Cublak suweng

4
Analisis Tembang Dolanan Cublak-Cublak Suweng Cublak-cublak suweng yaiku dolanan saka Jawa. Lan sampun ngrembaka kanthi rata ing dhaerah Jawa lan urip ing plosok Jawa Tengah lan Yogyakarta. Cublak-cublak suweng yaiku saka tembung cublak-cublak kang tegese ketuk-ketuk lan suweng yaiku tegese subang (giwang) antik kang saka sungu (uwer). Dolanan cublak-cublak suweng iki kang kalaksanan kanthi ngetuk-ngetuk kanthi alon piranthi dolanane kang arupa subang utawa uwer kang saiki angel anggone ditemokake, mula bisa diganti karo krikil lan wiji-wijian. Saliyane piranthi dolanan kaya ing nduwur, uga nyanyi tembang dolanan kaya ing ing ngisor iki. Cublak-cublak suweng Mengetuk-ngetukkan subang Suwenge ting gelenter Subangnya berserakan Mambu ketundhung gudel Berbau anak kerbau yang terlepas Pak empong lera-lere Kempong bergerak ke sana ke mari Sapa ngguyu ndhelikake Siapa yang tertawa dia yang menyembunyikan Sir, sir pong dhele kopong Sir, sir pong kedelai kopong Sir, sir pong dhele kopong Sir, sir pong kedelai kopong Tembang ing ndhuwur yaiku tembang dilagokake nalikane dolanan Cublak-cublak suweng mlaku. Cublak tegese ngetuk- ngetuk, suweng tegese subang (giwang; penganggo kang ana ing kuping, digawe saka sungu kang uga bisa diarani uwer). Dadi, cublak-cublak suweng iki tegese ngetuk-ngetuk subang utawa

description

analisis mengenai tembang dolanan cublak-cublak suweng

Transcript of Cublak suweng

Page 1: Cublak suweng

Analisis Tembang Dolanan Cublak-Cublak Suweng

Cublak-cublak suweng yaiku dolanan saka Jawa. Lan sampun ngrembaka kanthi rata

ing dhaerah Jawa lan urip ing plosok Jawa Tengah lan Yogyakarta. Cublak-cublak suweng

yaiku saka tembung cublak-cublak kang tegese ketuk-ketuk lan suweng yaiku tegese subang

(giwang) antik kang saka sungu (uwer). Dolanan cublak-cublak suweng iki kang kalaksanan

kanthi ngetuk-ngetuk kanthi alon piranthi dolanane kang arupa subang utawa uwer kang saiki

angel anggone ditemokake, mula bisa diganti karo krikil lan wiji-wijian. Saliyane piranthi

dolanan kaya ing nduwur, uga nyanyi tembang dolanan kaya ing ing ngisor iki.

Cublak-cublak suweng Mengetuk-ngetukkan subang

Suwenge ting gelenter Subangnya berserakan

Mambu ketundhung gudel Berbau anak kerbau yang terlepas

Pak empong lera-lere Kempong bergerak ke sana ke mari

Sapa ngguyu ndhelikake Siapa yang tertawa dia yang menyembunyikan

Sir, sir pong dhele kopong Sir, sir pong kedelai kopong

Sir, sir pong dhele kopong Sir, sir pong kedelai kopong

Tembang ing ndhuwur yaiku tembang dilagokake nalikane dolanan Cublak-cublak

suweng mlaku. Cublak tegese ngetuk-ngetuk, suweng tegese subang (giwang; penganggo

kang ana ing kuping, digawe saka sungu kang uga bisa diarani uwer). Dadi, cublak-cublak

suweng iki tegese ngetuk-ngetuk subang utawa uwer. Dolanan iki ngetuk-ngetuk kanthi alon

piranthi dolanane kang arupa subang utawa uwer kang saiki angel anggone ditemokake, mula

bisa diganti karo krikil lan wiji-wijian.

Ing gatra kapindho kang lagune “Suwenge ting gelenter”. Ana tembung suweng

maneh kang njlentrehake suweng ing gatra kapisan. Ngenani iki ngetokake kaendahan saka

tembang dolanan anak kang sinebut purwakanthi. Purwakanthi kang ana ing gatra kapisan lan

kapindo iki ana ing tembung suweng kang saben gatra nduweni rong tembung kang padha

kang urut, kajaba kanggo kaendahan, anane pur3wakanthi sajrone teks guritan anak yaiku

supaya gampang dikenal lan dieling-eling. Suwenge tegese subange lan ting gelenter yaiku

maksude pating gelenter kang tegese negesake subang kang pating semrawut.

