikêkêsing gêlar” iku ubyunge wong akèh ngêkêsi ati kaya
gêlaring pêrang. Lire byuha, ubyung swarane polahe wong akèh. Iku têmbung
paribasan disamarake wis dianggo têmbung kawi.
Têgêse “sêsêg tangsara wara muwarèng langit” iku sagsêging polah aju-undhure
wong akèh lan kèhe suwaraning uwong nganti ngêmandhang kaya muni ana
nglangit. Lire sêsêg, sag-sêge aju-undhure wong akèh. Iku têmbung paribasan.
Lire tangsara, kang swara, ingkang suwara, dudu sara barang lêlandhêp. Iku
têmbung kawi lan jarwa disamarake. Lire wara, ora ana wujude. Iku têmbung
jarwa. Lire muwarèng, ngêmandhang, kêmandhang, ora ana wujude mung suwara
bae.
Têgêse “lèn dhasaring patala” iku lan rag-rêge wong akèh nganti ngobahake
lêmah krasa ana sangisore kang padha linggih. Lire lèn, lan. Iku kawi. Lire dhasar,
dinggo pêsêmone têmbung ngisor. Lire patala, pratala, lêmah, bumi. Iku kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(59) têmpuhning wrastra suksma sarining/ kagunturan sanjata wacana/ sawanèh
wangsèng wêtune/ angarah prana sadu/ busana sang sipta kinawi/ grahitarja
makutha/ sêkar taji murub/ sumrik sangsaha sasmita/ pada kasang sipta mantra
pasang yogi/ ambinggêl kamandaka//
Têgêse mêngkene :
Êmpaning yudanagara iku awor pangandikaning ratu kang arum. Saking kèhe
pangandika saengga panah tumêmpuh nanging kang kêtiban ora kêna binastu.
pinarêng tiba mênyang putra santana, pinarêng mênyang nayaka lan sapa kang
239
kêtiban pangandika ya iku wong kêna panah yudanagara. Sabab wêtuning
pangandika pêngarahe luwih alus tur bênêr pêtitis. Dene yèn dicandra pangandika
kang yudanagara mêngkene, bêcik landhêp padhang[2613]-ing grahita ratu
pinangka makutha. Lan paraning sasmita amung katampan padhange ciptaning
mantri pamungkas, dene kamadakaning ratu pinangka binggêl.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêgkene :
Têgêse “têmpuhning wrastra suksma sarining” iku pangandikaning ratu kang
arum awor yudanagara saengga panah kang tumêmpuh. Lire têmpuhning, dinggo
pêsêmon dhumawuhe pangandikaning ratu. Lire wrastra, gagaman utawa
gagaman panah dinggo pêsêmon pangandikaning ratu saengga panah. Lire
suksma, kang alus bisa amor lan ati. iku dinggo pêsêmon amoring yudanagara lan
pangandikaning ratu kang alus. Lire sarining, sarining kêmbang kang arum dinggo
pêsêmon arume pangandikaning ratu. Lan arume pangandika iku amung dinggo
paribasan utawa dinggo jêjuluki, sabab yèn saktêmêne ora ana wong clathu
ambune arum kêjaba yèn sing clathu ngêmut barang wêwangi. Dene mulane kang
wis lumrah nglayang wacan sok nêmbungake pangandika arum sabab têgêse
pangandikane bêcik, cêtha, alon, bênêr, nyata ora nyênyêngit. Dene mulane
ditêmbungake arum sabab arum iku ewone têmbung bêcik, têgêse wis padha
nalare jênêng bêcik ya padha bêcik.
Têgêse “kagunturan sanjata wacana” iku dikèhi pangandika kang pindha panah.
Lire guntur, dinggo pêsêmone têmbung akèh, sabab guntur iku akèhing lêmah
gunung kang jugrug. Lire sanjata, barang gagaman utawa panah. Iku têmbung
malayu utawa kawi. Lire wacana, pangandika, pangucap, clathu. Iku kawi.
240
Têgêse “ sawanèh wangsèng wêtune” iku wêtuning pangandika pinarêng mênyang
putra santana. Lire wanèh, dinggo pêsêmone têmbung pinarêng. Sabab lire wanèh,
seje-seje, têgêse pinarêng iki pinarêng ika. Lire wangsêng, wangsa, sanak,
sadulur. Iku kawi.
Têgêse “angarah prana sadu” iku wis diarahake pangandikane kang murih alus lan
pêtitis. Lire angarah, angarah-arahing pangandika. Iku dinggo têmbung pasêmone
ngarahake pangandika. Lire prana, prênah, parênah, patitis, bênêr. Iku kawi. Lire
sadu, alus. Iku kawi.
Têgêse “busana sang sipta kinawi” iku busananing [2614] ratu sakciptane
dicandra. Lire sipta, cipta. Iku jarwa. Lire kinawi, linuwihake bêcike. Sabab lire
wi, luwih, rèhning ditêmbungake kinawi dadi têgêse linuwihake, dene mulane
dakjarwani dicandra sabab wong nyandra marang sêdhengah kang didhêmêni iku
sok diluwihake bêcike. Dene yèn lire candra, rêmbulan. Sênajan rêmbulan ya
sêmono uga ngluwihi bêcike cahyane yèn kalane purnama tanggal kaping limalas
ora kalingan mêndhung. Awit cahyaning rêmbulan ngluwihi padhane ora panas
blêrêngi. Ya iku nalare têmbung kinawi dakjarwani dicandra mau.
Têgêse “ grahitarja makutha sêkar taji murub” iku landhêp padhanging
grahitaning ratu saengga ngagêm makutha kang luwih bêcik. Lire arja, dinggo
têmbung pêsêmon arja ngagêm. Lire sêkar, kêmbang. Dene sêmune surasaning
sruti sing disêmokake kêmbang kang arum. Dene arum iku ewone têmbung
bêcik. Ya iku nalare têmbung sêkar dakjarwani luwih bêcik mau. Lire taji, tumbak
cilik lancip landhêp. iku têmbung pêsêmon landhêp. Lire murub, dinggo
pêsêmone urubing gêni sabab bisa madhangi marang pêtêng.
241
Têgêse “sumrik sangsaha sasmita pada kasang sipta mantra pasang yogi” iku lan
paraning sasmita asta angawe katampan padhange ciptane pamungkas. Lire saha,
lan, utawa karo. Iku têmbung kawi ing layang ibêr. Lire sasmita pada, panêngêran
asta angawe. Iku dinggo pêsêmone anêngêri asta. Dene mulane pada dakjarwani
asta mangka lire dalamakane sikil pungkasaning badan kang ngisor pisan sing
mêngkono iku, sênajan asta ya sêmono uga. Awit badan urute marang bahu kang
ngisor pisan. Dene mulane nganggo dakwuwuhi ngawe sabab sak ningaku dhewe
sing wis klakon kangjêng susuhunan iku yèn miyos pagêlaran, yèn arêp lênggah
dhampar nganggo ngawe dhisik marang patih, nuli patih matur sêndika ngajak
seba maju sakancane. Lire sipta, cipta iku jarwa. Lire mantra, mantri,
pamungkasing mantri kang dhuwur pisan yaiku patih. Iku têmbung jarwa di-
[2615]samarake dinggo têmbung pêsêmoning patih. Lire pasang, dinggo têmbung
pêsêmon pasange pêngadhaning patih marang pêngawening ratu. Lire yogi,
kapara yoga, kapanujon, kaparêngan. Iku têmbung jarwa dijugag disamarake.
Têgêse “abinggêl kamandaka” iku kamadakaning ratu minangka binggêl. Lire
binggêl, gêlang. Iku jarwa. Lire kamandaka, pangucap kang goroh agawe-gawe,
agawe-gawe dhewe. Iku jarwa.
Candhake sruti mêngkene :
(60) ya ta wêdhar pacaryan lungiding/ wasita santa sisim samapta/ dyana sabda
panêmpuhe/ sarasampata pênuh/ kadi atêp atap atitis/ dènyarsa nuju prana/
sawarsa sumawur/ lumarap angalap jiwa/ jiwaning kaprawasesa rasangkali/
kaluban laba luman//
Têgêse mêngkene :
242
Lan yèn disawang samuaning upacaraning ratu katon muwuhi wingiting
pangandika kang manis arum. Iku minangka sêsupening ratu, dene barang
dhumawuhing pangandika iku pinangka panêmpuhing panah yudanagara lan
saking kèhe pangandika. Sabab kang katiban prêsasat kêna pira-pira panah. Sabab
pangarahe mulane didêrêsi pangandika suwe-suwe tatune anaa kang tlanjêr
satêmah sapa kang katiban pangandika prasasat pinundhut nyawane ana paseban.
Sabab sakala iku kang para nayaka rumangsa nyawane kawasesa ing ratu, tur
kalêban drajating karaton lan gunging pêparing.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ ya ta wêdhar pacaryan lungiding” iku barêng katon baguse upacara
dalêm muwuhi wingiting pangandika. Lire ya ta, sarêng makatên, barêng
mêngkono, basa mêngkono. Iku têmbung jarwa dinggo ngawiti arêr-atêring crita
kang bakal kêcap manèh ana layang wacan. Lire wêdhar, wudhar, ucul. Yèn
supama barang buntêlan kang ditalèni mangka wis diuculi bisa wudhar. Têgêse
yèn wis dibukak buntêlane dadi katon kang dibuntêl. Ya iku nalare têmbung
wêdhar dakjarwani katon mau. Iku têmbung pasêmone wudhare barang kang
ditalèni. Lire pacar, pacara, upacara. Iku têmbung jarwa disamarake nuli dijugag
mung dijukuk têngahe [2616] rong aksara. Lire lungit, wingit. Iku jukuk èmpêre
pêsêmon têmbung wingit, sabab pungkasane wis padha ngite.
Têgêse “wasita santa sisim samapta” iku bêcike pangandika kang mulut ati
saengga pêpaking supe kang ana darijining ratu. Lire wasita, wangsiting ati, osik
ciptaning ati, pangcaping ati, pangandikaning ati, ati iku pinangka ratuning badan.
Ya iku nalare têmbung wasita dakjarwani pangandikaning ratu. Lire santa, ati
243
kang bêcik. Iku dinggo pêsêmon pangandika bêcik kang mulut ati. Lire sisim,
sêsupe. Lire sêsupe, sabab disusupi ing dariji. Iku têmbung jarwa. Lire samapta,
wis pêpak kabèh. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “dyana sabda panêmpuhe, sarasampata pênuh” iku dene saking kèhe
pangandika dalêm kang dhumawuh sapa kang katiban pangandika, awake prasasat
kêbak kêna pira-pira panah. Lire dyan, denya, dene. Iku jarwa disamarake. Lire
sabda, pangucaping pandhita dinggo pasêmon pangandikaning ratu. Lire
panêmpuhe iku têmbung dinggo pêsêmon dhumawuhing pangandika. Lire
sarasampata, gêgaman panah. Dhek jaman bratayuda ana kang jênêng panah
sarasampata. Lire sampata, sapata, sêpata, nyêpatani, ngipat-ipati. Têgêse sara
sêpata iku panah ipat-ipat. Iku dinggo têmbung pêsêmoning panah. Lire pênuh,
kêbak. Iku têmbung malayu.
Têgêse “dènyarsa nuju prana sawarsa sumawur” iku olèhe ngêkèhi pangandika
wis diarah suwe-suwe rasane bisaa mratani lan anaa kang tlanjêr. Lire dènyarsa,
denira akarsa, olèhe arêp, olèhe barang-barang. Iku têmbung jarwa garba sastra.
Lire sastra, aksara. Lire garba, gaib, anggêbêng amêngku angêmot aksara. Lire
nuju, ngarah. Iku jarwa. Lire prana, parênah, talajêr, patitis. Iku kawi. Lire
sawarsa, suwe-suwe, tahun, satahun. Iku têmbung kawi dinggo pasêmon suwe-
suwe sabab sêtahun iku lawas, supama ngêntènana barang-barang bangêt
angluwihi suwene. Ya iku nalare têmbung sawarsa dakjarwani suwe-suwe mau.
Lire sumawur, [2617] iku dinggo pêsêmon sêbarang sing disawurake tibane bisa
mratani.
244
Têgêse “jiwaning kaprawasesara sangkali” iku sakala iku awake kang para nayaka
rumangsa kawasesa ing ratu. Lire jiwaning, awake, nyawane. Iku kawi. Lire
kaprawara, kang prawara, kang para nayaka. Iku kawi. Lire sesa, wasesa,
kawasesa, iku jarwa. Lire sangkali, sakala, sanalika. Iku têmbung jarwa
disamarake.
Têgêse “kaluban laba luman” iku kalêban drajating karaton lan gunging pêparing.
Lire kaluban, kalêban. Iku jarwa disamarake. lire laba, kagungên. Iku kawi. Dene
mulane têmbung laba duwe jarwa kalungên sabab lire laba, lêba, ngalêbi kang
amba, têgêse banyuning kali utawa bêngawan yèn kagungên dadi ngêlêbi ara-ara
kang amba. Lire luman, loman, dhêmên wèwèh, rêmên pêparing. Iku têmbung
jarwa disamarake.
Candhake sruti mêngkene :
(61) swuh sirna tanpa sesa kabasmi/ kabasmaran marana kataman/ sing kambah
rêbah sakabèh/ kabyuran rug-kawurug/ kabarasat rusak kasarik/ kasurak
kasarakat/ rakêting kacak suh/ saksat patra tarpa sana/ sananira saksana nut
drêsing angin/ anginte panêngêran//
Têgêse mêngkene :
Wusana kang kawitan pangandika sirna atine kang kumlamar lan tumpês ludhês
atine kang mangkêl malang, saengga kobong satêmah atine thukul kang asih ing
ratu. Sabab pangandika kanthi yudanagara sapa kang kabyukan pangandika
amasthi atine jugrug kang wani ing ratu lan saking kumrakêting pangandika bisa
ngacaki antêping ati kang kukuh satêmah awake saksat kuliyang kang tanpa rêga.
245
Têgêse apa saktibane awake tamtu nurut narima ing parentah awit sang ratu wis
katon têngêre yèn asih.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “swuh sirna tanpa sesa kabasmi” iku kang didhawahi ciptane ala kang
wani ratu sirna ilang kabèh saengga kobong. Lire swuh, sirna. Iku têmbung kawi
nganggo têmbunge gêsah pitik suh-suh kae, sabab êmpane padha. Mulane pitik
disuhake ya supaya sirnaa si pitik têka ngarêpe kang ngêsuhake. De-[2618]ne
rèhne dinggo têmbung kawi murih sejene aksarane “sa” diwuwuhi pèngkalan. Lire
sirna, ilang. Iku têmbung jarwa. Lire tanpa sesa, tanpa wasesa, ora kuwasa barang-
barang. Iku têmbung jarwa. Lire kabasmi, kaobong. Iku jarwa.
Têgêse “kabasmaran marana kataman” iku ngarêp burine pangandika kabèh bisa
anukulake atine kang asih, arêp mrana-mrene wis kêtiban pangandika kang gawe
asih. Lire kabasmaran, asrine barang thukulaning tanduran têgal sawah. Têmbung
iku dinggo pêsêmone thukuling ati kang bêcik. Lire kataman, katiban, kakênan.
Iku têmbung jarwa.
Têgêse “kabyuran rug-kapurug” iku dibyuki pangandika atine gogrog arêp cipta
ala ora bisa mung kudu asih bae. Lire kabyuran, kabyukan. Iku têmbung jarwa
disamarake. lire rug, têmbung paribasan unine gogrog jugruging gunung. Lire
kapurug, têmbung dinggo pêsêmon atine kang didhawahi karêpe dipurugake
mrana-mrana wis ora bisa, mung kudu asih bae.
Têgêse “rakêting kacak suh” iku malah saking kumrakêting pangandika bisa
ngacaki antêp kêncênging ati. Lire rakêt, kumarakêt. Iku têmbung jarwa dijugag
246
mung dijukuk rong aksara kang pungkasan. Lire kacak, kacakan. Iku têmbung
jarwa dijugag dibuwang saaksara kang pungkasan. Lire suh, suhing sapu, gawene
dinggo bêngkêk sapune supaya kumpul kêncêng aja wudhar. Têmbung iku dinggo
têmbung pêsêmone antêp kêncênging ati.
Têgêse “saksat patra tarpa sana” iku awake kang didhawahi saengga godhong
kang wis dadi kuliyang. Lire saksat, kaya, saengga. Iku têmbung jarwa. Lire patra,
godhong. Iku têmbung kawi. Lire tarpa, tanpa, ora ana. Iku têmbung kawi. Lire
sana, sasana, panggonan. Iku têmbung kawi.
Têgêse “sananira saksana nut drêsing angin” iku wusana saktibane awake manut
karsaning ratu. Lire sananira, wusanane. Dudu sana sasana panggonan. Iku
têmbung dijugag dibuwang saaksara kang wiwitan. Lire saksana nut, nuli manut,
banjur manut. Iku têmbung jarwa. Lire drêsing angin, têmbung iku dinggo
pêsêmone akèhe dhawuh pangandika dalêm. A-[2619]pindha drêsing angin.
Têgêse “ anginte panêngêran” iku awit katon tatêngêre yèn wis asih. Lire anginte,
angintip, anginjên, têgêse sok wisa kêna diinjên ya dadi taton rupane kang diinjên
lan iku têmbung pasêmone katon. Lire panêngêran, panêngêrane yèn wis asih. Iku
têmbung dijugag mung dijukuk patang aksara kang wiwitan.
Candhake sruti mêngkene :
(62) panêngraning jaya wijayanti/ ing sujana sarjana saharja/ arjuningrat kasidane/
angrurah rèh tan ayu/ sakti saba sabayèng westhi/ ambabar pangabaran/ rug tang
kapalupuy/ malah tarpa rupa janma/ sing kataman ing citranjajagi ati/ atilar tali
satya//
247
Têgêse mêngkene :
Lan supama têngêre mau tumiba ginawe senapati utawa tungguling pêrang
amasthi kang antuk sih mêrês budine kang murih banjure bêcik angrèh bala kabèh.
Sênajan ditêmpuhna mungsuh kapir pira-pira pasthi unggul, sabab anêmpuhe iyêg
sabala awit bisaning senapati bêcik angêmonging bala êndi kang tinêmpuh pasthi
rusak. Mulane saking prayogane kèhe wêrnane yudanagara yèn wis ditamakna
sadhengah uwong amasthi atine gorèh. Pan ya sajuga tinggal jangji malaur lêbur.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “panêngraning jaya wijayanti” iku têngêre sih dalêm yèn bakal
dimênangake marang sakpadhane wong gêdhe tur ginawe senapati. Lire jaya,
mênang. Lire wijayanti, wijayanta, luwih mênangira, têgêse olèhe mênang digawe
ngungkuli marang wong kang pancèn padha mênang. Rong gon iku têmbung
kawi.
Têgêse “ing sujana sarjana raharja” iku nuli atine eling kautamaning kapintêran
kang kaya pintêre wong sujana lan sarjana gone murih harjaning bala. Lire sujana,
yèn jarwa sutane barang sumêjane ana. Lire ana, yèn lagi surasane ana ing
kadohane bêcik. Lire sarjana, yèn jarwa sutane barang sar-sire ana kadadeane
bêcik. Lire saharja, saha arja, karohan bêcikake. Têlung gon iku têmbung kawi.
Têgêse “arjuningrat kasidane” iku bisaa banjur [2620]olèh awèh sêrju atining bala
kabèh. Lire arju, asarêju, acondhong, iku têmbung paribasan.
Têgêse “angrurah rèh tan hayu” iku angrusak mungsuh kang ora bênêr. Lire
ngrurah, dinggo têmbung pasêmone ngrusak mungsuh. Lire rèh, barang rune
248
pênggawe. Lire tan hayu, ora bêcik. Dene mulane têmbung tan hayu dakjarwani
ora bênêr mangka lire tan hayu ora bêcik sabab pênggawe ora bênêr iku ewone
têmbung ora bêcik.
Têgêse “sakti saba sabayèng westhi” iku bisa iyêg panêmpuhe marang mungsuh.
Lire sakti, kabisan kang alus ngeramakake ati. iku kawi. Lire saba, sabab. Iku
jarwa. Lire sabayèng, sabaya, sabilahi, nunggal barêng bilahi, têgêse wis iyêg
padha karêpe. Iku kawi. Lire westhi, uwas pakewuhing ati. iku dinggo têmbung
pasêmoning mungsuh, sabab mungsuh iku bisa gawe uwas pakewuhing ati.
Têgêse “ ambabar pangabaran” iku awit pintêring senapati bisa among bala lan
akèh gêlare. Lire ambabar, têmbung pêsêmon babar gêlaring pêrang. Lire
pangabaran, têmbung pêsêmon pêngabaran awèh banjaran marang bala kabèh.
Têgêse “rug tang kapalupuy” iku êndi kang ditêmpuh mungsuhe padha rubuh
rusak ajur saengga kobong. Lire rug, têmbung pêsêmon kumêruge barêng
panêmpuhe bala kabèh. Lire tang, kang. Iku kawi. Lire kapalu, têmbung pêsêmon
ajure mungsuh kang pinukul. Lire puy, apuy, api, gêni. Iku dinggo pêsêmon
rusaking mungsuh saengga kobong, sabab gêni iku bisa ngobong.
Têgêse “malah tarpa rupa janma, sing kataman ing citranjajagi ati, atilar tali
satya” iku atine sing kêtiban êmpaning yudanagara mêsthi bingung ora karu-
karuan polahe, wis prajangji kang tinalèn sumpah ya uga ditinggal. Lire malah
tarpa rupa janma, malah ora karu-karuan polahe. Iku têmbung pêsêmone wong
bingung. Lire sing kataman, sing kêtiban. Iku jarwa. Lire citra, rupa. Iku têmbung
pêsêmon rupane yudanagara. Lire jajagi ati, kandhas marang ati, tandhês marang
ati. iku pêsêmon êmpaning têmbung yu-[2621]danagara tandhês marang ati. Lire
249
tali, têmbung pêsêmon talining pangucap. Lire satya, katêmêman. Iku têmbung
kawi. Dene nalare têmbung rong bab iku mêngkene, yèn nyata têmên pangucape
yèn murih kêncênge nganggo ditalèni supata.
