Wara Wara

Post on 22-Jun-2015

10.043 views 13 download

Transcript of Wara Wara

Standar KompetensiSaged mirengaken, mangertos, lan suka

pamanggih maneka jenis wacan lisan non sastra arupi pambiwara, pawarta, lan cariyos.

Kopetensi DasarMirengaken pambiwara

Indikator • Nyerat pokok-pokok isi pambiwara• Suka pamanggih kanthi lisan isi pambiwara.

Pariwara uga sinebut wara-wara, ngabari, menehi weruh, utawa pengumuman.Pariwara sing becik kudu ana :1.Irah-irahan2.Pambuka (sing diwenehi kabar)3.Isi 4.Panutup (panyuwun/harapan)5.Papan lan titi mangsa6.Paprenah/ jabatan sing ngabari7.Tapak asta8.Asmane (sing tanggung jawab ngabari)9.Basane cetha, ringkes, gampang dingerteni.

1. Wara-wara paturan (laporan)2. Wara-wara pratelan (pernyataan)3. Wara-wara iber-iber (plakat selebaran)4. Wara-wara sedhahan (ulem, undhangan)5. Wara-wara aben trampil (perlombaan,

pertandhingan)6. Wara-wara patembaya (sayembara)7. Wara-wara lelayu (seripah)8. Wara-wara komersial (iklan, pariwara)9. Wara-wara sandi (kabuntel lumantar hiburan,

ceramah utawa penyuluhan)10. Wara-wara tanggap warsa (ulang taun)

1) Kapan para siswa diwenehi kabar?2) Wara-wara katujokake marang sapa?3) Apa isine wara-wara iku?4) Kepriye panemumu bab wara-wara

kasebut?5) Wara-wara kuwi kalebu wara-wara bab

apa?

Wara-waraNgaturi pirsa dhumateng warga RT 06/RW 01

Kelurahan Tempelan, Blora, bilih sedaya ibu ingkang taksih nggadhahi putra balita, kasuwun makempal wonten ing :

Dinten : Minggu Legi, surya kaping 20 Juni 2010Wektu : jam 09.00 WIBPanggenan : dalemipun ketua RT 06/ RW 01 Tempelan

Blora.Kaperluwan : imunisasi balita saking petugas Posyandu

kecamatan.Mekaten, mugi ndadosaken kawuningan, matur nuwun.

a) Pengumuman kala wau mligi katujokaken dhateng …

b) Intinipun pambiwara babagan …c) Lare-lare … kemawon ingkang badhe dipun …d) … menika petugas ingkang nindakaken

imunisasi.e) Pambiwara kasebat dipungiyaraken saking …

Posyandu kecamatan

Pangeras swara Mesjid KelurahanTempelan Blora

Posyandu kecamatanIngkang taksih balita

Imunisasi kangge lare-lare balita

Warga RT 06/ RW 01 Kelurahan Tempelan Blora

Sing ora lagi maca wara-wara gatekake garapane kancamu sing lagi diwaca!

Wenehana tanggepan bab isine wara-wara! Tanggepana adhedhasar telung perangan :

a) Kepriye pemilihing tembung sing digunakake kanggo nulis wara-wara?

b) Pamedhoting ukara utawa tata panulise kepriye? Wis cetha, pas utawa trep apa durung?

c) Isine wara-wara, wis cetha, gamblang lan komplit apa durung?

Catheten tanggepane kancamu, lan benerna wara-wara sing kok gawe kuwi yen ana lupute!

Tembung saroja yaiku tembung loro sing padha / meh padha tegese, dienggo bebarengan sajroning ukara, lan mawa teges mbangetake.Tuladha :Ijo royo-royoAbang mbranangPutih memplakTeles kebes

1) Atimu aja was … mengko dak bantu.

2) Wong-wong sugih padha aweh dana … marang wong-wong miskin ing wulan pasa.

3) Ora susah rebut … kabeh bakal kebageyan.

4) Kabeh warga pengin urip sing ayem …

5) Prabu Dasamuka raja ing Ngalengka iku kadunungan watak angkara …

6) Yen wis duwe, welas … a marang wong sing ora duwe!

7) Mbok ya sing andhap … marang sapa wae.

8) Alhamdulillah, keluargaku padha bagas …

9) Lagi wae mari lara mbok aja angkat … sing abot-abot.

10)Pak SBY saiki uripe wis mukti …

MurkaSurungWibawaWarasAsor

TentremSumelang

DriyahAsih

Dhucung