Page 2: Cublak suweng

Banjur ing gatra katelu kang isine ‘mambu ketundhung gudel’, tegese ambune anake

sapi kang ucul. Mambu kang tegese ngetokake ganda kang ora enak. Dene tembung

ketundhung saka tembung tundhung kang tegese diutus ngalih saka omah (Negara, latar).

Tembung ketudhung ing kene kawuwuhan ater-ater ke- saka tembung tundhung, kamangka

tegese ‘diutus ngalih saka omah’, bisa ateges ‘diculake’ amarga tembung kasebut diduduhake

kanggo kewan gudel. Gudel kang ditegesi anake sapi ing saperangan panliten sadurunge

ngenani dolanan Cublak-cublak suweng iki, satemene yaiku anake kebo. Poerwadarminta

(1939: 152) ngandharake menawa gudel iki anake kebo. Ngenani iki disengkuyung uga karo

pratelan ‘kebo nusu gudel’, kang tegese kebo kang nyusu marang anake kebo. Andharan iki

nduweni makna menawa wong tuwa sinau marang wong kang luwih enom. Dadi ‘mambu

ketundhung gudel’ nduweni teges mambune anak kebo sing ucul. Gudel ing gatra iki ana

sesambungane karo gatra sadurunge yaiku nalikane uwer (sungune kebo) digunakake

minangka piranti kanggo dolanan iki, mula ambune kaya ambu gudel,

Banjur ing gatra sawise yaiku pak empong lera-lere . Pak Empong ing kene dudu

wong kang Empong, nanging ing kene pa king kene arupa tembung wiwitan kang

njlentrehake tembung sawise, yaiku ‘empong’ kang tegese ompong; ora nduwe untu

(Poerwadarminta, 1939: 207). Nanging miturut Parwatri Wahjono sajrone Makna Dolanan

Anak-Anak Jawa (2004:120), pak empong lera-lere tegese kampong kang ora nduweni untu,

saengga apa kang dipangan ora bisa tetep, mlayu mrana-mrene. Dadi tembung lera-lere

negesake tembung empong, yaiku ing kahanan ompong, kamangka panganan kang dipangan

obah mrana-mrene amarga ora dikecapi. Menawa teks iki digayutake karo gerakan dolanane

yaiku njlentrehake gerakan uwer kang obah mrana-mrene. Uwer kasebut pindah ing saben

dlamakan kang kosong. Nalikane lagu wis wayahe tembung pak empong lera-lere kabeh

bocah ngangkat dlamakan tangane kanthi posisi genggem, mula tembung empong kang

dimaksud yaiku nalika kahanan dlamakan tangan genggem (sanajan ora ana apa-apa ing jero

kono). Lan lera-lere nalika kahanane suweng dipindah-pindah saka bocah siji ing bocah

liyane kanggo ngecoh bocah kang dadi.

Sapa ngguyu ndhelikake. Tembung ‘sapa’ nduduhake para peserta kang dolanan

Cublak-cublak suweng iki, kajaba pemain dadi, amarga pemain dadi kang mbedek si ‘sapa’

iki (kang ndelikake uwer), amarga menawa ana pemain kang ngguyu, mula bisa uga kuwi

sing ndhelikake. Nanging ora mesthi sing ndhelikake kuwi sing nggawa uwere.

Page 3: Cublak suweng

Ing gatra enem lan pitu isine padha yaiku ‘sir,-sir pong dhele kopong’ kang tegese

delene kosong. Tembung sir asale saka tembung sisir (ngiris), ngenani kuwi sesambungan

karo gerakan nalikane dolanan cublak-cublak suweng, lan ing wayah lagu sir-sir pong dhele

kopong, kabeh bocah genggem tangane karo rong driji panuding kaya kagiyatan ngiris gula

(gula abang). Banjur tembung pong tegese yaiku ora ana isine (kosong).

Kabeh isine syair tembang dolanan anak kang ngiringi dolanan Cublak-cublak suweng

iki arupa jlentrehan saka dolanan Cublak-cublak suweng.