Candhake sruti mêngkene :
(63) katatangi tangising awêngis/ angêmasi kasoran ing naya/ nihanta yan teka
dumèh/ kadurus tamtam laku/ yèn pinulur malah kapulir/ kaguling kagulinggap/
linggihnya gêng lungguh/ minggahing alam pamingkar/ arahe tur tan wruh lamun
angêmasi/ dadya pangewan-ewan//
Têgêse mêngkene :
Malah yèn kelingan luwês manising pangandika atine kaya ditêtangi satêmah
nangis. Satêngahe nangis ninga cahyaning ratu kang awor pangandika ngasih-asih
atine sura ngajap têmpuhing pêrang suka tumêka pati. Mangka sing mêngkono iku
wong kêbacut jênênge awit tom-tomên diparingi dhawah kang manis ngasih-asih
sing maringi ngagêm lakuning yudanagara ana dene yèn iku ora dumèh wis pintêr
patraping yudanagara, yauga misih-misih priyayine. Lan saengga iku ditutugna
panggagase ya malah wuwuh trêsna. Sênajan satêngaha turu ya kagèt sabab
dipikir lungguhe dhewe wis gêdhe, wuwuh diganjar kêsenapatèn satêmah karêpe
salin babar pisan tur iku pêngrasane wis bênêr. Nanging ora eling yèn pêrang iku
kawêkasan pati sak gon-gone.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “katatangi tangising awêngis, angêmasi kasoran ing naya” iku malah atine
kaya ditêtangi asihe satêmah nangis, nanging tangise sura ngajap têmpuhing
250
pêrang suka tumêka pati. Mêngkono iku awit kasoran ninga cahyaning ratu utawa
saking bangête kaprawiran dalêm saged matrapake polatan kang mulut ati. Lire
katatangi, katatangi asihe marang ingkang sinuhun kangjêng panêmbahan. Iku
têmbung pêsêmon tangining asih marang ingkang sinuhun. Lire tangise awêngis,
tangise nêpsu bêngis, sumuke nêpsu dadi wani ngucapake rasaning ati. iku
têmbung pêsêmon tangise wong nêpsu. Sabab lire wêngis, bêngis. Lire bêngis,
nêpsu. Lire angêmasi, têmbung dinggo nyêmoni ngajab tumêkaning pati. Lire
[2621]kasoran, têmbung dinggo nyêmoni kasoran ninga cahyaning ratu. Lire ing
naya, têmbung dinggo nyêmoni ing polatan dalêm sagêd matrapake amulut atining
uwong. lire naya, nayana, ulat, polatan. Dudu naya nayaka.
Têgêse “nihanta yan teka dumèh” iku ana dene yèn ta kang mangkono iku ora
dumèh wisa pintêr ngêtrapake yudanagara ya uga misih nganggo pilih-pilih
priyayine. Lire nihanta, ana dene, ana ta dene. Iku têmbung kawi. Lire dumèh, ora
dumèh. Iku têmbung kawi dijugag mung dijukuk rong aksara.
Têgêse “kadurus tamtam laku” iku atine kêbacut tomtomên ngrungokake dhawah
dalêm ing lêlakone awake. Lire kadurus, kêbacut. Sabab iku têmbung paribasan
sing mêngkene kae ‘besuke bacut kêdurusan’. Lire tamtam, iku dinggo nyêmoni
têmbung tom-tomên. Lire laku, dinggo nyêmoni têmbung lêlakon lan kalakuan.
Têgêse “yèn pinulur malah kapulir” iku yèn diulur-ulur olèhe mikir malah wuwuh
sihe. Lire pinulur, dinggo nyêmoni têmbung diulur-ulur. Lire malah kapulir,
malah wuwuh sihe. Iku têmbung paribasan wong momot tutupe barang dhawah
kang rada sêrêt dikon mulir-ulir dikon nguntir-untir kênane copoting tutup kang
minangka wuwuhe.
251
Têgêse “kaguling kagulinggap” iku sanajan satêngaha turu ya kagèt. Lire
kaguling, katuron. Iku têmbung jarwa. Lire kagulinggap iku têmbung paribasan
wong turu kang tangine kagèt, gugup, gligap, tratap, yèn ditakoni saure glagêpan
ulate galigapan.
Têgêse “ linggihnya gêng lungguh” iku lungguhe dhewe wis gêdhe nuli diwuwuhi
kalungguhan dadi senapati. Sing dhisik têmbung jarwa nuli têmbung pêsêmon
wuwuhe kalungguhane.
Têgêse “minggah ing alam pamingkar” iku munggah darajate amor
panggêdhening kusuma nanging pisah lan sanake lan wong tuwane. Lire ngalam,
dinggo pasêmone wis seje jamane lan wong cilik, dudu ngalam sabarang
kadadean. Lire pamingkar, pamisah, pamilar, iku dinggo têmbung pasêmone
pisah.
Têgêse “arahe tur tan wruh lamun angêmasi” iku tur iku pêngarahe dirasa wis
bênêr nanging ora dhengêr yèn dipundhut pati uripe. Kang dhisik [2623] têmbung
jarwa nuli têmbung pêsêmon mundhut antêping uwong wanine mati.
Têgêse “dadya pangewan-ewan” iku kae mau yèn kalakon mati ora wurung sak
gon-gone dêlok wong okèh ora pantês. Lire pangewan-ewan, dinggo pêsêmon ora
pantês didêlok wong akèh. Dene mêngkono iku yèn tak rujukake lan critane
layang babad mataram kaya nalika kangjêng panêmbahan mulut marang atine
senapati kêdhiri kang mati sampyuh pêrang lan pamanane kang jênêng menak
pêsagi raja panataran tanah majapahit.
Candhake sruti mêngkene :
252
(64) ring awacana dèn amatitis/ tatasêna sandining sasmita/ amêmahing naya
myang den/ angintya nuju-nuju/ warsèng sawang saulah angling/ alingan anut
bawa/ ing desa sawêgung/ wêgiling para nuraga/ raga ragêm angantèni ing wong
tani/ de paksa sujanaa//
Têgêse mêngkene :
Mulane wong clathu iku sing pêtitis, aja nganti kawêtu yèn durung têrang
pasêmone kawêkasane lan rosing karêp kang bakal diucapake malah ulate sing
amêm. Dene yèn duwe pêngarah ngêntènana lan kêparênge, ulate kang diarah,
pênyawaning ulat sing tlatèn nanging aja kêmba gunême lan ulate dhewe sing bisa
iriban. Manuta sabawaning uwong sakpêjagongan iku aja wêgah kêtawure solah
bawaning akèh balik dhèwèke yèn kêprècèta ulate sêtêmah pêngarahe luput.
Wêkasan bakal melik, e.. ora kagêgêm sabab ora têlatèn ngêntèni têpunge ulate
lan wong wêkêl. Ya mangsa bodhoa si wêkêl lan si pintêr. Si pintêr landhêp
grahitane, si wêkêl jêro grahitane. Sêprandene ora karêpe sok ngarah sujana. O,
biyung, sujana manèh yèn pintêra lagi sabar bae ora bisa.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ring awacana dèn amatitis” iku ing pangucap ingkang apatitis. Lire ring,
ing. Lire awacana, amangucap. Lire dèn amatitis, kang apatitis. Têlung gon iku
têmbung jarwa.
Têgêse “tatasêna sandining sasmita” iku dipikira kang têrang karêping ati kang
durung kawêtu. Lire tatasêna, têmbung pêsêmon dikon nêrangake pikire. Lire
sandi, pasêmone barang karêp kang misih ana ati durung kawêtu. Lire sasmita,
253
barang panêngêr[2624]-an kang rupane ana ngèmpêr-èmpêri ananing yèn
têmbung sasmita kang mêngkono mau ing sêmune mung dinggo pasêmon osiking
ati, sabab têmbung sasmita iku mèh èmpêr lan têmbung wasita. Surasane wis
padha babagan alus kang ana ati ananging seje têgêse tunggal gone. Yèn têmbung
wasita, wangsiting ati, yèn têgêse têmbung sasmita barang panêngêran rupane ana
ngèmpêr-èmpêri. Dene têmbung sasmita iku olèhe jênêng nunggal panggonan ana
ati. sabab sing dinggo mikir olèhe ngèmpêr-èmpêr barang rêrupan mau ya uga ana
atine.
Têgêse “amêmahing naya myang den, angintya nuju-nuju” iku wanguning ulat
kang amêm lan angantènana pinujune caturane kang diarah. Lire amêm, arang-
arang clathu. Têmbung iku dinggo pêsêmone ulat kang wingit, sabab priyayi
arang clathune ing ku. Sumuke marang ulate dadi wingit. Iku têmbung jarwa. Lire
naya, nayana, ulat. Dudu naya nayaka. Lire myang dèn, lan kang. Iku têmbung
jarwa. Lire angintya, angantya, anganti, angantèni. Iku têmbung jarwa
disamarake. Lire nuju-nuju, apinujon, kapanujon, katrênjuh, katrênjuhan,
kaparêngan. Iku pasêmone têmbung paribasan.
Têgêse “ warsèng sawang saulah angling” iku sêpiraa suwene tlatèn angêntèni
sawangan bae dhisik sing bakal angulah clathu. Lire warsèng, warsa tahun,
satahun, iku dinggo pêsêmone têmbung lawas, sabab sêtahun iku mangsane lawas.
Supama yèn ngêntènana barang-barang kudu têlatèn. Ya iku nalare têmbung
warsèng dakjarwani têlatèn angêntèni mau. Lire sawang, sawangan. Iku têmbung
jarwa dijugag dibuwang pungkasane. Lire saulah angling, kang ulah wicara,
pangucap, clathu, iku têmbung jarwa.
254
Têgêse “alingan anut bawa, ing desa sawêgung” iku clathune dhewe alingana
marang pêclathone27 wong sakpêjagongan kabèh, mung manuta marang bawane
clathune wong sakpêjagongan mau. Lire bawa, sêbawa, barang suwara. Nanging
sing dinggo têmbung iku pasêmon sêbawane sêbarang pangucap. Lire ing desa
sawêgung, iku dinggo pasêmon kumpule wong sakdesa kabèh, lan pêsthine olèhe
kêkumpulan wong sakdesa mau ya padha jêjagongan. Lan iku nalare têmbung ing
desa sawêgung dakjarwani wong sakpêjagongan mau.
Têgêse “wêgiling para nuraga” iku sabab [2625] yèn ora amanut mênawa wong
sakpêjagongan ana pintêr satêmah kawruhan. Lire wêgil, pintêr. Iku têmbung
jarwa disamarake. lire para nuraga, têmbung dinggo pêsêmon rupane awaking
uwong.
Têgêse “raga ragêm angantèni ing wong tani” iku awake kang ngarah dadi ora
bisa gêgêm marang pêngarahe, sabab wonge sing diarah wêkêl. Lire raga, awak.
Dinggo pêsêmon awake uwong. iku têmbung kawi. Lire ragêm, ora gêgêm. Iku
têmbung jarwa dijugag amung jukuk rong aksara. Lire wong tani, têmbung dinggo
pêsêmone wong wêkêl bodho, sabab wong tani iku bodho ora kakehan pikir.
Têgêse “ de paksa sujanaa” iku sêprandene ora sok arêp kaya wong sujana. Lire
de paksa, dene arêp mêksa kaya, dene arêp madhani kaya. Iku têmbung jarwa.
Lire sujana, yèn jarwasutane barang sumêjane ana. Dene lire ana, ana kadadeyane
bêcik.
Candhake sruti mêngkene :
27 Peclane @#
255
(65) aywa lali wataran taraning/ jalma rucah tan tumuting cacah/ kulanana
sasêdhênge/ lautaning amuwus/ lan wong tani tatanên ing ling/ tanêman rasanana/
myang garu waluku/ tuladên panitisastra/ ri janma dika meta cipta rêsêping/
sarywa praja ngenaka//
Têgêse mêngkene :
Karo aja lali patraping duga watara, aja sok ngêmor priyayi lan wong rucah.
Sabab wong rucah iku ora kalêbu cacah, nanging aja kadak-dakake. Ya sorana
basa sakpatute, wong cilik iku barang clathune sing gêdhe sêgaramu lan sing bisa
tatane caturan lan wong tani, ya sakbangsane tanduran caturna. Kayata gamaning
patanèn garu, wluku, pacul, sakpênunggale iku caturna. Lan ika bêcik tirunên
layang nitisastra kaya sing muni mêngkene kae, “ri janma dika meta cipta
rêsêping saryya praja ngenaka” iku têgêse mêngkene, utamane wong iku sing bisa
murih rêsêpe mênyang atining uwong. Sênajan tibaa nagara ngêndi-êndi ya sing
ngenaki atining uwong.
Mulane dakjarwni mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “wataran taraning” iku wataraning priyayi lan watarane wong cilik. Iku
dinggo têmbung pêsêmon wêtarane sêkarone mau.
Têgêse “janma rucah tan tumuting cacah” iku [2625] wong cilik ora mèlu kalêbu
etungane wong gêdhe. Lire janma, jalma, uwong. lire rucah, ruci, cilik-cilik, dudu
ruci ala medaning jaran. Lire cacah, akèh sêthithike etungan. Têlung gon iku
têmbung jarwa.
256
Têgêse “kulanana sasêdhênge” iku ngêsorana solah lan pangucap sakpatute. Lire
kulanana, kawulanana. Lire kawula, darajat kang asor, iku têmbung jarwa. Lire
sasêdhênge, dinggo têmbung pêsêmon sakpatute, sabab sakpatute iku ora klêbu
marang utama, ora klêbu marang nistha, têgêse amung tiba madya, sêdhêng,
ngenanêngahi.
Têgêse “lautaning amuwus” iku sabarang sing dadi clathune wong cilik sing
gêdhe maklummu. Lire lautan, dinggo pêsêmon gêdhening maklum, sabab lire
laut sagara lan wadhahe banyu sagara iku ngluwihi gêdhene nganti sok wonga ora
bisa kira-kira ukure. Lire amuwus, amangucap, acalathu. Iku dinggo têmbung
pêsêmon barang clathune wong cilik.
Têgêse “ lan wong tani tatatên ing ling” iku lan yèn kowe caturan lan wong tani
tatanên pangucapmu. Lire wong tani, wong desa. Lire ing ling, ing angling, ing
pangucap. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “ri janma dika meta cipta rêsêping” iku wong kang linuwih bêcik iku
karêpe amung murih rêsêpe atining uwong. lire ri, ring, ing. Iku têmbung jarwa.
Lire janma, uwong. iku jarwa. Lire dika, adi ika, ingkang linuwih bêcik, ing kana
luwihi bêcik. Iku têmbung kawi. Lire meta, ameta, ameka, jupuka, muriha, iku
têmbung jarwa. Lire cipta, pêngangên-angêning ati, osik pikiring ati, iku têmbung
jarwa.
Têgêse “saryya praja ngenaka” iku sênajan tibaa nagara kana-kana ya sing bisa
ngenaki atining uwong. lire saryya, karo mêngkene-mêngkenea, dadi ya
mêngkene-mêngkene, sênaan mêngkene-mêngkene. Iku têmbung jarwa. Lire
257
praja, nagara. Iku têmbung kawi. Lire ngenaka, ngenaki. Iku têmbung kawi
dinggo pêsêmon ngenaki ati.
Candhake sruti mêngkene :
(66) minangka murda ngenaki ati/ ati tama lwirning panataran/ nirantara salaku
rèh/ sarèhning kang tumuwuh/ sih wêlasing anuwa nuwi/ srêdaeng nira sraya/
puraheng asamun/ samaning sila nagara/ aminta sih amalar wlasing sabumi/
unggyaning ama tirta// [2627]
Têgêse mêngkene :
Pêngarêping kêlakuan iku ngenaki atining uwong. Dene kautamaning ati sing bisa
nglakoni pênggawe bêcik iku pinangka dadi pancadan ing antarane siji-sijine
kalakuan bêcik lan sing wêlas asih sakpadhaning urip sing dhêmên tilik nyang
wong tuwa. Sabab wong tuwa iku akèh surupe, aja isin têtakon dupèh cilik ya
saksurup-surupe takona, sing bêcik gonên sing ala aja kokwahoni lan yèn
disambat sakpadhamu sing srêgêp. Kang dhêmên manggon salat ana pêsêpèn,
sabab salat iku padha bae karo seba nyang ratu. Dene salatmu tuwakupa nyuwun
sih Allah muga klilana mêlasi wong saknêgara lan pêsthi niyata ngilangake alane
atimu dhewe. Dene patrape ngilangake ati ala, atimu kumbahên tobat nyang Allah
nyuwun ngapura.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “minangka murda ngenaki ati” iku kang minangka pêngarêping klakuan
iku yèn ngenakana atining uwong. Lire murda, êndhas, dinggo pêsêmon têmbung
258
pêngarêp. Sabab kalane lair bayi kang dadi pêngarêp êndhase. Lire ngenaki ati,
pêsêmone ngenaki atining uwong.
Têgêse “ati tama lwirning panataran, nirantara salaku rèh” iku yèn wong iku bêcik
atine ngalamat dadi pancadan olèhe bisa nglakoni marang antarane siji-sijine
kalakuan bêcik. Lire ati tama, ati kang utama, ati kang ngluwihi bêcik. Iku
têmbung kawi. Lire lwirning, rupa-rupane barang pênggawe. Iku têmbung jarwa.
Lire panataran, tataraning galugu dinggo têmbung pasêmon ngalamat dadi
pancadan munggah mênyang papah. Lire nirantara salaku rèh, ing antarane siji-
sijine kalakuan bêcik. Lire salaku, dinggo pêsêmon salakune barang kalakuan.
Lire rèh, dinggo pêsêmon sakrèhe pênggawe bêcik.
Têgêse “sarèhning kang tumuwuh” iku sarèhning wong kang padha urip ana
donya, ya sing wêlas asih marang sakpadhaning wong urip. Lire kang tumuwuh,
dinggo têmbung pêsêmon sakabèhe uripe wong ana donya.
Têgêse “nganuwa [2628] nuwi” iku sing srêgêp tilik nyang wong tuwa. Lire
nganuwa, têmbung pêsêmon wong atuwa. Lire nuwi, têmbung pêsêmon têtuwi
mêrtinjo, têtilik.
Têgêse “ srêdaeng nira sraya” iku sing srêgêp yèn disambat marang sakpadhane.
Lire srêda, pasêmone têmbung sudi, mulane sok sudiya ya cêpak gêlêm nandangi.
Dene yèn dinggo têmbung paribasan lire srêda, mangsuding ati ya iku gêlêm.
Mulane sok nêmêna ya srêgêp, lan iku nalare têmbung srêda dakjarwani srêgêp
mau. Lire nira sraya, sinaraya, sinambat. Iku têmbung jarwa disamarake.
259
Têgêse “puraheng asamun, samaning sila nagara” iku sing dhêmên salat ana
pasêpèn iku padha karo wong seba marang ratu, sabab kukume wong salat iku
seba marang ratune ing alam iki kabèh. Lire puraheng, manggona, sabab iku
têmbung pêsêmon awit pura iku panggonaning ratu. Lire asamun, asêpi. Iku
têmbung jarwa. Lire sila, têmbung pêsêmon kukuhe wong seba, sabab wong jawa
iku yèn seba lungguhe sila. Lire nagara, dinggo pêsêmon ratu, sabab nagara iku
kagunganing ratu.
Têgêse “aminta sih amalar wlasing sabumi” iku malah nyuwuna sihing Allah
muga kêlilana mêlasi wong saktanah jawa. Lire aminta sih, têmbung pêsêmon
anyuwun sihing Allah. Lire malar, malah. Iku têmbung jarwa. Lire sabumi,
dinggo pêsêmone saktanah jawa.
Têgêse “unggyaning ama tirta” iku unggyan panggonan. Iku têmbung jarwa.
Hama, pangrusak. Tirta, banyu. Iku têmbung kawi. Banyu iku gawene sok dinggo
ngumbah. Ing donya ngakerat sing sok ngrusakake awak barang ciptaning karêp
sing ala ana ing ati. iku ora bisa ilang alaning ati yèn atine ora dikumbah sing
rêsik. Sing dinggo ngumbah tobatna saka marang Allah sarta nangis dijèrèng-
jèrènga cêthane dosane siji-sijine anyuwuna pangapura marang Allah. Têmbung
iku wis têrus lan kadising kitab Ahya Ngulumudin.
Candhake sruti mêngkene :
(67) ring wacana ywa rêg tri saparti/ kokila kilating kalimputan/ tan wrin naya ing
umite/ muwah wangsulanipun/ yèn tan angling dèn amêm wadi/ dipunatrêhing
nitya/ aywa lugug-lugug/ nahan ta kaya gupala/ palaning ambasêngut angigit-igit/
sanambuthêki nitya// [2629]
260
Têgêse mêngkene :
Lan priyayi28 mono yèn caturan aja ting jrêleh barêngan, mundhak kaya pêtoking
pitik banyak bèbèk caturan ting brêngok iku. Kêmandhange rak bawur swara
dirungokake ya ora gênah kawitaning catur lan wangsulaning catur ora ana wong
dhengêr. Dene bêcike priyayi iku yèn ora clathu wangune sing amêm, sing kaya
ngêmu wadi pasanging ulat sing wingit, aja wangun bêsêngut dhêlêg-dhêlêg
mundhak kaya rêca. Wong bêsêngut iku wangune rak kaya gêgêt untu, dadi nyang
ulatmu rêgêd.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ring wacana ywa rêg” iku priyayi mono yèn caturan aja barêngan, sabab
swarane kaya ngorêgake woong jagongan. Lire ring awacana, ing pangucapan, ing
sapocapan. Iku têmbung jarwa dinggo pêsêmon sapocapane wong gêdhe utawa
pêryayi. Lire ywarêg, têmbung iku dinggo pêsêmon aja ngorêgake wong
jagongan.
Têgêse “tri saparti, kokila kilating kalimputan” iku aja ting jrêleh mundhak kaya
pêtoking pitik, banyak, lan kêmandhange swaramu dadi bawur. Lire tri, têtêlu. Iku
têmbung kawi. Lire saparti, kaya, kados. Iku têmbung malayu. Lire kokila,
bangsane pitik iwèn lan manuk. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmone kokila têlung
rupa kang swarane ngorêgake caturane wong jagongan. Dene mulane
dakdunungake marang pitik, banyak, bèbèk sabab kokila têlu iku kang swarane
sêru dhewe. Lire kilat, dinggo pêsêmon ngagètake pangrungu. Sabab têkaning
kilat ngagètake pandêlêng. Sênajan swara pating jrêleh ya ngagètake pangrungu. 28 Pyayi @#
261
Têgêse wis padha olèhe jênêng ngagètake. Lire kalimput, dinggo pêsêmon
kalimputan swarane wong caturan kang lirih, sabab yèn krungu barang swara
kang luwih sêru mangka caturane ora diundhaki sêrune amêsthi ora krungu awit
wis kêtawur kêlimputing swara kang luwih sêru mau, sêtêmah bawurake
pangrungune wong caturan.
Têgêse “ tan wrin naya ing umite, muwah wangsulanipun” iku ora krungu
kawitane clathune sing ngajak caturan lan ora krungu clathune kang mangsuli
caturane. Lire tan wrin naya, dinggo pêsêmone têmbung tan rinêngên. Lire tan
rinêngên, tan rinungu, ora dirungu. Iku têmbung kawi. Lire ing umite, ing uwite
[2630], ing kawitane. Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “yèn tan angling dèn amêm wadi” iku yèn ora caturan wangune sing
amêm kayaa angêmu wêwadi mangkono. Lire yèn tan angling, yèn ora clathu.
Lire amêm, arang-arang clathu. Lire wadi, barang karêp kang ora awèh kaprungu
wong akèh. Têlung gon iku têmbung jarwa.
Têgêse “dipunatrêhing nitya” iku yèn disawang pasêmone sing wingit. Lire atrêh,
tatêruh. Dene rupane têruh iku yèn nuju mangsa katiga langite mêndhung
sawêtara pêtêng ora grimis ora angi. Iku yèn disawang jagat iki wangune wingit,
ya iki nalare têmbung trêh dakjarwani têruh utawa wingit mau. Iku têmbung garba
sastra ya uga kawi. Dene têmbung tatêruh mau aku ora gêlêm yèn jarwane
taturuhe panggalihe ratu kang sugih sabab ora pêsthi kalakone. Lire ing nitya,
netra, mata, kêna dinggo nyawang barang-barang. Ya iku nalare têmbung nitya
tak jarwani yèn disawang mau. Iku têmbung kawi dinggo pasêmon pênggawe
nyawang.
262
Têgêse “aywa lugug-lugug, nahan ta kaya gupala” iku aja lêgog-lêgog mundhak
kaya rêca. Lire lugug-lugug, lêgog-lêgog. Iku têmbung jarwa disamarake. lire
gupala, rêca. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “palaning ambasêngut angigit-igit, sanambuthêki nitya” iku polane wong
basêngut iku rak kaya wong gêgêt untu, wusana ulat mung disawang rêgêd. Lire
palaning, polane utawa polate. Iku têmbung jarwa disamarake, dudu pala barang
woh-wohan. Lire ngigit-igit, ngugut-ugut, gêgêt-gêgêt untu. Iku têmbung jarwa
disamarake. Lire sana, wusana, wêkasan, dudu sana papan panggonan. Iku
têmbung dijugag dibuwang aksarane siji kang kawitan. Lire buthêki, ngregêti. Iku
têmbung ibarate banyu kang rêgêd satêmah ilang bêninge dadi rêgêd. Lire nitya,
netra. Dinggo pêsêmon têmbung disawang, sabab netra iku kêna dinggo nyawang.
Candhake sruti mêngkene :
(68) wawacana asrawungan yaning/ pasamohan dèn sambadèng têmbang/ ring
angucap patitise/ singgih ta rêke sampun/ winasitèng carita sruti/ sutrêp têkèng
purwaka/ ika marmanipun/ dèrèng sambadaeng cipta/ nadyan patut ing tambang
têmbang manawi/ wontên wadi sinuksma//
Têgêse mêngkene
Dene yèn ana pasêmuan29 caturmu sing gêntèn aja barêngan, sêru lirihe calathu
[2631] sing sêdhêng duganên sakrungune sing kok jak caturan bae, karo caturmu
sing pêtitis aja bola-bali. Lan wurukku iki rak ora beda ya kaya wurukku sruti sing
kawitan kae. Mulane dakbalèni nèk durung pati gênah rasane ya sanajan wisa
29 Sêmuan @#
263
pintêr sambunge têmbung-têmbung nanging bok mênawa atimu misih ngumpêt
isin.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “wawacana asrawungan yaning, pasamohan dèn sambadèng têmbang” iku
yèn ana pasêmuan aja sok srawungan barêngan karo lirih sêrune clathumu arahên
sing tiba sêdhêng. Lire wawacana, calathu, pangucap, iku têmbung jarwa. Lire
sambada, dinggo pasêmon têmbung sêdhêng, sabab ora utama kabêcikên lan ora
nisthakalanên, têgêse mung tiba madya sêdhêng nanêngahi. Lire têmbang,
têmbung. Iku paribasan têmbang têmbunge kae, lan dinggo nyêmoni têmbunging
calathu.
Têgêse “singgih ta rêke sampun, winasitèng carita sruti” iku iya ta dene kang mau
uwis dakwurukake ana ing critane layang sruti. Lire singgih, inggih, iya ta, iku
têmbung jarwa. Lire rêke, dene. Iku têmbung kawi. Lire winasita, winangsitake,
winurukake. Iku têmbung pêsêmon ing bab wangsit osiking ati nuli diwêtokake
dadi wuruk.
Têgêse “sutrêp têkèng purwaka” iku kawite amaringi patrape barang wêwulang.
Lire su, sung, asung, awèh, maringi. Iku têmbung garba sastra disamarake ya uga
kawi. Lire trêp, trap, patrap. Iku têmbung jarwa garba sastra disamarake. lire
purwaka, kang kawitan. Iku têmbung kawi.
Têgêse “dèrèng sambadaeng cipta” iku dene yèn durung rujuk lan ciptamu. Lire
sambada, dinggo pasêmone pênggawe ngrujuki, sabab ana paribasane kaya
264
têmbung sing mengkene kae. Yèn kowe wis gêlêm nyêmbadani marang karêpku
mêngkono iku têgêse yèn kowe wis gêlêm angrujuki marang karêpku.
Têgêse “nadyan patut ing tambang têmbang manawi, wontên wadi sinuksma” iku
sênajan wis sabisa manut sambungane têmbunging layang sruti, ananging bok
mênawa kowe misih ngumpêt kaisinan. Lire nadyan patut, sanadyan wis sabisa
matut. Lire tambang, tali. Dinggo pasêmone têmbung nyambungi, sabab tali iku
sok dinggo nyambungi marang sapadhaning tali sing pêdhot. Lire têmbang,
têmbung. Iku paribasan têmbang têmbung kae. Lire wadi, barang karêp sing ora
awèh [2632] kaprungu wong akèh apadene kaisinaning uwong ya sêmono uga
kudu diumpêt aja kaprungu wong akèh. Lan iku nalare têmbung wadi dakjarwani
kaisinan mau. Lan iku dinggo pêsêmon têmbung kaisinan. Lire sinuksma,
inguwor ana sajroning ati, utawa diumpêt ana ati. ya iku nalare têmbung sinuksma
dakjarwani ngumpêt mau. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon ngumpêt, awit
têmbung ngumpêt iku barang nalar ora diketokake sênajan têmbung sinuksma ya
uga mêngkono. Ngumpêt barang nalar diworake karo ati.
Candhake sruti mêngkene :
(69) suksmaning sarira sari-sari/ ning buwana swabawa ya teka/ ing kalbu
kalairane/ kalairanig kalbu/ nyatèng naya nitya nampani/ sawêrdining wardaya/
nitya wahyanipun/ ing wacana gèning wêdhar/ ya dumèh sang widhayaka dayèng
wadi/ widagdèng sipta maya//
Têgêse mêngkene :
265
Mangka wong iki ciptane sêdina-dina wis pêsthi kawoworan sabab ngrungokake
sêbawane barang-barang iku dadi atine kisruh. Kayata upamane mêngkono kowe
lagi satêngah mikir nuli ninga wong mlayu-mlayu lan krungu swara sêru,
mêsthine atimu kagèt, ulatmu iya banjur mengo sabab dêlêng sing mlayu lan
ngrungokake swara mau. Wêkasan pêmikirmu gèsèh, têrus lan pangucapmu.
Mulane aja dumèh wis bisa kluwihane Widayaka, sabab iku jalarane bisa bukak
wadining sruti. Mulane ciptamu bêning, iya têka kluwihaning Widayaka.
Mulane dakjarwani mêngono têgêse mêngkene :
Têgêse “suksmaning sarira sari-sari” iku wong iki ciptane sêdina-dina misih
kawoworan. Lire suksmaning, dinggo pêsêmoning cipta kang misih kawoworan.
Sabab lire suksma, kang alus bisa angêmori ati sanajan cipta ya bangsane alus,
awit cipta iku osiking ati. Lire sarira, pêsêmone awaking uwong. Lire sari-sari,
saari-ari, sadina-dina. Iku têmbung malayu dijugag dibuwang aksarane “ha” lan
dudu sari-sari, sarining kêmbang.
Têgêse “ning buwana swabawa ya teka” iku ya ingkang marahi, awit ing barang
sabawane ing satanah-tanah lan sapomahane dhewe-dhewe. Lire ning buwana,
têmbung pêsêmon satanahe pomahan dhewe-dhewe, sabab tanahe pomahan iku
wis ewone bangsane buwana, awit lire buwana iku jagad. Lire sabawa, sabarang
kang jênêng suwara. Iku têmbung jarwa. Lire ya teka, ya [2633] ingkang, ya ika.
Iku têmbung kawi.
Têgêse “ing kalbu kalairane” iku sabarang sabawa mau patrape marang ati bisa
ngowahake pikir, sabab pikir iku ana sajroning ati. Lire kalairane, têmbung
pêsêmon pênggawe patrap, awit yèn babe kalairaning bayi patrape wêrna-wêrna.
266
Sêwênèh ana lairing bayi nuli nangis, sêwênèh ana lairing bayi kang mênêng bae,
lan sêwênèh ana lairing bayi barêng karo gêtih nipas, lan sêwênèh ana lairing bayi
kang wiladah tanpa gêtih.
Têgêse “kalairaning kalbu, nyatèng naya nitya nampani” iku owahe patraping
pikir marang ati satêmah ulate mengo sabab ngrungokake sêbawane barang-
barang mau nuli mripate dêlêng sing duwe barang sêbawa dadi muwuhi owahing
pikir. Lire kalairaning, ya ora beda kaya sing dhuwur mau. Lire kalbu, sajroning
ati. lire naya, nayana, ulat. Dudu naya, nayaka. Lire nitya, netra, mripat. Têlung
gon iku têmbung kawi.
Têgêse “sawêrdining wardaya, nitya wahyanipun” iku barang karêpe sing wis
kêbuka ing ati, wêtuning karêp mêsthi mripate dêlêng nyang sing dikarêpake. Lire
sawêrdining, têmbung pasêmon karêp kang wis kabuka, sabab lire wêrdi ambuka
jarwane sabarang têmbung. Lire wardaya, sajroning ati. iku têmbung kawi. Lire
nitya, netra, gawene sok dinggo dêlêng. Iku nalare têmbung nitya dakjarwani
mripate dêlêng mau, iku têmbung kawi dinggo pêsêmon dêlêng. Lire wahya,
wêktu, wêtu, ya iku nalare têmbung wahya dakjarwani wêtuning karêp mau. Iku
têmbung kawi dinggo pêsêmon wêtuning karêp.
Têgêse “ing wacana gèning wêdhar” iku yèn wis diucapake nuli bisa kaprungu
marang wong akèh. Lire ing wacana, ing pangucap. Iku têmbung jarwa. Lire
gèning, têmbung pasêmon gone bisa kaprungu. Lire wêdhar, têmbung pêsêmon
udhare barang wadi satêmah bisa kaprungu marang wong akèh.
Têgêse “ya dumèh sang widhayaka dayèng wadi, widagdèng sipta maya” iku aja
dumèh wis bisa pramasastra, pramakawi, têmbang, têmbung, parikan, lagon,
267
wangsalan, paribasan, sabab kluwihane iku sing dinggo bukak wadining sruti
satêmah ciptane bisa bêning. Lire widayaka, “wi” luwih, “dayaka” kuat pintêr.
Lire dayèng, daya kuat pintêr. Dene dêmununge wida-[2634]yaka mau marang
kuate ing kapintêran kang nglangluwihi kaya sing wis kasêbut dhuwur mau. Iku
têmbung kawi. Lire widagda, kapintêrane ngluwihi baud. Lire sipta, cipta. Lire
maya, bêning. Têlung gon iku têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(70) ati kudu kasih anèng sami/ ning tumuwuh wite kasihana/ wruhan ta de awak
dhewek/ asihing raga nêngguh/ sakadulu dalan dinalit/ paesaning sarira/ mbirat
kang kadulu/ nir ta cutaning akathah/ angkahana sarira paran bedaning/ ambawa
amangkana//
Têgêse mêngkene :
Dene yèn atimu kudu disihi marang sakpadhaning urip, iku kawitane mêrgane
disihi awakmu dhewe iku dhêmênana. Dene prêtikêle wong dhêmên mênyang
awake dhewe iku mêngkene, gulumu iku pêpêtên aja nganti kêlêbon barang
panganan utawa ombèn-ombèn sing pancèn katon kharam kabèh. Ya sanajan
barang panganan lan ombèn-ombèn mau sing pancèn katon kalal, ananging kowe
salagi ora duwe dhuwit utawa ora kuwasa tuku kang marga ana sababe liya, yèn
wis mêngkono iku kowe amung narimaa bae aja nganti kok lakoni utang nyêlang.
Apadene mênyang barang pênganggo sandhanganmu ya sêmono uga, ilangna
kabèh sing dadi kapenginanmu mênyang barang sandhangan sing katon kharam,
aja nganti kowe gêlêm nganggo. Lan sênajan barang pênganggo sing katon
pancèn khalal ananging kowe dinuju ora duwe dhuwit utawa ora kuwasa tuku
268
sabab ora kêna nganggo, kang iku kowe amung narimaa bae. Aja nganti kok
lakoni utang nyêlang, sabab yèn sakarone mau ing patukumu mrêga têka dhuwit
gonmu utang nyêlang wis pêsthi mêngkono iku bakal tuman sêtêmah ora wurung
kowe sugih utang lan ora wurung kaisinan ditagih uwong. Malah-malah yèn kowe
ora bisa nyaur bakal kuwirangan dadi gugatan. Dene yèn kowe gugu ing wurukku
mau ora-orane kêna lara wirang sing têka sakpadhamu urip. Lan kawitane olèhmu
mikir marang awakmu iku arahên mêngkene, anggêre aku nglakoni pênggawe
bêcik sing dadèkake salamêt ya mangsa bedaa ora.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ati kudu kasih anèng sami” iku atine yèn kudu didhêmêni marang
sakpadhane wong urip. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “wite kasihana” iku kawitane didhêmêni marang wong akèh. Iku têmbung
jarwa.
Têgêse “asih ing raga nêngguh” iku yèn wis dhêmên marang awake dhewe. Lire
raga, têmbunng dinggo pêsêmon marang awake dhewe.
Têgêse “sakadulu dalan dinalit” iku mèpèti cangkêm lan gulu aja nganti kalêbon
barang panganan lan ombèn-ombèn sing pancèn katon kharam kabèh lan sing
pancèn katon dudu duwèke dhewe. Lire sakadulu, têmbung pêsêmon barang
panganan lan umbèn-umbèn sing pancèn katon kharam lan sing pancèn katon
dudu duwèke dhewe. Lire dalan, dinggo pasêmone cangkêm lan gulu, sabab iku
dalane barang pangan lan umbèn-umbèn. Lire dinalit, pinêpêtan. Iku têmbung
jarwa.
269
Têgêse “paesaning sarira, mbirat kang kadulu” iku lan ngilangna panganggo
utawa solah bawa sing pancèn katon kharam kabèh lan barang panganggo sing
pancèn dudu duwèke dhewe. Lire paesan, dinggo pasêmone sandhang pênganggo
lan solah bawa dudu paesan kaca. Ananging mulane kaca ditêmbungake paesan
sabab dianggo dêlêng sandhangan kang tumrap ing awake lan dinggo dêlêng
barang solahe apadene paesan pantês ya sêmono uga. Mulane ditêmbungake paes
sabab wis klêbu dadi sandhangane pêngantèn. Dene yèn kang dadi jêjêr, lire paes
ambêcikake olèhe nganggo barang bangsaninng sandhangan kang tumrap ing
awake. Lire birat, ngilangake kabèh. Iku têmbung paribasan. Dene yèn lagi
surasane mulane paribasan birat mung duwe jarwa ngilangake kabèh, sabab birat
iku pasêmone têmbung barat, ananging ya bênêr yèn surasa kang mêngkono awit
barat iku yèn angluwihi gêdhene bisa ngilangake barang wêwangunan kabèh. Lire
kang kadulu, dinggo pêsêmon barang sandhangan lan solah bawa sing pancèn
katon kharam kabèh utawa barang sandhangan sing pancèn katon dudu duwèke
dhewe.
Têgêse “nir ta cutaning akathah” iku ilang lara wirange kang têka panggawene
siji-sijining wong akèh. Lire nir, ilang, ora ana. Iku têmbung kawi. Lire cut, iku
têmbung paribasan[2636]-ing kêcute esême wong kawirangan lan dudu kêcute
barang-barang. Lire ning akathah, dinggo pêsêmone wong akèh.
Têgêse “angkahana sarira paran bedaning, ambawa amangkana” iku kawitane
atimu arahên mêngkene, awake wong kana-kana kae karo awaku dhewe rak padha
bae. Anggêre klakuanku bêcik pancèn dadi slamêt, ya ora beda. Lire angkahana,
arahna, iku têmbung jarwa. Lire sarira paran bedaning, dinggo pêsêmon awake
270
dhewe gone ora beda lan awake wong akèh kana-kana kabèh. Lire ambawaha,
angawitana. Iku têmbung paribasan wong ngawiti unining sabarang lagoning
trêbang.
Candhake sruti mêngkene :
(71) êndi lan sang amurwa siniwi/ ewa mangkana paesan jagad/ donya ngimpun
sih sakabèh/ pan wus jênênging ratu/ kinasihan ing raja niti/ ya denya
ngupaksama/ bêking rat pinulut/ pulutên ing lokajana/ ya dumèh tumata manah
sangka wêgig/ ri sarat rinaharjan//
Têgêse mêngkene :
Lan manèh êndi ta bedane ratu karo wong cilik, ananging ewa mêngkono
sarèhning kamulyaning ratu kabiyanton ing bala kabèh, dadi wênang yèn
nglumpukna donya sabab anaa kang dinggo maringi marang balane kabèh. Lan
wis pancène ratu iku nampani bulu pêti têka ing amanca kang supaya cukupa
dinggo nutugi pambêkan bêciki nêgarane sakbawahane kabèh lan kênaa dinggo
mulut marang atining bala. Dene yèn kêtêkan wong liya jajahan dinuluta ing
donya lan panggunggung, ananging atine aja tuman dumèh wis pintêr ngêtrapake
kang mêngkono iku. Dene bêcike rêjaning nagara iku misih utama sing kanthi
sarat.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “êndi lan sang amurwa siniwi “ iku êndia bedane ratu karo wong cilik. Iku
têmbung jarwa misih ngêmot têmbung jugagan lan pasêmon. Lire êndi, êndi ta
bedane ratu karo wong cilik iku têmbung dijugag dijukuk kawitane rong aksara.
271
Lire amurwa, angawiti. Têmbung iku dinggo pêsêmon ratu, sabab kawitane ana
sabarang prentah têka karsaning ratu. Lire siniwi, ya dinggo pêsêmon ratu, sabab
siniwi iku kawining lungguhing ratu.
Têgêse “ewa mêngkana paesan jagad” iku [2637] ewa mêngkono sarèhning
kamulyaning ratu kabiyanton ing bala kabèh, dadi seje kalakuane karo wong cilik.
Lire paesan, dinggo pêsêmon bêcike kamulyaning ratu, sabab wong wong paes
iku amung murih bêcike dinêlêng. Lire jagad, dinggo pêsêmon sakabèhing bala
sanêgara, sabab nêgara iku wis ewone bangsaning jagad.
Têgêse “donya ngimpun sih sakabèh” iku mulane ratu ngumpulake donya supaya
cukupa pinaringake ing balane kabèh. Lire ngimpun, ngimpu, ngumpulake,
nglumpukake. Iku têmbung paribasane wong ngimpu bêras. Yèn wis diintêri nuli
dikumpulake supaya nglumpuka bêrase kang gêdhe-gêdhe. Lire sih sakabèh,
dinggo pêsêmon kumpuling donya mau cukupa diparingake marang bala kabèh,
sabab lire sih asih, awèh, maringi. Iku têmbung malayu dijugag. Lire sakabèh,
dinggo pêsêmon bala kabèh.
Têgêse “ pan wis jênênging ratu, kinasihan raja niti” iku mangka wis pancène ratu
iku diwèhi bulu pêti kang têka ing amanca. Lire kinasihan, dinggo pêsêmone
wong diwèwèhi, sabab wong disihi iku kêrêp diwèwèhi nanging sing disêmoni
wong awèh pajêge bulu pêti. Lire raja niti, raja brana, donya. Lire niti, nitèn-nitèni
cacahe siji-sijine rupaning donya. dene mulane donya ditêmbungake raja sabab
donya iku disihi marang wong akèh ananging sênajan raja ya sêmono uga ya
disihi marang wong akèh. Iku têmbung kawi.
272
Têgêse “ ya denya ngupaksama, mbêking rat pinulut” iku kêkumpuling donya
bulu pêti kenaa dinggo nutugi pambêkan amulut atining bala saknêgara kabèh.
Lire ngupaksama, angupagawe ing sêsama-sama, ambêciki ing sêsama-sama, iku
têmbung jarwa. Lire mbêking rat pinulut, dinggo pêsêmon pambêkaning ratu,
mulut marang atining bala sanagara. Sabab lire bêg, pambêgan. Lire ngrat,
sakabèhing jagad. Dene mulane jagad dakjarwani bala sanagara sabab nagara iku
wis ewone bangsa jagad.
Têgêse “pulutên ing lokajana” iku yèn kêtêkan uwong kang liya jajahan pulutên
donya lan panggunggung. Lire pulutên ing loka, dinggo pêsêmon pulutên ing
donya lan panggunggung, sabab lire loka, kaeloka. Têgêse kaeloka, ya uga kabê-
[2638]cikane. Dene kabêcikan iku yèn wis kaelok marang wong akèh satêmah
dadi panggunggung lan ya iku nalare têmbung loka dakjarwani panggunggung
mau. Lire jana, jamane wong kana-kana. Iku têmbung kawi.
Têgêse “ya dumèh tumata manah sangka wêgig” iku ya atimu aja tuman dumèh
wis pintêr. Lire tumata, tumanta. Iku têmbung jarwa disamarake. lire sangka
wêgig, kang angluwihi pintêr. Iku têmbung kawi.
Têgêse “ri sarat rinaharjan” iku harjaning nagara misih utama kang kanthi sarat.
Lire ri sarat, ing sarat. Lire rinaharjan, rinêjakake. Rong panggonan iku têmbung
jarwa.
Candhake sruti mêngkene :
(72) amaharjèng sarat sarasaning/ ajar ruhun arahe mardawa/ anggêhana
sayêktine/ ika kang kengang amur-/ wa rèhing rat tika ngarjani/ kikitir ing apapa/
273
angganya talêtuh/ amideni durtyaningrat/ niminta nitya satyas arja sajati/ juti
jatining minta//
Têgêse mêngkene :
Dene sarat arjaning nagara iku mundhuta pitulunging ajar, sabab kang mau-mau
ajar bisa matrapake surasaning sarat awit sing dilakokake ngelmu pangiwa, ramal,
palintangan. Mulane yèn matur bab agama aja digugu, marga tekading ajar luwih
rêgêd niyate arêp kêdawa-dawa ora nrima urip sêpisan. Dene ing laire sing katon
sêdinane ya nyata bêcik, sabab bisa mitulungi sakpadhaning urip lan bêtah tapa,
nanging muntir agamaning Allah ciptane jaluk aja kêna pati mung kênaa nitis
marang sak karêpe dhewe.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “amaharjèng sarat sarasaning, ajar ruhun” iku sasurasaning sarat arjaning
nagara kang mau-mau amung ajar kang bisa matrapake. Lire amaharjèng,
angrêjakake. Iku têmbung jarwa dinggo pêsêmone ngrêjakake nagara. Lire ruhun,
karuhun, kang mau-mau. Iku têmbung dijugag dibuwang sak aksara kang kawitan.
Têgêse “arahe mardawa, anggêhana sayêktine” iku nanging karêping ajar kêbacut-
bacut yèn matur babing agama aja digugu. Lire arahe, dinggo pêsêmon karêping
ajar mau. Lire mardawa, mara dawa, marang dawa, têgêse sadawane lêlakone
uripe ya iku karêp kang kêbacut-bacut.lan iku mau têmbung kawi garba sastra.
Lire anggêhana, tanggonana, panggahana, aja digugu. Iku têmbung jarwa
disamarake dinggo pêsêmon manggahi aturing ajar yèn ngajak ngrusak agama.
274
Têgêse “ika kang ke-[2639]ngang amur, wa rèh ing rat tika ngarjani” iku ika kang
dilakokake kawitane ngelmu pangiwa, dadi dhengêr sarate arjaning nagara. Lire
amurwa, angawiti utawa kawitan. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon kawitane
ngelmu pangiwa. Lire rèh ing rat tika ngarjani, dinggo pêsêmon pênggawene
sarate nêgara kang ngarjakake, sabab lire rèh, barang pêgawe. Lire ing rat, ing
jagad. Dene mulane jagad dakjarwani nêgara sabab nagara iku wis bangsane
jagad. Lan têmbung rat iku dinggo pêsêmon nagara. Lire tika, ika. Iku têmbung
jarwa disamarake. lire ngarjani, ngrêjakake. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “kikitir ingapapa” iku awake ajar ngalamat bakal bilahi. Lire kikitir,
dinggo pêsêmone têmbung ngalamat sabab nalare ana kayata, pupuse godhong
têmbako iku wis lumrah padha ditêmbungake kitir awit ing dadine ngalamat enak
dhewe. Lire papa, awak kang kêna sabarang lêlara. Iku têmbung kawi dinggo
pêsêmone wong kêna bilahi ngêlakoni larane siksa ngakherat.
Têgêse “angganya talêtuh” iku awake ajar kuwalêdên dosa. Lire angga, awak.
Dinggo pêsêmon awake ajar. Lire talêtuh, lalêtuh, lalêtêh, latêh, latak. Latak iku
rêgêding nila kang malêd ana ngisor jêmbangan wêdêlan. Ya iku nalare têmbung
talêtuh dakjarwani kuwalêdên dosa mau, lan iku dinggo têmbung pêsêmon walêde
dosaning ajar.
Têgêse “amideni durtyaningrat” iku niyate ala arêp balèn-balèni uripe, ora
mupakat lan lakuning agama Islam kang wis kanggo wong sakjagad. Lire
amideni, ambalèn-balèni. Iku dinggo pêsêmon ambalèni uripe, sabab têmbung
mideni iku dadi paribasane wong balèni ngitung dhuwit.
275
Têgêse “niminta nitya satyas arja sajati” iku nanging sing katon sêdinane
pênjaluke atine nyata bêcik, sabab tapa lan kênaa mitulungi bêcik marang
sakpadhane. Lire niminta, ing panjaluk, ing panêdha. Iku têmbung jarwa
disamarake. lire nitya, netra. Iku têmbung kawi dinggo pêsêmon katon, sabab
netra iku yèn dinggo dêlêng barang-barang bisa katon. Lire sa, dinggo pêsêmon
sadinane. Lire tyas, ati. Lire arja, dinggo [2640] pêsêmone têmbung bêcik, sabab
yèn awit arjaning nagara mêrga kèhe kang padha omah-omah lan akèh tuluse
kitrining pomahan wusana disawang katon bêcik. Lire sajati, sanyata. Iku
têmbung kawi.
Têgêse “juti jatining minta” iku wusana sing dijaluk nyata ala, sabab jaluk aja
kêna pati mung kênaa nitis mênyang sakarêpe dhewe. Lire juti, ala. Dene mulane
têmbung juti duwe jarwa ala sabab têgêse juti, juwêt ati, atining uwong kang
juwêt. Dene gêlising catur rupane ati kang juwêt iku sêbarang kang dikarêpe kudu
kêsusu ora sabar lan wis mufakat. Yèn têkone wong ora sabar iku nyata ala, iku
mau têmbung kawi. Lire jati, nyata. Iku têmbung kawi. Lire minta, jaluk, nêdha,
nyuwun. Iku têmbung jarwa.
(73) siasat saksat sagara gêni/ gênêngan gatha mesi salwira/ tana sawala têrêhe/
sambanging rat kasumbung/ saisining têrêhing bumi/ bumi samba sajarwa/ jêr
tekang tinurut/ sarasa kuswèng kusuma/ sumêrning ganda tuduh wêrnaning sari/
sariris ning amarta//
Têgêse mêngkene :
Lan manèh ratu iku wêsi asate sing akèh wêrnane lan sing nglarani kabèh utawa
ngadêgêna gêdhong kang gêdhe, piranti diisèni wong katrap dosa kang
276
mrêtanggung saliya putra niyaka sêntana. Dene yèn wis têmên bênêr pangadilane
sênajan putra sêntana sapangisor amasthi ora ana suwala, malah adile kawruhan
misuwur saisining bumi kabèh yèn sarta nurut kukuming agama sarak Rasulullah,
sabab tanah Jawa iki nurut sarengate tanah Arab. Tanah Arab nurut kadising
Rasullullah, mangka kadising Rasulullah amung nuduhake panggawe bêcik.
Mulane satiba-tibane donya akherat slamêt.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “siasat saksat sagara gêni” iku wêsi asate sing akèh wêrnane lan sing
nglarani kabèh. Lire siasat, wêsi asat. Dene mulane diarani wêsi asat sabab
patrapane wong dosa kang dilarani karo piranti wêsi kang ora ngêtokake gêtih.
Dene rupane mêngkene, kaya ta wong dirante ing wêsi lan binalênggu tangane ing
wêsi utawa wong bi-[2641]nêlok sikile kinunci ing wêsi lan sapêpadhane kang
jênêng patrapan wêsi ora ngêtokake gêtih yaiku padha wêsi asat kabèh lan iku
têmbung jarwa. Lire sagara, dinggo pasêmone têmbung akèh wêrnane, sabab
sagara iku banyune akèh lan isining sagara wêrna-wêrna. Lire gêni, dinggo
pêsêmone têmbung nglarani, sabab gêni iku panas, yèn digêpok nyata nglarani.
Têgêse “gênêngan gatha mesi salwira” iku ngadêgêna gêdhong kang gêdhe
dhuwur, piranti diisèni wong dosa saliyane putra santana nayaka. Lire gênêng,
lêmah mênggêr dhuwur. Iku têmbung paribasan. Lire gatha, dinggo pêsêmone
rêrupan kothong. Ya iku nalare têmbung gênêngan gatha dakjarwani gêdhong
kang gêdhe dhuwur mau, sabab gêdhong iku yèn durung diisèni misih jênêng
kothong. Lan wulang dalêm ingkang sinuhun senapati iki labête ing kênyataan
saiki ya miih ana rupane kayata kae gêdhong gêdhe loro sakiwa têngêne gladhag
277
iku nyatane. Lire mesi, isi. Iku têmbung jarwa disamarake, dudu mesi mèksi,
ningali. Lire sal, saliyane. Iku têmbung dijugag mung dijukuk kawitane sakaksara.
Lire wira, prawira, para wira, kang padha angluwihi akèh barang kabêcikane
utawa barang kapintêrane. Dene mulane têmbung prawira dakpangkonake marang
putra santana, nayaka, sabab priyayi têlung pangkat iku pantês yèn wanguna
prawira. Iku mau têmbung kawi dinggo pêsêmone putra santana nayaka.
Têgêse “ana sawala têrêhe” iku yèn wis bênêr adile sênajan putra santana
sapangisor ya ora ana suwala. Lire tana sawala , tan ana suwala, ora ana suwala.
Iku têmbung jarwa disamarake. Lire têrêhe, turute mangisor. Iku dinggo pêsêmon
têmbung sapêngisore lan dudu têrêh-têrêh têdhak.
Têgêse “sambanging rat kasumbung” iku yèn wis jêjêg pangadilane amasthi
kawruhan marang sarupaning uwong kang liya jajahan têka ing bumine dhewe
sarta misuwur adiling karaton. Lire sambaing, paribasane têmbung nganglang,
dinggo pêsêmone têmbung ngawruhi. Sabab wong nganglang iku kudu gawruhi
marang barang kang dinganglangi. Lire rat, sakabèhing jagad [2642] iku dinggo
pêsêmon sakabèhing bumi, sabab bumi iku kang dadi jêjêr rupaning jagad. Lire
kasumbung, kasumbung-sumbunge misuwuring wrêta, dadi nyaturake wong kana-
kana.iku têmbung jarwa paribasan.
Têgêse “saisining têrêhing bumi, bumi samba sajarwa, jêr tekang tinurut” iku
wong saisining bumi kang padha agama Islam saurute kabèh amasthi manut
sarengate tanah Arab ang mêtu têka kadise Rasulullah, jêr iku sing diturut. Lire
têrêh, dinggo pêsêmon têmbung têturutan, dudu têrêh têrah, turun têdhak. Lire
278
bumi sam, dinggo pêsêmone tanah Arab kang padha Islam. Lire tekang, ika, iku,
ingkang. Iku têmbung kawi.
Têgêse “sarasa kuswèng kusuma” iku sarasane barang dhawah pangandikaning
Rasulullah. Lire sarasa, sakabèhe surasaning pangandika. Iku dinggo têmbung
pêsêmon surasaning Kadis Rasul. Lire kuswèng, dinggo pêsêmon ambune
kabêcikaning kadis. Lire kusuma, kêmbang kang gandane wangi dinggo pêsêmon
ganda kabêcianing Rasulullah, sabab têmbung wangi iku ewone têmbung bêcik.
Dene kusuma mau dudu kusuma trahing ratu tanah Jawa.
Têgêse “sumêrning ganda tuduh wêrnaning sari, sariris ning amarta” iku
sakwêrnaning pangandika Rasulullah amung nuduhake barang rupane pênggawe
bêcik pikantuke saktiba-tibane donya ngakherat salamêt. Lire sumêrning, sama
wrênane, sakrupa-rupane, sakwêrnane. Iku têmbung jarwa disamarake. lire ganda,
tunggale sing muni kuswèng mau. Lire sari, sari rasa, rasane pênggawe bêcik. Lire
riris, dudu riris grimis udan, yaiku pêsêmone satiba-tibane yèn grimisa satlêtik-
tlêtike. Lire marta, banyu kang adhêm yèn diumbe pikantuke mênyang awak dadi
ayêm, mênyang ati dadi aris, lan ya iku nalare têmbung marta dakjarwani salamêt
donya ngakherat mau awit wong slamêt donya ngakherat iku ngluwihi ayêm arise
sabab ora dislomoti gêni. Lan iku mau têmbung kawi dinggo pêsêmon slamêt.
Candhake sruti mêngkene :
(74) salwir bawaning kang sinung wadi/ ing naya mong jagad jaga-jaga/ arjuning
rat saesthine/ asthagina ginêlung/ kang ginulang-gulang ing pangling/ rèh sang
ramawijaya/ wijiling pamuwus/ marang ing sang wibisana/ sananing astha guna
gunitèng sari/ sarèhning astha brata//
279
[2643] Têgêse mêngkene :
Dene sarupaning wong gêdhe sing wis diandêl marang ratu iku barang klakuan lan
prentahe sing bisa ngêmong marang wong cilik, sabab supaya jêjêg olehe jagani
nagarane sanajan para nayaka ya uga mêngkonoa kalakuane. Lan sêkabèhe iku
sing pêsthi pamikire bisaa awèh srêjuning ati nyang wong saknagara sarta pantês
wong gêdhe-gêdhe iku yèn nyakêpa pênganggoning kabisan kang wolung bab
kaya dene klakuane sing digulag bêthara Rama sing diwurukake nyang Wibisana.
Olehe dunungake asale kêbisan wolung bab iku padha digunêm ing prayogane
klakuan wolu mau, awit bêcik pratikêling prênatan. Dene dununge siji-sijining
klakuan mêngkene.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “salwir bawaning kang sinung wadi, ing naya mong jagad jaga-jaga” iku
sakrupaning wong gêdhe lan para nayaka ang wis diandêl marang ratu. Iku barang
prentah lan klakuane kang bisa ngêmong marang wong cilik dadi jêjêg olèhe
jagani nêgarane. Lire salwir, sakrupane. Iku têmbung jarwa. Lire bawa, sêbawa.
Dinggo pêsêmon sêbawaning ucap olèhe paprentah. Lire kang sinung wadi,
dinggo pêsêmon kang padha diandêl marang ratu, sabab yèn durung diandêl ora
pantês yèn diparingana ngrêksa wadining ratu. Lire naya, nayaka, wong gêdhe
dudu naya nayana ulat. Iku têmbung kawi. Lire mong, momong. Dinggo pêsêmon
bisaa momong marang wong cilik. Lire jagad, dinggo pêsêmon nêgara, sabab
nêgara iku wis bangsaning jagad. Lire jaga-jaga, dinggo pêsêmon jêjêga olèhe
jagani nêgarane.
280
Têgêse “ arjuning rat saesthine” iku lan sing bisa gawe srêju marang atine wong
saknagara. Lire arju, asarêju. Iku têmbung paribasan disamarake dinggo pêsêmon
awèh srêju. Lire awèh srêju, awèh rujuking ati, awèh condonging ati. lire ngrat,
sakabèhe jagad, dinggo pêsêmon sakabèhe wong sanagara. Lire saesthine, saosike
atine. Dinggo pêsêmon atine wong sanagara, dudu saesthi saestu.
Têgêse “astha gina ginêlung” iku sarta kacakêp panganggone kêbisan kang
wolung bab. [2644] lire astha, wolu. Iku têmbung kawi. Lire gina, guna, pintêr,
bisa. Iku têmbung kawi disamarake. lire ginêlung, dinggo pêsêmone têmbung
kêcakêp, sabab wong gêlung iku nyakêpi rambute.
Têgêse “kang ginulang-gulang ing pangling, rèh sang ramawijaya” iku kang wis
kocap sabarang rèhe kabisan wolu mau, digulang ing Bathara Rama. Lire ing
pangling, ing pangucap, dinggo pêsêmon têmbung kang wis kocap, sabab lire
kang wis kocap iku wis tau cap ing pangucap. Lire rèh, barang pênggawe.
Têgêse “sananing astha guna gurnitèng sari” iku asale kabisan wolu mulane
digunêm denng bêciking klakuan. Lire sananing, sasanane, panggonan asal
mulane. Lire ngastha, astha, wolu. Iku têmbung kawi. Lire guna, bisa, pintêr. Iku
têmbung kawi. Lire gunitèng, gunêm ta. Iku têmbung jarwa disamarake. lire sari,
têmbung pêsêmon bêcik, sabab sari iku ewone têmbung bêcik lan dudu sari
barang-barang.
Têgêse “sarèhning astha brata” iku sapratikêle kalakuan wolu. Lire sarèhning, sak
êrèhe, sak pênggawene pratikêl. Iku têmbung jarwa disamarake, lan dudu
sarèhning nyarèhake barang têtêmbungan. Lire ngasta, astha, wolu. Lire brata,
laku, kalakuan. Rong gon iku têmbung kawi.
281
Candhake sruti mêngkene :
(75) brataning hyang endra purwèng kawi/ sira ngudanakên kramaning rat/
amartèng jagad jagane/ sotya dana sumawur/ tan ana tan minartèng budi/ gumanti
yama brata/ dhumêndheng krama dur/ jana gêlahing bawana/ nadyan mênggêhing
braya sita tan pilih/ malah maluya pêjah//
Têgêse mêngkene :
Bathara Endra iku kaluwihane nglakokake witing kabêcikan, sabab mratani olèhe
ngurmati sakpadhaning urip lan awèh enak atine wong sakjagad dieman aja nganti
susah utawa mratani olèhe dana donya sêtêmah êmpaning dana ora ana kang ora
ayêm. Dene yèn klakuane Bathara Yama kêncêng olèhe matrapake ukum nyang
sakrupaning sing nglakoni ala durjana. Senadyan mênyang anak brayate dhewe ya
ora dibeda olèhe matrapi, malah dadining pati ora awang-awangên ngêtrapake.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “brata purwèng kawi” iku kaluwihane nglakokake uwiting kabêcikan.
[2645] lire brata, laku, klakuan. Lire purwa, kawitan. Lire kawi, kaluwihan.
Têmbung têlung gon iku têmbung kawi.
Têgêse “ ngudanakên kramaning rat” iku warata gone ngurmati marang
sakrupaning uwong. lire ngudan, dinggo pêsêmon tibaning mratani. Lire krama,
kurmat. Dene kurmat iku akèh wêrnane, yèn kurmating têmbunging pangucap
diarani basa krama, mêdhune marang basa ngoko. Yèn kurmate laku lungguh
solah tingkah diarani tata krama, lan ana kurmat barang swara sing pantês, lan ana
kurmat sêsuguh atur-atur wèwèh. Iku têmbung kawi. Lire ngrat, sakabèhing jagad
282
dinggo pêsêmon sakabèhe rupaning uwong, sabab sakrupaning uwong iku padha
ngambah jagad.
Têgêse “ amartèng jagad jagane” iku awèh ayêm marang atine wong sakjagad,
dieman aja nganti susah. Lire amartèng, angarisi, êmpane marang ati dadi ayêm.
Iku têmbung kawi. Lire jagad, dinggo pêsêmone wong sakjagad, sabab
sakrupaning uwong padha ngambah jagad. Lire jagane, dinggo pêsêmon jagani
kasusahane, sabab eman-eman yèn ngantia susah wong padha rewange urip.
Têgêse “sotya dana sumawur” iku maratani olèhe dana donya. lire sotya, intên,
mirah, sakpênunggale. Iku dinggo pasêmone donya, sabab intên mirah bangsaning
donya. Lire dana, pawèwèh. Iku têmbung kawi. Lire sumawur, dinggo pêsêmon
maratani. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “tan ana tan minartèng budi” iku ora ana sing ora diayêmake atine. Lire
minartèng, ingarisan, patrape marang ati dadi ayêm. Iku têmbung kawi. Lire budi,
têtêkoning ati. iku têmbung jarwa.
Têgêse “gumanti yama brata” iku gênti kalakuane Bathara Yama. Lire brata, laku,
klakuan. Iku têmbung kawi.
Têgêse “dhumêndheng krama dur, jana gêlahing bawana” iku matrapi wong
tinggal kurmat lan wong durjana utawa sarupane kang padha laku ala ana ing
jagad. Lire dhumêndheng, andhêndha. Iku dinggo pêsêmone têmbung matrapi,
sabab wong di dhêndha iku dipatrapi kang dadi lupute. Lire krama, kurmat. Dene
kurmat iku akèh wêrnane, yèn kurmate têmbunging pangucap diarani basa krama,
mêdhune mênyang basa ngoko. Yèn kur-[2646]mate laku lungguh solah tingkah
283
diarani tata krama, ana kurmat barang swara sing pantês lan ana kurmat sêsuguh
atur-atur wèwèh. Iku mau têmbung kawi. Lire durjana, yèn ditêmbungake
jarwasuta barang sumêjane ana gorohe, sabab princine mêngkene. Lire dur, dora,
goroh. Lire ja, sumêja. Iku têmbung dijugag mung dijukuk pungkasane. Lire na,
ana. Iku têmbung dijugag kaya kae mau. Dene yèn durjana mau dinggo têmbung
kawi. Lire durjana, wong ala, mêngkono iku rosing rasa sêkarone wis nunggal
sabab goroh iku ya ewone têmbung ala. Dene wong ala kalakuane iku kang pêsthi
ya goroh lan iku nalare gone bisa nunggal mau. Lire gêlah, ala, iku têmbung kawi.
Dene mulane têmbung gêlah duwe jarwa ala sabab yèn dinggo têmbung jarwa
suta. Lire gêlah, gêla, dene gêla iku ewone têmbung ala têgêse wis nunggal ala
padha ala. Lire bawana, sajagad kabèh. Iku têmbung kawi.
Têgêse “nadyan mênggêhing braya sita tan pilih” iku sênadyan mungguh anak
brayate dhewe ya ora dibeda. Lire braya, pasêmone têmbung brayat. Lire sita,
pasêmone têmbung suta, anak.
Têgêse “malah maluya pêjah” iku malah dadining pati ora awang-awangên
atrêpake. Lire maluya, waluya, waras. Dene mulane têmbung waras dakjarwani
dadi sabab wong lara iku yèn wis waras misih dadi wong urip. Dene yèn wong
lara nuli mati têgêse wis bubrah nyawane têka ing awake. Sêmono biyèn aku kang
jarwani, dene yèn liyane aku kang jarwani sumangga. Lan iku mau têmbung
pêsêmon.
Candhake sruti mêngkene :
(76) umalwa malwa ing kanulahi/ salaha saumawêring sahrat/ paragêng tanggwa
tênggêke/ sahisya inalêbur/ brastha tumpês tapis kabêsmi/ kaping tri ya ta surya/
284
brata kataruntun/ umingsêp tirta sadrasa/ tan karasa rasane sarèh ya dening/ tan
anggagya sagatya//
Têgêse mêngkene :
Sabab yèn lowah-lowaha patrapane ora wurung katon baukêpini, dene alane kang
diiloni bakal dadi kawitane pêngirèn lan supaya dadia pangilon marang wong
gêdhe-gêdhe ing nagara. Aja nganti ora mangga ngêtrapake lupute anak putu
amung emana gulune dhewe aja nganti katut dosa sabab sa-[2647]kèhe laku ala
bisaa tumpês lêbur têka patrapan. Dene kalakuane Bathara Surya ngêtrapake
pirukun, paworing rasa kang nêm bab, legi, gurih, pêdhês, asin, kêcut, pait.
Êmpaning rukun jaluk-jinaluk, wèwèh-winèwèhan, kang marga panggawe ayêm
ora kêsusu.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ umalwa malwa” iku yèn ngantia mluwa-mluwa utawa lowah-lowaha
patrapane mundhak dadi pangumêl-umêl. Lire umêl-umêl, iku têmbung paribasan
dijugag mung dijukuk kawitane sakaksara. Lire malwa-malwa, maluwa-maluwa,
mluwa-mluwa, lowah-lowah. Iku têmbung garba sastra ya uga kawi.
Têgêse “nulahi” iku nuluhi, nyoloki, ngobori. Iku têmbung pêsêmon ngatokake,
sabab supama nuju mangsa pêtêng uwong nggo golèki barang duwèke kang ora
katon amêsthi kudu dicoloki utawa diobori kang supaya murih katone. Apa manèh
lire nulahi mau pêsêmone têmbung nulari.
Têgêse “salaha saumawêring sahrat” iku lupute wis kasauran yèn kakèhan ubêng
mundhak dadi kêmèrèn wusana maratani sakabèhe. Lire salah, luput, kaluputan.
285
Iku têmbung malayu. Lire sau, kasauran. Iku têmbung dijugag mung dijukuk
têngahane rong aksara. Lire mawêr, mak uwêr, mubêng. Iku têmbung paribasan.
Lire sahrat, sakabèhe. Iku têmbung kawi.
Têgêse “tanggwa tênggêke” iku amung tunggua gulune dhewe, amung ngemana
awake dhewe. Lire tanggwa, tunggua. Iku ewone têmbung kawi. Lire tênggêke,
tênggake, gulune. Iku têmbung kawi.
Têgêse “sahisya inalêbur” iku sênajan isining nagara, padha cacat ala durjana
kabèh ya pêsthi dilêbur têka ing patrapan. Lire sahisya, dinggo pêsêmon isining
nagara. Lire ina, dinggo pêsêmon ing cacate kadurjanan.
Têgêse “brastha tumpês tapis kabêsmi” iku malah lêbur tumpêse, sirnaa saengga
kobong. Lire brastha, lêbur. Iku têmbung kawi. Lire kabêsmi, kaobong. Iku
têmbung jarwa.
Têgêse “kaping tri ya ta surya, brata kataruntun” iku dene kang kaping têlu nuli
nyandhak klakuane Bathara Surya. Lire tri, têtêlu. Iku têmbung kawi. Lire ya ta,
[2648] ya taw au, barêng mêngkono, basa mêngkono. Iku têmbung jarwa yèn
bacutake andhêge barang carita. Lire surya, dinggo nyêmoni jênênge Bathara
Surya. Lire brata, laku, klakuan. Iku têmbung kawi. Lire kataruntun, nuli nututi.
Iku têmbung paribasan taruntunan kae, utawa têmruntun kae. Dene mulane
wudêle wong gêdhe dikramakake trantunan sabab wudêl iku panggonan tancêping
usus kang katut ana ngêmbing-êmbing. Dene wêtune êmbing-êmbing iku sakwise
wêtuning bayi, nuli truntunan ngêmbing-êmbing mêtu kajaba ana pangkalane. Ya
iku nalare wudêle wong gêdhe dikramakake truntunan mau.
286
Têgêse “umingsêp tirta sadrasa” iku sêsêp pinêsêp pirukun jaluk-jinaluk ing
kêdadahane banyu kang nêm bab, lêgi, gurih, pêdhês, asin, kêcut, pait. Lire
umingsêp, têmbung pêsêmone sêsêp sinêsêp, jaluk-jinaluk. Lire tirta, banyu. Iku
têmbung kawi. Lire sadrasa, dinggo pêsêmone rasa nênêm kaya dhuwur iku mau.
Têgêse “tan anggagya sagatya” iku kang ora kasusu panggawene ing pamalês.
Lire tan agagya, ora gage-gage utawa ora kasusu. Iku têmbung paribasan. Lire
sagatya, sagawe, iku têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(77) yèn angulih-ulih kalalahning/ ripu ring pangiwa tan katêngran/ surya brata
pangisêpe/ saka ping pat kahayun/ sasi brata marta mênuhi/ pasuking sukaning rat/
ywrulat saha guyu/ mrêdukomala marwata/ konang-onang anangi nala suwardi/
warda angde susatya//
Têgêse mêngkene :
Lan bisa ngulih-ulih atining mungsuh kang kalah marga cidra ora krasa
pêngarahe. Dene kêlakuane Bathara Candra ngenaki lan awèh suka padhaning
urip, sarta manggung sumèh ulate kang tungtung mèsêm lan mintir danane murih
suka sarta wis kocap bisa mintêrake wong bodho. Kang awit olèhe dunungake
barang klakuan kang tansah mindêng olèhe awèh bangêting katêmêman.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ yèn angulih-ulih kalalahning, ripu ring pangiwa tan katêngran” iku yèn
mulihake atine mungsuh sing kalah mêrga cidra iku ora kêtara. Lire ngulih-ulih,
287
dinggo pêsêmon ngulih-ulih atining mungsuh. Lire kalalahning, kang kalahe
utawa kalah ing. Iku têmbung jarwa disamarake. Lire ripu, mungsuh. Iku têmbung
kawi. Lire ring pangiwa [2649], ing panggawe ala. Iku têmbung pêsêmon. Dene
mulane têmbung pangiwa dadi pêsêmone ing panggawe ala sabab yèn supama
barang rêrupan kang ala iku pantês yèn dikiwakna panggonane. Dene panggawe
ala marang mungsuh iku amung laku cidra, ya iku nalare têmbung pangiwa
dakjarwani cidra mau. Lire tan katêngran, dinggo pêsêmon ora kêtara yèn ana tata
têngêre laku cidra.
Têgêse “surya brata pangisêpe” iku pêngarahe ing kalakuane Bathara Surya. Lire
surya, pêsêmone jênênge dewa kang duwe kalakuan. Lire pangisêpe, dinggo
pêsêmon têmbung pangarahe, sabab kayata tawon kang ngisêp marang kêmbang
ika kang diarah amung madune.
Têgêse “saka ping pat kahayun” iku pikukuh kaping pat kang diarêpake. Lire
saka, dinggo pêsêmone têmbung pikukuh, sabab kukuhe dêging omah kalawan
saka. Lire kahayun, kêkarêp, kaarêpake, diarêpake.
Têgêse “sasi brata marta mênuhi” iku klakuane Batara Candra ngluwihi arise bisa
ngayêmake atining uwong. lire sasi, dinggo nyêmoni jênênge Batara Candra sabab
yèn têmbung kawi sasi iku diarani candra. Lire brata, laku, kalakuan. Lire marta,
aris utawa adhêm ayêm, sabab têgêse marta banyu kang adhêm. Dene panjukuku
têka têmbung toya marta lan rong gon iku têmbung kawi. Lire mênuhi, ngluwihi,
ngêbaki. Têmbung iku dinggo pêsêmon ngluwihi arise, têgêse têpunging nalar wis
padha rasane, sabab ngluwihi ya padha ngluwihi. Dene mênuhi mau têmbung
malayu têgêse pênuh, kêbak.
288
Têgêse “pasuking sukaning rat” iku awèh bungah marang sakpadhaning urip. Lire
pasuking, pasunging, angsunging, awèh marang, iku têmbung jarwa. Lire suka,
bungah, dudu suka nyukani ngêwèhi, iku têmbung jarwa. Lire ngrat, sakabèhe
jagad. Dinggo pêsêmon sakabèhe wong urip, sabab sarupaning wong urip padha
ngambah jagad.
Têgêse “ywrulat saha guyu” iku ngwêruhake ulate kang tungtung mèsêm. Lire
ywru, ngwêruhi. Iku têmbung garba sastra disamarake mêngku têmbung kerata,
dene kang diwêngku aksara “ha” disuku sabab burine anuli aksara “la” gêbug
marang “ta” [2650]. Lire saha, karo, kaliyan. Iku têmbung jarwa kang dadi atêr-
atêre têmbung krama tumraping layang nawala lan ibêr. Lire guyu, dinggo
pêsêmone têmbung mèsêm, sabab mèsêm iku wis ewone guyu.
Têgêse “mrêdukomala marwata” iku mintir danane donya kang murih suka. Lire
mêrdu, pêsêmon mintir ambune wangining kêmbang kang mawa madu katut
angin. Lire komala, sotya, musthika, iku dinggo pêsêmon donya. Lire marwata,
suka marwata. Iku têmbung dijugag dibuwang kawitane rong aksara.
Têgêse “konang-onang anangi nala suwardi” iku komuk bisa ngunggar atine
wong jêrih. Lire konang-onang, kahanan sabêcike kang wis kawrêta ing kana-
kana yaiku wis kasuk barang kabêcikane. Iku têmbung kawi. Lire anangi,
anggugah. Iku dinggo pêsêmone têmbung angunggar ati kang turu kuwanènane.
Lire nala, ati, gênining ati. iku têmbung kawi.
Têgêse “suwardi” iku awèh surup jarwane dununging sabarang têmbung. Lire su,
sng, asung, awèh. Iku têmbung jarwa disamarake. lire wardi, têgês, makna, jarwa,
apa dene lire. Iku têmbung kawi.
289
Têgêse “warda angde susatya” iku bangêt mindêng olèhe awèh katêmênan. Lire
warda, tuwa, wong atuwa. Dene mulane têmbung warda dakjarwani bangêt
mangka maknane tuwa utawa wong tuwa mêngkono iku, sabab umure wong tuwa
iku bangêt olèhe ngungkuli marang umure wong ana donya. Iku têmbung kawi.
Lire angde, angda, anda, andon, mandêng, mindêng, manggung, tansah. Dene
têmbunge pitung bab iku kang dadi jêjêr têmbung andon. Iku kawi têmbung
paribasane wong amèk iwak kang lunga têka ngomah mboh parane lawas ulihe
sing jêjala mung mindêng ngrakat tansah jaring manggung babon. Têgêse sasèn
ora tumuli mulih amung mandêng dhêmêne amèk iwak saking adrênging karêp
dituruti. Lire su, sung, asung, awèh. Iku têmbung jarwa disamarake. lire satya,
têmên, katêmênan. Iku têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(78) kaping lima kamuksan gunadi/ bayu brata ywan manginte kridha/ ning rat tan
ana wangêne/ myang awruhanèng sabu/ dining dadi panduming ati/ suwara anon
taman/ tinon ing naya truh/ trahning kalêngka ya lila/ istha dwisthaning rat taman
kêna mosik/ sosik ingkang aksama//
[2651] Têgêse mêngkene :
Kabisan kaping lima klakuane dewa Bathara Bayu. Iku yèn mawas ciptane wong
akèh ora pakewuh sênajan pikire wong akèh wêrnaa pira-pira ya uga ngawruhi.
Dene margane dhèngêr manut adat solah bawaning uwong kang wis tuman
mangkono sabawane. Dene yèn disawang ulate Bathara Bayu amasthi katon
wingit, malah wangune ora kêna dijaluki tulung ananging êntroking kênyataan
têlênge karêpe ngluwihi blaba tur lila lan pangèsthining ati gêdhe pamupusane
290
narima, sama yèn wis dadi bêbêre ora kêna owah ananging ciptaning ati mung
kudu ngapura.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “kaping lima kamuksan gunadi, bayu brata” iku kaluwihane ing kabisan
klakuane Bathara Bayu. Lire muksa, ilang, ora katon. Iku dinggo têmbung
pêsêmon wataking dewa, sabab dewa iku watake ora katon. Lire gunadi,
kapintêran kang adi. Iku têmbung kawi. Lire bayu brata, kêlakuane Bathara Bayu.
Iku têmbung kawi.
Têgêse “ywan manginte kridha-, ning rat tan ana wangêne” iku yèn ngawasake
pikire wong akèh ora pêkewuh. Lire manginte, angintip, anginjên satêmah bisa
ngawasake kang diinjên. Lan iku nalare têmbung manginte dajarwani ngawasake
mau. Lire kridha, yèn jarwa sutane pikir sing misih ana dhadha durung kawêtu.
Lire ngrat, sakabèhing jagad. Iku dinggo pêsêmone wong akèh sabab wong akèh
kabèh padha ngambah jagad. Lire tan ana wangêne, ora ana pakèwuhe, sabab yèn
nganggo ati wangêning amasthi pêkewuh, wusana barêng tanpa wates dadi ora
pêkewuh. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “myang awruhanèng sabu-, dining dadi panduming ati” iku lan yèn
ngawruhi atining uwong sênajan budine dadia pirang-pirang wêrna ya uga
dhengêr. Lire myang, lan. Lire ngawruhanèng, ngawruhana. Rong gon iku
têmbung jarwa. Lire sabudi, dinggo pêsêmon sabudining uwong. lire pandum,
dinggo pêsêmon wêrna-wêrnane pikire wong akèh, sabab supama wong ngêdum
hajating ratu mêsthine wêrna-wêrna kang duweni bageyan.
291
Têgêse [2652] “suwara anon taman” iku dene jalarane dhengêr didêlêng lan
dirungokake swarane lan polahe uwong awit dadi adat katumanane dhewe-dhewe.
Lire anon, dinggo pêsêmon dêlêng lan ngrungokake. Lire taman, tuman. Iku
têmbung paribasan taman-tuan kae.
Têgêse “tinon ing naya truh” iku yèn didêlêng ulate rêgu wingit. Lire tinon,
didêlêng. Iku têmbung jarwa. Lire naya, nayana, ulat. Dudu naya nayaka, iku
têmbung kawi. Lire truh, atêruh, dene rupane têtêruh iku yèn nuju mangsa kêtiga
langite mêndhung sawêtara pêtêng ora grimis ora angin. Iku jagad iki yèn
disawang pasêmone wingit, lan iku nalare têmbung truh dakjarwani wingit mau.
Lan aku ora gêlêm têmbung têmbung atêruh yèn anjarwanana taturuhe
pênggalihing ratu kang susah, sabab ora mêsthi kalakona.
Têgêse “trahning kalêng kaya lila” iku nanging êntraging kênyataan dêlênging ati
ing karêpe mung blaba lan lila. Lire trahning, êntrage. Dinggo pêsêmon êntrage
karêping ati, lan iku têmbung paribasaning panêgar yèn akon ngawruhi polah
lakuning jaran. Lire kalêng, kang têlêng. Iku dinggo pêsêmon têlênging karêp.
Têgêse “istha dwistha” iku maesthining ati mung kudu narima. Lire istha, dinggo
pêsêmon saesthining ati, dudu istha, isthane, ondhe-ondhene. Lire dwistha, dwi
“loro” astha “wolu” dadi sêpuluh. Ya iku paribasan têmbung muwus puluh-puluh
kae, têgêse wong clathu puluh-puluh iku wis muwus narima. Ya iku nalare
têmbung dwistha dakjarwani narima mau, iku têmbung kawi garba sastra
wangsalan.
Têgêsê “ning rat taman kêna mosik” iku yèn wis dadi bênêre sarta mupakat lan
wong akèh amasthi datan kêna owah. Lire ning rat, ing jagat. Iku dinggo
292
pêsêmone wong akèh, sabab wong akèh padha ngambah jagad. Lire taman kêna,
datan kêna, ora kêna. Iku têmbung jarwa disamarake. lire mosik, obah, owah. Iku
têmbung jarwa.
Têgêse “sosiking kang aksama” iku saosiking ati mung kudu ngapura. Lire
sosiking, pêsêmon saosiking ati. lire ngaksama, ngapura. Iku têmbung jarwa.
Candhake sruti mêngkene : [2653]
(79) kaping nêm amuktya sarasaning/ arjaning praja sarya ngenaka/ datan
anggêpok ragane/ pan jatine angayu/ kayaktiyan kadi pralagi/ yyan tatungkuling
jagad/ sina têmahipun/ yèka tandhaning abrata/ cirining jênêngan jênêk amiranti/
asamar saking driya//
Têgêse mêngkene :
Dene kang kaping nêm kalakuane Bathara Cakra iku kadhêmênane mung gawe
arjaning nagara lan dhêmên ngenaki atining uwong, nanging olèhe matrapake
disangkribi ora kawruhan akèh. Lan ya iku ujude wong golèk kabêcikan kang
nyata, sabab olèhe ngatrapake kabêcikan ora katon saka awake dhewe. Têgêse
amung katona têka kang gawe urip, lan manèh yêktine wong ana rupane kayata
wong pêrang iku têmên dudu gaweyaning mênusa, kang pêsthi ya gaweyaning
Allah. Semono uga wong gawe kabêcikan yèn pancèn kêtrima marang Allah ora
susah bêcike dikatokake marang wong akèh, amasthi Allah Tangala dhewe kang
nrima. Dene yèn pancen ora kêtrima marang Allah ya sanajan bêcike dikatokna
wong sêjagad, mangsa Allah Tangala narimaa. Lan manèh yèn misih kêtungkul
dhêmên dialêm nyang wong akèh dadi ora entuk dene olèhe gawe klakuan bêcik,
293
sabab wis diurupake pêngalêming wong ora melik mênyang pêngalêming Allah.
Dene sing ora ngatokake bêcike mau iku sing melik pêngalêming Allah. Lan ya
iku rupane klakuan kang nyata, dene wis kêtandha bêcike mantêp olèhe nglakoni
lan pintêr matrapake ora kêna dinuga ngakèh.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “kaping nêm amuktya sarasaning” iku kang kaping nêm Bathara Cakra,
dene mulane Bathara Cakra dijuluki “muktya sarasaning” sabab nganggo têmbung
wangsalan sing mêngkene kae “mukti sari nyakrawati”.
Têgêse “arjaning praja sarya ngenaka, datan anggêpok ragane” iku kadhêmênane
Bathara Cakra amung gawe rêjaning nagara sarta ngenaki atine wong akèh diwehi
barang-barang, nanging olèhe nguwèhake ora kêtara yèn têka awake Bathara
Cakra. Dadi kang diwèhi ora dhengêr yèn Bathara Cakra kang awèh. [2654] Lire
sarya, sarta, sarta mêngkene mêngke mêngkene, karo mêngkene-mêngkene. Iku
têmbung jarwa. Lire ngenaka, pasêmon ngenaki atining uwong. iku têmbung
kawi. Lire datan anggêpok, dinggo pêsêmon datan kêtara, sabab mêngkene yèn ta
ngantia gêdêpok sêtêmah dadi kêtara. Lire ragane, dinggo pêsêmon awake dhewe.
Têgêse “pan jatine angayu” iku ya iku wong murih kabêcikan kang satêmêne. Lire
pan, dinggo atêr-atêr têmbung ukaraning layang. Lire jatine, nyatane, têmêne, iku
têmbung kawi. Lire angayu, angayuh, angranggèh, yèn ta saupama wong
ngranggèh panging uwit kang ana wohe, ing tamtune murih jukuk wohe kang
diranggèh. Ya iku nalare têmbung angayu dakjarwani amurih mau.
294
Têgêse “kayaktiyan kadi pralagi” iku dene kayêktene ya ana kayata panggawe
pêrang. Iku kang pêsthi amung têka karsaning Allah dhewe. Lire kayaktiyan,
kayêktène. Iku têmbung jarwa. Lire kadi, kados, kaya. Iku têmbung jarwa. Lire
pralagi, para laga, sabarang polahing pêrang. Iku têmbung kawi.
Têgêse “yyan tatungkuling jagad, sina têmahipun” iku dene yèn misih kêtungkul
dhêmên dialêm marang wong akèh satêmah ora entuk dene gone murih kabêcikan.
Lire yyan, yèn. Iku têmbung jarwa. Lire katungkul, dinggo pêsêmone kêtungkule
wong dialêm. Lire jagad, dinggo pêsêmone wong akèh, sabab wong akèh iku
padha ngambah jagad, dene têmbung kang mêngkono mau wis têrus lan kadising
kitab Ahyaullumudin kang wis kocap ing bab jakat. Kêlakuan sing mêngkono iku
diwêstani sidêkah sir. Dene sing nglakoni sidêkah dikatokake uwong diwêstani
kêna pênggawe suwet. Maknane suwet ngakèhake catur, lan sapa sing nglakoni
suwet katrimane sidêkahe pira bara.
Têgêse “yèka tandhaning abrata” iku yaiku saktêmên-têmêning kalakuan. Lire
yèka, ya ika, ya iku. Iku têmbung kawi. Lire tandhaning, dinggo pêsêmon
katêmênane, sabab sing jênêng sabarang tandha ing pamurihe nuduhake ing
katêmênan. Lire brata, laku, kalakuan, iku têmbung kawi.
Têgêse “cirining jênêngan jênêk amiranti” [2655] iku dene wis kêtandha olèhe
jênêng bêcik sabab mantêp gone anglakoni sêmbada akèh kabisane tur pintêr
matrapake. Lire cirri, dinggo pêsêmone têmbung tandha, sabab supama wong
kirim barang-barang marang wong manca, yèn akèh panunggale kang dikirimi,
kang tamtu pangirime kudu dicirèni awit kang supama dadia tandha ing têmêne.
295
Têgêse “asamar saking driya” iku ora kêna diduga uwong. lire asamar, pasêmone
têmbung pêtêng, sabab supama wong gêgolèk ana papan pêtêng kang pasthi ora
tamtu katêmune. Lire saking driya, saking pêngangên-angêning ati. iku dinggo
pêsêmon têmbung duga-duga, sabab awite wong duga-duga marga atine kang
ngangên-angên.
Candhake sruti mêngkene :
(80) saka sapta baruna ginurit/ umagêma astrawasa brata/ ngapus ing rat salesane/
mênggêh tang kengang keguh/ denya gusthi sawatêk wêgig/ wagugên nala lila/
ing rat sang pinupul/ nir guna buwana yata/ nang esthi arjaningrat guna mêkasi/
wêkasan astha brata//
Têgêse mêngkene :
Gunêm ugêr-ugêr kaping pitu Bathara Baruna, pambêgane kaya panah, kudu
kêncêng kêlakuan lan pêtitis pênganggite barang kêlakuan bêcik kang pantês
kanggo sêjagad sarta kukuh ora kêna owah utawa dhêmên gunêm barang kabisan
ora wêgah yèn kasoran kêbisane, ora isin murih kungkulan sabab murih
undhaking bisa. Dene pêngarahe bisaa ngimpun kapintêran sajagad, aja ana sing
ilang kècèr kapintêran ing donya, nanging ora mikir jênênging jagad. Dene
kapintêraning kalakuan wolu iku kawêkasane mèh klakon.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “saka sapta baruna ginurit” iku ugêr-ugêr ping pitu kang ginunêm caritane
ing kêlakuane Bathara Baruna. Lire saka, dinggo pêsêmon ugêr-ugêr utawa
pikukuh, sabab adêging omah kang dadi ugêr-ugêring pikukuh amung saka. Lire
296
sapta, pitu. Iku têmbung kawi. Lire ginurit, dinggo pêsêmone têmbung ginunêm
utawa cinarita. Sabab wong gêgurit kae kaya wong gêgunêman lan kaya wong
carita.
Têgêse “umagêma astrawasa brata” iku kuasa [2656] matrapake kêncênging
kêlakuan. Lire umagêma, dinggo pêsêmon têmbung matrapake, sabab wong
ngagêm-agêm iku ditrapake mara tangan. Lire astra, dinggo pêsêmon kêncênging
lakuning panah. Lire wasa, kuwasa, iku têmbung dijugag. lire brata, laku,
kêlakuan.
Têgêse “ngapus ing rat salasane” iku lan pêtitis olèhe nganggit kalakuan bêcike
ing jagad. Lire ngapus, nalèni, dudu ngapus ngapusi. Yèn lire apus, sabarang tali,
dene têmbung iku dinggo pêsêmone wong nganggit kêmbang, sabab sing dinggo
nganggit tali lawe nuli wong nganggit kêmbang dinggo ibarate wong nganggit
sabarang wulang kang wis tumrap ana layang. Awit jidaranen layang kang
pinangka lawene lan rèntèng-rèntènging sastra kang minangka kêmbange. Lire ing
rat, ing jagad. Iku têmbung kawi. Lire salesane, dinggo pêsêmon têmbung saking
patitise, sabab wong ngêlesake bêdhil lan panah kae, yèn pambêdhile lan
pamanahe bisa mèncok ing lesan, ya uga wis jênêng pêtitis. Dene jarwane
têmbung salesane iku têtêp seje, yèn ditimbang lan jarwane têmbung kalesaning
jagad kang ana layang Rama kae. Dene yèn ika jarwane mêngkene, Bathara Rama
iku diibaratake dadi lesaning sêmbah, sêmbahe wong satanah Benggala. Sabab
dhek jaman sêmana Benggala kabèh ciptane atine kang tinuju sêmbahe amung
tumêkaa Bathara Rama. Apa manèh wong ngêlesake bêdhil lan panah ya sêmono
uga ing karêpe kabèh, mimis lan panahe iku mencoka mênyang lesane kono.
297
Mangka iku nalare ing sejene jarwaning têmbung salesa-lesane gone ora nunggal
lan jarwaning têmbung kalesaning jagad kang ana layang Rama ika.
Têgêse “ mênggêh tang kengang keguh” iku manggung tan kêna owah. Lire
mênggêh, dinggo pêsêmone têmbung manggung sabab rupaning aksara padha
amung seje sandhangane. Lan yèn ta dakjarwanana mênggah tan kêna owah dadi
ing satêmah putung lan ora rapêt sambunganing têmbung. Sabab amung lan
mênggah seje surasaning têmbung, sêmono iku yèn aku dhewe kang jarwani.
Dene sakliyane aku kang jarwani sumangga. Lire tan kengang, tan ke-
[2657]nging, ora kêna. Iku têmbung jarwa. Lire kewuh, paribasane têmbung
owah.
Têgêse “denya gusthi sawatêk wêgig” iku lan watake dhêmên gunêm barang
kabisan. Lire gusthi, gunêm. Iku têmbung kawi. Lire watêk, watak, tatêkon. Iku
têmbung jarwa. Lire wêgig, pintêr, bisa. Iku têmbung kawi.
Têgêse “wagugên nala lila” iku ora manggu-manggu yèn kasora kabisane, atine
lila yèn muruka wong bodho. Lire wagugên, manggu-manggu. Iku têmbung
paribasan dikawekake. Lire nala, ati, gênining ati. iku têmbung kawi.
Têgêse “ing rat sang pinupul” iku mulane karêpe mêngkono supaya entuka bathi
ing barang kabisan sakjagad kabèh. Lire ing rat, ing jagad kabèh. Iku têmbung
kawi. Lire sang, kang. Iku têmbung jarwa. Lire pinupul, pinupu, jinalukan beya,
yaiku minangka bathine lan iku têmbung jarwa disamarake.
298
Têgêse “nir guna buwana” iku barang kabisan sajagad aja ana kang ilang kècèr.
Lire nir, ilang. Lire guna, bisa, pintêr. Lire buwana, saubênging jagad. Têlung gon
iku têmbung kawi.
Têgêse “ya ta, nang esthi arjaningrat” iku nanging ya ora mikir marang arjaning
jagad. Lire ta nang esthi, ora musthi mikir ing ati, utawa atine ora nganggo pikir.
Lire arja, yèn dumunung marang arjaning nêgara, awit kèhe wong omah-omah lan
kèhe tulusing kitri, barang ingon-ingon kabèh. Lire ngrat, jagad kabèh. Têlung
gon iku têmbung kawi.
Têgêse “guna mêkasi, wêkasan astha brata” iku caritaning kapintêran mèh êntèk
arêp nyandhak kawêkasane kalakuan wolu. Lire guna, pintêr, bisa. Lire mêkasi,
mungkasi, dinggo pêsêmon mèh êntèking carita. Lire wêkasan, pungkasan,
supama sabarang nalar lan sabarang prêkara êndi kang kari dhewe. Rong gon iku
têmbung jarwa. Lire astha, wolu. Lire brata, laku, kalakuan. Rong gon iku
têmbung kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(81) prakatha panduming brata bahning/ lan anggêsingi satru kalawan/ galak tang
singa pamane/ tan ana dana murug/ marab-marab mangrurah weri/ tan tungkuling
sakarya/ gêng bahning sinêkung/ anonton byatning bawana/ rumêksèng rat
ginorawati ginusthi/ ulah manggêh sasêsran// [2658]
Têgêse mêngkene :
Dene kêlakuane Bathara Barama patrape yèn ana paprangan kaya macan kang
galak, sapira kèhing mungsuh lan sadhêngaha mungsuhe ora ana kinawêdèn lan
299
ora melik patêluking mungsuh. Awit ora wêgah ngrusak mungsuh kang padha
prawira lan ora kêtungkul liyane pênggawe pêrang mung manggung sêngkud
pangrusaking mungsuh bae. Sabab mungsuh iku katon ngêbot-boti dadi gawene
wong akèh, mulane sêngkud pangrusake supaya gêlisa êntèk mungsuhe lan yèn
katona tlendho mênawa gêdhèkake kuwatiring bala dene katon senapati kurang
kêndêl. Mangka pangrêksaning bala wajibing senapati lan mikir ing pêrang ya
wajibing senapati, sabab supaya balane aja nganti kasêsêr pêrange.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “prakatha panduming brata bahning” iku kêpara kathahing dumununge
kalakuan Bathara Brama. Lire pra, para. Iku têmbung garba sastra ya uga kawi.
Lire katha, kathah. Iku têmbung pêsêmon akèh. Sêmono iku yèn aku dhewe sing
jarwani, dene yèn liyane aku sing jarwani sumangga. Lire pandum, dinggo
pêsêmone têmbung dumunung, sabab mêngkene kayata umpamane wong bagi ing
sabarang tamtune yèn wis diêdum anuli misahake dumununga marang kang
duweni bageyan dhewe-dhewe. Lire brata, laku, kalakuan. Iku têmbung kawi. Lire
bahning, bahni, gêni. Iku dinggo pêsêmon jênênge Bathara Brama, sabab lire
brama gêni.
Têgêse “lan anggêsingi satru kalawan, galak tang singa pamane” iku dene yèn ana
paprangan galake saengga macan, êndi kang ditêmpuh mungsuhe padha rusak
saengga kobong. Lire gêsingi, gêsêngi, iku dinggo pêsêmon gêni, sabab gêni iku
sok gêsêngake barang-barang sêtêmah rusak. Lire satru, dinggo pêsêmon
mungsuh kang ana paprangan, sabab mungsuh iku sakgon-gone dadi satru. Lire
tang, kang. Iku têmbung kawi. Lire sing, singa, macan, iku têmbung kawi dijugag
300
mung dijukuk kawitane. Lire ho, dinggo pêsêmon suwara panggêroning macan
ngiras dinggo têmbung upama.
Têgêse “tan ana dana murug” iku ora gêlêm nampani patêluking mungsuh. Lire
dana, pawèwèh [2659] iku têmbung kawi. Lire murug, murugake, marakake, iku
dinggo pêsêmone yèn gêlêm ditêluki marang mungsuh, mundhak mungsuhe
murugake olèhe wèwèh bulu bêkti.
Têgêse “marab-marab mangrurah weri” iku mara-mara ya ngrusak mungsuhe
kang padha prawira. Lire marab-marab, dinggo pêsêmon mara-mara, maju-maju,
sabên maju lan dudu marab-marabing gêni, dudu marab-marabing gêgaman. Lire
mangrurah, mangrusak, angrusak, iku têmbung jarwa. Lire weri, wira, prawira.
Iku têmbung kawi disamarake.
Têgêse “tan tungkuling sakarya” iku ora kêtungkul têka liyane pênggawe pêrang.
Lire tan tungkul, ora kêtungkul. Iku têmbung jarwa disamarake. lire sakarya,
sagawe. Iku têmbung kawi.
Têgêse “gêng bahning sinêkung” iku mung bangêt sêngkude pangrusake marang
mungsuh. Lire gêng, agêng. Iku dinggo pêsêmon bangêt utawa sangêt, sabab kaya
têmbung sing mêngkene kae agêng sangêt. Lire bahning, bahni, gêni. Iku dinggo
pêsêmon ngrusak, sabab gêni iku bisa ngrusakake barang-barang. Lire pinêkung,
sing nêngkud, sêngkud, tinêmênan, têmên. Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “anonton byatning bawana” iku mungsuh iku katon ngêbot-boti marang
sakrupaning bala. Lire anonton, dinggo pêsêmon katon, sabab kayata wong
nonton barang-barang kae, sing pêsthi ya katon kang ditonton . Lire byatning,
301
boting, abote, iku ewone têmbung kawi. Lire bawana, saubênging jagad,
ambaning jagad. Iku dinggo pêsêmon sakrupaning bala, sabab sarupaning bala
padha ngambah jagad.
Têgêse “rumêksèng rat ginorawati ginusthi” iku sabab senapati kuwajiban
ngrumêksa marang balane supaya aja gêdhe kuwatire gone dêlok marang
mungsuh. Lire ngrat, jagad kabèh. Iku dinggo pêsêmon bala, sabab kathaning bala
padha ngambah jagad. Lire ginora, gêdhe, ginêdhèkake, gêdhèkake,
anggêdhèkake, iku têmbung kawi. Lirewati,water, iku jarwa disamarake lan dudu
wati bab wong wadon.
Têgêse “ginusthi, ulah manggêh sasêsran” iku ginunêm ing pamikire marang
pangajaring bala, sabab aja nganti kasêsêr pêrange. Lire ginusthi, anggunêm
barang pikir kang ngapusthi ing [2660] ati. lire ulah, ngulah, ngajar. Iku têmbung
paribasan disamarake. lire manggêh, manggih, nêmu, iku dinggo pêsêmon
têmbung aja nganti, sabab kang mêngkene kae aja nganti nêmu. Lire sasêsran,
kasêsêr, kengsêr, kasêlut, wusana dadi kalah. Iku têmbung jarwa disamarake.
(82) aywa kandhê panulading sruti/ kèwala sarasa inalapa/ ing kêdhap kilat
adhêpe/ islam mapan linuhung/ ingkang kapir prandene sèsthi/ asthabrata punika/
pudi antukipun/ sora de lampahing buda/ beda budining manuswa kang linêwih/
akawih kawruh mulya//
Têgêse mêngkene :
Aja nganti kandhêg panirune barang kalakuan bêcik kang têka wulang dalêm
unine layang sruti. Sênajan ora bisa niru kabèhe ya mung sakwêtarane bae
302
dijukuka dianggoa. Dene yèn sakwêtarane kalakuan durung bisa nganggo, ya
anggêre anaa èmpêre sakclèrèt bae dene kêbêcikan sak clèrèt mêksa ora bisa
nganggo. O, wis ta ya niyat-niyate bae sing madhêp bok mênawa lawas bisa
nganggo têka sêthithik. Lan mulane dhawah dalêm diwanti-wanti sabab wulang
dalêm kang ana sruti iku ing sêkabèhe30 têmên-têmên pênggawe bêcik sarta pêrlu
pênganggone dinggoa wong Islam. Manèhe yèn ora angluwihi bêcik bok dinggo
wong kapir sêprandene mêsthi bêcik dene yèn asthabrata mara entuke saka
ngêndi, bobote sing aku durung31 krungu angsale asthabrata iku rak mung dinggo
nyorahi lakune wong buda kae. Wong buda iku budine mangsa madhanana wong
Islam ora kacèk utawa manut agamaning Allah. Barang kawruhe ngluwihi bêcik
tur gawe slamête mênyang awake.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “aywa kandhê panulading sruti” iku aja kandhêg panirune barang klakuan
bêcik kang têka layang sruti. Lire kandhê, kandhêg. Iku têmbung jarwa
disamarake. Lire nulad, niru. Iku têmbung jarwa. Lire sruti, sarat masrut utawa
tabêri mirantèni ing barang pêgawe bêcik. Iku kagolong têmbung kawi.
Têgêse “ kèwala sarasa inalapa” iku lagi sarasane senajan sakwêtaraning klakuan
ya dijukuka, dianggoa. Lire kèwala, dadiya, [2661] kèmawon, amung. Iku
têmbung jarwa dinggo atêr-atêring basa kang pantês bisa nêpungi lan ukaraning
layang wacan nganggo têmbung. Lire sarasa, pasêmoning sarasaning klakuan.
Lire inalapa, jinukuka, dhinêndheta, dhinundhuta. Iku têmbung jarwa.
30 Sêkabihe +@# 31 Aku ratu durung +@#
303
Têgêse “ing kêdhap kilat adhêpe” iku ora ketung sêdhela sak clèrètan ya
dianggoa. Dene yèn mêksa ora bisa nganggo mung niyate bae sing madhêp. Lire
kêdhap, sakêdhap, sadhela. Iku têmbung dijugag dibuwang kawitane saaksara.
Lire kilat, calèrèt. Sabab padha bae ya kilat ya calèrèt, nanging rupane mung ujud
siji jênênge thathit nuli kalumrahaning uwong padha dijuluki clèrèt lan kilat.
Mulane dijuluki mêngkono têkane rikat ngagètake rupa kumilat cumalèrèt. Iku
têmbung jarwa. Lire adhêpa, madhêpa, arêpe. Iku dinggo pêsêmon arêpa marang
klakuan bêcik.
Têgêse “islam mapan linuhung, ingkang kapir prandene sesthi” iku dinggo wong
islam manèh ora angluwihi bêcik. Bok dinggoa wong kapir, sêprandene amêsthi
bêcik. Iku têmbung jarwa mêngku pêsêmon kang disêmoni barang têmbung kang
pantês manjing sumambunge rapêt, ora putung lan urute wulanging sruti. Iku
sakpênunggale mêngkono kabèh.
Têgêse “asthabrata punika, pundi angsalipun” iku mara hastha brata iku entuke
têka ngêndi ta, bobote alusing ratu ora krungu angsale. Iku têmbung jarwa padha
mêngku pêsêmon kaya ing dhuwur mau.
Têgêse “sora de lampahing buda” iku rak mung dinggo nyorahi klakuane wong
buda. Lire sora de, sorahe. Lire sorah, sung warah, angsung warah, awèh warah
supaya dadi têtêngêr kang buri kèri iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “beda budining manukswa kang linêwih, akawih kawruh munya” iku beda
karo budine wong islam kang uwis khas barang kawruhe ngluwihi utama tur gawe
slamêt marang awake. Lire budi, sabarang karêpe ati. iku têmbung jarwa. Lire
manukswa, kang linêwih. Dinggo pêsêmone wong islam kang uwis khas marang
304
agamane, sabab wong khas iku angluwihi bêcike. Lire akawih, ika luwih, ika
ngaluwihi. Iku têmbung jarwa disamarake. Lire munya, mulya, waras [2662] ora
lara. Iku pêsêmon gone salamêt besuk ngakherat.
Candhake sruti mêngkene :
(83) Maluya laya anitikarti/ jayèngrana pandhitèng palagan/ palunggyaning byuha
tarlèn/ wêkasing tapa luhur/ jayèng wêsthi lêgawèng pati/ pratapaning prawira/ sor
tapaning wiku/ tapa tapakaning jaya/ mukyaning ngatapa graning gunung wasi/
sinêmbah ing ngalaga//
Têgêse mêngkene :
Mangka wong Islam iku yèn têmên bênêr olehe nglakoni agama besuke patène
amêsthi nêmu slamêt minulya sabab dhèk kalane urip wis anglakoni barang siji-
sijining pakon lan wis sumingkir sêka barang siji-sijining cêgah. Sênajan wong
pêrang ya sêmono uga, mulane padha muriha kabisan kang mênangake pêrang
supaya dadia pêpundhène sajroning pêrang lan supaya nglakonana tapa sajroning
pêrang. Dene kang minangka dhepoke ya ora liya mung sajroning gêlar. Iku
kawêkasaning tapa kang luhur dhewe lan supama dadi panutan bisa murih
gampange pakewuhing pêrang kang marga wani lan lila ing pati, yaiku wis entuk
tapaning prawira lan tapa jroning pêrang iku ngasorake tapaning pandhita,
nanging yèn tapane iku wis nglakoni mênang pêrang. Dene yèn wis mêngkono
wis jênêng sirahing tapa lan wis nungkuli tapaning pandhita kang ana pucuking
gunung wêsi, sabab wis kêlakon disêmbah sêmbah mungsuh sajroning pêrang.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
305
Têgêse “ maluya laya anitikarti” iku kapatènane nêmu kamulyan sabab wis
nglakoni siji-sijine pênggawe agama. Lire maluya, marasake, waras, mulya. Lire
laya, pralaya, mati, dudu laya dhuwur. Lire aniti, anitènitèni ing siji-sijine
sabarang. Lire karti, gawe, panggawe. Patang nggon iku têmbung kawi.
Têgêse “jayèngrana pandhitèng palagan” iku yèn mênang pêrange dadi pêpundhèn
ana ing paprangan. Lire jayèng, jaya, mênang. Iku têmbung kawi kerata. Mulane
diarani kerata sabab wis diarat lan diwuwuhi. Têka ing wuwuhe têmbung kang
dadi jêjêr, iku sak pênunggale mêngkono kabèh saliyane têmbung garba sastra, ya
garba basa, ya garba swara. Dene mulane diarani garba sastra lan garba swara
sabab rupaning aksara mung sêthithik, dadining jarwa aksarane wuwuh, dene yèn
garba swara, dadining jarwa wuwuh swaraning têmbung [2663] marga wis
kagêrba ana kawitaning têmbung kang dijarwani apadene sakrupaning têmbung
kang dakarani disamarake ya uga padha kagolong têmbung kerata. Dene mulane
dakarani têmbung disamarake sabab ingkang sinuhun senapati nggone yasa
kerataning têmbung diangèlake êmpaning marang ati dadi samar. Lire samar,
sêmamar, yèn bangêt sêmamare dadi pêtêng, yên ta aja, akèha parantine kang
dinggo nyoloki amêsthi ora bisa buka marang surasane têmbunging layang sruti.
Dene rupane têmbung garba sastra lan garba swara mêngkene, kayata wong
jênêng jayèngrat iku yèn èntarake têmbunge dadi jaya ning rat. Iku kang digrêba
aksara siji, iku sakpênunggale mêngkono kabèh. Lire rana, papaning pêrang. Rong
gon mau têmbung kawi. Lire pandhita, iku têmbung pasêmon dipandhi-pandhi
karo nyata, dudu pêndhita ajar bang-bang wasi. Lire palagan, sabarang polahing
pêrang. Iku têmbung kawi.
306
Têgêse “palungyaning byuha tarlèn” iku kawêkasaning tapa kang luhur dhewe ana
sajroning pêrang kang minangka dhepoke ya ora liya mung sakjroning gêlaring
pêrang. Lire palunggyan, palungguhan. Iku dinggo pêsêmon têmbung dhepok,
sabab wong lungguh dhepokan iku ewone wong ora mlangkring lungguh dhuwur.
Lire byuha, dinggo pêsêmon têmbung gêlaring pêrang. Sabab layang bratayuda
kae ana kang nyêbutake gêlar byuha mangkara. Lire tarlèn, tan liya, ora liya, iku
kagolong têmbung kawi.
Têgêse “ jayèng wêsthi lêgawèng pati” iku yèn bisa ngilangake pakewuh sarta
kêndêl lila patine. Lire jayèng, jaya, mênang. Iku pêsêmon bisa ngilangake, sabab
wong mênang pêrang iku bisa ngilangake mungsuhe. Lire wêsthi, pakewuhing ati.
iku têmbung kawi. Lire lêgawa, yèn jarwa sutane lêgawong, lêgang lowong, ora
ana anggrêg-anggrêge yèn ta supama wong kaelangan ing sêbarang. Têgêse wis
eklas lêga lila ora nggrantês lan manèh kowe kabèh sumurupa mulane têmbung
jarwa suta dakmotake ing layang kene sabab daknggo nyambungi têmbunging
sruti rasane kêpenak bisa rapêt ora putung.
Têgêse “pan tapaning prawira, sor tapaning wiku, tapa tapaking jaya, mukyaning
atapa graning wê si, sinêmbah ing alaga” [2664] iku, satriya iku yèn wis nglakoni
mênang pêrang kang nganti disêmbah-sêmbah ing mungsuh ana paprangan iku
wis jênêng entuk pêngarêping tapa, ngasorake tapaning pandhita kang ana
pucaking gunung wêsi. Lire prawira, pra, para. Wi, luwih. Iku têmbung kawi. Lire
ra, akèh. Iku têmbung candra sastra ya uga kawi. Dene kumpuling têmbung têlung
bab iku unine mêngkene para luwih akèh. Dene yèn dibêcikake kang luwih akèh
ya barang kabisane, dene mulane têmbung luwih akèh kapintêrane dakdunungake
307
marang satriya, sabab yèn salagi tatakramane ya uga pantês yèn dumununga
marang satriya. Lire wiku, pandhita. Iku têmbung jarwa. Lire tapak, tapake wong
lumaku. Dinggo pêsêmon ngêlakoni. Lire jaya, mênang. Iku têmbung kawi. Lire
muknya, muka, rai. Iku dinggo pêsêmon pêngarêp. Sabab prênahing rai êndhas
kang ngarêp. Lire graning gunung, pucaking gunung. iku têmbung kawi lan jarwa.
Lire wasi, wêsi. Dudu wasi pêndhita ajar bang-bang. Iku têmbung jarwa
disamarake utawa têmbung kerata. Lire ngalaga, ing polah pêrang. Iku têmbung
kawi.
Candhake sruti mêngkene :
(84) yèn amangun laga jayèng jurit/ den prastawa ingêring sopana/ purba titih
bubukane/ agama sêdya ayu/ panggah ana têka ing pati/ aywa kasêlan meda/
magêng bahyanipun/ ya dyan ana hru sayuta/ sêdya ayu agama kang amayungi/
dwaja anutawala//
Têgêse mêngkene :
Ratu lan sènapati iku yèn mangun pêrang murih mênanging papan. Iku sing
prêtela ingêring dlanggung kanan kèringing paprangan. Dene kalah mênanging
pêrang, bênêr lupute wis kawêngku ana kawitaning prakara dadining pêrang lan
sajroning pêrang sing jêjêg agamane tumêkaning pati aja nganti owah, sabab
agama iku amung murih bêcik aja nganti kasêlan barang pênggawe kharam. Dene
yèn kasêlan kang mêngkono amêsthi gêdhe bilahine lan yèn bisa nêtêpi agama
sajroning pêrang. O, ya sênajan anaa panah sayuta yèn sêdyamu bêcik ora-orane
gêpok nyang awakmu sabab agama mau sing mayungi. Dene sakrupaning kêpala
tungguling pêrang rak manut nyang ratu bae.
308
Mulane dakjarwani [2665] mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “yên amangun laga jayèng jurit, dèn prastawa ingêring sopana” iku yèn
mangun pêrang murih mênanging papan kang pratèla ingêring dalan. Lire laga,
polahing pêrang. Lire jaya, mênang. Rong gon iku têmbung kawi. Lire jurit,
pêrang. Iku têmbung jarwa. Lire dèn prastawa, dèn pratela. Iku têmbung jarwa
disamarake. Lire sopana, dalan. Iku têmbung pêdhalangan ya uga kawi.
Têgêse “purba titih bêbukane” iku kalang mênanging pêrang bênêr lan lupute wis
kawêngku ana ing prakara dhek wite kongsi tumêkane dadining pêrang. Lire
purba, amêngku sabarang prakara. Lire titih, katitih, katimpahan barang
kuwasane, yaiku kalah lan dudu titih wutuh bêciking gêgaman. Iku têmbung
paribasane wong kalah. Lire bêbukan, awit-awitane. Iku têmbung paribasane
wong niyaga yèn ngawiti ngunèkake barang gêndhinging gamelan. Lire paribasan,
parabasa, sakabèhe wrêna-wrênane têmbunge wong jawa kang ora mêtu têka
jarwaning pramakawi, pramasastra, jarwasuta lan ora mêtu têka asale jênênge siji-
sijining barang.
Têgêse “ agama sêdya hayu, panggahana têka ing pati” iku, agama iku mung
murih slamêt. Mulane antêpana tumêkaning pati aja nganti owah. Lire agama,
tekat pangucap, barang pratingkah, kalakuhan kabèh iku kang mêtu têka
parèntahing Allah kang wis ana Kuran lan kang mêtu têka sarak khadising
Rasulullah kang wus ana kitab kabèh. Lire sarak, tata krama utawa tata cara sak
cara-caraning agama. Lire khadis, sabarang pangandikaning Rasulullah. Iku
têmbung kitab. Lire hayu, dinggo pêsêmone têmbung bêcik sabab têmbung hayu
iku ewone têmbung bêcik lan sapa kang nglakoni pênggawe bêcik ing satêmah
309
slamêt lan yaiku nalare têmbung hayu dakjarwani salamêt mau. Lire panggahana,
dinggo pêsêmon dikonngantêpi sabab wong panggah marang prakara iku kang
masthi atine wis mantêp.
Têgêse “haywa kasêlan meda, magêng bahyanipun” iku aja kasêlan karêping
pênggawe kharam gêdhe bilahine. Lire haywa, aja. Iku têmbung jarwa.[2566] lire
meda, dinggo pêsêmon barang karêp sing ala wis kêpatuh. Dene mulane têmbung
meda dakjarwani kharam ora dakjarwani ala sabab sêbarang pênggawe ala iku wis
kharam kabèh. Lire magêng, agêng, gêdhe. Iku ewone têmbung kawi. Lire bahya,
baya, bajul yèn wani marang uwong bilahine. Iku têmbung kawi.
Têgêse “ya dyan ana hru sayuta, sêdya hayu agama kang amayuni” iku ya sanajan
anaa panah sakyuta yèn sêjamu têmên bêcik ya agamamu sing mayungi. Lire ya
dyan, ya dyan, ya sanajan, ya sanadyan. Iku têmbung jarwa disamarake. Lire hru,
panah. Iku têmbung jarwa. Lire hayu, dinggo pêsêmon têmbung bêcik, sabab
wong hayu iku ewone wong bêcik. Lire agama, kaya kang dhuwur mau.
Têgêse “dwaja anutawala” iku sakrupaning kêpala kang dadi tungguling pêrang
katut marang ratu utawa katut marang sènapati. Lire dwaja, bandera. Iku dinggo
pêsêmon sakrupaning kêpala kang dadi tatunggul, sabab bandera iku kang
minangka têtungguling baris sênajan sakrupaning kêpala ya mêngkono uga ya
dadi têtungguling sakrupane manca lan jajar. Iku têmbung kawi. Lire ta cala, tan
cala, kacala, kancala, gunung lan wis lumrah gunung iku rupane gêdhe. Têgêse
wong ana paprangan iku drajate sing gêdhe dhewe mung ratu lan sènapati. Ya iku
nalare têmbung tacala dakjarwani ratu lan sènapati mau. Iku têmbung kawi laku
diênggo pêsêmon nyêmoni ratu lan sènapati.
310
Candhake sruti mêngkene : [2666]
(85) Ing bêbuka aywa angruhuni/ ngruhunana yèn sapanêtêgan/ tindak tanduk
ananggene/ ing swara aywa humung/ swara tan lyan karêng wahaning/ sang nata
ngadu laga/ lagawa karungu/ ungguhing wira dikara/ mawa astra mênggahing
papan akangsi/ kabubuh bwatning ngarsa//
Têgêse mêngkene :
Wong pêrang iku kawitane pêrang sapisan aja dhisik kinibakake gêgaman. Dene
yèn atine dhêg-dhêgan ya dhisikana. Barang iki tindak tanduk rak ana gone
dhewe-dhewe karo yèn pêrang aja sumbar-sumbar swaraning pêrang sing pantês
kaprungu iku kêjaba mung dikir. Sabab ratuning dina kiyamah lagèk angarsakake
padu wong ana paprangan. Mulane sapa sing didu pêrang lila patine yaiku sing
kêpirêng dikire mênyang sing ngadu. Dene têtêping uwong sing luwih prawira ana
sajroning pêrang. Iku aja nyêkêl gêgaman dhisik [2667] kêjaba wis kêbutuh
pêngarêping baris kabotan.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ing bubuka haywa angruhuni” iku kawitane pêrang aja dhisiki nibani
gêgaman. Lire bêbuka, angawiti. Iku têmbung paribasane wong niyaga. Yèn
ngawiti ngunèkake gêndhinging gamelan. Lire haywa, angruhuni, aja dhisiki
nibani gêgaman. Iku têmbung dijugag sêparo sing wêkasan supaya disambungana
barang têmbung kang pantês manjing rapêt ora putung lan wulanging sruti.
Têgêse “ngruhunana yèn sapanêtêgan” iku ya dhisikana yèn dheg-dhegan atimu.
Lire panêtêgan, têtêg bêdhug. Sabab unine bêdhug sing dinggo nêtêgi têngêre
311
undhuring baris kae unine dhêg-dhêg mêngkono. Iku têmbung wangsalan dinggo
pêsêmon nyêmoni atining uwong sing dhêg-dhêgan.
Têgêse “tindak tanduk ananggene” iku barang patrap sing solah bawa iku rak
pangkat-pangkat manggon dhewe dhewe. Lire tindak tanduk, patraping barang
klakuan solah bawa. Iku jarwa.
Têgêse “ing swara haywa humung” iku swaramu aja umuk sumbar-sumbar. Lire
humung, umuk. Iku têmbung pêsêmone mèmpêr basa umuk dinggo têmbung
pêsêmon nyêmoni têmbung paribasan umok. Têgêse wong sumbar iku
ngundhakake kaprawirane lan kêndêle diumukake marang mungsuh sênajan
paribasan umok ya sêmono uga. Undhake gêdhening banyu kali bêngawan
kawêkasane wis nunggal jênêng mundhak padha mundhak.
Têgêse “swara tan lyan karêngwa hanging” iku swara kang pantês kapirêng
marang Allah iku mung swaraning dikir. Lire karêngwa, karungu. Iku bangsaning
kawi. Lire anging, aming, amung. Iku têmbung dijugag. dene bacute amung dikir
lan pênjugage mau mung didokoki kawitane bae. Ing sêmune supaya
disambungana barang têmbung kang pantês manjing rapêt ora putung lan
wulanging sruti. Dene yèn aku kang nyambungi pantêse daksambungi dikir. Dene
yen liyane aku kang nyambungi sumangga.
Têgêse “sang nata ngadu laga” iku sabab Allah tangala ngratoni ing alam kabèh
lagi ngrêsakake ngadu uwong ana paprangan. Lire sang nata, dinggo pêsêmon
retune ing alam kabèh. Lire ngadu, ngadu uwong. iku têmbung dijugag sêparo.
Lire laga, sêbarang polahe wong pêrang. Iku têmbung kawi.
312
Têgêse “lagawa karungu” iku sapa sing lêga lila marang patine yaiku sing
kêpirêng dikire marang kang ngadu. Lire lêgawa, yèn jarwa sutane lêgawong,
lêgalowong ora ana anggrêg-anggrêge. Iku têmbung pêsêmone wong kaelangan
kang lêga lila ora grantês lan yaiku nalare têmbung lêgawa dakjarwani sapa kang
lila mau.
Têgêse “ungguhing wira dikara, mawa astra mênggahing papan akangsi, abubuh
byating ngarsa” iku têtêpe pêranging satriya yèn ana papan aja kongsi nyêkêl
gêgaman dhisik kêjaba yèn wis kêbutuh kabotan kang dinggo pêngarêping baris.
Lire ungguh , lungguh. Iku dinggo nyêmoni têmbung têtêp. Sabab kaya têmbung
sing mêngkene kae kang têtêmbung lungguhmu. Lire wira, prawira. Lire dikara,
adi-adine kang nyêkêl prakara panggawe pêrang. Dene mulane têmbung prawira
anyêkêl prakaraning pêrang têka dakdunungake barang satriya, sabab satriya iku
pantês yèn anglakonana nyêkêl pênggawe kang mêngkono. Lire mawa, nganggo
nyêkêl, ngagêm, dudu mawa gêni. Iku têmbung pêsêmon. Lire astra, sêbarang
gêgaman. Iku têmbung kawi. Lire papan, dinggo pêsêmon papaning pêrang. Lire
akangsi, dinggo pêsêmon têmbung aja kongsi. Lire kabubuh, kabutuh. Iku
têmbung jarwa disamarake. lire byat, bot, abot. Iku kagolong têmbung kawi. Lire
ngarsa, dinggo pêsêmon pêngarêping baris.
Candhake sruti mêngkene :
(86) sirnaning baya têmpuhing jurit/ mangsa ta keguha dening byuha/ kala sang
nata lêkase/ mantri pratisthèng pungkur/ tan patya kyèhing warna pati/ lumiring
keri kanan/ sawega sumêbut/ pilihana katalayah/ raganing turangga kadi ta
amrênggi/ têtulung tata wangwang//
313
Têgêse mêngkene :
Ilanging mungsuh sing dadi pêkewuh iku kajaba dipêrangi, karo aja wêdi kèhe
balaning [2668] mungsuh. Dene ratu yèn arêp mangkat têtulung mantrine sing
padha prawira konên ana buri gawa bala aja akèh-akèh. Nanging sing padha lila
nyang patine kabèh konên ngiring-ngiringana kiwa têngên mau sing padha
nunggang jaran pilihana, kiranên duga-duga sing isin kalah sakpadhaning uwong.
nek wis mêngkono nuli mangkata blas, aja katon yèn bakal têtulung barise
kabotan. Duganên kaya lakuning ratu arêp bêbêrêg mêngkono.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “sirnaning baya têmpuhing jurit” iku, ilanging mungsuh kajaba dipêrangi.
Lire sirna, ilang. Lire baya, sabarang pênggawe kang bakal bilahine. Dene
pênjukuke têka wataking baya bajul, sabab yèn wani marang uwong bakal
bilahine. Dene mulane têmbung jarwa nuli kawi nuli jarwa manèh.
Têgêse “mangsa ta keguha dening byuha” iku mangsa mingkêt wêdia dêlok
balaning mungsuh kang digêlarake. Lire keguh, owah, mingkêt iku têmbung
paribasan. Lire byuha, gêlaring pêrang. Iku têmbung kawi.
Têgêse “kala sang nata lêkase” iku yèn kalane ratu arêp mangkat bêbantu dhewe.
Lire lêkase, iku pêsêmon mangkat bêbantu.
Têgêse “mantri pratistheng pungkur” iku mantrine kang wis dikandêl marang
pêkewuh mara dikonana burimu. Lire mantri, ora namungake kang jênêng mantra
panêkane sênajan patih lan putra sêntana, nayaka, apadene kang awi têtindhih
kang wis duweni kalungguhan mburine nata iku pada jênêng mantra kabèh. Iku
314
têmbung jarwa. Lire pratistheng, kapracaya ing ati. dene mulane têmbung
kapracaya dakalih têmbung wis diandêl sabab mulane iku diandêl ya uwis
kapracaya yèn ta durunga apracaya ya mangsaning kandêle. Iku têmbung kawi.
Lire pungkur, buri. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “tan patya kyèhing warna pati” iku gawa bala sakwêtara bae nanging sing
padha lila marang patine. Lire tan patya kyèh, dinggo pêsêmon têmbung sawêtara.
Lire warna pati, dinggo pêsêmon rupaning uwong kang wis lilamamarang patine.
Têgêse “lumiring kèri kanan, sawega sumêbut” [2669] iku padha ngiring-ngiringa
ana kiwa têngêne yèn wis pêpak nuli mangkata. Lire lumiring, ngiring-iring. Lire
keri kanan, kiwa têngên. Lire sawega, pêpak. Dudu sawega, saengga, andha-
andha, upama. Têlung gon iku têmbung jarwa. Lire sumêbut, dinggo pêsêmon
nuline rikat gone mangkat.
Têgêse “ pilihana katalayah, raganing turangga” iku dene sakrupane wong sing
padha nunggang jaran miliya kang isin kalah sakpadhaning uwong. lire katalayah,
dinggo pêsêmon têmbung kataleyek. Lire kataleyek, dadi pari basane têmbung
kalah. Lire raganing turangga, dinggo pêsêmon awaking uwong kang padha
nunggang jaran.
Têgêse “kadi ta amrênggi” iku dene lakune kayaa ratu arêp bêbêrêg mêngkono.
Lire kadi ta, kayaa, kadosa, iku têmbung jarwa. Lire amrêging, ambêrêgi. Iku
têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “têtulung tata wangwang” iku lan aja katara yèn arêp têtulung marang
barise kang awing-awang ngêndêlok marang mungsuh. Lire tata, dinggo pêsêmon
315
tataning baris. Lire wangwang, dinggo pêsêmon awing-awang ngêndêlok marang
mungsuh.
Candhake sruti mêngkene :
(87) ginantyakkên bala atohpati/ yèka palayaraning atapa/ gunung wasi wasitane/
pan kacarywan andulu/ ing dumadi dadining bumi/ akasa mwangiriya/
sasamaptanipun/ jatining purba wisesa/ tan ana lara pati satata urip/ uripe tansèng
tunggal//
Têgêse mêngkene :
Dene kasenapatène wakila marang prawirane kang wis diandêl gone ngêtohake
patine yaiku lakuning tapa sakpucuking braja. Lan mulane diarani tapa sabab atine
suka lila dêlêng lejême wangsiting Allah yèn bakal akèh mênusa kang pinundhut
sakjroning paprangan bakal dibalèkake dadi bumi manèh, dene nyawane ya
masthi mumbul marang akherat kamulane. Têgêse wis miranti dhewe-dhewe kang
wadhag bali marang wadhag, kang alus bali marang alus. Dene kang wis linuwih
ora ana lara pati ya uga padha uripe lan uripe tunggal lan Kang Gawe. Dene
ngisore iku rumasaa yèn misih apes, [2670] têgêse misih kapurba kawisèsa durung
kêna nganggo sakarêpe.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “ginantyakên bala atohpati” iku kasenapatêne wakila marang balane kang
uwis ngêtohake patine. Lire ginantyakken bala, dinggo pêsêmon kasenapatène
digêntèkna, diwakilêna marang balane. Lire atohpati, ingkang uwis angêtohake
patine. Iku têmbung dijugag-jugag.
316
Têgêse “yèka palayaraning atapa, gunung wasi” iku kalakuhaning wong tapa ana
sakpucuking braja. Lire yèka, ya ika, ya iku. Lan iku têmbung kawi. Lire layar,
dinggo ing barating kalakuhan. Sabab prahu kang ana sêgara iku bisane lumaku
awit kagawa ing layar, têgêse wis ora beda laku lan kalakuhan. Lire gunung,
dinggo nyêmoni pucak sabab sok anaa gunung duwe pucak. Dene pucak iku ora
beda karo pucuk, sabab ana kang ngarani pucaking gunung utawa pucuking
gunung lan têmbung pucuk iku wêrna-wêrna kang duwèni pucuk. Lire wasi, wêsi
dudu wasi pandhita ajar, iku têmbung jarwa disamarake. dene wêsi iku padha
dinggo gêgaman, lan gêgaman iku yèn têmbung kawi diarani braja. Yaiku nalare
têmbung tapa gunung wasi dakjarwani tapa sapucuking braja mau.
Têgêse “wasitane, pan kacarywan andulu” iku salagi ing sêmuning surasa kang
wis klakon ingkang sinuhun senapati suka galihe sumêrap marang wangsiting
Allah. Lire wasita, wangsiting ati. kang iku ing pêsthine ya ora wurung
wangsiting ati mau gone têka ing wangsite gusti Allah, sabab ati iku ora kuwasa
gawe osik. Dene kang kuwasa ngosikake ya ta amung Allah. Lire kacaryan, suka
bungah. Lire andulu, aningali, sêtêmah bisa sumêrap marang barang kang
ditingali, yaiku nalare têmbung andulu dakjarwani sumêrap mau. Lan rong gon
iku têmbung jarwa.
Têgêse “ing dumadi dadining bumi, akasa mwang ngiriya, sasamaptanipun” iku
lan sêmune wong sing ana paprangan bakal akèh sing dipundhut nyawane saèngga
kaya dikirihi marang panggonane dhewe-dhewe. Sabab awake sing padha [2671]
mati bali dadi lêmah manèh, nyawane padha mumbul mênyang langit. Têgêse
olehe ngirihi mau wis miranti mulih marang panggonane dhewe-dhewe. Lire
317
dumadi, dinggo pêsêmon kedadeyane uwong kang ana paprangan. Lire bumi,
lêmah. Iku têmbung jarwa. Lire akasa, awang-awang kang luwih dhuwur utawa
langit. Iku têmbung kawi. Lire myang, myang, lan. Iku têmbung jarwa. Lire
ngiriya, ngirihi. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “jatining purba wasesa” iku saktêmêne wong iki yèn awake misih apes ya
misih kapurba kawisesa marang kang gawe urip. Lire jati, nyata, têmên. Lire
purba, mêngku. Lire wisesa, luwih nguwasani. Têlung gon iku têmbung kawi.
Têgêse “tan ana lara pati satata urip, uripe tansèng tunggal” iku dene sing wis
linuwih ora kêna lara pati, uripe padha bae lan kang gawe urip sarta manggung
jagongan lan kang gawe urip. Lire satata, dinggo pasêmon satatane lungguh
jagongan. Lire tansèng, tansah, manggung. Iku têmbung paribasan. Lire tunggal,
dinggo pêsêmon tunggal panggonan.
Candhake sruti mêngkene :
(88) anjuring sarira wus wruh yèn pi-/ nanilaran têka nirtyèng baya/ sirnakkên
astra tiksnane/ haywa ngrasani hantu/ tan amara sêdya matèni/ yêkti ta tan
winênang/ wêwalêr asêlur/ sing asêdya matènana/ gawe pati manggih
gantunganing pati/ pan salwirnya wangsulan//
Têgêse mêngkene :
Lan manèh wong pêrang iku rak wis wêruh yèn bakal ajure awake, awit dipilara
nyang mungsuhe. Sêprandene dêlêng nyang mungsuh bae wêdi. Yèn sing bênêr
malah mungsuhe dilangna nyawane dadi ora entuk dene olehe ngasah tumbak
kêris. Ngêndi ana kok ngilang-ngilangake landhêpe gêgamane iku rak mêngkono
318
ciptane, yèn dimpakna gêgamane nèk diwalês gamaning mungsuh. Wis ta, aja
ngrasani brajaning mungsuh mangsa bisaa matèni ora, najan wonge sing marakake
ya ora wênang matèni, wong wis akèh walêring kitab sapa sing matèni ya bakal
dipatèni. Mulane aja wêdi barang iku rak walêsan bae.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “anjuring sarira wus wruh yèn pinanilaran” iku [2672] wong wis wêruh
bakal ajure awake awit dipilara mungsuhe. Lire anjur, ajur. Iku têmbung jarwa
disamarake lan dudu anjur panganjur, pangarêp. Lire pinanilaran, dinggo pêsêmon
pinilara marang mungsuh.
Têgêse “ têka nirtyèng” iku têka wêdi dêlok mungsuhe. Lire tyèng, nitya mata.
Iku têmbung kawi dijugag dinggo pêsêmon dêlok marang mungsuh.
Têgêse “nir baya” iku malah mungsuhe diilangna nyawane. Lire nir, ilang. Iku
dinggo pêsêmon akon nilangake nyawaning mungsuh. Lire baya, barang
pênggawe kang bilahèni. Dene mulane têmbung baya dakjarwani mungsuh sabab
mungsuh iku bakal bilahèni marang kang dimungsuh lan mulane têmbung baya
duwe jarwa bilahèni sabab baya iku ya baya bajul. Awit bajul iku yèn wani
marang uwong ya bakal bilahèni.
Têgêse “sirnakkên astra tiksnane” iku ngilangake landhêpe gamane dhewe. Lire
nir, ilang. Lire astra, gêgaman panah. Lire tiksna, landhêp dudu tisna dhêmên.
Têlung gon iku têmbung kawi, nanging têmbung tisna iku yèn dinggoa têmbung
paribasan ya uga kêna sabab nalare mêngkene, kayata wong tisna nganti ora bisa
pisah. Iku diparibasani tisnane wis kêkanthil bae, apamanèh landhêping tumbak
319
kêris ya sêmono uga. Yèn ditamakake marang uwong mangka ora nuli copot wis
pêsthi sih kêkanthil ana tatu bae. Apadene lire tisna mau yèn têmbunge dièntarake
dadi muni têrêsna. Dene têmbung mêngkono iku padha karo wong akon nêrêsake
kayu jati. Kang iku yèn supama gamane kang dinggo nêrês kêthul kang pêsthi
suwe panêrêse, yèn gamane landhêp mêsthi gêlis nêrêse lan ya iku nalare têmbung
trêsna olehe duwe jarwa landhêp mau.
Têgêse “haywa ngrasani hantu tan amara sêdya matèni” iku aja ngrasani brajaning
mungsuh, ora-orane mara dhewe arêp matèni nyang kowe. Lire hantu, têluh braja
sabab rupane wis padha saengga gêni. Lire braja, gêgaman. Iku dinggo pêsêmon
gêgamaning mungsuh. Lire sedya, karêp. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “yakti ta tan winênang wêwalêr asêlur” iku dene yèn wonge dhewe sing
ngêmpakake ya ora wênang matèni sakpadhaning uwong. Sabab walêring kitab
[2673] wis akèh. Lire walêr, dinggo pêsêmon laranganing kitab. Lire sêlur,
paribasan akèhing uwong kang mau-mau.
Têgêse “sing asêdya matènana, gawe pati manggih gantunganing pati, pan
salwirnya wangsulan” iku sapa wonge sing niyat matèni ora wurung bakal
dipatèni. Iku bakal nêmu dosa pati sabab barang pêgawe mêsthi wêwalêsan. Lire
singa, dinggo pêsêmon singa wonga dudu singa macan. Lire sêdya, karêp, niyat.
Iku têmbung jarwa. Lire gantungan, dinggo pêsêmon têmbung bakal. Sabab
sabarang kang gumantung ing tamtune bakal tumiba. Lire wangsulan, alêsan.
Dudu wangsulan balèn. Iku têmbung jarwa.
Candhake sruti mêngkene :
320
(89) nistha madya utamaning mantra/ nêngguh rêke ujaring wong kuna/
nisthaning mantra tandange/ yên prang mati karuhun/ bala kantun madyaning
jurit/ yèn mati parêng lawan/ bala kabarubuh/ jênênging manti utama/ kyèhning
bala puwara nêmahi pati/ angadêgakên astra//
Têgêse mêngkene :
Lan kayata mantri-mantri iku yèn ana paprangan bênêre rak kayaa kojahe wong
kuna kae nganggo matrapake nistha madya tama. Nisthaning mantri pêrange mati
dhisik. Madyaning mantri mati barêng bala kabèh. Utamaning mantri balane wis
mati kabèh dheweke lagi mandhi tumbak.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene:
Têgêse “nistha madya utamaning mantri” iku têtêpe pêranging mantri kang
ngluwihi bêcik. Lire jênênge dinggo nyêmoni têtêpe kêlakuhaning pêrang. Lire
utama, ingkang ngluwihi bêcik. Iku têmbung kawi.
Têgêse “kyèhning bala puwara nêmahi pati” iku sakabèhing bala kawêkasane
nglakoni mati. Lire kyèhning, sakabèhe. Iku têmbung jarwa. Lire puwara, puh
wara. Iku têmbung ibarate wong ngêpuh-êpuh. Lire wara, ora ana wujude. Ya iku
nalare têmbung puwara dakjarwani wêkasan mau, sabab wong ngêpuh-êpuh kae
yèn wis ora ana mêtu ujude kang diêpuh, amêsthiya mênêng pangêpuhe. Lire
nêmahi, awake sida kalakon ing sabarang panggawe. Iku têmbung paribasan.
Têgêse “angadêgakên astra” iku mantrine kawit mandhi tumbak. Lire ngadêgakên,
dinggo pêsêmon mandhi [2674] nyêmoni wong mandhi tumbak kae landhehane
disêgake. Lire astra, sêbarang gêgaman. Iku têmbung kawi.
321
Candhake sruti mêngkene :
(90) mangsa makin mantri dadi warti/ ywaning kina nistha madya tama/ matiya
dhingin mantrine/ sapolahipun tinut/ kadi sata suta samèki/ myang kadi niti praja/
pradipaning laku/ trêsandha dwaja sang nata/ sarupaning gêlar sarupaning tulis/ tri
mantri mantrêng papan//
Têgêse mêngkene :
Karo manèh mangsa saiki seje têmên karo biyèn sabab anggêr mulih nglurug,
mantrine ya digotong. Biyèn kae ora mêngkono. Ijèh nglakokake nistha madya
utama, pama mantrine mati dhisik balane manèh oraa tumpêsan awit sing ditut
polahe mantrine. Kayata pamane babon karo kuthuk, anggêre babonne mati
kuthuke ya mati kabèh sabab ora ana sing nyakarake pangan. Pama manèh kaya
ratu karo nêgarane. Anggêr ratune ala, nêgarane ya rusuh. Lan manèh têngêr
barising ratu iku rak katon ana bandera sing nuduhake maju unduring baris. Wong
ora beda gêlaring pêrang karo tulising layang. Sabab mêngkene, nèk bêndera mêtu
gêlare ya ditata sênajan layang ya mêngkono. Anggêr ana padane ya ana
têmbunge, sêmono uga jênênging mantri, mantri patih, mantri nayaka, mantri
pangisor kabèh iku kawêngku mantri patih.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “mangsa makin mantri dadi warti” iku mangsa saiki yèn mantrine lunga
nglurug, mung mulih wêrta jênênge bae. Iku têmbung pêsêmon kang disêmoni
barang têmbung. Kang sumambunge pantês rapête ora dunung lan têmbunge
wulang dalêm sruti iki.
322
Têgêse “ywaning kina nistha madya tama” iku lan dhèk jaman kuna kae ijèh
nglakokake nistha madya utama. Lire nistha, sêbarang pênggawe kang luwih asor.
Lire madya, sêbarang pênggawe kang sêdhêng nêngahi ora kabêcikan ora
kaalanên. Têlung gon iku ewone têmbung kawi.
Têgêse “ matiya dhingin mantrine sapolahipun tinut” iku yèn mantrine mati dhisik
nuli balane [2675] nusul mati kabèh sabab manut solahe mantrine mau. Iku
têmbung jarwa.
Têgêse “kadi sata suta samèki” iku pêpadhane kaya pitik babon karo kuthuke,
supama babone mati kuthuke ya nusul mati kabèh sabab ora ana sing nyakarake
pangane. Lire kadi, kados, kaya. Iku têmbung jarwa. Lire sata, dinggo pêsêmon
patining pitik babon. Lire suta, anak. Dinggo nyêmoni nusule mati anaking pitik,
têgêse sakabèhe kuthuke. Lire samèki, sêsamane, sakpadhane. Iku têmbung jarwa.
Têgêse “myang kadi nitipraja” iku lan kaya ratu karo nêgarane, yèn retune
klakuane ala nêgarane ya rusuh. Lire myang, lan. Lire kadi, kados, kaya. Iku
têmbung jarwa. Lire niti, nata, ratu. Dudu niti nitèn-nitèni siji-sijining barang. Iku
têmbung kawi disamarake, dene nunggale kayata têmbung hita, iku maknane ati
lan akèh-akèh bae panunggale. Lire praja, nêgara. Iku têmbung kawi.
Têgêse “ pradipaning laku, trêsandha dwaja sang nata” iku apamanèh wong
pêrang sing nuduhake pratandhane maju mundur ya manut bênderaning ratu. Lire
pradipa, pra iku para, dipa iku padhang. Têgêse sakabehe para padhang iku bisa
wêruhi marang ing sabarang apamanèh wong kang ora ninga ing jênênge siji-
sijining barang. Mangka wis dituduhake amêsthi ninga marang jênênge ing
sabarang. Lan iku têmbung kawi dinggo pêsêmon nuduhake.
323
Têgêse “sarupaning gêlar sarupaning tulis” iku awitane gêlaring pêrang têka
karêping sènapati lan awitane tulisan têmbunging nawala panulising pada kang
dhininginake. Iku têmbung jarwa dinggo pêsêmon nyêmoni ing sabarang têmbung
kang pantês manjing sumambunge rapêt ora putung lan têmbunge wulang dalêm
sruti iki. Iku sarupane sing wis kasêbut ing dhuwur mau mêngkono kabèh.
Têgêse “tri mantri mantrèng papan “ iku mantri patih, mantri nayaka, mantri
pangisor yaiku mantri panêkar. Lan sakabèhe iku padha kawêngku marang mantra
patih. Lire tri mantri , dinggo pêsêmon duduhake pangkat-pangkate mantri têtêlu
kaya sing wis kêsêbut dhuwur iku. Lire mantrèng, montrèng [2676], motring, mot
ing, kamot teng, kamoting, kamot ing. Iku mau têmbung jarwa disamarake yèn ta
aja disamarna jênênge têmbung garba sastra utawa garba swara. Dene lire kamot
ing, kamot ing papan. Lan papan iku dinggo pêsêmon rupaning patih, awit patih
iku saèngga papan sabab angêmot amêngku sarupaning prakarane nêgara kabèh.
Candhake sruti mêngkene :
(91) akèh kari lalakoning dadi/ kaputungan manah kang anurat/ awadipun sipi
supe/ supayapti tumanduk/ yèn wêruha purwaning dadi/ singgih dèn têlasêna/
sangarsa gumuyu/ dening tanduk kadi rupa/ ning tarbuka budiningrat anjajagi/ tan
mantra ing sarira//
Têgêse mêngkene :
Misih akèh sing kari sing dadi bêciking kalakuan. Nanging kang nganggit sêratan
layang sruti iki lagi kaputungan galih. Mulane awad bangêt supene nanging kêrsa
dalêm olehe paring wulang kang diparingake mung sêmene bae. Sabab supaya
324
bisaa nglakoni wulang dalêm kabèh malah yèn wêruha kawitane wulang dalêm
kang wis dadi anggitan supama karsa dalêm diêntèkake kabèh, mèndah bungahe
putra wayah dalêm kang diparingi wulang. Dene tanduk rupaning sastra utawa
bakal tarbukane ya uga kaya kang wis diwulangake iki, karsa dalêm dinggo
nandha awake sing maca bisane narbuka lan orane.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene :
Têgêse “akèh kari lalakoning dadi” iku lalakone kalakuhan bêcik kang wis dadi
anggitan. Lire lalakon, dinggo pêsêmon lakone kalakuhan bêcik. Lire dadi, dinggo
pêsêmon kang wis dadi anggitan.
Têgêse “awadipun sipi supe” iku ingkang sinuhun awad-awad bangêt gone
kêsupèn. Lire sipi, tan sinipi. Iku dinggo nyêmoni têmbung bangêt, sabab jukuk
têmbung tan sinipi dukane kae. Awit têgêse tan sinipi, bangêt.
Têgêse “supayapti tumanduk” iku karêbèn, karêpe mêmpana, bisaa nglakoni. Lire
supaya, karêbèn, kacikbèn. Iku têmbung jarwa. Lire yapti, kapti, karêp. Lire
tumanduk, tumêka, tumawa, têdhas, êmpan. Rong gon iku ya têmbung jarwa.
Têgêse “yèn wruha purwaning dadi” iku yèn ta wêruha kawitane wulang dalêm
kang wis dadi anggitan. Lire purwa, kawitan. Iku têmbung kawi. Lire dadi, dinggo
nyêmoni têmbung sing wis dadi anggitan.
Têgêse “singgih dèn têlasêna, sang arsa gumuyu” iku iya ta mèndah diêntèkna
kabèh pamulange, iba-iba sukane para putra wayah dalêm kabèh. Lire singgih,
inggih, iya. Iku têmbung jarwa disamarake, dudu singgih kasinggihan, kaluhuran.
Lire dèn têlasna, dinggo nyêmoni yèn diêntèkna pamulange upama diwulangna
325
kabèh. Lire sang arsa, kang arêp. Iku dinggo pêsêmon sakabèhe putra wayah
dalêm. Lire gumuyu, dinggo nyêmoni têmbung suka, sabab sing wis lumrah
mulane guyu ya awit gone mêtu sukaning ati.
Têgêse “dening tanduk kadi rupaning tarbuka budiningrat anjajagi, tan mantra ing
sarira” iku dene tanduking ukara lan rupane patraping sastra utawa bakal pratikêle
gone narbuka marang sastrane iku, ing patrape kabèh ya uga kaya layang sruti
sing wis diwulangake iki. Dene mulane mêngkono sabab dinggo jajagi marang
budine wong akèh kang padha maca marang wulang dalêm. Yèn supama kang
maca bisa narbuka marang surasaning wulang ya uga lêpas budine. Yèn wonge
sing maca ora mantra-mantra bisa narbuka ya uga cupêt budine. Lire tanduk,
rupaning pasêmon patrape solah tingkahing sabarang kabèh. Lire rupaning,
dinggo nyêmoni patrape rupaning sastra. Lire tarbuka, narbuka, ambuka,
ambukak, angêngakake, têgêse supaya wêruha kang ana jêrone kang dingakake
utawa lire narbuka, awrêdeni, anjarwani, anêgêsi, amaknani. Iku têmbung jarwa.
Lire budi, sabarang karêping ati. iku têmbungjarwa. Lire ngrat, jagad kabèh. Iku
dinggo nyêmoni wong akèh, sabab wong akèh iku padha ngambah jagad. Lire
jajagi, dinggo pêsêmon nandha kapintêran kang misih ana jroning ati. sabab wong
nandha jro cèthèking banyu iku supaya dhengêre amarga dijajagi. Lire tan mantra,
ora paja-paja. Iku têmbung paribasan. Têgêse ora paja-paja tumonton gatra utawa
ora paja-paja tumonton netra, lan dudu mantra japa mantra. [2678] lire ing sarira,
dinggo nyêmoni ing salirane uwong.
Candhake sruti mêngkene :
326
(92) purwaning amênggêl sarwa sarwi/ sang kinayah kayuhing bawamba/
ambuningrat sarisike/ ing angga karêm liwung/ ing pangiwa wit angantèni/
singgih dadi busana/ nistawa kawilut/ yyan uni eksamaknana/ mawasakna ing
satata mangsa kali/ sangara lunglungingrat//
Têgêse mêngkene :
Awite munggêl wulang dalêm kang sarwa bêcik kang sarwa angel kasarira dalêm
rumaos padha lan wong akèh padha bae ana mangsane wêktu kalih sarèhning
sarira dalêm rumaos aral. Supama lunglunganing uwit kang ana bumi yèn
dikarsakna dawa marang kang gawe ya sumangga, yèn dikarsakna cêndhak ya
sumangga.
Mulane dakjarwani mêngkono têgêse mêngkene:
Têgêse “purwaning amanggêl sarwa sarwi” iku kawitanne karsa dalêm munggêl
wêwulang ingkang sarwa bêcik ingkang sarwa angel. Lire purwa, kawitan. Iku
têmbung kawi. Lire mênggêl, amunggêl, anugêl, amêdhot, anguwisi gone paring
wulang. Lire sarwa, dinggo nyêmoni têmbung sakabèhe padha bêcik. Lire sarwi,
dinggo nyêmoni sakabèhe padha angèl.
Têgêse “sang kinayah” iku kang sarira dalêm rumaos padha karo wong akèh. Lire
sang, kang. Iku dinggo nyêmoni kang sarira dalêm dhewe. Lire kinayah, ala bêcik
padha bae. Iku dinggo nyêmoni marang sarira dalêm mau gone rumaos padha karo
wong akèh.
Têgêse “kayuhing bawamba, ambuningrat sarisike, ing angga karêm Liwung, ing
pangiwa wit angantèni, singgih dadi busana, nistawa kawilut, yyan uni
327
eksamaknana” iku ing sakabèhe têmbunge dhawah dalèm dhuwur iku. Aku
Santakusuma têkêm busuk sabab ora bisa jarwani marang sakabèhe ing têmbunge
dhawah dalêm mau.
Têgêse “ ing satata mangsa kali” iku padha bae ing mangsane wêktu kalih. Lire
satata, sapadha-padha. Iku têmbung jarwa. Lire mangsa, mongsa. Iku dinggo
nyêmoni têmbung wêktu. Lire kali, kalih. Dudu kali bêngawan dudu kali pêngulu.
Iku têmbung jarwa disamarake.
Têgêse “sangara lunglunging rat” iku kang sarira dalêm[2679] rumaos aral,
supama lunglunging wiwitan kang ana bumi utawa lunglunging thuthukulan kang
ana bumi. Iku yèn dikarsakna dawa marang kang nukulake iya sumangga. Dene
yèn dikarsakake cêndhak iya sumangga. Lire sang, kang. Iku dinggo nyêmoni
kang sarira dalêm dhewe. Lire aral, apes. Iku têmbunging kitab. Dene panunggale
aral iki rupane alam, makluk, aral. Dene wujude alam iku sakrupa-rupane
sêbarang- barang isining donya lan ngakherat kabèh sakliyane Allah tangala
dhewe. Dene mulane diwêstani alam sabab awit ginawe marang Allah, nuli
sakabèhe alam diwastani makluk. Lire makluk, kawulaning Allah nuli alam
makluk, diwastani aral. Lire aral-apês. Dene kumpule alam, makluk, aral jênênge
maknane mêngkene dinadèkake kawula kang apês. Mulane apês sabab kêna lara
pati owah gingsir. Ibarat saengga sarira dalêm ing dawane lêlakone yuswa dalêm.
Lire ngrat, jagad kabèh, ujude rupaning jagad, saklumahing bumi, lan têmên-
têmên katon bumi iku kathukulan barang wit-witan kang nganggo têlung têgêse
têmbung lunglunging rat mau amung dinggo pêsêmon. Sabab lunglunging barang
wit-witan iku têmên thukul ana bumi.
328
Khatam. Titi. Wallahualam
Ing dintên Akad Wage, tanggal kaping 22 wanci jam kalih siyang wulan Sapar
taun Jimawal angkanipun ing warsa 1797.